ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jumat basa jawi babagan kamulyan dados petani

Petani



PETANI


الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
 يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

أَمَّا بَعْدُ؛
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِِِِِِِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.

MaasyiralMusliminRahimakumullah
  Saben dinten Jum’at Khatib tansah wasiatkaken supados ningkatkaken takwa marang Gusti Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun, sahanebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanti estunipun takwa kita, pagesangan kita bade langkung tentrem tuwin tansah angsal ridhanipun gusti Allah subkhana wata'ala

SakingJabir bin Abdillahradhiallahuanhu: nalika Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam pepanggihan kaliyan Ummu Mubasyir Al-Anshariyah ing kebun kurma. Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika, “Sapa  kang tandur wit kurma iki? Munapa deweke muslim munapa kafir?” deweke(Ummu Mubasyir Al-Anshariyah) wangsulan, “tiang Muslim duh rosul.” Kanjeng rasul medar sabda:
لَا يَغْرِسُ مُسْلِمٌ غَرْسًا وَلَا يَزْرَعُ زَرْعًا فَيَأْكُلَ مِنْهُ إِنْسَانٌ وَلَا دَابَّةٌ وَلَا شَيْءٌ إِلَّا كَانَتْ لَهُ صَدَقَةٌ
“ora ano saka muslim kanti tani munapa kemawon, lan ora ano saka panene munapa kemawon. Kajobo .. nalika didahar dening manungsa munapa dene kewan munapa dene  sanese kaitung kanti Sodaqoh.” (HR. Muslim)
saking Jabir bin Abdillahradhiallahuanhu: KanjengRasulullahshallallahu ‘alaihiwasallam medar sabda:
مَا مِنْ مُسْلِمٍ يَغْرِسُ غَرْسًا إِلَّا كَانَ مَا أُكِلَ مِنْهُ لَهُ صَدَقَةً وَمَا سُرِقَ مِنْهُ لَهُ صَدَقَةٌ وَمَا أَكَلَ السَّبُعُ مِنْهُ فَهُوَ لَهُ صَدَقَةٌ وَمَا أَكَلَتْ الطَّيْرُ فَهُوَ لَهُ صَدَقَةٌ وَلَا يَرْزَؤُهُ أَحَدٌ إِلَّا كَانَ لَهُ صَدَقَةٌ

“ora ano saka muslim kang tani kanti munapa kemawon kajaba saben tuwuhipun pepanganan kaitung sodaqoh. Munapa dene dimaling tiang kaitung sodaqah. Munapa dene dipangan kewan saba kaitung sodaqoh. Munapa dene dipangan peksi kaitung sodaqoh. Munapa dene dipendet saka wohe kaitung sodaqoh” (HR. Muslim )

JamaahJum’ahrakhimaniywarakhimakumullah
Gusti Allah Ta’ala sampun nyawiskake katah wewalesan saben tumindak kesaenan munapa kemawon sakniaso dianggep remeh dening manungsa. Gusti Allah mboten nyawiskake wewalesan kanggo wong-wong kang sugih, ananging uga nyawiskaken dalan-dalan sedekah tumrap sapa wae kang kahanane miskin, kaya dene petani. mekaten kala wau bukti nyata bilih Islam dados rahmat kanggo sakkabehe alam.
Kita mersani bilih saben petani -kanti syarat muslim- saget angsal anubawa saka Gusti Allah kang katah sanget saksinteno kemawon kang dahar saka among tuwuhe petani, sae manungsa kewan saba, kanti izin munapa dene dipun maling). Sabdanipun kanjeng Nabi shallallahualaihi wasallam ing hadits Abu Hurairah radhiallahu anhu:

فِي كُلِّ كَبٍِِِدٍ رَطْبَةٍ أَجْرٌ
“caos welas tumrap saben makhluk  angsal anubawa.” (HR. Al-Bukhari lan Muslim)
Hadits ing ngajeng kala wau nunjukkaken semangat nalika merdi rizki tuwin makarya kanti dalan kang halal. Perintah niki ugi dipun ngendikakaken Allah subkhanawata’ala,
هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ ذَلُولًا فَامْشُوا فِي مَنَاكِبِهَا وَكُلُوا مِنْ رِزْقِهِ وَإِلَيْهِ النُّشُورُ
Pangeran kang ngreksa bumi iku gae cemepak kanggo sira, mila sira merdi ing kabehe papan lan panganen sebagian saka rizki-Ne. lan namung marang pangeran (sira mantuk) banjur dibangkitke.” (QS. Al Mulk: 15).

