khutbah basa jawi Kanti Takwa Kita ngupaya Masa depan kang Gemilang



Masa DepAn gemilang

  


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
Jama’ah Jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah
mboten wonten panentrem ati kang bener-bener nyegerke..., lan mboten wonten obat ingkang paling mujarab kajobo taqwa marang Allah.... namung  taqwa marang Allah,.. satunggal dalan saking masalah Pagesangan..., Allah Ta'ala ingkang maringi berkah gesang, sarto nylametkaken saking adzab ing donya menopo  ing akhirat sakmangke,... sebab taqwa meniko tiyang saget angsal Suwarga Allah Subhannahu wa Ta'ala....
Taqwa niku piyambak ngandung makna kang bervariasi... wonten ing kalangan ulama. Nanging intine  namung satunggal inggih meniko tiyang kang Nyuwun pangayoman marang gusti Allah Subhannahu wa Ta'ala saking adzabipun,... nindakaken  munapa ingkang  dipun perintahkaken Pangeran... lan nebihi sedoyo awisanipun.
makna taqwa dumateng Pangeran inggih meniko ajrih kaliyan murkanipun Pangeran,.. sahingga waget andadosaken  perkarwis ingkang gede  ingkang mesti diduweni dening saben-saben manungso....

 Imam Ahmad bin Hambal Radhiallaahu anhu sampun mucal, “Taqwa yoiku ninggalke apa-apa kang dikarepkake hawa nafsu, jalaran ajrih (dumateng Dzat kang Maha Agung)”.

Hadirin Jama’ah Jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah...

Saktemene Allah Subhannahu wa Ta'ala sampun paring wasiat taqwa meniko, mboten namung dumateng umat Nabi Muhammad SAW,.. nanging wasiat meniko wiwit umat-umat sakdurunge, lan saking meniko saget kita tingali bilih taqwa meniko ingkang dikersakaken Pangeran..
.
sakwijineng dinten  Rasulullah Shalallaahu alaihi wasalam paring wasiat bab taqwa,... hadist meniko diriwayataken dening Irbadh bin Sariyah bahwasanipun Rasulullah Shalallaahu alaihi wasalam saksampunipun sholat subuh berjamaah, lajeng wenehi saktunggilen nasihat kang nasihatanipun kados-kadoa nasihat terakhir saking Rasulullah, ...  Ingkang saget netesaken loh lan nggeteraken manahipun  poro shokhabatipun...


أَوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ وَالسَّمْعِ وَالطَّاعَةِ، وَإِنْ كَانَ عَبْدًا حَبَشِيًّا، فَإِنَّهُ مَنْ يَعِشْ مِنْكُمْ فَسَيَرَى اخْتِلاَفًا كَثِيْرًا، فَعَلَيْكُمْ بِسُنَّتِيْ وَسُنَّةِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الْمَهْدِيِّيْنَ، عَضُّوْا عَلَيْهَا بِالنَّوَاجِذِ، وَإِيَّاكُمْ وَمُحْدَثَاتِ اْلأُمُوْرِ، فَإِنَّ كُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ.
"Aku wasiate kanggo awakmu kabeh ,..... supaya taqwa marang Allah,.... mireng  lan taat pemimpin, sakniaso marang budak keturunan Habsyi(negro)....... Mila saktemene sak sinteno soko iro kang  urip(wektu-wektu akhir zaman sakmangke),.... deweke dadi saksi akehe  beda pendapat..... jalaran, siro kudu miderek sunnahku lan sunnah khulafaurrasyidin kang kaparingan pituduh..... Sak lanjute Geget kuat-kuat kanti gigi geraham.... (cekel sunnahku kuat-kuat)..... Lan siro waspada marang perkara kang diana-anakaken(bid’ah)...... jalaran saben bid’ah iku sesat”..... (HR. Ahmad IV:126-127; Abu Dawud, 4583; Tarmidzi, 2676, Ibnu Majah, 43; Ad-Darimi 1:44-45; Al-Baghawi, 1-205, syarah dan As Sunnah, dan Tarmidzi, hadits hasan shahih, dan shahih menurut Syaikh Al-Albani).



Hadirin Jama’ah Jum’at rakhimani wa rakhimakumullah.
Babagan sabda Rasulullah Shalallaahu alaihi wasalam: “Aku wasiatke tumrap awak ira kabeh supayane taqwa marang Allah, mireng lan taat”,  Ibnu Rajab mucal, inggih meniko, “ mireng tuwin taat, anyakup kebahagiaan dunyo lan akhirat... saklajengipun taqwa dados penjamin kebahagiaan ing dunyo tuwin akhirat....

Hadirin sidang Jum’at rakhimani wa rakhimakumullah...
kajobo penjelasan ing inggil meniko taqwa uga dados saksae-saenipun rasukan lan bekal tiang mu’min,.. meniko trep ingkang digambaraken Allah Subhannahu wa Ta'ala wonten ing surat Al-A’raaf ayat 26 lan Al-Baqarah ayat 197=




يَٰبَنِىٓ ءَادَمَ قَدْ أَنزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُوَٰرِى سَوْءَٰتِكُمْ وَرِيشًا ۖ وَلِبَاسُ ٱلتَّقْوَىٰ ذَٰلِكَ خَيْرٌ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ ءَايَٰتِ ٱللَّهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ 



 Hai anak Adam, temen ingsun wus ngundunkake tumrap Ira RasukAN kanggo nutup aurat lan rasukan endah kanggo pepaes .... Banjur rasukan takwa iku kang paling apik.... Kang mangkomo Iki  saka tanda-tanda kekuasaan Allah,... muga pada eling bab iku.


 

Menika daos satunggileng ayat saking Pengeran supados sira pada eling


 
.
intinipun Allah paring pituduh marang  manungsa bilih saksae-saenipun rasukan yaiku rasukan kang waget nutupi aurat kang lahir utawi batin..., lan sekaligus rasukan kang paling sae inggih meniko at-taqwa.
Qasim bin Malik ngriwayataken saking ‘Auf saking Ma’bad Al-Juhani ngendiko, bilih maksud rasukan taqwa inggih menika al-hayaa’(malu).... Ananging Ibnu Abbas berpendapat bilih rasukan taqwa inggih menika amal shalih,... wajah kang simpatik, lan waget kanti makna munapa kang Allah dawuhkaken lan ditedahkaken...


ٱلْحَجُّ أَشْهُرٌ مَّعْلُومَٰتٌ ۚ فَمَن فَرَضَ فِيهِنَّ ٱلْحَجَّ فَلَا رَفَثَ وَلَا فُسُوقَ وَلَا جِدَالَ فِى ٱلْحَجِّ ۗ وَمَا تَفْعَلُوا۟ مِنْ خَيْرٍ يَعْلَمْهُ ٱللَّهُ ۗ وَتَزَوَّدُوا۟ فَإِنَّ خَيْرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقْوَىٰ ۚ وَٱتَّقُونِ يَٰٓأُو۟لِى ٱلْأَلْبَٰبِ 

 
(Musim) haji iku ing  wulan kang dimaklumi,..  sok sintena kang netepi niat ing wulan iku nindakki haji,... mangka ora oleh rafats, berbuat fasik lan berbantah-bantahan ing mangsa  haji.... Lan munapa kang Sira tindakke arupa kasaenan,.... yekti Allah maha Waspada,.... .

‘saksae-saenipun sangu inggih meniko taqwa’....  trep kaliyan  firman Allah ing surat Al-Baqarah ayat 197:


“Berbekallah, lan saktemene saksae-saene bekal yoiku taqwa lan podo taqwao marang Aku, hai wong-wong kang berakal”


Ibnu Katsir rahimahullah nafsiraken ayat meniko, kanti nyatakaken bilih kalimat “saktemene saksae-saene bekal inggih menika taqwa”, nunjukake bilih nalikane Allah paring perintah marang  hambanipun nyiapaken bekal ing  dunyo, mongko Allah nunjukaken bekal kanggo ing  akhirat sak mangke(inggih menika taqwa).
Para hadirin kang berbahagia....

Seumpamanipun kita mampu nerapkaken utawi nindakkaken,.. kekaleh  ayat meniko, mboten senes meniko hal kang mustahil,.. sak lanjutipun niki dados modal ingkang utama tumrap manungsa ingkang  taat dumateng  Allah Ta'ala.

Poro Sederek ingkang dimulyaken Allah,..

 katah sanget  faktor-faktor penunjang, supadose kita saget ngraosaken ketaqwaan meniko..., ing sakperanganipun inggih meniko:
1. Mahabbatullah
2. Muraqabatullah (ngraos tansah wonten ing pengawasan Allah)
3. Nebihi penyakit hati
4. Nundukaken hawa nafsu
5. waspada tipu daya syaitan


1.      Mahabbatullah
Ibnu Qayyim rahimahullah ngendiko:
“Mahabbah iku ibarat wit(katresnan) ing ati, oyotipun inggih meniko rendah diri  ing ngarep Dzat kang ditresnani..., witipun inggih meniko ma’rifah.., pang-ipun inggih meniko rraos ajrih dumateng (siksa)Nipun,... godongipun inggihmeniko raos isin marang Allah..., wohipun inggih meniko taat kaliyan Allah...., bahan penyiramanipun inggih meniko dzikir marang Allah,...  kapan kemawon.., menawi amalan-amalan niki wau kirang.. temen raos mahabbah dumateng  Allah niku kirang”. (Raudlatul Muhibin, 409, Darush Shofa).


