ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah basa jawi Iman marang Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam

-->
Iman marang Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam
Oleh: Waznin Ibnu Mahfudl





إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛

Jamaah Jum’at rahimakumullah, monggo kito ngeningaken, kito inget-inget  malih, kalih sifat agung kang dadi pangkat tuwin keagungan khusus tumrap umat Islam, tumrap hadirin jamaah Jum’at, tuwin khusus tumrap kito kang iman. sifat niki wau inggih meniko syukur tuwin sabar.
Saking wektu kang mulyo niki, lan sakpituruse ngantos akhir hayat, monggo kito sandang kalih sifat niki, “syukur tuwin sabar”.  Ing kesempatan niki, saksampunipun ngucap syukur berkat hidayah Iman, Islam tuwin Taqwa, monggo kito sekedik membahas “Syukur ing kelurusan Iman, tuwin sabar ing dalan negakaken sunnah rasulullah SAW.
  1. Iman kaliyan Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam dados dasar agami kang Maha Benar meniko, dienul Islam, kados sabda beliau Shallallaahu alaihi wa Sallam:
بُنِيَ الإِسْلاَمُ عَلَى خَمْسٍ: شَهَادَةِ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ...
“Artinipun: Islam niku dibangun ing atase  limang rukun, nyekseni bilih ora ano sesembahan kang haq kejobo Allah, lan nyekseni bilih Muhammad hamba lan Rasulullah ... (HR. Muslim I/45. Al-Bukhari I/13).
Sak sampunipun iman marang Allah Subhanahu wa Ta'ala, sak lajengipun inggih meniko iman kaliyan Rasulullah Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam kang dados pondasi kang utomo. Sebab sedoyo pondasi sanesipun dibangun ing inggilipun iman marang Allah tuwin marang Rasul Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam. Sehinggo tiang kang mboten ngimani Rasulullah anangin namung iman marang Allah Tuhan Kang Maha Tunggal kemawon, mboten cukup, lan iman kang mengoten niku wau batal imanipun.
Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam ngendiko:
وَالَّذِيْ نَفْسُ مُحَمَّدٍ بِيَدِهِ، لاَ يَسْمَعُ بِيْ أَحَدٌ مِنْ هَذِهِ الأُمَّة يَهُودِيٌّ وَلاَ نَصْرَا نِيٌّ، ثُمَّ يَمُوتُ وَلَمْ يُؤْمِنْ بِالَّذِيْ أُرْسِلْتُ بِهِ إِلاَّ كَانَ مِنْ أَصْحَابِ النَّارِ. (رواه مسلم)
“Demi Allah kang  jiwa Muhammad ano ing  tanganNe! Ora ano wong kang krungu babagan aku soko umat(manungsa) iki, Yahudi utawi Nasrani, banjur mati, ananging ora iman marang apo kang aku diutus, kejobo deweke termasuk  penduduk Neraka”. (HR. Muslim I/34).
Niki nunjukaken bilih pentingipun iman marang Rasul kang dadi pondasi agama lan amal-amal ibadah. Sahinggo tanpo ngimani Rasul alias ingkar kufur marang Rasul, maka gugur amal kebaikan sarto tebih saking rahmat Allah.
Allah berfirman:
“Lan sapawonge kang kafir sakbibare iman (ora nompo hukum-hukum Islam) mongko sirna amal-amalanipun lan deweke ing   akhirat termasuk wong-wong  kang rugi”
. (Al-Maidah: 5)
“Lan sapawonge kang ndurhakai Allah tuwin Rasul-Le mongko saktemene kanggo deweke neraka Jahanam, deweke kekal saklawase”.
Luwih-luwih deweke bakal ditimpa musibah lan adzab kang pedih, kados firman Allah ing Al-Qur’an surat  An-Nur : 63.
“Mongko luwih apik  wong-wong kang nyalahi perintah Rasul  ditimpa cobaan utawi ditimpa adzab kang pedih”.
Jalaran meniko monggo kito  tansah syukur marang Allah atas hidayah Iman kita, lan tansah ittiba'(niru)  Rasulullah Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam  kanthi sabar ing ngikuti sunnah lan ntaati beliau.
  1. Sinten Rasulullah Muhammad ?
Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam niku manungso biasa, sanes malaikat lan  sanes anak Tuhan utawi saksanes-sanesipun. Deweke secara manusiawi sami kaliyan kito sakkabehe umat manungsa.
