ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jum'at basa jawi krama inggil




Hamba Allah Dan Ummat Nabi Muhammad SAW
Oleh: Muhammad An-Nawawi





Sampun dados kewajiban tiang Muslim nyandang kalih kesadaran/keweningan, kesadaran dados hambanipun Allah Ta’ala tuwin kesadaran dados umat Muhammad Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam. Menawi  kesadaran/keweningan niki sirna saking manahipun  tiang Mukmin maka tindakan tuwin amalanipun  bakal ngawur lan sembrono kang ngakibataken Allah Ta’ala mboten kersa menehi ganjaran menawa kemawon, kejaba siksa.
Kesadaran kepisan, kesadaran bilih kita dados hamba Allah Ta’ala kang kita tampakaken ing setiap aktifitas saben dintenipun. Secara bahasa agama disebut (إِظْهَاُر الْعُبُوْدِيَّةِ) dados saget nampakaken manembah tuwin sujudipun namung marang Allah. Contohnipun menawi  kita ajeng dahar, sakniaso pari menika kita tanem ing sawah kita , beras kita masak piyambak ananging nalika kita ajeng dahar disunnahaken berdo’a:
اَللَّهُمَّ بَاِركْ لَنَا فِيْهِ وَأَطْعِمْنَا مِنْهُ. (صحيح الترمذي، 3/158).
“duh gusti Allah paringana kawula keberkahan saking(rizki kawula) paringana kawula makanan saking (rizki)menika”
Donga menika njelasaken bilih Allah Ta’ala kemawon kang paring rizki, mboten sawah utawi saksanese. Mekaten uga kita nalika gadah mobil utawi kendaraan saksanesipun, sakniaso kita mundut kendaraan kanthi usahanipun piyambak, kanthi artonipun piyambak, ananging nalika ajeng ngendarai disunnahaken berdo’a:
بِسْمِ اللهِ الْحَمْدُ لِلَّهِ سُبْحَانَ اللهِ الَّذِيْ سَخَّرَ لَنَا هَذَا وَمَا كُنَّا لَهُ مُقْرِنِيْنَ وَأَنَّا إِلَى رَبِّنَا لَمُنْقَلِبُوْنَ. (صحيح الترمذي، 3/156).
Ikhwan fillah rahimakumullah
Doa menika dados contoh sanes bilih tiap detik  kita kedah nyatakaken bentuk pangibadatan kita marang Allah Ta’ala, menawi pernyataan menika  ilang, saget nerangaken bilih iman sampun risak ing bumi menika lan bakal ilang, sak lanjutipun muncul kesombongan tuwin keangkuhan, peristiwa menika sampun kalampahan  ing zamanipun Nabi Musa kang nalika semanten penguasanipun lalim lan sombong  sahingga supe saking statusipun hamba, malahan raja menika sombong, ngantos-antos mucal awake niku dados Tuhan, deweke merintahaken tumrap rakyatipun supaya nyembah marang raja, inggih menika raja Fir’aun.
Kenyataan ing inggil menika dados gambaran sami zaman sak meniko, kathah tiang-tiang modern kang seharuse dados hamba Allah Ta’ala ngalihaken penghambaan ing harta, wanita tuwin dunya. Tiap dinten ing benakipun namung di masuki mawarni-warni persoalan dunya, madosi kenikmatan tuwin kepuasan dunya kemawon,  tanpa merhatikaken kepentingan akhirat. padahal kenikmatan akhirat langkung sae saking kenikmatan dunya,  langku-langkung nikmat ing akhirat menika kekal abadi.
Ihwan Fillah rahimakumullah
Allah Ta’ala nyiptakaken manungsa mboten namung numpuk harta benda, ananging Allah Ta’ala nyiptakake manungsa lan jin namung supaya nyembah marang Allah.
“Dan tidaklah Aku ciptakan jin dan manusia melainkan hanya untuk beribadah  kepadaKu.” (Adz-Dzariyat: 56).
