ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah bahasa jawa ujian Iman Kita


Ujian iman





1
 
 
Ujian Iman Kita
                                            Oleh: Ade Hermansyah Bin Bunyamin
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. أَمَّابَعْدُ؛
فَإِنْ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Hadirin jamaah Jum’at kang berbahagia!
  Wonten ing kesempatan Jum’at meniko, monggo kito renungaken salah satunggileng firman Allah ing surat Al-‘Ankabut ayat 2 lan 3:
Apa manungso  iku ngira deweke dijarke(wae)mucal: “Aku beriman”, nanging deweke ora  diuji maneh? Lan saktemene Aku wus nguji wong-wong kang sakdurunge, mongko saktemene Allah mangertosi wong-wong kang bener lan saktemene Deweke(Allah) mangertosi wong-wong kang dusta.
   Ayat niki jelasaken kangge kito bilih niki salah satunggileng konsekuensi/amanah pernyataan iman kito, kito kedah siap menghadapi ujian kang diwenehake Allah Subhannahu wa Ta'ala marang kito, kangge mbuktiaken kebeneran lan keseriusan kito ing pernyataan iman meniko, nopo bener iman kito niku betul-betul bersumber saking keyakinan lan kemantapan ati, utawi namung melu-melu sarto mboten mangerteni arah lan tujuan, utawi pernyataan iman kito didorong saking kepentingan sepele, pengin angsal kemenangan lan ora gelem ngatasi bebendu kados kang digambaraken Allah Subhannahu wa Ta'ala ing surat Al-Ankabut ayat 10:
   Lan ing antarane manungsa ano wong kang mucal: “kawula pitados dumateng Allah”, mongko menawi deweke dilarani(jalaran deweke iman) marang Allah, deweke nganggep fitnah manungso iku dadi azab Allah. Lan temen menawi pitulungan saka ngarsane Pangeran iro, yekti deweke bakal mucal: “saktemene kita sesarengan njenengan.” Mboten sanes bilih  Allah luwih mangerteni  apa kang ano ing  dada manungso”?


Hadirin jamaah Jum’at kang berbahagia!
   Menawi kito sampun nyatakaken iman, saklajengipun monggo kito ngajeng-ajeng manisipun buah iman kang kito duweni, inggih meniko Surga kang dijanjikaken Allah Subhannahu wa Ta'ala :
   saktemene wong-wong kang iman lan beramal shalih, mangka kanggo deweke yoiku Surga Firdaus kang dadi panggonan tetep tumrap deweke. (Al-Kahfi 107).
   Monggo  kito bersiap-siap ngadepi ujian awrat kang diparingi Allah marang kito, tuwin sabar nalikane ujian iku tumeko ing atase kito. Allah wenehi sindiran dumateng kito, kang pengin masuk Suwarga mboten nglewati ujian kang awrat.
   Apo siro kira bakal masuk Surga, nanging durung teko marang iro(coban)koyo coban kang di turunake marang wong-wong sakdurunge iro? Deweke diwenehi malapetaka lan kesengsaraan, sarto digoncang(mawarni-warni cobaan) sehinggo ngendiko Rasul lan wong-wong kang beriman:“kapan tekane pitulungan Allah?”podo imuto, saktemene pitulungan Allah iku celak sanget”.(Al-Baqarah 214).
   Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam mratelakaken awratipun perjuangan tiang-tiang rumiyin nalikane mempertahanaken imanipun, kados kang diwucal lumantar shahabat Khabbab Ibnul Arats Radhiallaahu anhu.
لَقَدْ كَانَ مَنْ قَبْلَكُمْ لَيُمْشَطُ بِمِشَاطِ الْحَدِيْدِ مَا دُوْنَ عِظَامِهِ مِنْ لَحْمٍ أَوْ عَصَبٍ مَا يَصْرِفُهُ ذَلِكَ عَنْ دِيْنِهِ وَيُوْضَعُ الْمِنْشَارُ عَلَى مِفْرَقِ رَأْسِهِ فَيَشُقُّ بِاثْنَيْنِ مَا يَصْرِفُهُ ذَلِكَ عَنْ دِيْنِهِ. (رواه البخاري).
... Temen wus kejaden marang wong-wong sakdurunge iro, ano kang disisir nganggo sisir besi(sehinggo) ngelupas daging saking tulang-tulang, ananging iku ora malingake saking agamane, lan ano kang digergaji nganti terbelah, nanging iku ora malingake saking agamane... (HR. Al-Bukhari, Shahih Al-Bukhari dengan Fathul Bari, cet. Dar Ar-Royyan, Juz 7 hal. 202).
   monggo kita renungaken, apa kang sampun kita lakukaken kangge mbuktikakan keimanan kita? cobaan mnapo kang sampun kito alami nalikane mempertahanaken iman kito? Apo kang sampun kito korbanaken kangge memperjuangaken aqidah lan iman kito? Menawi kito nggatekaken perjuangan Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam lan tiang-tiang rumiyin ing mempertahanaken imanipun, lan pengorbananipun ing memperjuangkan iman, deweke rela ngorbanaken harta bendanipun, tenaganipun, pikiranipun, bahkan nyawanipun dikorbanaken. Kito raosaken bilih iman kito niki dereng apa-apanipun dibanding imanipun poro salafus-sholeh.
Hadirin sidang Jum’at kang dimuliaken Allah!
   ujian saking Allah mawarni-warni, sakmbotenipun enten empat macam ujian kang sampun dialami para sesepuh(safus-sholeh) kito:
   Engkang pertama: Ujian kang berbentuk perintah kang musti dilaksanakaken, kados perintah Allah dumateng Nabi Ibrahim Alaihissalam supadose nyembelih putranipun kang disayangi. Niki  dados satunggileng perintah kang betul-betul awrat lan mungkin mboten masuk akal, menawi bapak kedah nyembelih anakipun kang dipun sayangi, padahal anakipun mboten nglakukaken kesalahan menopopun. Temen niki ujian kang awrat sanget sehinggo Allah ngendiko:
   Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. (Ash-Shaffat 106).
   Lan saking mriki kito saget ningali kepripun kualitas iman Nabi Ibrahim Alaihissalam kang bener-bener tahan uji, sehinggo kanthi ketabahan lan kesabaranipun perintah kang awrat sanget saget dilampai.