Kanyoto deweke lahir saking jenis manungso, bapakipun inggihpuniko Abdullah bin Abdul Muthallib, sarto ibunipun kang asmo Aminah, kekalihipun saking suku Quraisy ing  Makkah Mukarramah keturunan Nabiyullah Ismail bin Nabi Ibrahim ‘alaihimas salam. Dados rahmat tuwin jawaban saking permohonan Abul Anbiya’ Ibrahim alaihis salam kang tertulis  ing firman Allah:
Artosipun : “Duh Pangeran Kulo, utusno kanggo deweke Rasul saking golongane dewe, kang bakal  nyampekake  kanggo deweke  ayat-ayat-Mu, lan ngajaraken kanggo deweke Al-Kitab(Al-Qur’an) tuwin Al-Hikmah(As-Sunnah) sarto nyucikaken deweke. Saktemene paduka Maha Perkasa lagi Maha Bijaksana” (Al-Baqarah: 129).
Allah negasaken supados pinyambkipun nyatakaken babagkan saestune piyambake, kanthi firman-Ne ing surat Al-Kahfi ayat 110 tuwin ayat-ayat saksaenese:
“dawuha sira muhammad: Saktemene aku iki uga manungsa kaya sira, mung aku kaparingan wahyu kang nerangaken yen saktemene pangeran ira iku pangeran kang Maha tunggal”(Al-Kahfi : 110)
 “dawuha: “Aku ora mucal marang ira, umpama per-bendaharaan Allah ano ing aku, lan (uga) ora mucal  aku ngerteni kang ghaib lan (uga) ora mucal  aku dadi satunggileng malaikat. Aku ora  mangerteni kajaba apa kang diwahyuhake marang aku. dawuha: “menapa sami wong kang wuta kelawan wong  yang kang weruh?”  apa sira ora mikirke(iku)? (Al-An’aam: 50).
Rasulullah uga berwasiat supaya piyambake ora dihormati berlebihan, kados wong-wong Nashara menghormati Nabi Isa 'Alaihis Salam, piyambake melarang ummatipun ndadekake kuburan piyambake dadi papan sujud, melarang nyandangaken  kanthi gelar kang kaluwihan utawi maringi penghormatan kanthi ngadeg nalikane piyambake tumeko.
Saking sahabat Amr Radhiallaahu anhu bahwa Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam bersabda:
وَلاَ تُطْرُوْنِيْ كَمَا أَطْرَتِ النَّصَارَى ابْنَ مَرْيَمَ إِنَّمَا أَنَا عَبْدٌ. فَقُولُوا: عَبْدُ اللهِ وَرَسُوْلَهُ. (رواه البخاري)
          “aja sira muji aku(kaluwihan) kaya wong Nasrani muji Isa Ibnu Maryam. saktemene aku namung  hamba, mangka mucalo: Hamba Allah dan RasulNya”. (HR. Al-Bukhari)
Abu Hurairah Radhiallaahu anhu meriwayatkan, Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam bersabda:
لاَ تَجْعَلُواْ بُيُوْتَكُمْ قُبُوْرًا. وَلاَ تَجْعَلُوْا قَبْرِيْ عِيْدًا (رواه أبو داود).
“aja  didadike umah-umahmu kaya kuburan(sepi saka ibadah) lan aja didadikake kuburanku papan perayaan” (HR. Abu Dawud).
Dari Abu Hurairah Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam bersabda:
لاَ تَتَّخِذُواْ قَبْرِي عِيْدًا، وَلاَ تَجْعَلُوْا بُيُوْتَكُمْ قُبُوْرًا، وَحَيْثُمَا كُنْتُمْ فَصَلُّوْا عَلَيَّ فَإِنَّ صَلاَتَكُمْ تَبْلُغُنِيْ. (رواه أحمد)
“aja didadikake kuburanku papan perayaan, lan aja didadike umah-umahmu  kuburan lan ing ngendi wae sira ano (pada ngucapo do’a shalawat marang aku)jalaran saktemene do’a shalawatmu tekan aku”. (HR Imam Ahmad).
3.   konsekwensi iman marang Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam kados kang difirmanaken Allah Subhanahu wa Ta'ala, artosipun: “(Yaiku) wong-wong kang ngikuti Rasul, Nabi kang ummi kang (asmane) sampun saget ditemuni ing njeroni Taurat lan Injil kang ana ing sampinge, kang merintahake marang deweke ngelaksanakake tumindak kang ma’ruf lan nyegah deweke saka tumindak kang mungkar, sarto ngalalake kanggo deweke, apa kang apik lan ngaramaken kanggo deweke saka akabehe kang elek, sarto mbuang saking deweke beban-beban lan belenggu-belenggu kang ana ing deweke. Maka wong-wong kang iman marang piyambake(Muhammad), mulyakake, nulung lan ngikuti cahaya kang terang kang diturunake marang piyambake(al-Qur'an), deweke iku termasuk wong-wong kang beruntung.). (Al-A’raf: 157).

