ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jumat basa jawi PEMURNIAN AKIDAH NALIKA PANGUSADA

Pemurnian Aqidah

KHUTBAH PERTAMA


الْحَمْدُ لِلهِ عَلَى فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ، أَمَرَ بِالتَّوَكُّلِ عَلَيْهِ مَعَ الْأَخْذِ بِالْأَسْبَابِ النَّافِعَةِ، وَنَهَى عَنِ الْإِعْتِمَادِ عَلَى غَيْرِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَتْبَاعِهِ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ، أَمَّا بَعْدُ؛
أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوْااللهَ تَعَالَى فِيْ السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ فَإِنَّ التَّقْوَى سَبَبٌ لِتَفْرِيْجِ الْكُرُوْبِ وَمَحْوِ الذُّنُوْبِ


Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Mangga kita tansah njagi takwa kita marang Allah Subhanahu wa Ta’ala ing kahanan munapa kemawon. Saktemene kanti takwa satunggaling tiang bakal angsal dalan katuntasan dening Allah Subhanahu wa Ta’ala saking mawarni keruwetan, masalah munapa dene pacoban… .
Hadirin rahimakumullah,
Kita sedaya dados makhluk kang ringkih tuwin tansah mbetahkaken pitulungane Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mila,aja nadadekake kang sehat tuwin kuat supe.., sahingga ngraos awakipun waget nandangi munapa kemawon kang dadi kerakarepe tanpa anyuwun pitulungan gusti pangeran. Kosok wangsulanipun,tiang kang nembe ketandang musibah munapa ing kahanan miris banjur cuget saka rahmate Pangeran.elinga saktemene cuget kalebet sifat kang ala sanget. Tiang kang cuget sami artosipun wasangka marang pangeran, sarta anganggep bilih rahmat Allah Subhanahu wa Ta’ala iku sekedik sanget. Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika lumantaran  Nabi Ibrahim ‘alaihissalam,



قَالَ وَمَن يَقْنَطُ مِن رَّحْمَةِ رَبِّهِ إِلاَّ الضَّالُّونَ

mucal (Ibrahim ‘alaihissalam), ‘ora ana wong kang wasangka ala  saka rahmate pangeran, kajaba wong-wong kang sesat’.” (QS. Al-Hijr: 56).
Hadirin rahimakumullah,
Mangga kita tansah nuladha akhlak para nabi, kang tansah yakin marang pitulungan Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kados ingkang kangendikakaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala babagan pawulange nabi Ibrahim ‘alaihissalam :


وَإِذَامَرِضْتُ فَهُوَ يَشْفِينِ

Lan nalika aku sakit, gusti Pangeran (Allah subkhana Wata’ala) ingkang paring usada.” (QS. Asy-Syu’ara: 80)
Mekaten ugi kados donga panyuwune Nabi Ayyub ‘alaihissalam,


وَأَيُّوبَ إِذْ نَادَى رَبَّهُ أَنِّي مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ

Lan (elinga kisah) Ayub, nalika donga Marang Pangerane, saktemene aku wus nandang penyakit lan paduka ingkang Maha Penyayang ing antarane sedaya kang penyayang’.” (QS. Al-Anbiya’: 83)
Hadirin rahimakumullah,
Mekaten kahanan tiyang-tiyang kang kenal marang gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala kanti kenal kang sebener-benere. Sahingga  kanti sebab menika, panjenengane dadi tiyang-tiyang kang tansah yakin  pitulungan Allah Subhanahu wa Ta’ala tuwin tansah wasangka sae marang Pangerane. Mekaten ugi, kanti sebab keimanan marang Allah Subhanahu wa Ta’ala kang kuat nancep ing atine, panjenengane dadi tiyang kang yakin bilih Allah Subhanahu wa Ta’ala Maha kuaos damel munapa kang dipun kersakaken tuwin  Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang wiyar rahmat-te sarta ageng sanget kesaenan lan kautama-Ne tumrap para kawulane.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing pagesangan ing dunya, saben tiyang tentu kemawon gampil sanget ketandang gerah. Malahan  nalika satunggaling wekdal saget ketandang mawarni jenis penyakit. Mila perlu kita weningkaken, bilih tiang kang nembe ketandang sakit dipun syariatkaken migatoskaken kalih perkara, yaiku:
sepisan, mboten ngucapkaken pawucal-pawucalan munapa polah tingkah kang nunjukkaken mboten sabar kaliyan ketetepan Allah Subhanahu wa Ta’ala tumrap deweke. Ananging deweke kedah sabar ngadepi ketetepan Allah Subhanahu wa Ta’ala ing awakipun. jalaran kanti sabaripun tiyang muslim dados tanda imanan ing awake, kados kang kasebutkaken dening Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam :



