khutbah jum'at bahasa jawa Wekdal ingkang manfaat
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ فَسَوَى، وَالَّذِيْ قَدَّرَ فَهَدَى، وَالَّذِيْ أَخْرَجَ المَرْعَى، فَجَعَلَهُ غُثَاءً أَحْوَى، رَبِّ كُلِّ شَيْءٍ وَمَلِيْكِهِ وَمُدَبِّرِهِ وَمُصَرِّفِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَلَا نِدَّ وَلَا شَبِيْهَ وَلَا نَظِيْرَ وَلَا مَثِيْلَ، وَهُوَ السَّمِيْعُ البَصِيْرُ.
وَأَشْهَدُ أَنَّ محمداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ بَيْنَ
يَدَيَّ السَّاعَةِ بِالْحَقِّ لِيَكُوْنَ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، وَهِدَايَةً
لِلْغَاوِيْنَ، وَحُجَّةً عَلَى المُعَانِدِيْنَ، فَصَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ
وَبَارَكَ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ وَأَصْحَابِهِ المَيَامِيْنِ، وَعَلى
المُقْتَدِيْنَ بِهِ وَبِهِمْ إِلَى يَوْمِ الجَزَاءِ وَالمَصِيْرِ.
أَمَّا بَعْدُ،:
أَمَّا بَعْدُ،:
Mangga kita tansah nindakkaken takwa marang Allah kanti
sakbener-beneripun takwa, jalaran kanti takwa marang Allah kita niti
satunggaling margi ingkang kebak pitedah, ananing ingkang niti margi ingkang
sanes mila panjenenganipun sampun sasar…..
Kaum muslimin rakhimaniy wa rakhimakumullah
Wekdal ingkang
manfaat dados kesempatan kagem
nyiapkaken bekal niti lampahipun pagesangan ngantos tumekanipun ing kampung
akhirat,… ananging kosok wangsulanipun wekdal menika waget dados sambekalanipun
tumuju kampung akhirat banjur angsalipun kasengsarann ingkang dawa,…
Jalaran … wekdal menika tansah mlampah mboten
waget kaulang sedetik kemawon,… wekdal ingkang manfaat dipun isi saben
detikipun kanti amalan2 ingkang manfaat kagem pagesangan ing dunya tuwin
sangunipun nalika niti margi kampung akhirat…
babagan kautaman wekdal ing siang
munapa dalu, dening gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika :
(وَاللَّيْلِ إِذَا يَغْشَى (1)
وَالنَّهَارِ إِذَا تَجَلَّى)
“Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge. Lan awan nalikane lahir gumelar.” (QS.Al-lail: 1-2).
Kanti lampahipun siang kalawan
dalu wonten pepeling tuwin pelajaran tumrap tiyang-tiyang ingkang takwa, Allah Ta’ala ngendika
:
(وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ اللَّيْلَ
وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِمَنْ أَرَادَ أَنْ يَذَّكَّرَ أَوْ أَرَادَ شُكُورًا)
“lan Pangeran kang andadekake wengi lan rina silih ganti tumrap
wong kang kepengin ngunduh pelajaran munapa wong kang kepengin syukur.” (QS.
Al-Furqan: 62).
Nabi kita… Muhammad sallallahu ‘alaihi wa sallam sedaya
wekdal pagesanganipun kaaturakaken dumateng Allah, gusti Allah ngendika:
(قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي
وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ)
Sira kandakno he Muhammad: “Saktemene sholat, ibadah,urip
lan matiku katur Allah, Pangeran ingkang
ngreksa jagad”. (QS. Al-An’am: 162).
Allah uga paring pujian tumrap para sahabat kanti
pangandikanipun :
(تَرَاهُمْ رُكَّعًا سُجَّدًا
يَبْتَغُونَ فَضْلًا مِنَ اللَّهِ وَرِضْوَانًا سِيمَاهُمْ فِي وُجُوهِهِمْ مِنْ
أَثَرِ السُّجُودِ)
“kaya sira deleng padha ruku' an sujud, amngkono maneh.
padha ngarep-arep kanugrahan lan paringe kersane Allah. Dene labet anggone
padha sujud mau bakal katon tengere. (QS. Al-Fath: 29).
