ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jumat basa jawi Taqwa Kepada Allah Subhannahu wa Ta'ala


1

 

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin ... Jama'ah Jum'ah ingkang minulyo
Allah Subhannahu wa Ta'ala Maha Pancipto, Maha welas asih, Maha Penyayang, Maha Kuasa, Maha Pengatur, Maha Paring rizqi dumateng saben-saben manungso, rojokoyo lan makluk sak sanesipun. Lan namung Allah sawiji  sesembahan ingkang khaq ingkang kudu diibadahi. Manungsa diciptake dening Allah Subhannahu wa Ta'ala mboten sanes kejawi  manungsa iku supados beribadah marang Allah
Ngendikane Allah inggih meniko
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُونِ.
Artinya: “Lan Aku (Allah) ora nyiptake jin lan manungsa kejaba supaya deweke podo nyembah marang  Aku” (Adz-Dzariyat: 56).


Intinipun, manfaat ibadah niku sakjatosipun bakal diunduh deweke piyambak, yoiku kanggo kang gelem ngibadah supados mbentuk kapribaden kang taqwa. Trep kalian firmanipun gusti Allah:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Artinya: “Hai poro manungso, podo sembahen Tuhanmu Kang nitahake siro kabeh  lan wong-wong  ingkang sakdurunge iro, supayane iro  taqwa”. (QS. Al-Baqarah: 21)
Hadirin ... jama'ah Jum'ah ingkang dimuliakke Allah
Para sahabat dan salafus shalih ingkang mahami tuntunan Al-Qur’an lan ngikuti jejak sunnah Rasulullah Shalallaahu alaihi wasalam, deweke paham betul arti TAQWA niki, deweke tansah  nggolekki hakekatenipun TAQWA, podo pitakenan siji marang sijine, sarto deweke tansah berusaha supadose angsal derajat TAQWA niki.

Imam Ibnu Katsir nyebutaken wonten ing Tafsiripun inggih meniko: Umar Ibnul Khathab Radhiallaahu anhu. Pitaken dumateng  Ubai Ibnu Ka’ab Radhiallaahu anhu, babakan TAQWA niki wau,  ngendikane Ubai dumateng  Umar:
“njenengan nate ngliwati dalan kang kebak ri?”
“iyo,...Pernah”. Jawabanipin Umar.

Ubai nyambung pitakenan maleh: “Apa kang njenengan lakuke naliko iku?”.
Umar njawab: “aku baka mlaku kanti temen lan ati-ati banget supayane ora kena ri iku mau”. Sambunganipun Ubai : “mongko  TAQWA niku koyo mangkono iku”.


saking riwayat niki  kito saget pendet ibrahnya utawi pelajran, bilih TAQWA niku yoiku kepekaan batin, lembutipun perasaan, rasa khauf/ajrih dumateng  Allah terus menerus, lan tansah waspodo tuwin ati-ati supadose ora kena cilakane ri syahwat dan ri syubhat ing dalan. Deweke ngadohi peribadatan syirik, tuwin ngadohi tumindak maksiat lan dosa, kang alit utawi ageng. Sarto berusaha keras sekuat tenaga taat lan patuh nglaksanakake perintah-perintah Allah Subhannahu wa Ta'ala, kanti lahir – batin kang khudlu’ / rumaos rendah derajatipin ing ngarsanipin  Allah Subhannahu wa Ta'ala.
Hadirin ... jama’ah Jum’ah kang dimuliake Allah
saperangan conto ciri-ciri tiang kang taqwa dumateng Allah inggih meniko:

1.      Remen  nginfaqkaken hartanipun ing dalanipun Allah, nalikanipun  sempit luwih-luwih naliko lapang.
2.      Saget nahan diri saking sifat marah.
3.      Tansah maafke wong liyo kang gawe tumindak salah marang deweke(mboten dendam).
4.      nalikane terperangkap ing tumindak keji lan dosa utawi mendzalimi diri sendiri, deweke tansah inget marang Allah, cepet-cepet ngelampai taubat tuwin istighfar
5.      mboten neruske tumindak keji iku mau, banjur sadar sak sampunipun ngerti apo kang dilakukke deweke wau..
Ciri-ciri  tiang kang taqwa niki wau, saget  diwaos ing  firmanipun Allah:
وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ
 “ lan podo cepet-cepeto yen siro njaluk  ampunan soko Tuhanmu  lan surga kang luase podo langit lan bumi bakal  disediake kanggo wong-wong kang taqwa” (QS.Ali Imran:133)
Hadirin ... jamaah Jum’ah rakhimakumuAllah
amargi pentingipun nilai TAQWA, pramilo nilai TAQWA niki kedah dadi bekal utomo kito urip wonten ing dunyo. sehinggo manungsa di wenehi papan kang paling mulya ing sisinipun Allah. nikmat kang saget diraih marang tiang kang taqwa contonipun:

1.      Angsal Al-Furqon, yaiku saget mbedaaken antaranipun hak lan batil, halal lan haram, antaranipun sunnah lan bid’ah. Sarto kesalahan-kesalahanipun dihapus lan dosa-dosanenipun diampuni.
Hai wong-wong kang beriman, yen siro taqwa marang Allah niscaya Allah bakal Wenehi Siro furqon lan ngehapus kesalahan-kesalahanmu lan ngampuni (dosa-dosa)mu. .... (QS. Al-Anfal: 29)
2.      angsal jalan keluar saking problem kang dihadapi, diwenehi rizki tanpa diduga lan dimudahke kabeh urusanipun.
sopo wonge kang gelem taqwa marang Allah niscaya Allah bakal wenehi jalan keluar. Lan wenehi rizki soko arah kang ora disangka-sangka. (QS. At-Thalaq: 2-3)

3.      dimasukke wonten ing Suwargane gusti Allah, kang kekal sarto hidup ing keridloan.
papan wong-wong kang taqwa(marang Allah), ono ing Surga kang ngalir ngisore kali-kali, deweke kekal. Lan (diwenehi) istri-istri kang suci sarto diridloi Allah. Lan Allah Maha Ngerti  hamba-hambaNe. (QS. Ali Imran: 15)
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِيِمْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ فَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى عَنْهُ وَحَذَّرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ، اَلْوَاحِدُ الْقَهَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. قَالَ اللهُ تَعَالَى ِفْي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.


عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.



Kumpulan hutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi =

0 Response to "khutbah jumat basa jawi Taqwa Kepada Allah Subhannahu wa Ta'ala"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..