عَجَبًا لِأَمْرِ الْمُؤْمِنِ، إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ، وَلَيْسَ ذَاكَ لِأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ، إِنْ أصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ، وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَه
 
temen gumunkake kahanane tiyang muslim, (jalaran) saktemene sedaya urusane dadi akibat sae(tumrap awake),lan kang mangkono kuwi ora kaparingan  kajaba tumrap tiyang muslim, (yaiku) nalika angsal nikmat deweke syukur sahingga akibate sae tumrap awake lan nalika ketandang musibah deweke sabar lan akibate (uga) sae tumrap awake.” (HR. Muslim lan kang sanese)
Mekaten ugi tiyang kang nandang gerah kedah introspeksi diri/mawas diri  saking kesalahan-kesalahan. jalaran musibah kang ditandang satunggaling tiyang arupa akibat saking kesalahan, kados kang Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendikaken :


وَمَآأَصَابَكُم مِّن مُّصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُوا عَن كَثِيرٍ

Lan musibah apa wae kang katandang sira  disebabkake pratingkah2 tangan ira dewe, lan Allah paring ampunan saka gedene (kesalahan-kesalahan ira).” (QS. Asy-Syura: 30)
Sahingga kanti kesabaran lan upaya  introspeksi diri/mawas diri menika dados sebab ilangipun dosa-dosa...
Hadirin rahimakumullah,
perkara kaping kalih kang perlu digatekkaken dening tiyang kang nandang gerah injih menika ngudi usada kanti pangusadanan kang manfaat. Mboten keparengkaken ngudi usada kanti pangusadanan kang dilarang dening syariat. Jalaran Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun netapkaken bilih sedaya penyakit iku wonten obate. Mila kang nandang gerah kedah ngupaya pados usada kanti mboten nglanggar katetepan syariat,. Al-Imam Muslim rahimahullah ing kitab Shahihipun  nyebutkaken ing salah satunggaling hadits kang dipun riwayatkaken kanti sanad sahabat Jabir bin Abdillah radhiallahu‘anhu, saking Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, bilih kanjeng rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :



لِكُلِّ دَاءٍ دَوَاءٌ فَإِذَا أُصِيْبَ دَوَاءُ الدَّاءِ بَرَأَ بإِذْنِ اللهِ عَزَّ وَجَلَّ

Saben penyakit ano obate, nalika obat penyakit iku katemukake, mila deweke saras kanti izin Allah ‘Azza wa Jalla.” (HR. Muslim)
Hadist menika nunjukkaken bilih tiyang ingkang nandang gerah mboten dilarang pados usada. Mekaten ugi ngupadi usada satunggaling tiyang kang nandang gerah mboten berarti nantang katetepan Allah Subhanahu wa Ta’ala, sarta mboten uga cungkah kaliyan kewajiban tawakkal. Tiyang kang ngupadi usuda ibarat tiyang kang ngupaya ngilangkaken raos luwe tuwin dahaga . Tentu kemawon tiyang ingkang ambantu pados usada kaparingan nikmat, anubawa saking gusti Pangeran . selami upaya ingkang dipun lampai mboten cungkah kaliyan aturan agami.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Perlu kita pahami, bilih pangusada kang trep kaliyan syariat secara umum waget ditindakkake kanti kalih cara.
Cara kang sepisan ngusada kanti maos ayat-ayat Alquran utawa kanti donga-donga kang diajarkaken dening Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam. Yaiku kanti cara diwaos ayat utawa donga kanti niat usada saking sakit. Pengobatan cara seperti ini disebut dengan istilah ruqyah. Cara niki, kanti izin Allah Subhanahu wa Ta’ala, dados sebab mantunipun tiyang kang nembe gerah. jalaran Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring dawuh bilih al-qur’an munika obat. Obat tumrap ingkang sakit atinipun utawa ruhipun tuwin ugi munapa ingkang sakit jasadipun.. ing antawisipun  hadits kang mbahas babagan pangusada kanti waosan al-qur’an dipun riwayatkaken dening Al-Imam Muslim rahimahullah :


أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَ سَلَّمَ كَانَ إِذَا اشْتَكَى يَقْرَأُ عَلَى نَفْسِهِ بِالمُعَوِّذَاتِ

saktemene Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nalika nandang sakit slirane maos al-qur’an(ngusada)tumrap awake kanti mu’awwidzat (yaiku surat Al-Ikhlas, Al-Falaq, tuwin An-Nas).” (HR. Muslim)
Cara kaping kalih injih menika ngusada kanti pangusadanan kang manfaat lan dipun parengkaken secara syariat.  obat-obatan ingkang  didamel saking barang2 ingkang dipun haramkaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala, mila mboten dipun keparengaken dados obat. Kados ingkang kasebut dening Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam ing sabdanipun, nalika salah satunggaling sahabat yaiku Thariq bin Suwaid radhiallahu ‘anhu nyuwun pirsa babagan khamr, yaiku satunggaling barang ingkang damel mabuk supados obat. Mila sliranipun paring pawulang,
 


إِنَّهُ لَيْسَ بِدَوَاءٍ وَلَكِنَّهُ دَاءٍ
Saktemene (khamr) iku dudu obat,ananging (khamr)iku penyakit.” (HR. Muslim)
Hadirin rahimakumullah,
Termasuk pengusadanan ingkang mboten dipun keparengkaken injih menika pangusadanan kanti satungaling cara ingkang mboten wonten kaitane kaliyan penyakit. Kados dene benang dados jimat ing gulu munapa ing badan, munapa ing tangan,.. kanti maksud  ngilangkaken penyakit ingkang dipun tandang munapa nyegah tumekane penyakit. Pratingkah kala wau waget dipun lebetkaken tumindak syirik ingkang bisa ngurangi kasempurnan iman, munapa waget nglunturkaken iman. pramila, munapa kang ditindakaken seperangan tiang sepah… kanti ngalungkaken benang ing gulu, munapa ing badan, munapa ing tangane bocah nalika ngusada saking penyakit….
 cara pangusadanan menika dipun larang dening syariat. Jalaran benang munapa  misalipun mboten wonten kaitane skaliyan penyakit… Menika namung was-wasipun tiang sepuh ngupaya ngusada tanpa ilmu sahingga setan ambujuk damel pratingkah ingkang mboten dipun sadari dening pelakunipun waget ngrisak imanipun…. Mekaten ugi bilih kita sadari manungsa anggadahi raos kuatir babagan nyawanipun,… kuatir babagan ruhipun… sahingga nindakake munapa ingkang miturut raos kuatiripun waget nulungi,… anangi menika mboten trep kaliyan islam… mekaten ugi raos kuatir menika waget saking setan la’natullah... kasebutkaken ing hadist, bilih Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam nalika nemoni salah satunggaling sahabatipun ingkang ngagem logam ing astanipun supados ngilangi raos sakit, banjur sliranipun shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :


 انْزِعْهَا فَإِنَّهَا لاَ تَزِيْدُكَ إِلاَّ وَهْنًا، فَإِنَّكَ لَوْ مُتَّ وَهُوَ عَلَيْكَ مَا أَفْلَحْتَ أَبَدًا

ilangna banjur bucalen (logam kang nempel ing tangan ira), jalaran saktemene (apa kang ira gantungke ing tangan ira iku) ora bakal nguatke ira kajaba gae ringkih. Menawa ira mati ing kahananan kaya ngono mau, temen saktemene ira ora olih kabegjan saklawase.” (HR. Ahmad dengan sanad yang dikatakan baik oleh sebagian para ulama)
Hadirin rahimakumullah,
Akhiripun, mangga kita tansah ngatos-atos ing masalah kang kaitanipun kaliyan pangusadanan tuwin tatacaranipun. Ampun ngantos kekarepanipun mantun tumrap awakipun, munapa kaluarganipun, utawa ingkang sanesipun, njongkrongkaken kita sahingga mboten ngeningkaken aturan ingkang sampun disyariatkaken. Perlu kita waspadani,..! bilih sakit ingkang dipun tandang dening satunggileng tiyang iku mboten sebanding kaliyan siksanipun gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala ing akhirat sak magke. Mila wajib tumrap kita mboten ngorbankaken agamanipun sahingga nglanggar syariat-ipun, khususipun babagan pangusadanan. Mekaten ugi ing masalah ingkang sanes.
 Mugi2 Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah njaga tuwin paring pepadang tumrap kita sedayaa ing margi ingkang diridhai-Ni. Wallahu a’lamu bish-shawab. Walhamdulillahi rabbil ’alamin.

