khutbah jumat basa jawi Konsep Ngluru Ilmu ing Islam




  Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ 
اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛
 Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
  Saben dinten Jum’at Khatib tansah wasiatkaken supados ningkatkaken takwa marang Gusti Allah... kanti nindakaken sedaya perintahipun,.. saha nebihi sedaya awisanipun.... Mugi-mugi kanti estunipun takwa kita, pagesangan kita bade langkung tentrem tuwin tansah angsal ridhanipun gusti Allah s.w.t.
 
Sidang Jumaat rakhimakumullah,
  Kagem nyempurnakaken  ilmu, saha iman kita,... mangga kita sami tansah ningkatkaken pemahaman babagan islam kanti ilmu.... Jalaran mawi ilmu, mboten saget sampurna iman satunggaling tiyang,... ugi kosokwangsulipun, mawi iman saget nutup ati saking anrima kebenaran Al-Quran,... ingkang kaasto dening kanjeng  Nabi Muhammad s.a.w... sahingga dados sumber ilmu ingkang Sampurna.... ilmu dados anugerah ingkang ageng sanget... ingkang diparingi Gusti Allah tumrap manungsa.... Jalaran kanti ilmu, satunggileng tiyang angsal martabat ingkang inggil,... sarta terbebas saking sifat jahil... kados firmanipun Allah s.w.t ing surah al-Mujadalah ayat 11:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا قِيلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوا فِي الْمَجَالِسِ فَافْسَحُوا يَفْسَحِ اللَّهُ لَكُمْ ۖ وَإِذَا قِيلَ انْشُزُوا فَانْشُزُوا يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Maksudnya: “…Allah bakal ngluhurake para wong mu’min saka sira kabeh,.. apadene wong pada kaparingan ilmu, kalawan pirang-pirang derajat. Lan Allah iku Maha Waspada marang apa kang sira tindakkake.
 
bilih kita ngeningkaken kanti teliti,.. wonten kirang langkung 700 ayat ing Al-Quran ingkang nyebutkaken tentang ilmu... niki nerangkaken pentingipun ilmu pengetahuan ing  pagesangan manungsa.
 
salah satunggaling dawuh Allah s.w.t ing surah al-Hajj ayat  54:

وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِنْ رَبِّكَ فَيُؤْمِنُوا بِهِ فَتُخْبِتَ لَهُ قُلُوبُهُمْ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَهَادِ الَّذِينَ آمَنُوا إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan supados wong-wong kang kaparingan ilmu nyekseni menawa  ayat-ayat keterangan menika bener saka Pangeran ira,... Banjur deweke iman kanti(ayat-ayat) iku, banjur taat marang Pangerane jalaran (aya-ayat) iku.
 
Temen inggil  aji   tiyang ingkang kaparingan ilmu... sahingga Nabi s.a.w Paring pangandikan,
 الْعُلُمَاءُ وَرَثَةُ اْلأَنْبِيَاءِ
Para ulama’ dados pewaris para nabi’. (Hadis riwayat Ibnu Hibban)
 
Sidang Jumaat kang dirahmati Allah,

Ing titi wanci menika... kita gesang ing dunya teknologi ugi arus perkembangan ilmu kang gamblang.... Ing titi wanci menika, kita tetepangan kaliyan ramenipun tiyang ingkang bebalapan madosi  ilmu.,..... Alhamdulillah menika dados kahanan ingkang sehat tuwin dipun perintahaken agami.... Ananging, kedah kita fahami... munapa makna saking ngluru ilmu niku....! inggih menika Supados Anggayuh ridhanipun pangeran ing dalan nuntut ilmu.... tuwin ngasilkaken titikan ingkang sae,... wonten adab ingkang perlu kita dereki.

Sepisan: Ikhlas niat namung jalaran Allah s.w.t. menawi nuntut ilmu,. InsyaAllah kanti manah ingkang ikhlas,... Allah bade anggampilkaken dalan supados anrima saha gampil mahami ilmu.

Kaping kalih: Matengkaken ilmu kanti tansah ngambali ilmu ingkang dipelajari.... Mboten rumaos cukup tuwin mandek saking pengaosan senajyan tamat saking satunggileng pengaosan... Perkembangan ilmu ingkang mboten batesan ugi fitnah akhir zaman menika... meksa kita supados tansah bebalapan kanti ilmu ingkang bener.... Menawi kita ulang-ulang,... bade kita mersani belokan-belokan ingkang kedah dikoreksi munapa diluhurkaken.

