Khutbah jum'at Bahasa Jawa Seimbangipun Pagesangan Dunya lan
Akhirat
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ
لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ
رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي
تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً.
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً .
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ
اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
أما
بعد
Kaum muslimin jamaah Jumat ingkang
dipum rahmati Allah Subkhana WaTa’ala
Sedaya puji syukur katur dumateng Allah Subkhana Wa Ta’ala ingkang sampun paring anugerah tumrap kita sami kanti mawarni kanikmatan ingkang katah sanget saking kita nalika ing rahim ibu kita, ngantos ing wekdal menika... Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika,
وَإِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللهِ لَا تُحْصُوْهَا إِنَّ اللهَ لَغَفٌوْرٌ رَحِيْمٌ
“menawa sira ngitung-itung nikmat Allah, yekti sira ora mampu ngitungi. Saktemene gusti Allah Maha Pangapura kalawan Maha Penyayang.” (QS. An-Nahl: 18)
Dawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala asering kita mireng,.. ngantos-ngantos asringipun sahingga mboten damel geteripun ing ati kita... kangge obat supenipun ati mugi kita nyobi angrenungkaken nikmat-nikmat Allah ingkang sampun kita kecap, sampun kita raoskaken, sampun kita telaskaken.. banjur dipunsuwuni biaya,.. dipun suwuni tanggungjawabpipun,....... tentu kemawon kita mboten saguh nebusi,. mboten saguh njangkepi…... banjur alhamdulillah saben organ kita obah kanti normal otomatis… obah kanti runtut.. obah kanti lancar.... Mboten sanes jalaran ijinipun kalawan anugrah ingkang dipun paring gusti Allah… sahingga mugi sedaya puji syukur tansah katur dumateng Allah Ta'ala dados wujud mawas diri… mertaubatipun kawulanipun dipun kersakaken.. nilarkaken kemaksiatan dados wujud ketaatanipun satunggaling kawula….
Mugi Shalawat dan salam tansah katur dumateng kanjeng nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sarta keluarganipun, sahabat kalawan penderekkipun ngantos akhir zaman.
Kaum muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati dening Allah
takwa dados parameter kesaenan satunggaling kawula.... dados ukuran kesaenan satunggaling kawula ing sisih gusti Allah.... Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh,
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
“Saktemene wong kang paling mulya ing sisih gusti Allah ing antarane sira.. yaiku wong kang paling takwa…” (QS. Al-Hujurat: 13)
Allah Subhanahu wa Ta’ala paring katah paribasan kalawan cariyos kanti pawarta umat ingkang riyin ing Alquran… sahingga kita saget mendet pawulangan.... Ing antawisipun pawarta ingkang gusti Allah pratelakaken babagan kisah Qarun,… salah satunggaling pawarta kondang bilih ujian tiyang babagan padunyan,.. ananging jalaran sombong katambah sape babagan akhiratipun,... sahingga dening gusti Allah Ta'ala dipun kirim gempa ingkang ageng... sahingga mendem deweke ngantos sedaya bala kalawan banda-bandanipun… katambah malih siksanipun ing akhirat,.. Naudzubillah…
Ing ringkasan kisah Qarun ing surat Al-Qashash, gusti Allah Ta'ala dawuh tumrap kita kepripun semestinipun satunggaling tiyang damel seimbang babagan dunya kalawan akhiratipun. Allah Ta'ala dawuh,
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِن كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
“lan sira goleka apa kang wus dianugerahkake dening gusti Allah tumrap sira (kanti kabegjan) negari akhirat,.. lan sira aja nglalekake bagian ira (kanikmatan) duniawi lan damel kasenan (ing antarane ira) kaya kang wus pangeran tindakkake tumrap ira,.. lan sira aja gawe rusak ing bumi.... Saktemene gusti Allah ora nyenengi wong-wong kang gawe rusak.” (QS. Al-Qashash: 77)
Ayat niki paring penjelasan prinsip ingkang agung, damel seimbang antaranipun pagesangan ing dunya kalawan akhirat... damel kasaenan ing dunya kagem anggayuh akhirat… ananging uga kanti ngupaya kanti kesaenan njeput rezki ingkang dipun sebar dening Allah,… njeput sekuat tenaga kanti samukwis ingkang halal.... lancar barokah.... sahingga dados titikanipun tiyang muslim nalika ing pedamelan padunyan,....
mantuk ing ngreksa akhiratipun,.. mugi kita ingkang muslim mugi tansah ngupaya kagem akhiratipun. Jalaran akhirat dados kampung tujuan ingkang langgeng,… papan kumpulipun sedayanipun manungsa saking awal ngantos akhir zaman sakmangke.… papan pengadilan ingkang ambedakaken ingkang taat munapa ingkang ingkar,…
Babagan bagianipun nikmat kadunyan dipun upaya kanti secukupipun gesang,… mboten tamak kalawan nikmat kadunyan…. ingkang intinipun anamung anyiapkaken dinten enjing nalika taksih kaparingan wekdal gesang… aneruskaken nafas ingkang taksih kasisa,… jalaran saben manungsa sampun katetepkaken jumlah nikmatipun,… jumlah umuripun… wekdal ing dunya menika anamung dados sawahipun ngumpulkaken sangu kagem mantuk…. Sangu kagem kumpul kalawan sederek-sederkipun,… sahingga temen nandang kabegja panjenenganipun ingkang sadar,…
kosok wangsulanipun,… temen patunan ingkang gede nalika panjenenganipun supe kalawan pangupayan kagem akhiratipun,….. sanajyan kerabatipun katah,… banda nipun katah mboten saget nulungi nalika ing pengadilan akhirat sakmangke…
Allah Subhanahu wa Ta’ala paring panjelasan kanti perbandingan antaranipun pagesangan ing dunya lan akhirat,
وَإِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِمَّا تَعُدُّونَ
“Saktemen sedina ing sisih Pangeran ira kaya sewu tahun itungan ira.” (QS. Al-Hajj: 47)
Jamaah Jum’ah akhimaniy wa rakhimakumullah…!