Makarya kanti saestu nalika merdi rizki kalebet dalan kang dipun upaya dening para nabi ‘alaihimush sholaatu was salaam.
 Kados dene Nabi Daud angsal panguripan rizki saking keringetipun piyambak.Nabi Zakariya ‘alaihissalam makarya kanti tukang kayu. Nabikita shallallahu ‘alaihiwasallam nate makarya kanti angon mendho, nate dados pedagang kanti barang dagangan saking Khodijah radhiyallahu ‘anha.

banjur Munapa Makarya ingkang paling mulya?
Para ulama nate selisih pendapat ing babagan niki. Imam Al Mawardi, salah satunggaling ulama ageng Syafi’i paring pendapat bilih kang paling diberkahi inggih menika, makarya kanti tani….jalaran tawakkalipun langkung inggil. Ulama Syafi’iyah sanesipun injih menika Imam Nawawi ugi gadah pendapat bilih makarya ingkang paling diberkahi injih menika kanti tangan piyambak, lan makarya tani kang paling sae jalaran tigang alasan, injih menika kalebet makarya kanti tangan piyambak, tawakkalipun petani langkung inggil tuwin manfaatipun kagem tiang katah, kalebet ugi manfaat kagem kewan saba munapa peksi.

Penulis TaudhihulAhkam,…Syaikh ‘Abdullah bin ‘Abdurrahman Ali Bassam ngendika,.. makarya paling sae sesuai kaliyan kahanan satunggaling tiang. Ingkang penting injih menika saben makarya kedah kaisi kesaenan tuwin mboten wonten goroh sarta nyekapi kewajiban kang mesti digatekkaken. kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam ngendika,
اِحْرِصْ عَلَى مَا يَنْفَعُكَ وَاسْتَعِنْ بِاللَّهِ وَلاَ تَعْجِزْ
sira pada tumindakna semangat nalika merdi munapa kang manfaat kanggo awak ira lan tansah anyuwun pitulungan dumateng gusti Allah, lan sira ajo pada males” (HR. Muslim no. 2664). .

Mugi gustiAllah paring keberkahan tumrap usaha,upaya kita nalika makarya…  Mugi gusti Allah paring taufik saha istiqomah babagan ibadah kita.

 أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله لِي وَ لَكُمْ وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ
فَا سْتَغْفِرُوْهُ أَنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم ,


KHUTBAH KEDUA
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
Jama’ah jum’at rakhimakumullah,..
kanjeng rasul sholallahualaihi wassalam ngendika:
كُلّ ُ كُمْ   رَاع ٍ  وَكُلّ ُ كُمْ مَسْؤُوْلٌ
"saben sira pemimpin lan bakaldituntut marang munapa tindakkake marang kang dipimpin"

Mugi-mugi kita dados tiang-tiang mu’min kang bener-bener nyepeng al-qur’an saha as-sunnah sesuai kanti petunjuk-petunjuk, sahingga allah ta’ala mlebetakken  kita ing suwarganipun. Lan mugi-mugikanti makarya kita gusti Alaah paring barakah saha hidayah; sahingga nyelamatkaken kita saking keruwetan lan adzab ing akherat.

اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
 اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.
. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ





KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =


 KHUTBAH BAHASA JAWA - BABAGAN PEMBAHASAN IMAN

0 Response to "khutbah jumat basa jawi babagan kamulyan dados petani"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..