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

Khutbah kedua:
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ. أَمَّا بَعْدُ؛
Jamaah jum’at rahima kumullah ing khutbah kalih niki
Monggo kita mempertebal Iman tuwin Taqwa kita marang Allah uga menghayati Iman marang Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam sekaligus ngelaksanakaken konsekuensinipun.
Yaiku kita tansah temen-temen ngaleksanakake hal-hal kang mekaten:
  1. yakin lan anggadahi tanggung jawab kaliyan kebeneran Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam lan apa kang diasto marang piyambake Shallallaahu alaihi wa Sallam kados fimanipun Allah Subhanahu wa Ta'ala kang mratelakaken ciri wong taqwa:
    “lan wong-wong kang teka kelawan kebeneran(Muhammad) lan ngestokake piyambake, deweke iku mau termauk wong-wong kang taqwa”.
    (Az-Zumar : 33).
  2. Ikhlas ntaati Rasul Shallallaahu alaihi wa Sallam kanthi nglaksanakake sedaya perintahipun lan nebihi sedaya awisanipun Shallallaahu alaihi wa Sallam . kados janjinipun Allah :
    “lan menawa sira kabeh (anderek pengajake rasul), temen  sira kabeh oleh pituduh. lan ora ana kewajiban tumrap rasul iku kajaba nekakake(amanat Allah) kanthi terang”
    (An-Nuur: 54).
    “Maka demi Tuhanmu, deweke ( hakekate) ora  iman nganti deweke andadikake sira hakim ing perkara kang deweke selisihke, banjur deweke ora krasa kabotan ing atine deweke marang putusan kang sira wenehi, lan deweke nrima kanthi mantep”.
    (An-Nisaa’: 65).
3.         remen marang piyambake Shallallaahu alaihi wa Sallam, keluarga, para sahabat lan akabehe pengikutipun. Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Sallam mucal sabda:
لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُوْنَ اَحَبَّ إِلَيْهِ مِنْ وَالِدِهِ وَوَلَدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِيْنَ (رواه البخاري ومسلم)
"Ora dianggep imane sakwijine wong(sampurna)sahingga aku luwih seneng piyambake tinimbang wongtuane, anake lan akabehe manungsa”. (HR. Al-Bukhari dan Muslim).
  1. Mbela lan njuangaken ajaran Nabi Shallallaahu alaihi wa Sallam sarto da’wah supados mbebasake ummat manungsa saking kapetengan tumuju ing cahya, saking kezhaliman minuju keadilan, saking kebatilan minuju kebeneran, sarto saking kemaksiatan minuju ketaatan. kados firman ing nginggil:
    “Maka wong-wong kang iman marang piyambake, mulyakake, nulung lan ngikuti cahya kang terang kang diturunkan marang deweke(yaiku Al-Qur’an), deweke iku termasuk wong-wong kang beruntung”.
    (Al-A’raaf: 157).
  2. neladani akhlaq lan kepemimpinan Nabi Shallallaahu alaihi wa Sallam ing setiap amal lan tingkah laku, petunjukipun Allah:
    “saktemene sampun ana ing(piyambake) Rasulullah iku suri tauladan kang apik kanggo sira (yaiku) kanggo wong-wong kang angajeng-ajeng(rahmat) Allah tuwin (tumekane) dina kiamat lan deweke angatah-ngatahaken nyebut nama Allah
    ”. (Al-Ahzab:21).
  3. Mulyakaken kanthi kathah ngucap shalawat salam dumateng piyambake Shallallaahu alaihi wa Sallam terutami saksampune disebut asmanipun.
    رَغِمَ اَنْفُ رَجُلٍ ذُكِرْتُ عِنْدَهُ وَلَمْ يُصَلِّ عَلَيَّ (رواه الترميذي)
    “Temen rugi sakwijine wong nalikane disebut asmaku tumrap deweke, banjur ora ora pada ngucap shalawat marang aku.” (HR. At-Tirmidzi)
  4. Waspada lan angati-ati saking ajaran-ajaran kang nyelisihi ajaran Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam kados waspada saking syirik, tahayul, bid’ah, khurafat, ing pernyataan Allah:
    “Maka becike wong-wong kang nyalahi ajaran Rasul wedi bakal ditimpa cobaan utawi ditimpa azab kang pedih”
    . (An-Nur: 63).
  5. nsyukuri hidayah keimanan marang Allah dan Rasulipun kanthi njaga persatuan umat Islam lan nebihi perpecahan kanthi berpegang teguh ing Al-Qur’an tuwin As-Sunnah Ash-shahihah. Niku wau tegakipun agami:
    “Panjenengane(Allah) wus nyari’ataken kanggo sira babagan agama apa kang wus diwasiatake marang Nuh lan apa kang wus ingsun  wahyukake marang sira(Muhammad) lan marang apa kang wus ingsun wasiatake marang Ibrahim, Musa lan Isa yaiku: sira kabeh pada ngedegna agama lan sira aja pada pipisahan ana ing masalah agama”
    . (Asy-Syura: 13)
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَصْلِحْ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِلْعَمَلِ بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ.
اَللَّهُمَ لاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا بِذُنُوْبِنَا مَنْ لاَ يَخَافُكَ فِيْنَا وَلاَ يَرْحَمُنَا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.








KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =



 

1 Response to "khutbah basa jawi Iman marang Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam"

gentong said...

izin, copas, InshaAllah sya sampaikan pada khutbah

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..