   Apa kang dilakukaken Nabi Ibrahim lan puteranipun dados pelajaran kang berharga sanget kangge kito, lan perlu kito tauladani, jalaran kadosto kan kito raosaken ing saben dintenipun kito, katah sanget perintah Allah kang dianggep awrat kangge kito, lan kanthi saktumpuk alesan kito berusaha mboten ngelaksanakaken. Andadosaken contoh, Allah sampun paring perintah dumateng poro wanita Muslimah supados ngginakaken jilbab(pakaian kang nutupi aurat) sacoro tegas kangge ambedakaken antaranipun wanita Muslimah kelawan wanita musyrikah kados firmanipun Allah:
   Hai Nabi dawuha marang para garwairo, lan anakira wadon lan para bojone wong Mu’min” “supaya pada nguluraken jilbab  nganti nutupi tubuhipun”. Kang mangkono iku supaya deweke luwih gampang  kinaweruhan, jalaran iku deweke ora diganggu. Lan Allah niku  Maha Pengampun lagi Maha Penyayang.” (Al-Ahzab, 59).
   Ananging  kito mresani sakniki taksih katah wanita Muslimah ing Indonesia khususipun mboten purun ngginakaken jilbab kanthi alasan kang katah, enten kang nganggep kampungan, ga modis, utawi nganggepipun bilih jilbab niku bagian saking budaya bangsa Arab. Niki pertanda bilih imanipun dereng lulus ujian. Padahal Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sampun wenehi ancaman kanggo para wanita kang ora gelem ngginakaken jilbab:
صِنْفَانِ مِنْ أَهْلِ النَّارِ لَمْ أَرَهُمَا؛ قَوْمٌ مَعَهُمْ سِيَاطٌ كَأَذْنَابِ الْبَقَرِ يَضْرِبُوْنَ بِهَا النَّاسَ، وَنِسَاءٌ كَاسِيَاتٌ عَارِيَاتٌ مُمِيْلاَتٌ مَائِلاَتٌ رُؤُوْسُهُنَّ كَأَسْنِمَةِ الْبُخْتِ الْمَائِلَةِ لاَ يَدْخُلْنَ الْجَنَّةَ وَلاَ يَجِدْنَ رِيْحَهَا. (رواه مسلم).
   “Kaleh golongan saking  ahli Neraka kang dereng pernah aku weruhi sakdurunge, saktunggal  kaum kang nggawa cambuk kados buntut sapi, kang kanthi cambuk iku deweke mukul manungso, lan wanita kang ngginakaken rasukan ananging  telanjang berlenggak-lenggok menarik perhatian, sirah-sirahipun kados punuk unta, deweke ora bakal masuk Surga lan bakal ngambu wangine”. (HR. Muslim, Shahih Muslim dengan Syarh An-Nawawi cet. Dar Ar-Rayyan, juz 14 hal. 109-110).
   Kang kaping kalih: Ujian kang berbentuk larangan ninggalaken kados kang dialami Nabi Yusuf Alaihissalam kang diuji kanthi seorang perempuan cantik, istri seorang pembesar di Mesir kang ngajak zino, lan kesempatan iku sampun sangat terbuka, nalikane kekalihipun sampun berdua ing griyo lan si perempuan niku sampun mengunci akabehe lawang griyo. Ananging Nabi Yusuf Alaihissalam mbuktikaken kualitas imannipun, deweke saget lolos saking godaan perempuan niku, padahal pemuda umumipun gadah hasrat marang wanita. Niki artosipun deweke sampun lulus saking ujian imanipun.
   Sikap Nabi Yusuf Alaihissalam niki perlu kito ikuti, khususipun tumrap para pemuda Muslim ing wektu niki, nalikane dalan-dalan maksiat gampang, pelacuran sampun semebrak, minuman keras lan obat-obat terlarang sumambrah masyarakat, ngantos-ngantos anak-anak kang taksih sekolah dasar sampun wonten kang kecanduan. Zina sampun dados barang biasa kangge para pemuda, sehingga mboten gumun bilih saking hasil penelitian, bilih ing kota-kota ageng kadosipun Jakarta tuwin Surabaya enem saking sepuluh remaja putri sampun mboten perawan malih. Akibatipun saben tiap tahun sekitar kalih yuta bayi diaborsi, utawi dipejahi nalikane bayi lahir
