ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





KHUTBAH BAHASA JAWA ( Taat Kepada Pemimpin )

Taat Kepada Pemimpin



KHUTBAH PERTAMA

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَلاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ
Jamaah Jumat rahimakumullah
Monggo kita sami tingkataken takwa marang  Allah SWT, taat kanti  nglaksanakaken  perintah-Ipun, lan mboten nglaksenakaken kemaksiatan. Syukur kaliyan  nikmat kang sampun diparingi  Pangeran,

إِن تَكْفُرُوا فَإِنَّ اللهَ غَنِيٌّ عَنكُمْ وَلاَيَرْضَى لِعِبَادِهِ الْكُفْرَ وَإِن تَشْكُرُوا يَرْضَهُ لَكُمْ
“hai wong kafir saktemene  Allah ora mbutuhke (iman)mu lan Allah ora  ridha kekafiran ing sira-Ne; lan menawa siro syukur,  yekti Allah ridha marang  syukure-iro.” (QS. Az-Zumar: 7)

Kalebet sebab-sebab perpecahan tuwin retakipun manah inggih meniko sifat dengki, sengit, lan apa wae kang saget anggawe rasa sengit marang tiang sanes  kadosto  sesadean  najsy (inggih meniko  Sistem sadean kanti ngunggahaken regi barang kang disade, sak sampune  penjual setuju kaliyan penawar kang disik).
Kito sumerepi bilih  Allah paring perintah marang  para pemimpin kaum muslimin supados nglaksanakaken beban ing  pundak  arupi   amanat  rakyat.   Pemimpin supados  negakaken hukum kanti adil,  negakaken hukuman lan nyegah ahli maksiat   saking  kemaksiatanipun.  Pemimpin supados  merhatikaken  rakyat,  mboten  mbebani napa kang mberatkaken umat, Allah pareng pangandikan :
وَاخْفِضْ جَنَاحَكَ لِمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ
lan andap asor marang sapa wae kang ngikutimu, yaiku wong-wong kang beriman.”(QS. Asy-Syua’ra: 215)

Mekaten  Allah Subhanahu wa Ta’ala  paring printah tumrap manungsa  supados mirengaken  lan taat
Marang  pemimpin.  Taat  ing  perkawis  kang  dperintah   utawi  kang  di larang, selami perintahipun  mboten maksiat dumateng  Allah. Allah paring firman,
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا أَطِيعُوا اللهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُوْلِى اْلأَمْرِ مِنكُمْ فَإِن تَنَازَعْتُمْ فِي شَىْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللهِ وَالرَّسُولِ إِن كُنتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِرِ ذَلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلاً
Hai wong-wong kang beriman, patuha marang pangeranlan taatilah rasule, lan ulil amri ing antara ira.Banjur menawa ira bebeda pendapat ing sawiji  bahasan, mila  kundurakna  marang  Allah (Al-Qur'an) lan rasul (sunnah), menawa sira  bener-bener beriman marang  Allah lan hari akhir. Kang Mengkono iku luwih utama (kanggo ira) lan luwih becik akibate.” (QS. An-Nisa: 59)



Kewajiban  naati pemimpin kaum muslimin   dados  aqidah ing agami islam,  inggih menika  keyakinan beragama tiang muslim marang  Rab-ipun.   Mbok menawi  penguasa utawis pemimpin amrintahaken kanti  satunggaling  perintah mila wajib dipun laksanakaken, selami mboten  maksiat marang  Pangeran, lan   menawi  pemimpin nglarang kanti satunggileng larangan, wajib  dipun  tilaraken.

Pemimpin  ingging menika  para ulama  tuwin para penguasa.  naati  panjenengane saget ambeto  kesaenan ing agami lan dunya, lan   anylisihi   panjenengane  ambeto  kerusakan ing agami lan dunya. Para pemimpin  ibarat tameng, nglindungi  dalan-dalanipun  kaum muslimin  saking  tiang-tiang  kang  bade  ngrampok,  mejahi, ngrisak kehormatan, lan ngrisak keamanan.  Pemimpin mimpin rakyat nalika   jihad ing dalan  Allah,   mbela harta, lan kehormatan.  Jalaran  pertimbangan ageng  manfaat  tuwin  kesaenan   niki,   para ulama  paring pawucal  wajib naati penguasa  sinaosa  panjenengane  tiang  kang fasik..  Kados  kewajiban taat marang  para pemimpin,   paring nasihat marang pemimpin ugi dados  kewajiban, ngetingalaken kesaenanipun  lan ngumpetakenn   ala-nipun pemimpin.  Lan Haram paring pawucal  kang  nyebabkaken duka pemimpin.
.
Dados   sedoyo  warga negara wajib  taat  marang  para pemimpin    ugi  wajib paring  nasihat. Ningalkaken kesaenan   tuwin  ngumpetkaken  ala-nipun pemimpin.  Haram paring pawucal kang nyebabkaken   kemarahan pemimpin.  Sinten kemawon kang mboten mampu  paring  nasihat,  supados  paring donga ing  kesaenan  kagem pemimpin.

