Khutbah jum'at nyepi waisak peninggalan hindu budha

Kutbah babagan  candi borobudur rakyat jawi

Khutbah Hari Raya Nyepi


إِنّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
 Sidang Jumat rakhimaniy wa rakhimakumullah..
Ing tahun-tahun ingkang kapengker Penguasa Hindu-Budha,... simbol pepeteng tuwin bodonipun masyarakat nalika mboten dididik anamung dimanfaatkaken dening panguasa... ingkang nate kalampahan ing tanah jawi menika..….  Candi Borobudur tuwin Prambanan peninggalan sederek agama Budha lan Hindu,.... sakjatosipun sampun kakurug awu ingkang kandel sanget...  nalika  Merapi njeblug ing tahun 1006.... Banjur dening masyarakat kadadoskaken papan sampah.... mboten kajamah malih,.. mboten kaurus malih,..  ngilangkaken tanda mata ingkang pahit ing wekdal kapengker...
Kekalih bangunan niki perlambang tetarungan kaum elit jaman riyin.. Dinasti Syailendra, injih menika andahan Sriwijaya ing kutho Palembang... nalika ing tanah Jawi ambangun Borobudur kanti cara kang bengis… kanti cara kang rekaos,... banjur Penguasa lokal kang kanti rasukan agama Hindu…… ing tahun 856 damel kumpul kakuatan,, ingkang supados saget amerangi kakuasaan Syailendra.. sahingga ingkang akhiripun saget dipunkalahkaken...... banjur, saksampunipun ilang satunggaling panguasa... Rakai Pikatan ingkang dados penguasa lokal menang..... banjur  ambangun candi Prambanan ugi kanti usahanipun masyarakat… kanti elu kringetipun masyarakat jawi.... kanti meksa saben masyarakatipun,... sahingga dados satunggilen peninggalan ingkang gede sanget.....

Jamaah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…
Ingkang  paling sengsara nalika zaman kalawa wau.. injih menika kawula alit ingkang kapeksa nurut tuwin tunduk... kalampahan puluhan tahun… kalampahan wekdal ingkang katah,... Ingkang akhiripun  penduduk amilih medal saking pusat-pusat pembangunan... medal saking rekaosipun pembangunan candi..... ing akhiripun katilarkaken dening masyarakat… ing akhiripun mboten digunakaken,... ingkang akhiripun mboten karawat malih.... banjur di temu dening walanda nalika njajah jawa,....


 Jamaah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…
Ing wekdal saklanjengipun, sakniaso ajaran Hindu  Budha sampun dangu sanget..... nanging taksih katah pratingkah-pratingkah ingkang tasih ambekas  ing saben dintenipun kita…. nempel ing anak turunipun masyarakat jawi... 
Sakjatosipun nalika masyarakat ingkang tetepangan  kaliyan islam,,, sesandingan kalawan islam,...  aluwih malih banjur mlebet islam kados kita sami…. Islam saget ndamel kabudayan ingkang langkung sae,... langkung luhur,... langkung suci,... sahingga   tatanan kasaenan islam mlebet damel kasaenan ing tanah jawi menika… ngubah kahanan langkung padang,... ngubah polapikir langkung gamblang,... banjur temen untung ingkang saget anrima hidayah,...  masyarakat sami bebalapan mlebet ing Islam….  Nilarkaken kabudayan ingkang angandung syirik tuwin waget anyeret ing geni neraka…. damel ringkihipun  iman... damel regetipun pangibadahan... 
Jamaah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…
Tahap sepindah injih menika lumebetipun satunggalipun tiyang ing islam.... kanti yakin ikhlas ugi sadar…… saksampunipun tiyang lumebet  Islam,... Tahap kaping kalih injih menika  pemantapan dados sak estu-estunipun tiyang Islam kang taat,...  kanti ririh tuwin sareh andamel kesaenan tatanan ing sedaya pagesangan… sahingga kaparingan nikmat tuwin suwarganipun gusti Allah… jumbuh pangandikanipun gusti Allah ‘Azza wa Jalla :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُبِينٌ
[البقرة/208]
“he wong-wong kang iman, sira pada mlebua ing Islam kanti kaffah(sampurna), lan aja sira ngikuti lmlakune syaithan...  jalaran saktemene syaithan iku musuh kang gede tumrap ira.” [Al-Baqarah : 208]

بَارَكَ اللهُ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعْنَا بِمَا فِيْهِ مِنَ البَيِّنَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ.











KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ،
 أَمَّا بَعْدُ

 Jamaah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…
Sultan Agung Hanyokrokusumo, penguasa Mataram (1613-1645) sampun angawali tahap pemantapan pendidikan Islam total massal ing masyarakat Jawi….. Ing saben kampung ngawontenkaken belajar al-Qur’an,... tatacara pangibadah tuwin babagan pawulangan dasar ing Islam kados rukun iman lan rukun Islam.... Sahingga budaya ilmu mboten gadahipun pemimpin kemawon,...  Sahingga budaya ilmu  dados gadahipun masyarakat sedaya....
Konsep-konsep ing Islam diupayakaken dados  pondasi  ing masyarakat....  Kados siyam..., sembahyang,.... suwarga lan neraka.... Sahingga Islam nancep saben dintenipun kados adil, ijab qabul,   ngubur jenazah, Ta’awun kang kaartoskaken sambatan, ugi tasamuh kang kawujud tepa salira....
  وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ ۝٢  
  "Lan sira tulung-tinulung ing (tumindak) apik lan takwa,... lan aja tulung-tinulung ing tumindak dosa lan  mungsuhan.... Sira takwa marang Allah,...  Sakyektine Allah iku gawe banget abote siksa."
  
Pramila kita ingkang kaparingan nikmat ilmu tuwin iman... prayoganipun tansah aneraskaken dakwah ingkang dipun awali dening para sesepuh kita…  dakwah ingkang kalampahan para sesepuh kita ing tanah jawi khususipun dereng tuntas…. ingkang rumiyin taksih katah upacara-upacara dereng saweg dipun luruskaken….  nalika semanten taksih katah pratingkah-pratingkah ingkang dumunung ing awakipun umat dereng saweg dipun ilangi….  sahinga kewajibanipun kita tansah ngormati upaya-upaya ingkang kalampahan dening para sesepuh umat islam.... banjur neraskaken munapa ingkang dipun impi-impikaken… ingkang dipun gadang--gadangkaken…. Injih menika anyiptataken manungsa ingkang tansah taat tuwin patuh kanti ajaran islam… resik saking pratingkah-pratingkah ingkang anyeret panjenenganipun ing jurang... jurang sengsara saklawasipun….    

اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ....
 اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا
أَنِ





KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =

Post a Comment

0 Comments