إِنّ
الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ
مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ
اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ
صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا
الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا
النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ
مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ
الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا
الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ
أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ
فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
فَأِنّ
أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى
الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ
بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Maasyiral Muslimin
rahimakumullah.
Mboten
wonten satunggaling una-uni kang langkung pantes kita katahkaken ing dinten
kang barokah niki .... lintunipun lafal pangucap syukur dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun paring katah kenikmatan tumrap kita..... sahingga kita kakumpulkaken ing satunggaling majlis menika.... Kita ngunjukkaken
raos syukur kita kanti nglampahi perintahipun lan nebihi larangan-larangan-Nipun.....
Banjur kawula mboten supe paring wasiat tumrap awak kawula pribadi .... saha tumrap
jamaah sedaya...., mangga kita tingkatkaken kualitas iman lan taqwa kita...., jalaran
kanti iman tuwin taqwa kang sakestu-estunipun kita saget niti margi ingkang
lempeng.
Pagesangan satunggaling tiyang ing dunya niki dipun wiwitan saking lahiripun
saking rahim ibunipun…. banjur gesang kanti jangka kang sekedik sanget… ingkang
kewates umur katulis ing laukh makhfuzdh......, banjur deweke nekani kasunyatan kang mboten saget luntur saking
awakipun.., kasunyatan nekani pati kang yekti pati niku bakal tumekani kita....
Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika,
كُلُّ
نَفْسٍ ذَآئِقَةُ الْمَوْتِ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ
الْقِيَامَةِ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ
وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلاَّ مَتَاعُ الْغُرُورِ
“saben-saben nyawa bakal nekani pati banjur ing dinai kiamat bakal
disempurnakake pahala, sapa wonge kang ditebihkake saka neraka lan dilebetkake
ing suwarga, mila yekti deweke wus bejo lan pagesangan ing dunya namung pagesangan
kang gawe supe.” (QS. Ali-Imran: 185)
Ayat ing inggil kagem pepiling tumrap sedaya kang gesang..... Kita
gesang ing dunya menika kagem merdi bekal ngadepi dina akhir kang hukume mboten
wonten satunggaling kesalahan kang luput… Bilih badan kang dititipkaken ing
kita bakal ditilar... sahinggo dados kewajiban tumrap kadang muslim ngurus jasad
ingkang dipun tilar dikundurkaken kanti kahanan suci kados lahiripun… banjur ruh ingkang ngadepi tanggung
jawab kaliyan tindak tanduk ing pagesangan dunya….. catatan babagan pagesangan
ing dunya sampun katutup…
Sakbanjure ruh ingkang waget ngraos,bungah,sedih,sakit, saha
seneng……… niti margi kang tebih sanget pinuju kampung akhirat ,…
Inggih menika satunggaling margi kang tebih tuwin awrat.... Satunggaling
margi ingkang katah karuwetan lan tuntutan.., saben tuntutan lan keruwetan
ambetahkaken catetan suci saking perjuangan saha pengorbanan kang mboten sekedik.... Injih menika perjuangan
tuwin pengorbanan munapa ingkang sampun kalampahan nalika gesang ing bumi….. jalaran
pengadilan ing dina mboten waget digugat malih..... Sahingga sampun dedeg hukuman tumrap manungsa...... kalebu penduduk suwarga munapa dene neraka.
Babagan awratipun ngadepi dina akhir., kanjeng Rasulullah
sholallahu alaihi wa sallam paring pawulang:
لَوْتَعْلَمُوْنَ
مَا أَعْلَمُ لَضَحِكْتُمْ قَلِيْلاً وَلَبَكَيْتُمْ كَثِيْرًا.
“menawa ira ngerti babagan apa kang aku ngerti, yekti sira bakal sekedik
bungah ananging katah sedih.” (Mutafaq ‘Alaih)
Maksudtipun : menawa kita sumerep hakekatipun pati tuwin keadaan alam akhirat sarta
kejadian-kejadian ing sakjroning pati yekti kita bakal tansah inget bilih sakbibare pagesangan ing dunya mnika
wonten pagesangan ingkang abadi.
Allah Subhanahu wa Ta’ala Ngendika :
وَاْلأَخِرَةُ خَيْرٌوَأَبْقَى“lan pagesangan akhirat iku luwih sae lan luwih abadi.”
(QS. Al-A’la: 17).
