ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jum'at basa jawi Merangi Kamlaratan tuwin Kebodohan


kemlaratan kemiskinan kelaparan


إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلىَ اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah
Bentuk kemiskinan wonten kalih yaiku miskin iman dan miskin material. Mekaten ugi kebodohan wonten kalih macem kebodohan  agama tuwin kebodohan   dunya. kalih masalah niki anggadahi hubungan pengaruh ingkang kuat, kemiskinan waget tukul jalaran kebodohan kosok wanmgsulanipun kebodohan ugi waget anyebabkaken  kemiskinan.
Allah ngutus Rasullah shalallahu ’alaihi wasalam kagem musnahkaken kebodohan ing pagesangan ing dunya  khususipun babagan keyakinan. Jalaran  kanti keyakinan ingkang mantep manungsa waget nindakkaken tugasipun ing dunya dados khalifah ing bumi menika. Ketaat dumateng aturan pagesangan ing dunya menika jumbuh kaliyan piwalise ingkang sampun dicawiskake dening pangeran ing akhirat.
tiyang-tiyang Quraisy  nalika zaman kapungkur kasebut jahiliyah, mboten jalaran bodoh babagan ekonomi, ananging deweke bodoh babagan pagesangan  kanti agami. Ingkang sakbanjure zaman2 kebak kanti kebodohan sakmenika bade kalampahan nalika celak kaliyan tumekane pucuke zaman… langkung miriskaken,.. langkung nguatirkaken,… sahingga kados2 pagesangan ing zaman kala wau mboten wonten ilmu malih…. padahal nalika ing saman kala wau ilmu pengetahuan ngancik wonten peradaban ingkang inggil….
mekaten ugi pagesangan ing dunya menika mboten wonten artine malih kados kewan ingkang intinipun urip namung ngluru kanikmatan ingkang sedela banjur mati… kita syukuri nikmatipun iman ing dada kita… kita ngraos qona’ah (cekap) babagan bagian ingkang sampun ditakdirkaken tumrap kita… ananging kahanan ing pucuking zaman sak mangke benten,.. ananipun namung numpuk2 banda saha pangan ingkang intinipun dipun tilar,.. mboten manfaat malih nalika tumekane pati sak mangke… nalika kundur sakmangke,..   jalaran raos syukur ing dadane manungsa nalika wektu iku sampun ical… sahingga kaganti kanti tuwuhe raos kirang,… raos kufur,… raos tamak,…  padahal banda ingkang deweke kumpulkaken mboten waget nulung ing akhirat, tuwin mboten waget mundurkaken wektu tumekane pati,…
Sahingga wektu2ne terus kalampahan kanti ngumpulkaken banda2… kados2 deweke bakal urip saklawase banjur mboten anyana wus wektune pati….
Perlu kita sadari… nalika kita syukur nikmat tentu kemawon gusti pangeran paring tambah,.. sahingga tuwuhipun kemiskinan mboten kahanan mlaratipun tiyang munapa sekedikipun banda,.. ananging ingkang andadekake kemiskinan ing wektu iku nalika manungsa ngraos serba kekurangan,… sahingga samubarang ingkang dipun kumpulkaken mboten damel tentremipun ati,.. mboten damel tambahipun takwa,.. ananging  nalika urip ing zaman kala wau manungsa pada tilombang ngumpulkaken banda lan mirisipun manunsa ing wektu iku mboten syukur malahan kufur…
gusti Allah subkhana Wata’ala dawuh :
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَى آَمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَكِنْ كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ [الأعراف/96]
“menawa penduduk negeri-negeriiku pada iman lan takwa, yekti ingsun  tambahke berkah saka langit lan bumi, ananging deweke pada ngingkari (ayat-ayat ingsun), Kamangka tumekane  siksa  disebabke pratingkahe deweke.” (QS. Al-A’raf: 96)
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا (2) وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا [الطلاق/2، 3]
”lan sapa wae kang takwa… mila Allah maringi dalan kang padang saka masalahe. lan paring  rezki saka arah kang ora kanyana-nyana. lan sapa wonge kang takwa marang Pangerane yekti pangeran bakal nyukupke (keperluan)ne. Saktemene gusti Allah nglaksanakake  urusan kang (dikersakake). Saktemene gustu Allah wus nentukake tumrap sapa wae….” (QS. Ath-Thalaq: 2-3)
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا [الطلاق/4]
” sapa wonge kang  takwa marang Allah, yekti Allah gae gampang ing urusane.” (QS. Ath-Thalaq: 4)
Kebodohan babagan agama waget anyebabkaken kamlaratan,.. mlarat babagan keyakinan…. Mlarat babagan tawakal,.. mlarat babagan ilmu,.. sahingga ana ing atine raos was-was munapa dene kuatir ingkang akhire tumekane setan ingkang nyeret deweke ing pratingkah2 ingkang mboten leres
Ing antawasipun sebab kemlaratan kang sanes injih menika sifat malas tuwin cupetipun piker sahingga ngurangi  tawakalipun. Kagem nyirnakaken kebodohan ing Islam, satunggalin ayat ingkang populer  kagem nuntut ilmu saha belajar kados ingkang dipun dawuhkaken dening gusti Allah:
اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ (1) خَلَقَ الْإِنْسَانَ مِنْ عَلَقٍ (2) اقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ (3) الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ (4) عَلَّمَ الْإِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ (5) [العلق/1-5]