. Kondisi niki diperparah kanthi katahipun media cetak kang berlomba-lomba mameraken aurat wanita, uga media elektronik kanthi acara-acara kang dirancang kangge mbangkitaken gairah seksual remaja. Ing wektu niki sikap Nabi Yusuf Alaihissalam kedah ditanemaken ing njeruning dodo poro pemuda Muslim. Poro pemuda Muslim kedah selalu siap siaga ngehadapi godaan-godaan kang bakal njerumusake awake ing jurang maksiat. Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sampun njanjikaken marang sapo wae kang nolak ajakan tumindak maksiat, deweke bakal diwenehi lindungan nalikane hari Kiamat sakmangke, kados sabdanipun Rasulullah :
سَبْعَةٌ يُظِلُّهُمُ اللهُ فِيْ ظِلِّهِ يَوْمَ لاَ ظِلَّ إِلاَّ ظِلُّهُ ... وَرَجُلٌ طَلَبَتْهُ امْرَأَةٌ ذَاتُ مَنْصِبٍ وَجَمَالٍ فَقَالَ إِنِّيْ أَخَافُ اللهَ ... (متفق عليه).
   “pitu(tiang kang bakal dilindungi Allah nalikane dino kang ora ono perlindungan kejobo lindunganipun Allah, .. lan tiang jaler kang diajak  perempuan terhormat lan  cantik, ananging deweke kondo” aku takut kepada Allah…” (HR. Al-Bukhari Muslim, Shahih Al-Bukhari dengan Fathul Bari cet. Daar Ar-Rayyan, juz 3 hal. 344 dan Shahih Muslim dengan Syarh An-Nawawi cet. Dar Ar-Rayaan, juz 7 hal. 120-121).
   kang ketiga: Ujian kang berbentuk musibah kados penyakit, ditinggalaken tiang kang disayangi lansaksanesipun. Satunggilen conto, Nabi Ayyub Alaihissalam kang diuji dening Allah kanthi penyakit kang awon sanget sehinggo ora ono sebahagian badanipun  kang slamet saking penyakit niku kejobo atinipun, kabeh bandanipun sirno mboten nilasaken barang menopo kemawon. kangge biaya pengobatan penyakitipun lan kangge nafkah awakipun, akabehe kerabatipun ninggalaken awakipun, naming awakipun lan isterinipun kang setia lan madosaken nafkah kangge awakipun. Musibah niki kalampaan wolongwelas tahun, nalikane ngacik ing wektu kang kritis sanget, banjur deweke ndonga marang  gusti Allah:
   “Lan elingo nalikane hambaKu Ayuub ndonga marang Tuhanipun;” saktemene aku diganggu syaitan kanthi kepayahan lan siksaan”. (Tafsir Ibnu Katsir, Juz 4 hal. 51).
Lan nalikane Allah merintahaken dumateng Nabi Ayyub Alaihissalam supados nggedrokake  sukunipun ing siti, banjur saking siti wau metu sumber, banjur Allah merintahaken supaya Nabi Ayyub ngombe toya niku, saklanjutipun sirno akabehe penyakit kang ano ing sisih njero utawi luar tubuhipun. (Tafsir Ibnu Katsir, Juz 4 hal. 52). Makaten ujian Allah tumrap Nabi nipun, wektu 18 tahun ditinggalaken dening sanak saudara nipun dados dalan urip kang awrat sanget, anangin ing mriki Nabi Ayub Alaihissalam mbuktikaken ketangguhan imannipun, mboten sekedik deweke ngraosaken derita lan wonten niat ninggalaken imannipun. Iman seperti niki jelas mboten diwenehi katahipun sederek  kita. Malah wonten sederek kita kang tega njual iman lan nukar aqidahipun kanthi sekantong beras lan sebungkus sarimi, jalaran ora tahan ngehadapi kesulitan urip kang mboten sepinten bilih dibandingake menapo kang dialami Nabi Ayyub Alaihissalam.
Sidang  jamaah rahimakumullah
   kang kepapat: Ujian lewat tangan wong-wong kafir lan wong-wong kang ora nyenengi Islam. Apa kang dialami Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa salam tuwin para sahabatipun terutami nalika taksih ing Mekkah, cekap dados pelajaran kangge kita, keimananipun diuji kanti mawarni-warni cobaan kang nuntut pengorbanan harta benda ngantos nyawa. antaranipun menapa kang dialami Rasulullah ing akhir tahun ketujuh kenabian, nalika wong-wong Quraisy sepakat mutuske hubungan menawa kemawon dengan Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sarto Bani Abdul Muththolib tuwin Bani Hasyim kang melindungi, kejobo yen kedua suku niku nyerahaken Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam supados dipejahi. Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sesarengan wong-wong kang mbela piyambakipun dikurung tigang tahun, deweke ngalami kelaparan lan penderitaan kang hebat. (DR. Akram Dhiya Al-‘Umari, As-Sirah An-Nabawiyyah Ash-Shahihah, Juz 1 hal. 182).