Ing antawasipun
wasiat saking Abu bakar dumateng Umar -mugi
Allah paring ridho tumrap kekalihipun : saktemene gusti Allah anggadahi amalan
siang kang ora katampa nalika dalu, tuwin amalan dalu kang ora katampa nalika
siang. Ibnu Mas’ud radhiallahu ‘anhu mucal
: kawula ora luwih getun marang
satunggaling munapa angluwihi getun kula nalika sirepipun srengenge, jalaran
langkung celak patiku nananging ora tambah amalanku.
Ing
wekdal rumiyin para salaf radhiallahu ‘anhum amanfaatkaken detik-detik umuripun,
kanti amalan2 tuwin pedamelan2 ingkang
tansah ridha saking pangeran, satungaling imam ageng saking umat niki Hasan
al-Basri rahimahullah mucal: “kawula tetepangan kaliyan kaum kang panjenenganipun langkung perhatian ngreksa
wekdalipun tinimbang munapa ingkang kita tindakkaken perhatian kalian dirham kalawan
dinar”. Padahal kanjeng rasul ngendika :
لاَ تَزُولُ قَدَمَا عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلَ عَنْ أربع : عن عُمْرِهِ فِيمَا أَفْنَاهُ وَعَنْ عِلْمِهِ فِيمَا فَعَلَ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ اكْتَسَبَهُ وَفِيمَا أَنْفَقَهُ وَعَنْ جِسْمِهِ فِيمَا أَبْلاَهُ.
lan ora
pindah sukune satunggaling tiyang ing dina kiamat ngantos deweke katakoni 4
perkara: (1)babagan umure kagem munapa dipun kagunakake, (2)babagan ilmune
kagem munapa kang katindakne , (3)babagan bandane saking pundi kasil lan kagem
munapa katelaskake, lan (4) babagan awake, kagem munapa kagunakake.. (HR.Tirmidzi).
عَنْ عَبْدِ اللَّهِ بْنِ بُسْرٍ رضي الله عنه أَنَّ أَعْرَابِيًّا قَالَ يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ خَيْرُ النَّاسِ قَالَ «مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ» رواه الترمذى
saking Abdullah bin Busr radhiyallahu ‘anhu, bilih wonten
satungaling tiyang Arab Badui mucal marang Rasulullah shallallahu ‘alaihi
wasallam: “duh Rasulullah, sinten manungsa paling sae?” sliranipun paring jawab:
“wong kang paling dawa umure lan bagus amale” (HR. At Tirmidzi, Shahihut
Targhib wat Tarhib no. 3363)
wekdal menika tansah mlampah sahingga lampahipun
pagesangan.. telasipun umur… ambeta kita ing regol akhirat… watesipun wekdal
kagem nyiapkaken bekal wonten ing papan sanes.. sahingga.. tiyang ingkang angsal kabegjan nalika amanfaatkaken wekdalipun
kanti amalan munapa tumindak ingkang Amanfaat,.. amanging tiyang ingkang
bangkrut… tiyang ingkang mlarat ing wekdal kala wau… nalika ing dunya panjeneangane
kepencut kaliyan gumebyaripun dunya,.. mlengos kaliyan perintahipun gusti
Allah.. sahinggga mboten kasil munapa kemawon ing negari ingkang langgeng….
Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallambersabda:
عَنْ ابْنِ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمَا قَالَ قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنْ النَّاسِ الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ (خ 593
"saking ibnu Abbas, panjenengane
mucal: kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika: “loro kanikmatan, kang
akehe saka manungsa supe kalawan loro kanikmatan mau: kesehatan kalawan wektu
luang."(HR. Bukhari, no: 5933)
tiyang ingkang iman anyibukkaken wekdalipun
kanti amalan tuwin pedamelan ingkang diridhani dening gusti Allah, kanti runtun,
Allah Ta’ala ngendika:
(فَإِذَا فَرَغْتَ فَانْصَبْ)
“Maka apabila kamu telah selesai (dari sesuatu urusan),
kerjakanlah dengan sungguh-sungguh (urusan) yang lain.” (QS.As-Syarh : 7).
Ibnu katsir anerangkaken : menawa urusan dunya tuwin karepotan
ing dunya tuntan, mila kita kedah anggiatkaken tumuju ibadah marang gusti Allah
semangat, saha niat ingkang lempeng kalis kaliyan babagan padunyan... ikhlas
niat kanti kekajengan namung marang Pangeranipun.