Makna penghambaan kepada Allah Ta’ala adalah mengesakannya dalam beribadah dan mengkhusus-kan kepadaNya dalam berdo’a, tentang hal ini Syekh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin dalam bukunya Syarah Tsalasah Usul, maparaken persoalan penting kang kedah dimangertosi tumrap kaum Muslimin:
اْلأُوْلَى اَلْعِلْمُ وَهُوَ مَعْرِفَةُ اللهِ، مَعْرِفَةُ نَبِيِّهِ وَمَعْرِفَةُ دِيْنِهِ اْلإِسْلاَمِ بِاْلأَدِلَّةِ.   الثَّانِيَةُ اَلْعَمَلُ بِهِ.    الثَّالِثَةُ اَلدَّعْوَةُ إِلَيْهِ.
Kapisan inggih meniko  ilmu, yaiku ngenal Allah, ngenal Rasul tuwin Dienul Islam, kanti dalil-dalil ipun. kedua ngamalaken,  ketiga  ndakwahaken.”
Ikhwan fillah rahimakumullah.
Syaikh Muhammad At-Tamimi ing kitab Tauhid, menehi penjelasan bilih ayat ing inggil, nunjukaken keistimewaan Tauhid tuwin keuntungan kang diperoleh ing dalem kehidupan ing dunya dumugi akhirat. Lan nunjukaken bilih syirik meniko perbuatan dzalim kang saget mbatalaken iman menawi syirik wau ageng, utawi ngirangi iman menawi syirik asghar (syirik kecil).
Akibat buruk tiang kang nyampuradukaken keimanan kaliyan syirik  dingendikaken dening  Allah Ta’ala:
“Saktemene Allah ora ngampuni dosa syirik anangeng  Slirane ngampuni dosa apa wae kejaba syirik, kanggo sapa kang dikehendaki.”
مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَدْعُوْ مِنْ دُوْنِ اللهِ نِدًّا دَخَلَ النَّارَ. (البخاري عن ابن مسعود).
“sapa wonge kang mati ing dalem nyembah selain Allah,  niscaya masuk ing  Neraka.”
مَنْ لَقِيَ اللهَ لاَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ الْجَنَّةَ وَمَنْ لَقِيَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ النَّارَ. (مسلم عن جابر).
“sapa wonge nemoni Allah Ta’ala (mati) ing dalem kahanan ora nglakukake syirik sekedik menapa pun, tentu masuk Surga, ananging sapa wonge nemoni ALLah (mati) ing dalem kahanan nglakukake syirik marang Slirane, maka deweke temen masuk Neraka.”
Ihwan fillah rahimakumullah.
Meniko  seharuse, kaum Muslimin tansah sadar ing statusipun yaiku status kehambaan marang Allah Ta’ala. Lan cara menghamba nipun kedah sesuai kalian manhaj kang shohih tanpa campuran syubhat lan kesyirikan. Intinipun penghambaan inggih meniko beribadah marang Allah Ta’ala lan ora nglakukaken syirik marang Allah kanthi  menapa kemawon.
Kesadaran kaping kalih dados ummat Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam 
Kesadaran dados umat rasul, inggih meniko nyadari bilih amalan-amalan kita bakal ditrima dening Allah Ta’ala kanthi syarat sesuai sunnah Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam  . Syaikh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin njelasAken konsekuensi  mengenal Rasul inggih meniko nrima menapa kemawon perintahipun ngestuaken apa kang diberitake, matuhi perintahipun, nebihi menapa kemawon larangan-nipun, netepi perkara kanthi syariat tuwin ridha kanthi putusan-nipun.
kalangan ahli sunnah waljama’ah sepakat ngimani lan njalanaken apa-apa kang diperintah rasulullah, nebihi sedoyo larangan rasulullah. Lan Ora bakal ditrima ibadah tiang tanpa ngikuti sunnah Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam   kados hadits menika:
مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ أَمْرُنَا فَهُوَ رَدٌّ. (مسلم).
“sapa wonge nindakkake sakwijine amalan ing dalem agama kang ora ano perintah  ku maka iku katolak.” (HR. Muslim).
مَنْ أَحْدَثَ فِي أَمْرِنَا هَذَا مَا لَيْسَ مِنْهُ فَهُوَ رَدٌّ. (البخاري ومسلم).