2.      Muraqaballah (ngraosaken wonten ing  pengawasan Allah)
Allah Subhannahu wa Ta'ala Dawuh :

هُوَ ٱلَّذِى خَلَقَ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلْأَرْضَ فِى سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ ٱسْتَوَىٰ عَلَى ٱلْعَرْشِ ۚ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِى ٱلْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنزِلُ مِنَ ٱلسَّمَآءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا ۖ وَهُوَ مَعَكُمْ أَيْنَ مَا كُنتُمْ ۚ وَٱللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ 


Paduka kang  nyiptakaken langit lan bumi ing enem mangsa: banjur paduka nglenggahi ing sakduwure 'Arsy..... paduka mersani apa kang mlebu ing bumi lan apa kang metu saka bumi.... lan munapa kang mudun saka langit...  lan munapa kang munggah ing paduka.... lan ilmu paduka bebarengan sira ing sisih ngendi wae sira ana..... lan Allah Maha pirsa  apa kang sira tindakke....

 
Makna ayat niki, inggih meniko Allah ngawasi lan nyaksikake  kelakuan manungsa.    saben wekdal kapan kemawon ..... lan ing  papan pundi kemawon ..... ing darat utawi ing laut,..... ing dalu munopo  siang...... Ing griya utawa ing njawi...... Saben-saben barang  iku ing ilmu paduka...., paduka(Allah) mireng caturan manungsa...., mresani papan.... ing pundi kemawon,....  lan Mresani  apa kang siro delikake sarto  kang siro fikirke”. (Tafsir Al-Qur’anul Adzim, IV/304).


3.      nebihi penyakit hati
Para hadirin.
ing dunyo niki mboten wonten kejahatan lan bencana ageng, kejobo penyebabipun inggih meniko kealakuan-kelakuan dosa lan maksiat... Ananging  penyebab dosa iku katah sanget,... satunggalipun inggih meniko penyakit hati,.... penyakit kang cukup kronis, kang nandang katah manungso,... kados dengki, seneng kenikmatan tiang sanes sirno utawi pindah,.... utawi ghibah mbika aibipun  tiang sanes,... lan satunggil malih penyakit kang mboten dipangapura dening Allah,... injih menika Syirik. naudzubillah.


4.      Nundukkaken hawa nefsu
menawi kito mampu nahan lan nundukaken hawa nafsu, kita saget angsal kabegjan lan tanda ontenipun nilai takwa ing pribadi kito sarto ing akhirat angsal balasan Surga. Kados  firman Allah kang artinipun:
“Lan wong-wong kang ajreh marang Tuhanipun lan nahan diri saking hawa nafsunipun, mongko saktemene Surga biku papan tinggale.” (An-Nazi’at: 40-41)


5.      Waspada tipu daya syaithan
Para hadirin kang berbahagia.
sampun kita ngertosi bilih  syaithan niku ngadang-ngadangi tiang-tiang mu’min. bebendu kang pertama inggih meniko kufur, menawi tiang selamat saking kekufuran, maka syaithan nggunakakenn cara sanes kaping kalih kang arupi bid’ah, menawimanungso selamat mongko syaithan nggunakaken cara kang ketiga inggih meniko dosa-dosa ageng, menawi  mboten kaasil, diterusaken ngangge cara nggoda saking perbuatan mubah, sehinggo manungsa nyibukaken diri ing perkara niki, menawi mboten mampu maleh,  mongko syaithan nggerakaken bala tentaranipun kangge munculaken mawerni-werni  gangguan lan coba...

Poro sederek rakhimani warokhimakumullah...
Kamongko mboten ragu maleh..., bilih mangertosi srimpetan-srimpetan kang digawe syaithan...  lan mangertosi papan-papan  mlebet ten ati anak Adam saking bujuk rayu syaithan dados poin kiyambak kangge kita.... Mugi tansah waspada...


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.





Khutbah Kedua

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ....  صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. 

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

 قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}

ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}

 
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

 رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.

 سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ




Post a Comment

0 Comments