Kaping tiga: Pelajari ilmu saking ahlinipun. Kanti cara menika, kita kadidik menurut kaedah ingkang bener... ugi luput saking penyelewengan... Jalaran Ing titi wanci menika,.. kita kepanggihan kaliyan masyarakat Islam ingkang kepeleset ing ideologi tuwin pemikiran ingkang luput... Deweke nafsirkaken agami nurut kepentingan pribadi tuwin mboten kadedasar ilmu kang leres...  Saterusipun, kita kedah mboten rumaos angkuh tuwin sombong kanti munapa ingkang kita gadahi utawi kita ugem.... Langkung sae kita tansah andap asor... Kedah kita imuti bilih  ilmu ugi kapinteran ingkang kita gadahi wujud rahmat saking Allah Ta'Ala.... Menawi kita mboten ngamalkaken ugi nularkaken ilmu kang kita gadahi, yekti kita mboten bade dados insan kang guna....
 
Firman Allah s.w.t ing surah Yusuf ayat ke 76:
وَفَوْقَ كُلِّ ذِي عِلْمٍ عَلِيمٌ
Lan saben kang berilmu iku ano kang luwih berilmu.
 
Sidang Jumaat kang dirahmati Allah,
 
Ilmu dados aset kang ageng tumrap kita sami.... Ing babagan menika, Nabi s.a.w paring pangandikan:
إِذَا مَاتَ ابْنُ آدَمَ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلاَّ مِنْ ثَلاَثٍ، صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ وَعِلْمٍ يَنْتَفِعُ بِهِ وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُوْ لَهُ
”menawa mati anak Adam, pedot ganjaran amale kajaba tigang perkara ; sedekah jariah, ilmu kang manfaat lan doa anak kang soleh. (Hadis riwayat Imam Muslim)

Imam Nawawi paring penjelasan, "Ilmu kang manfaat kang kasebut wonten ing hadis mau dipun maknani, munapa ingkang dilampahi saksampunipun penjelasan,... ingih menika pengajaran tuwin penulisan."

Kita itung, bilih kita nularkaken ilmu ingkang manfaat tumrap sanak-kadang kita,... banjur deweke ugi nyumebarkaken ilmu niku tumrap tiyang sanes.... Menika nerangkaken katahipun manfaat ingkang sampun sumebar.... miderek ilmuan salaf inggih menika para pepunden kita ingkang sampun katah maringi manfaat wonten ing pagesangan kita.... Asma-asma kang luhur kados Imam Abu Hanifah, Imam As-Syafi’i tuwin para ulama nusantara  ingkang inggil ingkang kasebut ngantos sakniki... 

Sidang Jumaat rakhimani wa rakhimakumullah ,
Kita kedah sadar bilih majunipun saha munduripun kahanan masyarakat sarta negari,... tergantung nalar kemajuan ilmu pengetahuan masyarakat.... Masyarakat ingkang anggadahi ilmu temtu kemawon saget anglampahi saben pacoban kanti tabah tuwin wicaksana... Kita kiyambak sampun nyekseni. Kanti  yakin,... mangga sami-sami kita berazam, niat ningkatkaten ilmu kita.... Kita tuwuhkaken nalar anggayuh manfaat generasi sakmangke.... sholeh,,..pinter,.. kasil ing dunya ugi akhirat,... Mugi-mugi kanti usaha lan azam niki, kita kalebet golongan ingkang nyumbang tuwin tansah nyebarkaken kesaenan.   


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.



 KHUTBAH KEDUA

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

  
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا
 رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُوَحِّدِينَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْـمُسْلِمِينَ فِي كُلِّ مَكانٍ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُبِكَ مِنْ قَلْبٍ لاَ يَخْشَعُ وَدُعَاءٍ لاَ يُسْمَعُ وَمِنْ نَفْسٍ لاَ تَشْبَعُ وَمِنْ عِلْمٍ لاَ يَنْفَعُ

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
 رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّار



KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =





 


Post a Comment

0 Comments