”wacane kanti (nyebut)asmane gusti Pangeran ingkang nyipta. Pangeran nyipta manungsa saka setetes getih. wacanen, lan Pangeran ira  kang Maha welas asih, kang ngajarkake (manungsa) lumantaran kalam. Pangeran ngajarkake tumrap manungsa apa kang ora dingerteni.” (QS. Al-’Alaq: 1-5)
Allah Subkhana wata’ala mulyakake tiyang-tiyang ingkang berilmu, sahingga tuwuh ing atine raos qona’ah/cukup,syukur sahingga deweke ngraos tansah kaparingan kanikmatan ingkang gede. Sahingga tentrem ing pagesangane uga lempeng pangibadahe anderek munapa ingkang dipun wulangkaken kanjeng rasul sholallahu alai wasallam mekaten ugi saha tansah nebihi awisane :
http://kongaji.tripod.com/myfile/Dataayat/3_18.png 
“gusti Allah nerangkake ora ano Pangeran lintune Allah Subkhana Wata’ala (kang berhak disembah), kang negakkake keadilan.Banjur  Para Malaikat lan wong-wong kang kaparingan ilmu (uga nyekseni). Ora ano Pengeran (kang berhak disembah) Lintunipun gusti Allah ingkang Maha Prakasa saha Maha wicaksana.” (QS. Ali Imran: 18)
Sahingga kanti Lembute manah tiyang ingkang kaparingan ilmu…  tansah anderek perintahe gusti Allah,… tuwin ingkar kaliyan tumindake manungsa ingkang mlengos kaliyan aturan saking gusti Allah ingkang dipun wulangkaken dening kanjeng rasul sholallahu Alai wasallam
gusti Allah ngendika :
{ يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ}(المجادلة: 11)
“gusti Allah ngangkat derajat tumprap wong-wong kang iman, lan wong-wong kang kaparingan ilmu (diangkat) mapinten2 derajat”.
katah  hadits-hadits ingkang nerangkaken babagan kautamen ilmu, salah satunggali  hadits ingkang kariwayatkaken lumantaran Abu darda’ RadhiyaAllahu anhu. Panjenengane ngendika; aku mireng kanjeng Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
((من سلك طريقا يبتغي فيه علما سهل الله له طريقا إلى الجنة وإن الملائكة لتضع  أجنحتها رضاء لطالب العلم وإن العالم ليستغفر له من في السماوات ومن في الأرض حتى الحيتان في الماء وإن فضل العالم على العابد كفضل القمر على سائر الكواكب إن العلماء ورثة الأنبياء إن الأنبياء لم يورثوا دينارا ولا درهما إنما ورثوا العلم فمن أخذ به أخذ بحظ وافر)).
“sapa wonge kang niti dalan ngluru ilmu, gusti Allah nggelar dalane  suwarga, saktemene para malaikat ngelarkake  kanti suwiwi2 (kanti) ridhane tumrap kang ngluru ilmu, saktemene penduduk langit kalawan bumi saking iwak ing jroning banyu nyuwun pangapuran tumrap kang kaparingan ilmu, saktemene kautamen saktunggaling tiyang kang kapirang ilmu ing atase tiyang ahli ibadah kaya dene kautamen (cahya) bulan purnama ing atase (cahya) lintang-lintang, saktemene para ulama pewaris para nabi, saktemene para nabi ora wariskake emas lan perak, ananging panjenengane wariskake ilmu, sapa kang mendet berarti deweke wus kaparingan bagian kang gede”. (Hadits hasan lihgairihi, dirwayatkan oleh; At Tirmizi, Abu Daud, Ibnu Majah, dll).
Ilmu dados salah satunggaling amalan kang mboten kaputus pahalane, sakniaso balung-ing kuburane sirna ing lemh ananging pahala ilmun kang diajarke tetep ngalir.
Kados ingkang nyatakaken  dening Rasulullah sallallahu ‘alaihi wa sallam;
((إذا مات ابن آدم انقطع عمله إلا من ثلاثة ؛ إلا من صدقة جارية، أو علم ينتفع به، أو ولد صالح يدعو له)).
“nalika anak adam mati kaputus  sedaya amalane, kejaba tiga; sadaqah jariyah, ilmu kang mamfaat, lan do’a anak kang sholeh”. (H. R Muslim).
 Ilmu dados lawange sedaya kesaenan, sae ing dunya munapa ing akhirat, kados kang kasebut ing hadits:
(( من يرد الله به خيرا يفقهه في الدين))
“sapa wonge kang dikersakake Allah kesaenan, mila Allah (paring) pemahaman agama ingkang leres”. (H.R Bukhari dan Muslim).




KHUTBAH II


اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَنِّهِ وَكَرَمِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا،
 أَمَّا بَعْدُ:

Jama’ah Jum’ah rahimakumullah. Perlu kita sadari, bilih pawulang kang dipun ajarkaken dening kanjeng rasul mboten luntur kemawon, banjur manungsa mboten wonten urusan kalian agamane. malahan kanti wontenipun ajaran kang pratela, waget ditindakke tumrap sapa wae, sae kang  imani munapa dene kang ingkar. Sahingga ajaran kang leres, ajaran kang murni dados syafaat, dados pitulungan tumrap sapa wonge kang iman banjur tansah istiqomah njaga taat tuwin takwanipun.



إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًااَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌوَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌاَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِرَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِوَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد تسليمًا كَثيْرًا وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
Oleh tim KhotbahJumat.com
Artikel www.KhotbahJumat.com


0 Response to "khutbah jum'at basa jawi Merangi Kamlaratan tuwin Kebodohan"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..