Ing hadis kang mulya Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam  paring sabda,
sapa wonge kang  naatiku mangka  wus naati Allah. Lan   sapa wonge  kang   maksiat  marang  aku  mangka wus
Maksiat marang  Allah. sapa wonge  kang  naati  pemimpin mangka  wus  naatiku,  lan  sapa wonge  kang  maksiati marang  pemimpin mangka   wus   maksiat  marang aku.”

Ing  hadis kang  sanes  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam  paring sabda,
Wajib  tumrap tiang muslim supaya   mirengaken lan  taat ing  perkawis  menapa kang disenengi lan kang
disengit(pemimpin) lintu  menawi diperintah  ing maksiat.   Menawi  (pemimpin) memerintahkaken  ing ke maksiatan,  maka mboten usah dimirengkaken lan taat.”

Jalaran dalil-dalil  menika  lan sanesipun,  sebagian ulama paring pawucal, “Manungsa tansah ing dalem kesaenan selagi ngagungkaken penguasa lan ulama,  menawi  deweke  ngagungkaken kalih bab niki, Allah bade damel kesaenan ing dunya lan ing akhiratipun. Perkawis kang termasuk ngagungkaken ulama lan penguasa inggih menika mboten nyebaraken ing manungsa masalah-masalah ing pemerintahan nalika deweke tingali, Allah ngendika,

وَإِذَا جَآءَهُمْ أَمْرٌ مِّنَ اْلأَمْنِ أَوْ الْخَوْفِ أَذَاعُوا بِهِ وَلَوْ رَدُّوهُ إِلَى الرَّسُولِ وَإِلَى أُوْلِى اْلأَمْرِ مِنْهُمْ لَعَلِمَهُ الَّذِينَ يَسْتَنبِطُونَهُ مِنْهُمْ وَلَوْلاَ فَضْلُ اللهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ لاَتَّبَعْتُمُ الشَّيْطَانَ إِلاَّ قَلِيلاً

“Lan  menawa teka marang deweke  berita babagan keamanan utawa ketakutan, deweke  banjur
nyiarkaken.  Lan  menawa  deweke nyerahkaken  marang  Rasul  lan ulil amri  ing  antarane  deweke,
tentu kemawon tiang-tiang  kang  kepengin mangerteni  kebeneran (saget) mangerteni saking panjenengane
(Rasul tuwin ulil amri) menawi mboten jalaran karunia lan rahmat Allah marang iro, tentu kemawon  iro melu setan,  lintune  setitik kemawon (ing antara iro kabeh)” (QS. An-Nisa: 83)

Rasulullah ngersakaken saking piyambake supados  ngangkat swara  nalika piyambake mboten nglanggar perjanjian jalaran menika wau saget nguatkaken jiwa kaum muslimin  tuwin  saget  mbangkitkaken kekuatan kaum muslimin.