   menapa kang dialami para shahabat mboten kalah beratipun, kados menapa kang dialami Yasir lan garwanipun kang asmo Sumayyah, tiang sepuh kekalihipun dados tiang kang pertama kang emninggal ing dalan dakwah periode Mekkah. Uga Bilal Ibnu Rabah Radhiallaahu anhu kang dipaksa ngunakaken baju besi banjur dijemur ing padang pasir kang panas, banjur diarak  anak-anak alit ngelilingi kota Mekkah lan Bilal Radhiallaahu anhu namu saget ngucap “Ahad, Ahad” (DR. Akram Dhiya Al-Umari, As-Siroh An-Nabawiyyah Ash-Shahihah, Juz 1 hal. 154-155).
   Lan kathah sanget kisah-kisah sanese kang nunjukaken pengorbanan lan panderitaan ing dalan berjuang mempertahanaken iman. nanging penderitaan meniko mboten sekedik ngendoraken semangat Rasulullah lan para shahabatipun berdakwah lan menyebaraken Islam.
   Musibah kang dialami sederek-sederek kito umat Islam ing ngendi papan wae jalaran kedengkian wong-wong kafir, dados ujian saking Allah marang umat Islam, sekaligus pelajaran berharga kangge umat Islam ing daerah-daerah sanesipun. Umat Islam ing Indonesia khususipun diuji kepripun  ketahanan imanipun ngehadapi serangan tiang-tiang kang sengit Islam. Ing negeri kang mayoritas pendudukipun non Muslim enten pembantaian kaum Muslimin, ribuan nyawa sampun melayang, sanes jalaran memberontak pemerintah utawi nyerang agama sanes, nanging namung jalaran ngucap: ( Laa ilaaha illallaahu ) لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ, mboten benten kaliyan apo kang dikisahaken Allah ing surat Al-Buruj ayat 4 - 8:
   “Hancur lan dilaknat wong-wong kang gawe jugangan, kang ano genine ngalab-alab(dinyalakan dengan) kayu bakar, nalika wong-wong mau ngubengi geni ing sak pinggiring jugangan. Lan wong-wong mau dadi saksi ing tindake dewe tumrap wong-wong mu'min(kang dilebokake ing jugangan. lan  deweke ora podo nyiksa wong-wong mu'min, kajobo mung  jalaran wong-wong Mu'min iku iman marang  Allah Kang Maha Perkasa lagi Maha Terpuji”.
   Peristiwa niki mungkin bakal diulang malih, selami dunyo muniko taksih jejek, selami pertarungan haq kelawan bathil dereng berakhir, ngantos  tekanipun wektu kang sampun ditentukaken  Allah.
   Kito ngaturaken donga mugi-mugi sederek-dsederek kito kang gugur ing dalan njagi aqidah tuwin imanipun, dicatet kadosipun para syuhada ing ngarsanipun Allah. Amin. Mugi-mugi umat Islam kang wonten ing sanes daerah, saget mendet pelajaran saking mawarni-warni peristiwa, sahinggo kito mboten supe nalikane merangi pemikiran-pemikiran tiang-tiang kafir lan tansah berpegang teguh kaliyan ajaran Allah sarto tansah siap sedia nalikane teko wektu berkorban njagi dan nginggilaken ajaran islam, jalaran meniko salah satunggileng dalan tekanipun  pertolongan Allah marang kito sami, firmanipun Allah.
   “Hai wong-wong kang iman, umpama siro nulung(agama) Allah, niscaya Allah bakal nulung sira kabeh banjur  neguhaken kedudukanmu”. (Muhammad: 7).
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ. وَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.




Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأََشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيَا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ؛
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ.
Hadirin jamaah Jum’at yang dimuliakan Allah!
   Dados tiang-tiang kang sampun nyatakaken iman, kedah nyiapaken diri nampi sedoyo ujian saking Allah, sarto kito ledah yaqin bilih ujian saking Allah niku dados tandanipun sayangipun Allah marang, kados sabdanipun Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam :
إِنَّ عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلاَءِ وَإِنَّ اللهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا اِبْتَلاَهُمْ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السُّخْطُ. (رواه الترمذي، وقال هذا حديث حسن غريب من هذا الوجه).
   “saktemene gedene pahala sepadan karo gedene coban(ujian), lan saktemene Allah nyayangi satunggil  kaum kanthi ujian,sapo wonge kang ridha mongko deweke angsal keridhaan Allah, lan sapo wonge nesu mongko kanggo deweke murkanipun Allah”. (HR. At-Tirmidzi, dan ia berkata hadits ini hasan gharib dari sanad ini, Sunan At-Timidzy cet. Dar Al-Kutub Al-Ilmiyyah, juz 4 hal. 519).
     Mugi-mugi kito sedoyo diwenehi ketabahan tuwin kesabaran saking Allah ing dalan  ujian kang kito jalani sakmangke.  Amin.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَصْلِحْ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِلْعَمَلِ بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ.
اَللَّهُمَ لاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا بِذُنُوْبِنَا مَنْ لاَ يَخَافُكَ فِيْنَا وَلاَ يَرْحَمُنَا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

Sumber:
Posted By http://ichsanmufti.wordpress.com

khutbah bahasa jawa yang lain =
khutbah bahasa jawa taat kepada_pemimpin
khutbah bahasa jawa





KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =


0 Response to "khutbah bahasa jawa ujian Iman Kita"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..