ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





wates Antarane Kita kalawan deweke Shalat



Khutbah Pertama
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
  أما بعد
 Ayyuhal ikhwah fillah…! mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanti takwa kang sakbener-benere. Saktemenenipun manungsa sakniki terjebak ing urusan kesibukan dunya kang materialistik katambah aneka macem problem jiwa tuwin asrunipun syaraf ingkang tuwuh saking nafsunipun.., panjenenganipun sanget ambetahkaken satunggaling bab ingkang bisa angibur perasaanipun. Wiwar saking darita, tuwin ambangkitkaken perasaan tentrem ing manah tuwin perasaan dhedhepipun jiwa, tebih saking kasengsaran, giris, tuwin kuwur. Mboten mungkin manungsa bisa manggihi bab-bab mau ing lintunipun Islam tuwin ibadah-ibadah ingkang luhur, ingkang dados terapi rohani ingkang mutlak, ampuh, tuwin mboten kaganti dening terapi materi…. Perlu kita mangertosi bilih ibadah ingkang anggadahi pengaruh ageng ing pagesangan, pengaruh ageng ing jiwa, pengaruh ageng ing badan injih menika shalat, …  sae shalat fardhu munapa shalat sunnah.
Allah ngendika :    يَآأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا اسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلاَةِ
He wong-wong kang iman dadekna sabar lan shalat  dadi pitulungan tumrap ira.” (QS.Al-Baqarah :153)

وَأَقِمِ الصَّلاَةَ إِنَّ الصَّلاَةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ
Lan tindakna shalat.Saktemene shalat iku nyegah saka (pratingkah-pratingkah) keji lan mungkar.” (QS. Al-Ankabut :45)
Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nate ngendika kalawan  Bilal radiyallahu ‘anhu :
ياَ بِلاَل رِيْحْنَا بِالْصَلاَة
he Bilal, leremna kita kanti shalat.’’ ( HR.Ahmad, 5:371, dan Abu Daud, 4986 )

Jalaran shalat dados komunikasi antaranipun kawula kalawan pangeranipun. Jumeneng ing pangibadatan marang gusti AllahSubhanahu wa Ta’ala ing shalat andamel efek ingkang ageng sanget babagan jiwa,badan,tuwen dedegipun manungsa,… malahan waget ngrubah tatanan ing masyarakat.


Sholat ingkang waget ngraketkaken hubungan komunikasi antaranipun makhluk kalawan Pangeran ingkang Nyipta jagad… shalat andamel efek ingkang positif ing awak, sahingga waget anyegah saking pratingkah keji lan munkar, tuwin waget ambantu urusan agama kalawan dunyanipun kanti andorong nindakkaken kewajiban kalawan nebihi bab-bab ingkang dipunharamkaken munapa dipunmakruhkaken

Jamaah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah
 Saben muslim pesti mangertosi derajatipun shalat ing agama tuwin syariat Allah... jalaran shalat cagakipun agama Islam ingkang dados wates antaramipun kufur kalawan iman. Posisi shalat ing Islam kados posisi mustaka tumrap awak. Menawa manungsa mboten waget gesang tanpa mustaka, mekaten ugi agama mboten waget wujud tanpa shalat. Syariat ingkang netepkaken katah bab. menawa masalahipun penting mila satunggal bab ingkang anyesakkaken dada tuwin damel mirisipun ing manah bilih wonten ing antaranipun  tiyang-tiyang ingkang ngaku Islam taksih gesang ing pagesangan dunya, ananging angremehkaken tuwin anyepelekaken shalat. Malahan katah ingkang parah. Laa haula wala quata illa billah!
Munapa panjenenganipun mboten mandeg saking sikap ingkang angundang murkanipun gusti Allah, dikepung azab Allah, banjur tumekanipun pati?
Jamaah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah
 Mangga kita bungah kanti shalat. Gumbira nalika gustiAllah anglapangkaken dada kita….. sahingga waget nindakkaken kewajiban ingkang luhur menika….   anerima walesan kalawan anugerah saking gusti Allah, sae kadunyan munapa Akhirat....
Mangga kita sumerepi bilih  shalat ingkang katampi dening gusti Allah kedah menuhi syarat-syarat, rukun-rukun, wajib-wajib, kalawan adab-adab ingkang katentukaken. Mekaten ugi babagan masalah penting tuwin kesalahan ingkang sumebar jalaran nggampangkaken shalatipun. ing kitab imam Ahmad kasebutkaken:
أخْدَثُ السارق السارق من صلاته
“Wong maling  kang paling ala kang maling saka shalate.’’ (al-Musnad, 5:310 )
ingkang dipunmaksud kanti maling shalat injih menika ingkang mboten anyempurnakaken rukukipun, sujudipun tuwin khusyukipun.
            Saking mriki angajak saben muslim nindakkaken shalat supados ngeningkaken urusan shalatipun, supados panjenenganipun mboten kelangan ganjaran ingkang gede tuwin mboten dipunsiksa ing akhirat sakmangke...

