ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Khutbah bahasa jawa kisah Kaum ‘Aad

Khutbah bahasa jawa kisah Kaum ‘Aad

 إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ … Kaum Muslimin, rakhimaniy wa rahimakumullah mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanti takwa kang sakbener-beneripun.. Mugi rahmat saha salam kaparingan dateng panutan kita Nabi Muhammad sholallahu Alaihi Wasallam ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa tumuju dateng margi ingkang leres.... Mugi-mugi kita sedaya kagolong para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun. Para sedherek.. Mangga kita sami tansah berjuang lan beramal kados ingkang sampun kagarisaken dening Allah Subkhana Wata’ala kanti syare’at agami Islam. Ampun ngantos tumindak kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang suci... Ampun ngantos ibadah kita wonten ingkang nyimpang saking tuntunan agami ingkang pratela... Ampun ngantos tumindak kita nglanggar aturan agami ingkang mlampah... supados gesang kita pikantuk rahmat sarta pangayoman Allah Subkhana Wa Ta’ala, wilujeng tentrem lan manggih kabegjan fid dun yaw al akhirah. Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang nyipta sedaya makhluk... banjur damel aturan arupa ketaatan ..., banjur damel aturan arupa larangan..., fungsinipun aturan menika ,.. tatanan menika.... kados aturan main,.. aturan ing pasar,.. aturan ing masyarakat... mila mustahil wiyaripun jagad menika tanpa aturan.... katahipun umat tanpa aturan... ingkang aturan menika dipun sumebarkaken lumantaran kanjeng rasulullah Sholallahu Alaihi Wasallam nabi akhir umat kagem sadaya umat, … gusti Allah paring perintah,... larangan,... motivasi,... pepeling,.. kisah..... nasihat kalawan pawulangan... Sunnatullah/katetepan gusti Allah tansah mlampah tumrap saben tiyang ingkang iman kalawan taat mekaten ugi tumrap ingkang maksiat kalawan tiyang ingkang angkuh.... Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh: سُنَّةَ اللهِ فِي الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلُ وَلَن تَجِدَ لِسُنَّةِ اللهِ تَبْدِيلاً “Sunnah Allah/katetepan Allah…. kanggo ing atase wong-wong sadurunge(ira), lan sira sepisan-pisan ora nemoni perubahan babagan Sunnah Allah.” (QS. al-Ahzab: 62) Ing antawisipun kisah ingkang dipun pratelakaken ing Alquran babagan kisah kaum ‘Aad ingkang mboten wonten tandingan tinimbang kekiatan kalawan kezhalimanipun. Kisah kaum Aad kasebut ing katah surat kados Hud‘alaihissalam ing surat al-Ahqaf .. Kaum A’d anggadahi fisik ingkang bagus, inggil lan kuat…. Ingkang griya-griyanipun dipun damel ing gunung-gunung kanti ngukir gunung-gunung dados guwa kalawan griyang ingkang ageng… gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala mboten paring kekiatan kados kekiatanipun. Papan ingkang panjenenganipun bangun paling indah lan paling sae sarta kokoh…. Banjur panjenenganipun kaluwih-luwihan…. katah ambangun bangunan megah.., ananging panjenenganipun mboten ambetahkaken… ngumpulkaken samubarang ananging mboten nulung nalika ing akhirat,… panjenenganipun anamung umuk kekiatan kalawan kemampuan. Sahingga pratingkah-pratingka niki dipun paring pepeling dening Nabinipun أَتَبْنُونَ بِكُلِّ رِيعٍ ءَايَةً تَعْبَثُونَ “Apa sira ngedegkake saben-saben papan duwur bangunan kanggo dolanan.” (QS. Asy-Syu’ara: 128) Kaum Muslimin, rakhimaniy wa ralhimakumullah Allah Subhanahu wa Ta’ala ambukakaken gerbang-gerbang rezki kagem panjenenganipun sahingga bandanipun tansah tambah lan tambah ugi bangunan-bangunanipun ingkang panjeneganipun bangun. Allah Subhanahu wa Ta’ala paring wiwitan ingkang subur lan siumber,.. Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh اَمَدَّكُمۡ بِاَنْعَامٍ وَّ بَنِیۡنَ ﴿۱۳۳﴾ۚۙ وَ جَنّٰتٍ وَّ عُیُوۡنٍ ﴿۱۳۴﴾ۚ “gusti Allah wus nganugerahkake tumrap deweke kewan-kewan ternak, lan anak-anak, lan kebun-kebun lan sumber.” (QS. Asy-Syu’ara: 133-134) Allah Subhanahu wa Ta’ala paring mawarni kanikmatan sahingga panjenenganipun sami taat jalaran eling babagan nikmat ingkang katah menika sahingga kaparingan ridha saking gusti Allah kalawan kabegjan dunya lan akhirat… ananging kepripun pratingkahipun…? kepripun kadadosanipun…? Panjenenganipun malahan sami ingkar… panjenganipun banjur sami mlengos…. ingkang kasebut ing al-Qur’an قَالُوا يَا هُودُ مَا جِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ وَمَا نَحْنُ بِتَارِكِي آلِهَتِنَا عَنْ قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ إِنْ نَقُولُ إِلَّا اعْتَرَاكَ بَعْضُ آلِهَتِنَا بِسُوءٍ ۗ قَالَ إِنِّي أُشْهِدُ اللَّهَ وَاشْهَدُوا أَنِّي بَرِيءٌ مِمَّا تُشْرِكُونَ Kaum ´Ad ngucap: “Hei Huud, kowe ora nekakkake tumrap tumrap aku kanti bukti kang nyata, lan aku sepisan-pisan ora ninggalkake sesembahan-sesembahanku jalaran pangucapmu.., lan aku ora sepisan-pisan bakal percaya kowe. Lan aku ora ngucap kajaba jalaran salah sawijine brahalaku nularkaken penyakit sinting ing atase awakmu. Sliranipun matur: kawula pineksenan gusti Allah… lan seksenana… kawula incat babagan tumindak ira kabeh kang pada syirik ” (QS. Hud: 53-54) Mawarni alesan,.. mawarni wangsulan,.. Ingkang intinipun mboten purun anderek dalan ingkang lempeng… mboten purun anderek dakwahipun Nabinipun. Gusti Allah banjur dawuh : سَوَآءٌ عَلَيْنَآ أَوَعَظْتَ أَمْ لَمْ تَكُن مِّنَ الْوَاعِظِينَ “pada wae tumrap ira… menawa sira nasehati munapa ora nasehati.” (QS. Asy-Syu’ara : 136) Mekaten pratingkah ala tiyang ingkar,.. kasaenan-kasaenan saking Allah, dipunwales kanti awon kalawan pongah,.. kanti mlampahipun wekdal, mawarni pratingkah maksiat langkung tambah,… ngantos-ngantos panjenenganipun anyuwun supados kanjeng rosul ingkang kautus tumrap kaumipun mboten saking golongan manungsa ananging saking golongan malaikat. Panjenenganipun ngucap, اِذْ جَآءَتْہُمُ الرُّسُلُ مِنْ بَیْنِ اَیْدِیْهمْ وَ مِنْ خَلْفِهمْ اَلَّا تَعْبُدُوۡۤا اِلَّا اللہَ ؕ قَالُوا لَوْ شَاءَ رَبُّنَا لَأَنْزَلَ مَلَائِكَةً فَإِنَّا بِمَا أُرْسِلْتُمْ بِهِ كَافِرُونَ “nalika para rasul tumeka ing sisih ngarep munapa ing sisih mburi (kanti dakwah): "sira aja nyembah kajaba marang Allah". Deweke njawab: "Menawa pangeran ngersakaken tentu Pangeran nurunkake malaikat-malaikat, mila saktemene kawula kafir babagan wahyu kang kautus lumantarn ira.” (QS. Fusshilat: 14) Panjenenganipun mboten ngimani dinten piwales, malahan nyangkal kanti ucapanipun ingkang dipun pratelakaken ing Al-qur’an : أَيَعِدُكُمْ أَنَّكُمْ إِذَا مِتُّمْ وَكُنْتُمْ تُرَابًا وَعِظَامًا أَنَّكُمْ مُخْرَجُونَ هَيْهَاتَ هَيْهَاتَ لِمَا تُوعَدُونَ Munapa pangeran Anjanjikake tumrap sira, munapa sira mati dadi lemah lan balung banjur sira diuripkake (saka kubur)? adoh (saka kasunyatan) janjimu.” (QS. Al-Mukminun: 35-36) Taksih katah pratingkah awon ingkang panjenenganipun tindakke ingkang mboten katulis ing kitabullah. Kaum Muslimin, rakhimaniy wa rahimakumullah Akibatipun, gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala paring adzab saking arah ingkang mboten kanyana-nyana. Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang nahan banyu udan sahingga sedaya garing... banjur dening Allah angirimkan mendung ireng tumrap kaum wau, sahingga atinipu gumbira… atinipun bungah… nalika mersani mendung wau. Kanti ngucap: قَالُوا هَٰذَا عَارِضٌ مُمْطِرُنَا ۚ “iki mendung kang anggawe udan.” (QS. Al-Ahqaf: 24) pangarepipun dipun bantah dening Allah Subhanahu wa Ta’ala : بَلْ هوَ مَا اسْتَعْجَلْتُمْ بِہٖ ؕ رِیْحٌ فِیۡہَا عَذَابٌ اَلِیْمٌ ﴿ۙ۲۴﴾ تُدَمِّرُ كُلَّ شَیْءٍۭ بِاَمْرِ رَبِّہَا فَاَصْبَحُوْا لَا یُرٰۤی اِلَّا مَسٰکِنُهُمْ ؕ کَذٰلِکَ نَجْزِی الْقَوْمَ الْمُجْرِمِیْنَ ﴿۲۵﴾ “(ora!) ananging iku azab kang sira karepkake cepete tumekane (yaiku) angin kang ngandung azab kang perih. kang nglebur sedaya munapa kanti perintah Pangeran...” (QS. Al-Ahqaf: 24-25) Gusti Allah Ngendika مَا تَذَرُ مِنْ شَيْءٍ أَتَتْ عَلَيْهِ إِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيمِ “Angin iku ora mbebaskake sawiji munapa, sedaya lebur kaya dene awu” (QS. Adz-Dzariyat: 42) Mekaten adzab ingkang Allah Subhanahu wa Ta’ala kirim tumrap panjenenganipun ingkar ingkar... tumrap panjenenganipun ingkang mlengos….. saking perintah-perintah ingkang pratela…. Saking larangan-larangan ingkang gamblang… sahingga kita kedah ngilo,… kedah amelajari.. kepripun akibat kaum ingkang mlengos… kebak kanti kemaksiatan… kebak kanti kesyirikan…. Kados ing kaum ‘Aad,…., kaum ingkang akhiripun binasa,,.. hancur lebur,... Kaum Muslimin, rakhimaniy wa rakhimakumullah Mangga sami anyuwun pitulungan anamung dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala .. mboten perlu lumantaran… mboten perlu sarana… mboten perlu tebusan… sedaya dipun ijabahi dening Allah,… ugi tansah tawakkal dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala… anggayuh ridhanipun ing sedaya bab…. sedaya urusan kagantungkaken gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala : إِنِّي تَوَكَّلْتُ عَلَى اللَّهِ رَبِّي وَرَبِّكُمْ ۚ “Saktemen kawula tawakkal marang Allah Pangeran kawula kabeh lan pangeran sira kabeh.” (QS. Hud: 56) Banjur tansah istiqomah,… banjur tansah istighfar anyuwun pangapuran saking gusti Allah Subkhanahu wa Ta’ala ingkang… akhiripun kaparingan kekiatan,… raos aman kalawan kemakmuran... أَقُوْلُ مَا تَسْمَعُوْنَ وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ Khutbah II: اَلْحَمْدُ لِلَّهِ وَكَفَى وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى النَّبِيِ المُصْطَفَى وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ، أَمَّا بَعْدُ: Kaum Muslimin, rakhimaniy rakhimakumullah Manungsa ingkang paling sae… manungsa ingkang paling luhur,... manungsa ingkang untung…. ingkang tansah angajak manungsa tansah anindakkaken ibadah katur dumateng gusti Allah…. Kanti ikhlas… kalawan istiqomah…, kanti cecepengan pemahaman ingkang lempeng… kalawan taat kalawan aturan…. Allah Subhanahu wa Ta’ala maha waspada ing sedaya kahanan…. tansah paring gangsar tumrap ingkang takwa.. ugi paring adzab tumrap ingkang ingkar…. ingkang mboten syukur babagan nikmat ingkang Allah anugerahkaken……, katetepan menika tansah mlampah ing dunya… katambah malih katetepan ingkang pesti ing akhirat… tumrap sedaya ingkang taat… munapa tumrap sedaya ingkang ingkar… katah catatan sejarah babagan begjanipun kaum ingkang taat… katah catatan babagan patunan kaum ingkang ingkar… ing titi wanci menika… munapa ing wekdal ingkang kapengker,… munapa kedadean ing wekdal sakmangke,… perlu kita persani…. bilih titikanipun panjenenganipun binasa…. Kalirik dening adzab kang perih… Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh: وَإِذَا أَرَدْنَا أَنْ نُهْلِكَ قَرْيَةً أَمَرْنَا مُتْرَفِيهَا فَفَسَقُوا فِيهَا فَحَقَّ عَلَيْهَا الْقَوْلُ فَدَمَّرْنَاهَا تَدْمِيرًا “Lan menawa ingsung ngarepkaken lebure sawijine negari, mila ingsun perintahkan tumrap wong-wong kang urip kanti mewah ing negari iku (supaya taat) ananging malah durhaka…, mila sampun sepantase mlaku babagan aturan (katetepan ingsun), sahingga ingsun lebur negari iku…..” (QS. Al-Isra: 16) اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ اللهم افتح بيننا وبين قومنا بالحق وأنت خير الفاتحين. اللهم إنا نسألك علما نافعا ورزقا طيبا وعملا متقبلا رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وصلى الله على نبينا محمد وعلى آله وصحبه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ






Kumpulan hutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi =

 kumpulan kultum bahasa jawa terbaru lengkap 

kultum bahasa jawa wulan ramadhan, kagem masyarakat jawi, kultum trawih basa jawi krama inggil,
kumpulan kultum dan ceramah basa jawi menika karangkum kados menika sumangga dipun pendet suwun =


0 Response to "Khutbah bahasa jawa kisah Kaum ‘Aad "

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..