Ananging asring kita supe babagan lakunipun pagesangan..... sahingga kita kepencut
kaliyan warna-warni pagesangan dunya kang dados ujian lan pesti bakal ditilar
dening kita..... . padahal lakunipun pagesangan menika mboten mandek ing dunya kemawon….
gusti Pangeran sampun mratelakaken babagan lakunipun pagesangan ngantos dina
akhir,… gusti pangeran sampun paring wates babagan umur saha bagiane nalika ing
bumi…. pramila kanti wektu kang kewates
umur menika… kanti kahanan kang kewates menika …. kanti nikmat ingkang sekedik
menika….. kita kedah siapkaken sangu kita tumuju papan kang sakbenere,,..
tumuju kampung kang sak jatosipun..,.. kanti upaya ingkang kita lampahi dados
piwalese,.. kanti ketaatan ingkang suci kita anggayuh….
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rakhimakumullah….
Mangga kita siapkaken sangu
kita ngadepi lakunipun pagesangan ingkang taksih tebih Niki.... Nyiapkaken Pagesangan Dunya ingkang kasil... ngupaya kita
slamet ing karuwetan ing dunya menika ugi slamet nalika nglampahi karuwetan ing
dina akhir,… kanti taat anderek kaliyan munapa ingkan dipun Allah Ta’ala perintahkaken …... mangga kita tansah anjagi taubat kita saking
sedaya dosa-dosa ingkang sampun kalewat….. Sahingga catatan2 ingkang ala nalika
dina ingkang sampun kepengker kagantos kaliyan amalan2 ingkang indah…. sahingga
kita mantuk ing kampung papan istirahat kita kanti sumringah,.. slamet saking
tuntutan2 nalika ngadepi tanggungan2 nalika dina akhir…… ingkang intinipun kita
sukses ngelampahi sedaya ujian tuwin keruwetan ing pagesangan ing dunya menika
kanti kasil kampung ingkang kita impi-impikaken.. kanti kasil papan ingkang kita
gadang2kaken… .
Allah Subhanahu wa Ta’ala’
ngendika,
يَاأَيُّهَا
الَّذِينَ ءَامَنُوا تُوبُوا إِلَى اللهِ تَوْبَةً نَّصُوحًا“He wong-wong kang iman, sira pada mertaubato marang gusti Allah kanti
taubat kang sakbener-benere.” (QS. At-Tahrim: 8)
Nalika pati sampun
sumrambahi kita… mila kita elingkaken kanti kabar ingkang dipun asta dening
Rasulullah ingkang dados makhluk ingkang paling dikasihi dening AllahSubhanahu wa Ta’ala :
لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ إِنَّ لِلْمَوْتِ سَكَرَاتٍ .“ora ano sesembahan kang haq lintunipun Allah, saktemene nalika
kedadean pati ano rasa lara kang banget.” (HR. Bukhari)
Ayat menika mratelakaken nalika nyawa kita kacabut
dening malaikat maut.... Nafas kita sesak, tutuk kita kaku.., anggota badan kita lemes..,
papan taubat sampun katutup..... Nalika wektu iku mboten saget ingkang waget nulung..... Banjur namung amalan2 kita,.. ibadah2 kita ingkang waget nulung…..
ing wektu iku mboten waget malih ingkang
ngundurkaken munapa nyepetkaken tumekanipun pati.... Katetepan Allah SWT sampun
pesti sahingga mboten deweke tumuju papan ingkang angel banget…… tununggu
tumekane dina kiamat kanti pitakon2 babagan umur,.. ilmu,.. saha amanah… munapa anakipun..
… nalika ing pagesangan ing dunya…… saha
deweke ngadepi piwales ingkang dipunlampahi nalika ing bumi.
Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika :
وَجَآءَتْ
سَكْرَةُ الْمَوْتِ بِالْحَقِّ ذَلِكَ مَاكُنتَ مِنْهُ تَحِيدُ“lan tumekane pati iku bener2 kejaden. Iku kang
sira nalika ing bumi kuatirkake .” (QS. Qaaf: 19)
Allah Subhanahu wa Ta’ala uga ngendika :
أَيْنَمَا
تَكُونُوا يُدْرِككُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنتُمْ فِي بُرُوجٍ مُشَيَّدَةٍ“ing ngendi wae sira urip,pati bakal nemoni
sira,sanajan sira ing benteng kang kuat.” (QS. An-Nisaa’: 78)
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rakhimakumullah
Kita cukupkaken babagan “tumekane pati”
menika nasehat,.... nasihat bilih bilih katahipun upaya kita ngadepi pati pesti
kita bakal mantuk kanti kapeksa… Kita cukupkaken
babagan “tumekane pati” menika dados
sedihipun kita ingkang terakhir,… sahingga taatipun kita angsal piwales ingkang sae…..
pisahipun kaliyan sederek kang kita sayangi mboten Anambah beban dosa
kita sakmangke…. Jalaran saben munapa
ingkang kita upayakake ing dunya niki dipun timbang teliti sakmangke,.. waget arupi
beban sae munapa ala,…. Kita cukupkaken
babagan “tumekane pati” dados gerbang tumuju papan ingkang kita impikaken…. Jalaran katah saking tiyang muslim impianipun anamung masalah dunya.... munapa idola2
ingkang panjenengane tresnani,.... tentu kemawon Allah Ta'ala sampun nyiapkaken piwales babagan munapa ingkang panjenengane impikaken…. Sahingga telasipun
kanikmatan ing dunya menika kaganti kanikmatan ing akhirat….. cita2, munapa kekarepan ingkang dereng
kelampahan nalika ing dunya dados piwales ingkang sae nalika ing akhirat….
