Kunci-Kunci Rezeki khutbah Jum'at bahasa jawa kromo inggil


Khutbah Basa jawi
khutbah bahasa jawa





Khutbah pertama

الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.

Jamaah Jumat rahimakumullah

mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Ta’ala kanti takwa  kang saksae-saenipun,....  injih menika ngamalkaken munapa ingkang diperintahkaken dening Pangeran saha Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam... sarta nebihi menapa ingkang dilarang Pangeran saha Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam....
Shalawat sarta salam mugi tansah kaatur dumateng  nabi  Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, banjur dumateng keluarga, sahabat-sahabatipun, sarta  sedaya penderekkipun ngantos akhir zaman.

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah

Allah Subhanahu wa Ta’ala  sampun anjanjikaken... bilih saben-saben makhluk ing bumi niki pesti kaparingan  rezeki saking Allah Ta'Ala.,,,, Saking jenis manungsa, kang dados makhluk kang dimuliakaken,.... ugi jenis rajakaya sampun Pangeran jamin rizkine..... Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:

 وَمَا مِن دَآبَّةٍ فِى ٱلْأَرْضِ إِلَّا عَلَى ٱللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۚ كُلٌّ فِى كِتَٰبٍ مُّبِينٍ
 
 “Lan ora ano kewan ing bumi kejaba Gusti Allah kang maringi rezkine,.. lan Pangeran pirsa papan saben kewan iku lan papan  pangane... Sedayane katulis ing Kitab kang nyata (Lauh mahfuzh).” (QS. Hud: 6)

jumlah rezeki ingkang sampun katakdirakaken kedah dijemput kanti usaha lan kerja ingkang halal,... lintunipun usaha kang bersifat fisik.... Islam sampun paring pawulangan  metode ngudi rezeki kanti tata cara komplit injih menika usaha fisik... kalian usaha spiritual. Nabi Nuh ‘alaihissalam nate dawuh tumrap umate :
قَالَ يَٰقَوْمِ إِنِّى لَكُمْ نَذِيرٌ مُّبِينٌ

أَنِ ٱعْبُدُوا۟ ٱللَّهَ وَٱتَّقُوهُ وَأَطِيعُونِ
 

“He kaumku,... Saktemene aku diutus kanggo gawe peringatan kang njelaskaken marang sira—(yaiku) sembahen Allah pangeran ira,...  takwa  lan taat yekti  Pangeran bakal  paring pangapura  tumrap dosa-dosa ira...  lan anangguhkaken ira (dawakake umur ira) nganti wektu kang ditentukake... Saktemene katetepan Pangeran menawa wus tumeko ora bakal ano kang ngundurkake,... menawa sira pada ngerti”. (QS. Nuh: 2-3)
Nuh ‘alaihissalam uga dawuh:
فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا
  يُرْسِلِ السَّمَآءَ عَلَيْكُم مِّدْرَارًا     
 
“Kandakna,.... Nyuwuna ampun marang Allah Pangeran ira,... saktemene Pangeran Maha Pangapura... yekti Pangeran bakal ngirimkaken udan deres marang ira, ngokehkake banda lan anak-anak  ira, lan nuwuhake kebun-kebun sarta milikkake kali-kali kanggo iro. (QS. Nuh: 10-11)

Saking ayat ing nginggil wonten katah pelajaran,...  ing antawisipun:
Sepisan, dakwah para nabi ushul (asas) ipun Tauhid (ngundang beribadah dumateng Allah kemawon lan mboten wonten sesembahan lintunipun),...
Kaping kalih, ing kawastanan  dakwah, para nabi ngatekkaken al-ahamm    fal-ahamm (kang langkung  penting ing antara kang penting) inggih menika tauhid sakderenge kang sanes.
Kaping tiga, sabar dados gaman para nabi nalika angadepi kaumipun ingkang saben dinten tambah tebih.
Kita ngeningaken pawulangan Nabi Nuh ‘alaihissalam nalika ngadu marang Allah Jalla wa ‘Alaa babagan kaumipun:

قَالَ رَبِّ إِنِّى دَعَوْتُ قَوْمِى لَيْلًا وَنَهَارًا
فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَآءِىٓ إِلَّا فِرَارًا
 
"(Nabi Nuh) Ngucap : duh pangeran saktemene kawula ngundang(dakwah) tumrap kaumku bengi lan rina,.. banjur ora tambah saka dakwahku, kajaba deweke pada kabur  . (QS. Nuh: 6-7)
Ananging  Nabi Nuh ‘alaihissalam tetep sabar  dakwah ngancik 950 tahun lan penderekkipun ingkang sekedik.
Kaping sekawan kanti istighfar tuwin tobat, Allah Subhanahu wa Ta’ala bade maringi  rezeki kang katah marang kita.
Ibnu Abbas paring tafsir ayat “ngatahkaken banda lan anak-anak  ira, lan nuwuhake kebun-kebun sarta ngalirkaken kali-kali kanggo iro.”
“menawi panjenengan kersa mertobat marang  Allah tuwin taat,...  mila Pangeran bade angatahkaken rezki, nurunkaken udan saking langit jalaran (langit) diberkahi lan nuwuhkaken taneman-taneman kang bumi berkahi.”

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah

saking ayat ing inggil saget kita sumerepi bilih istighfar tuwinn tobat adalah salah satu ing antawisipun kunci rizki. Ananging mboten sampun ngantos tujuan utama  beristighfar saha  taubat namung  angsal rezeki, jalaran bade  nodai keikhlasan.
Menawi satunggaling tiang niat seimbang antara ganjaran ukhrawi tuwin ganjaran duniawi mila namung bade ngurangi pahala keikhlasan. ananging, menawi kang langkung ageng niatipun supados angsal ganjaran duniawi,mila deweke bisa mboten angsal ganjaran ukhrawi, malah dikhawatirkaken bade nyeret dumateng dosa. Sebab deweke sampun andadekaken ibadah kang semestinipun jalaran gusti Allah, malah didadekaken sarana mburu banda dunia kang rendah nilainipun.
Sanesipu  istighfar lan taubat.., kang termasuk kunci rezeki uga mekaten:
  1. Takwa (nglaksanakaken Perintah Allah saha nebihii Larangan-Nipun)
Allah ngendika:
وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ    وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا
“sinten kemawon kang takwa dumeateng Allah yekti Pangeran bade ndatengkaken dalan (solusi)—Lan maringi rezeki saking arah kang ora disangka-sangka. (QS. Ath Thalaq: 2-3)












KHUTBAH II

الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.


اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا
أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.

=  setahun khutbah basa jawi  /   Khutbah bahasa jawa






Post a Comment

0 Comments