Banjur ugi angajak sanak
kadangipun anderek para Rasul tuwin tiyang-tiyang
saleh : Allah Ta’ala paring
dawuh :
(قُلْ هَذِهِ سَبِيلِي أَدْعُو إِلَى
اللَّهِ عَلَى بَصِيرَةٍ أَنَا وَمَنِ اتَّبَعَنِي وَسُبْحَانَ اللَّهِ وَمَا
أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِينَ)
Kandakna(sira muhammad)“iki dalan(agama)ku, aku lan wong-wong
kang niti dalan marang gusti Allah kanti dalil kang nyata, Maha Suci Allah, lan
aku ora kalebu wong-wong kang musyrik.(QS.Yusuf : 108).
Jalaran derajat iman ingkang paling afdhal/paling inggil nalika
kita tansah waspada amarga gusti Allah tansah mersani kita, kita pendet wasiat
saking kanjeng Nabi sallallahu ‘alaihi wa sallam :
اتق الله حيثما كنت ، وأتبع السيئة الحسنة تمحها، وخالق الناس بخلق حسن
Sira tumindakna taqwa marang Allah ing papan ngendia wae, lan sakwise
tumindak ala sira banjur tumindakke amalan kebagusan kang ngilangi tumindak ala
mau. Sarta tansah srawung kanti akhlak kang sae‘” (HR. Ahmad 21354, Tirmidzi
1987, ia berkata: ‘hadits hasan shahih’)
mugi gusti Pangeran Allah Subkhana Wa Ta’ala paring berkah tumrap kita sami ing sedaya
wekdal ngantos titi wanci ingkan sampun katetepkaken kita mantuk…
نَفَعْنِيَ
اللهَ وَإِيَّاكُمْ بِمَا سَمِعْتُمْ، وَصَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَى عَبْدِهِ
وَرَسُوْلِهِ محمد الأَمِيْنِ المَأْمُوْنِ.
Khutbah Kedua :
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ العَظِيْمِ الجَلِيْلِ، اَلْغَفُوْرِ الرَّحِيْمِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ
عَلَى خَاتَمِ رُسُلِهِ وَأَفْضَلِهِمْ، وَآلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَتَمَمِ
بِالتَّابِعِيْنَ لَهُ بِإِحْسَانٍ.
وَبَعْدُ، أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ:
وَبَعْدُ، أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ:
Sedaya wastuti katur dumateng Allah, tuwin raos syukur katur
dumateng Allah tuwin kawula anyekseni bilih mboten wonten sesembahan ingkang
berhak disembah lintunipun gusti Allah Subkhana Wa Ta’ala, mboten wonten
tetandingan munpa kemawon, tuwin kawula anyekseni bilih Muhammad dados kawula
tuwin Rasul, mugi shalawat saha salam tansah katur tumrap sliranipun,tumrap
keluarganipun saha para sahabatipun.
Kaum muslimin rakhimaniy wa rakhimakumullah
Kita gesang ing dunya niki caket sanget, nalika kanikmatannya
sampun mlampah, banjur kaganti kanikmatan sanes, pramila kita kapurih mboten repot babagan padunyan… kejaba kados munapa… repotipun tiang rantau
ingkang anyiapkaken bekal mantuk ing keluarganipun,.. jalaran tiyang ingkang iman,
wonten ing kalih bab babagan raos kuatir : kuatir babagan dosa ingkang sampun
kalampahan kados munapa piwalesipun gusti Allah, tuwin tuwin tumekanipun pati
ingkang panjenenganipun mboten sumerep ing papan pundi panjenenganipun mantuk,…
gusti Allah paring perintahkantumrap kita tansah shalawat
kalawann salam katur kanjeng nabi…
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ.
وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ، اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ، اللَّهُمَّ احْفَظْ وُلاَةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَوَفِّقْهُمْ لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ مِنَ الْأَقْوَالِ وَالْأَفْعَالِ، يَا حَيُّ، يَا قَيُّوْمُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَسُبْحَانَكَ
اللَّهُمَّ وَبِحَمْدِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ، أَسْتَغْفِرُكَ
وَأَتُوْبُ إِلَيْكَ.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ
Penerjemah: Ust. Iqbal Gunawan, Lc
0 Response to "khutbah jum'at bahasa jawa Wekdal ingkang manfaat"
Post a Comment