Mangga kita saming grenungkake,… temen sekedik sanget wekdal kita ing dunya menika…! Banjur munapa kita bade ngorbankaken wekdal ing dunya kanti kasenangan ingkang sedela,… ingkang akhiripun darita ingkang mboten kawatesan nalika ing akhirat sak mangke….. Mugi kita purun ikhlas sekedap ing dunya menika…, darita sekedap ing dunya menika… kanti nahan syahwat kita,….. nahan nefsu kita,… sahingga anggayuh kabegjan ingkang langgeng abadi ing akhirat sakmangke….. Tiyang ingkang anggadahi akal,…. Tiyang ingkang anggadahi fitrah ingkang lempeng,… tentu kemawon panjenenganipun amilih ngupaya ing pagesangan dunya kagem njemput kabegjan ing akhirat…. Panjenenganipun mboten ngumbar setan damel supe panjenenganipun terus-terusan…. damel sasar panjenenganipun terus-terusan….
Mugi kita tansah eling kalawan waspada... banjur ingkang taat gusti Allah kalawan anderek pawulang rasulipun… dening kajeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda,
أَعْدَدْتُ لِعِبَادِيَ الصَّالِحِيْنَ مَا لَا عَيْنٌ رَأَتْ وَلَا أُذُنٌ سَمِعَتْ وَلَا خَطَرَ عَلَى قَلْبِ بَشَرٍ....
“Ingsun wus nyiapkake tumrap kawula-kawuala ingsun kang shalih.. kanti kanikmatan kang ora pernah dingerti kanti netra,.. ora dingerti kanti talinga, lan ora pernah kabayang ing ati manungsa” (HR. Bukhari dan Muslim)
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُهُ العَظِيْمَ الجَلِيْلَ لِيْ وَلَكُمْ، وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ
Kaum muslimin ingkang dirahmati Allah
Sampun kita persani babagan wekdal ing dunya kalawan ing akhirat… wekdal ingkang caket menika,.. ampun dados beban kita ing akhirat,…. Awalipun kita lahir ing dunya menika mboten ambeta satunggaling munapa… banjur kita mantuk ing kampong kita ugi kita mboten mbeta satunggaling munapa,… anamung amalan kita ingkang dados wasilah pitulungan,… saha tansah anderek pawulanganipun kanjeng rasul SAW... sahingga angsal syafaat pitulungan,…. Saha tansah anindakkaken sholat jalaran menika wates antaranipun ingkang iman kalawan ingkang ingkar… wates antaranipun ingkang muslim kalawan kafir,…..
Akhiripun mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah ambimbing kita niti pagesangan ing dunya niki ... trep kalawan agama islam… ingkang sakbanjuripun pepanggihan ing akhirat,… ing papan ingkang inggil kanti ridhanipun Allah,….. amin..
اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ،
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وَبارٍكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِ
مُحَمَّد كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى ألِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءُ مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبٌ الدَعَوَاتِ
وَيَآ قَاضِيَ الحَاجَاتِ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ
تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى
وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.
اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ
نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ.
وَآخِرُ دَعْوَانَا
أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَسَلَّمَ.
KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA KROMO INGGIL LENGKAP SATU TAHUN=
KAMULYAN PETANI - SHOLAT ING WEKTUNE - KANTI TAKWA GESANG GUMILANG
LIBERALISME BABAGAN BENCANA WATES MUSLIM KAFIR
PENINGGALAN HINDU BUDHA KAUM AD AL-QUR'AN ASSUNNAH
NGLURU ILMU SYUKUR NIKMAT KRISTENISASI
SADAR INSYAF - SHOLAT ING WEKTUNE SUGIH MBOTEN MISKIN
SUMBER RIZKI ISTIQOMAH SABAR SABEN WEKTU
AL-QUR'AN - ASSUNNAH 1 AL-QUR'AN ASSUNNAH 2 PEMIMPIN UMAT
TERAPI ATI WEKDAL MANFAAT GAYA HIDUP MUSLIM
IDUL FITRI 1 IDUL FITRI 2 IDUL FITRI 3
IDUL ADHA 1 IDUL ADHA 2 IDUL ADHA 3
LIBERALISME BABAGAN BENCANA WATES MUSLIM KAFIR
PENINGGALAN HINDU BUDHA KAUM AD AL-QUR'AN ASSUNNAH
NGLURU ILMU SYUKUR NIKMAT KRISTENISASI
SADAR INSYAF - SHOLAT ING WEKTUNE SUGIH MBOTEN MISKIN
SUMBER RIZKI ISTIQOMAH SABAR SABEN WEKTU
AL-QUR'AN - ASSUNNAH 1 AL-QUR'AN ASSUNNAH 2 PEMIMPIN UMAT
TERAPI ATI WEKDAL MANFAAT GAYA HIDUP MUSLIM
IDUL FITRI 1 IDUL FITRI 2 IDUL FITRI 3
IDUL ADHA 1 IDUL ADHA 2 IDUL ADHA 3

0 Comments