 Mekaten ugi  isyarat  nalika  melanggar perjanjian,  jalaran bab menika saget  dados  dorongan kangge kaum munafikin, tuwin  angabaraken ing pihak Rasulullah  trep kaliyan tata cara kang dipilih. Jalaran menika wau, Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam paring khutbah sak’sampune Shalat Zuhur, tuwin Nabi
amerintahkaken sahabat  supados mboten Shalat Ashar lintu ing  Bani Quraizhah, sahingga  para
sahabat tunduk tuwin patuh.
وَفَّقَنـِيَ اللهُ وَإِيَّاكُمْ لِأَدَاءِ الْأمَانَةِ وَحَمَانَا جَمِيْعًا مِنَ الْإِضَاعَةِ وَالْـخِيَانَةِ وَغَفَرَ لَنَا وَلِوَلِدِيْنَا وَلِـجَمِيْعِ الْـمُسْلِمِيْنَ، إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA
الْـحَمْدُ لِلهِ الَّذِي وَعَدَ مَنْ حَفِظَ الْأمَانَةَ وَرَعَاهَا أَجْرًا جَِزيْلاً، وَتَوَعَّدَ مَنْ أَضَاعَهَا وَأَعَدَّ لَهُ عَذَابًا وَبِيْلا، أَحْمَدُهُ عَلَى جَزِيْلِ نِعَمِهِ، أَشْكُرُهُ عَلَى تَتَابُعِ إِحْسَانِهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، حَثَّ عَلَى أَدَاءِ الْأَمَانةِ وَحَذَّرَ مِنْ الْـخِيَانَةِ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وعَلَى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وسَلَّمَ تَسْلِيْمًا،
 أَمّا بَعْدُ
Tiang  muslim  kang bener-bener tentu kemawon  ngamalkaken apa kang sampun dimangertosi saking kitabullah tuwin sunah nabinipun,   senaosa  kekatahipun manungsa anyelisihi kekalih pegangan menka.
Allah berfirman,
وَإِن تُطِعْ أَكْثَرَ مَنْ فِي اْلأَرْضِ يُضِلُّوكَ عَنْ سَبِيلِ اللهِ
lan menawa iro nuruti kekatahe tiang-tiang  kang  ing muka bumi niki,  yekti Pangeran bakal nyesatkaken ira saking dalan Allah.” (QS. Al-An’am: 116)

 kaum muslimin rakhimakumullah,…
kita pendet  pelajaran saking tiang  kang  kasil,..   kepripun piyambake saget kasil?  supados kita saget  aneladani. Ugi Sinau  saking  tiang-tiang  kang  hancur lebur,  kepripun deweke dilebur? supados kita saget nebihi.  Mboten ngrumaos  piyambak, nalika  nglampahi kebeneran agami jalaran sekedik  tiang  kang anempuh dalan menika, tuwin  mboten usah   katipu  jalaran  katahipun tiang  kang  anempuh dalan kabinasaan,.. Kita  nyuwun  Allah paring ampunan tuwin kaslametan ing dunia tuwin ing akhirat,  kados  kita  nyuwun pitulongan  kagem  nindakaken hak-hakipun Pangeran, tuwin supados  andadekaken   kita sedaya  kalebet  tiang kang  sami  tulung-tinulung   bebarengan pemerintah kita ing dalem kebagusan tuwin ketakwaan,  tuwin  mboten andadikaken kita  kalebet tiang  kang  sami  tulung-tinulung ing dalem dosa tuwin permusuhan.
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا أَطِيعُوا اللهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُوْلِى اْلأَمْرِ مِنكُمْ فَإِن تَنَازَعْتُمْ فِي شَىْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللهِ وَالرَّسُولِ إِن كُنتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِرِ ذَلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلاً
Hai tiang-tiang  kang beriman, monggo kita ta’ati Allah lan ta’ati Rasul(-Ipun), lan ulil amri ing antara ira.
Banjur menawa  ira nemui  beda  pendapat satunggileng babagan, maka kita kunduraken mring Pangeran kita  (arupi Al-Qur'an) lan Rasul (arupi sunnahnya), menawa  sira bener-bener iman marang  Pangeran ira lan hari akhir.   Kang mekaten wau  langkung utama (kanggo ira) lan langkung sae  akibate.” (QS. An-Nisa: 59)
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ
اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ، اَللَّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلَى الْقِيَامِ بِمَهَامِهِمْ كَمَا أَمَرْتَهُمْ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ فِيْ كُلِّ مَكَانٍ
اَللَّهُمَّ آمِنَّا فِيْ أَوْطَانِنَا وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَاجْعَلْ وِلَايَتَنَا فِيْ مَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ وَاتَّبَعَ رِضَاكَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ وَفِّقْ وَلِيَّ أَمْرِنَا لِهُدَاكَ وَاجْعَلْ عَمَلَهُ فِيْ رِضَاكَ، وَارْزُقْهُ الْبِطَانَةَ الصَّالِحَةَ النَاصِحَةَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 



Khutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi / salaf=







Ph

one and

0 Response to "KHUTBAH BAHASA JAWA ( Taat Kepada Pemimpin )"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..