 . gusti Allah subkhana Wa Ta’ala dawuh :
قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ هُمْ فِي صَلاَتِهِمْ خَاشِعُونَ
 “temen untung wong-wong kang  iman, ( Yaiku ) wong-wong kang khusyu’  ing shalat.” (QS. Al-Mukminun :1-2)
     Saben tiyang ingkang ngaku iman kedah njagi shalatipun, ing kondisi napa kemawon salami panjenenganipun taksih sadar,… panjenengannipun,.. taksih mampu,… jalaran ingkang mboten dipun wajibkaken sholat namung tiyang kafir,.. munapa tiyang wau mboten sadar,.. napa dereng balig(dewasa)….. sakbanjuripun sholat tansah kantentukaken terus-menerus ngatos akhir gesangipun. Panjenenganipun tansah ngupaya-upaya kang saget ambantu damel lancer ign pangiabadahan, tuwinn tansah waspada bab-bab ingkang ngrisak sholatipun,.. munapa ngrisak imanipun... sahingga akibatipun panjenenganipun dipun lebur ing neraka,..
Jama’ah jumm’at rakhimani wa rakhimakumullah..!
 Mangga kita upaya Takwa kita dumateng Allah ing sedaya urasan luwih-luwih babagan shalat…. jalaran bagian saking Islam…. bagian saking imanipun tiyang.. setara kadar shalatipun. Mangga  kita ngeningkaken kondisi kita sakniki. munapa  kita kalebet ingkang taat syi’ar Islam,…. Paling utama  babagan shalat? Sakjatosipun tiyang-tiyang mboten purun jumeneng nindakkaken ing ngajengipun gusti Allah ing shalat….. tentu kemawon panjenenganipun mboten pantes kaparingan  kesaenan, persatuan, kemenangan kalawan kekiatan nalika ing kampong akhirat sakmangke. Jalaran sedaya saking gusti Allah ingkang ngreksa jagad menika. Mila sinten kemawon ingkang purun damel sae hubungan kita kalawan gusti Allah, yekti gusti Allah paring pangayoman ingkang sae… paring kanugrahan ingkang inggil,.. .
 Leburipun sejarah kalawan  munduripun sejarah ing bumi,…. dipun awali saking manungsa ingkang  jugrug……  ndhodhos   pantangan-pantangan hukum islam…. tuwin nilarkaken kewajiban ingkang paling wajib, injih menika shalat...
Mugi gusti Allah kesaenan ing kahanan umat Islam sakniki, paring pemahaman ingkang bener babagan agamanipun.  Ngurmati tuwin ngedegkaken syariat islam kanti sampurna,…
بارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ،
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ







Khutbah II
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
Amma ba’du :
Jama’ah jumm’at rakhimani wa rakhimakumullah..!
mangga kita tansah njagi ketakwa’an kita dumateng gusti Allah. Kanti saestu anindakkaken shalat…. Jalaran shalat dados cahya kita ing bumi lan simpenan kita ing alhirat.  Sakjatosipun tanggung jawab babagan shalat ageng sanget…. Sae tumrap awakipun piyambak…  munapa tiyang sanes, kerabat, anak kalawan sanak kadang ingkang taksih purun mlebet ing suwarga…. Ingkang taksih purun katitik dening gusti Allah kanti muslim kalawan muslimah...  sahingga panjenenganipun kedah anindakkaken  tugas ingkang ageng injih menika shalat sak lawasipun gesang ing dunya menika …..
 
اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وَبارٍكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِ مُحَمَّد كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى ألِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءُ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبٌ الدَعَوَاتِ وَيَآ قَاضِيَ الحَاجَاتِ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا
أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.

0 Response to "wates Antarane Kita kalawan deweke Shalat"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..