“Sapa Wonge kang ngana-anakake ing dalem perkara agama lan ora ano perintah  ku maka  iku tertolak.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim).
Ningali hadits meniko, tiap kaum Muslimin ing dalem aktifitasipun kedah merujuk ing apa kang di asto dening Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam , sae niku ucapan, perbuatan utawi taqrir(ketetapan).
Ihwan fillah Rahimakumullah.
Kathah  saking kaum Muslimin, kang nyalahi man-haj Rasulullah,  ngatasnamakaken Islam. Lan kathah-kathahe deweke mboten mangertosi bilih perbuatan meniko tertolak jalaran mboten sesuai kalian sunnah Nabi. Misalipun deweke nyalahi manhaj  dakwah Salafus Shalih, Contohipun berdakwah kanthi musik, nada dan dakwa, sandiwara, fragmen, cerita-cerita, wayang lan sanes-sanisipun.
Kados ngedikane Asy-syaikh Abdul Salam bin Barjas bin Naser Ali Abdul Karim ing bukunipun Hujajul Qowiyah kang ngutip saking ngendikane Al-Ajurri ing kitab As-Syari’ah bilih Ali.Ra tuwin Ibnu Masu’d sami ngendiko:
لاَ يَنْفَعُ قَوْلٌ إِلاَّ بِعَمَلٍ وَلاَ قَوْلٌ وَعَمَلٌ إِلاَّ بِنِيَّةٍ وَلاَ نِيَّةٌ إِلاَّ بِمُوَافَقَةِ السُّنَّةِ.
“Ora bermanfaat wucalan kecuali kanthi perbuatan lan uga ora bermanfaat  wucalan lan perbuatan kecuali kanthi niat. lan niat pun ora bermanfaat kecuali sesuai kanthi sunnah.”
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

Khutbah Kedua
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، وَأَحْسَنَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Lan sak sae-saenipun perkataan inggih meniko Kitabullah Kang Maha Agung lan sak sae-saenipun petunjuk inggih meniko petunjuk Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam , sak ala-alane urusan inggih meniko perkara kang anyar lan setiap perkara kang anyar (ing dalem agama) niku bid’ah lan setiap bid’ah niku sesat, lan setiap kesesatan adalah di Neraka. (HR. An-Nasa’i).
Ihwan Fillah rahimakumullah.
Kekalih kesadaran meniko kedah di imut setiap waktu lan kahanan, jalaran meniko dados sumber petunjuk ing dalem kehidupan. Kanthi nyadari kekalih kesadaran yaiku njalanaken syariat kanthi sesuai manhaj ahlul sunnah tanpo tercampur bid’ah tuwin kesyirikan. Kanthi meniko, ngikuti manhaj Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam   tuwin manhaj para sahabat sak-sampunipun yaiku Al-Qur‘an kang diturunaken Allah Ta’ala marang Rasul-ipun, kang dijelasaken tumrap para sahabatipun ing hadits-hadits shahih  kekalih kesadaran meniko kang kedah di imut setiap saat, inggih meniko kesadaran negakaken kalimah tauhid berdasark kalian manhaj ahlus-sunnah lan merintahaken umat Islam supados cecepengan marang  kekalihipun. akhir kata :
تَرَكْتُ فِيْكُمْ شَيْئَيْنِ لَنْ تَضِلُّوْا بَعْدَهُمَا، كِتَابَ اللهِ وَسُنَّتِيْ وَلَنْ يَتَفَرَّقَا حَتَّى يَرِدَا عَلَى الْحَوْضَ.
“Aku tinggalke kanggo siro kabeh kalih perkara kang siro ora bakal tersesat, yaiku berpegang teguh marang kekalih perkara iku. yaiku Kitabullah lan sunnahku. Sehingga ora bakal bercerai berai sehingga kalih perkara iki ngantarake siro ing telaga (Surga).” (Dishahikan oleh al-albani dalam kitab Shahihul jami’)
Wallahu A’lamu bis shawab

0 Response to "khutbah jum'at basa jawi krama inggil"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..