  





Khutbah Kedua 



الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا، أَمَّا بَعْدُ:

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mangga kita tansah ngupaya kenal kaliyan gusti pangeran kanti sakbener-benere. Nalika kita kenal temen babagan gusti Allah, mila kita bakal paham bilih munapa ingkang kedah kita tindakaken ing pagesangan ing dunya niki. Saktunggaling tiyang ingkang amahami bilih gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala anggadahi sifat hikmah saha Maha waspada tumrap apa ingkang sae tumrap kawula-kawulane, tentu kemawon tiang wau sabar tuwin istiqamah matuhi syariat-Pangerane. Jalaran tiyang wau paham bilih ing wingkinge musibah iku ano hikmah ingkang Allah Subhanahu wa Ta’ala kersakaken. Ing antarane fungsi musibah wau ujian tumrap kawula2ne ingkang iman. Sahingga kanti ujian kala wau wonten bedanipun antarane tiyang ingkang temen sabar kalawan tiyang ingkang mboten sabar… wonten bedanipun antarane tiyang ingkang temen itiqomah kalawan tiyang ingkang mboten mlengos.  Saking menika tumrap manungsa ingkang bener2 iman tentune mboten nglanggar syariat islam nalisa deweke ketandang musibah. Kalebet masalah pangusadanan. tiyang muslim tentu mboten ngorbankaken agamanipun, kanti pangusadanan ingkang diharamkaken dening Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Kados dene lumantaran dukun munapa ingkang semisale. Jalaran kanjeng rasulullah sholallahu alaihi wasallam paring pawulang ingkang selajengipun dipun diwayatkaken dening Al-Imam Muslim rahimahullah :


مَنْ أَتَى عَرَّافًا فَسَأَلَهُ عَنْ شَيْءٍ لَمْ تُقْبَلْ لَهُ صَلاَةٌ أَرْبَعِيْنَ لَيْلَةً

sok sintena kang nekani dukun banjur pitakonan kanti satunggaling bab mila ora bakal ditampa shalate 40 dina.” (HR. Muslim)

Ing hadist sanes :


مَنْ أَتَى عَرَّافًا أَوْ كَاهِنًا وَصَدَّقَهُ بِمَا يَقُوْلُ فَقَدْ كَفَرَ بِمَا أُنْزِلَ عَلَى مُحَمَّدٍ

sok sintena ingkang nekani dukun banjur nyekseni ucapanea mila deweke wus mlengos saka wahyu ingkang diturunkaken marang Muhammad.” (HR. Muslim)
Kekaleh hadist menika tuwin katah hadist2 ingkang sami maknanipun nunjukkaken larangan tuwin ancaman ingkang perih sanget tumrap tiyang kang nekani sarta anyekseni berita saking dukun lan ingkang semisale.
Hadirin rahimakumullah,
Perlu dipun pahami bilih ing wektu niki katah praktik perdukunan ingkang dikemas ing bentuk praktik pengobatan. Kita wajib waspada mboten katipu kanti istilah-istilah ingkang diowahi. Mboten katipu kanti istilah  pengobatan alternatif, munapa semisale ingkang intine ngagem perdukunan. Tuwin mboten katipu ayat-ayat Alquran ingkang diagem. Jalaran deweke mboten ngagem kados ing papane. Mekaten ugi mboten katipu kanti jeneng paranormal, orang pintar, tabib, munapa kyai munapa ustadz ananging intine perdukunan..
jalaran sedaya kala wau cungkah kaliyan syariat Allah Subahanahu wa Ta’ala. Mugi2 Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring hidayah tumrap kita lan para pemimpin bangsa kita sahingga nglaksanakaken syariat-Islam


اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ، اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ، اللَّهُمَّ احْفَظْ وُلاَةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَوَفِّقْهُمْ لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ مِنَ الْأَقْوَالِ وَالْأَفْعَالِ، يَا حَيُّ، يَا قَيُّوْمُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
 



Kumpulan hutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi =



0 Response to "khutbah jumat basa jawi PEMURNIAN AKIDAH NALIKA PANGUSADA"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..