Mangga kita mawas diri... , kapan wektu tumekanipun pati tumrap kita...? Ing
kahanan munapa tumekani pati ?
Banjur anamung Allah ingkang Maha Wikan jawabanipun,.... Mangga
kita tansah mertaubat marang Allah lan ampun ngantos kita sumayani …….
Allah Subhanahu wa Ta’ala berfirman, ngendika :
إِنَّمَا
التَّوْبَةُ عَلَى اللهِ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السُّوءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ
يَتُوبُونَ مِن قَرِيبٍ فَأُوْلاَئِكَ يَتُوبُ اللهُ عَلَيْهِمْ وَكَانَ اللهُ
عَلِيمًا حَكِيمًا {17} وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ
السَّيِّئَاتِ حَتَّى إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْئَانَ…
{18}
“Saktemene taubat marang Allah jalaran taubat nindakkake tumindak ala
lantaran kejahilane,..... banjur deweke mertaubat kanti temen,.... mila deweke kang katrima
dening Allah mertaubate,.... lan Allah Maha Wikan tuwin Maha Wicaksana...... lan taubat
iku ora katampa saka wong-wong kang nindakake ala nganti tumekani pati banjur
deweke ngucap: Saktemene kawula mertaubat….” (QS. An-Nisaa’: 17-18)
Sidang Jumat yang berbahagia.
Mangga kita mawas diri. Munapa
ingkang andadekaken awak kita kasemsem
kaliyan pagesangan dunya,… munapa ingkang andadekaken awak kita angel
anglampahi taat,…. munapa ingkang andadekaken
ati kita katutup saking tumekanipun hidayah,…. padahal kita mirsani... bilih kita bakal ninggalkake
munapa ingkang kita gadang2 ing bumi menika.... Sanak kadang kita nalika ing bumi
waget tinulungan nalika dina akhir sak mangke.... Sami ngurus awakipun piyambak.. Kita elingkaken bilih samu barang ing dunya kang
kita kumpulkaken mboten kita asta nalika sowan Allah Subhanahu wa Ta’ala.... Namung amal shalih ingkang kita asta sakmangke nalika
kita sowan Allah.
Mangga kita tingkatkaken amalan shaleh kita sahingga dados sangu
kita sakmangke tumuju akhirat ingkang abadi.
فَاسْتَبِقُوا
الْخَيْرَاتِ أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُوا اللهَ اِنَّهُ هُوَ
الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
إِنَّ
الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ
فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ تَسْلِمًا. أما بعد:
Mangga kita ngeningkaken bagian umur kita,... muhasabah awak kita.... Babagan umur, kagem munapa
kita telaskaken..... bener2 takwa dumateng Allah munapa gumun dolanan kemawon? Babagan banda kita, saking pundi kita angsal,
halal munapa haram.. ? banjur kagem munapa kita telaskaken, munapa kagem sedekah munapa
foya-foya....? Mugi gampilipun hidayah... Damel luluh ..... Mugi saget kita muhasabah awak
kita babagan wekdal ingkang tansah mlampah….. sahingga kita ngupaya taat niku konjem ing saben wekdal... Ing saben padamelan kita…..
wekdal ingkang mlampah mboten bakal kaulang malih….
Mugi gampil lancar barokah Ing pedamelan Dunya kuat bikut Kanti halal.... tuwin tansah taat nglampahi
perintah2 ingkang sampun pratela tuwin tansah nebihi awisan-awisanipun
اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
رَبَّنَا
اغْفِرْ لَنَا وَلإِخَوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ
تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُواْ رَبَّنَا إِنَّكّ رَؤُوْفٌ
رَّحِيْمٌ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنْتَ
خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ عِلْمًا نًافِعًا وَرِزْقًا
طَيِّبًا وَعَمَلاً مُتَقَبَّلاً. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى
الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يِوْمِ
الدِّيْنِ وَآَخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ.
Oleh tim KhotbahJumat.com
Artikel www.KhotbahJumat.com
Artikel www.KhotbahJumat.com
KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =

0 Comments