Khutbah Jumat bahasa jawa Persiapan Tumuju Dina Akhir


Khutbah jumah basa jawi


PersiapanTumuju Dina Akhir

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.. صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
  . أمَّا بَعْدُ:
Hadirin jamaah Jumat rakhimaniy  wa rahimakumullah,
Mangga kita tansah kunjuk syukur dumateng gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala .... ingkang andamel pagesangan kalawan pepati...., nguji kawula-kawulanipun sahingga benten antaranipun ingkang sae amalanipun ing antaranipun manungsa.... gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala,... Rabb ingkang anyipta sedaya manungsa... Banjur muliakaken ing antaripun kawula-kawulanipun ingkang taat... Mila,... temen bungah tiyang-tiyang ingkang nindakkaken takwa…. Kosokwangsulanipun.. temen tuna tiyang-tiyang ingkang maksiat…. Shalawat kalawan salam mugi tansah katur dumateng kanjeng Nabi Muhammad Shollallahu Alaihi wa sallam, keluarganipun, para sahabat tuwin tiyang-tiyang ingkang tansah anderek ngantos dinten akhir...

Hadirin  rakhimaniy wa rahimakumullah....,
Mila kita sumerepi bilih pagesangan ing dunya niki paribasan krethek ingkang dipunlewati tiyang-tiyang ingkang gesang..... Saben tiyang niti banjur nilarkaken,… banjur tumuju pagesangan ingkang sakjatosipun….. Gusti  Allah Subhanahu wa Ta’ala andadoskaken pagesangan ing dunya niki papan ngamal... banjur akhirat dados papan piwalesan amalan…. Mila saben tiyang ingkang anindakkaken amal......., panjenenganipun mresani piwalesanipun... Banjur ngenes banget tiyang ingkang supe bakal getun….. Saben tiyang ingkang anindakkaken pagesangan ing  dunya niki wonten akhiripun... wonten pucukipun... dinten piwalesan pesti tumeka,… banjur munapa ingkang kajanjikaken niku celak banget. Mila,….. kita ampun gumun gumebyaripun pagesangan  dunya ingkang kita lampahi niki,… sahingga supe kalawan pagesangan ingkang sakjatosipun.... injih menika kampung  akhirat sakmangke.

Sederek-sederek kaum muslimin rakhimaniy wa rahimakumullah,
Perlu kita emutkaken  bilih pepaten sampun pesti lampahipun…. Katandang saben-saben tiyang.... Pepatinipun amisahkaken awakipun saking kaluarga, banda, sarta papan dunyanipun.... Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh,.. bilih ing antaranipun manungsa wonten ingkang kaparingan pitulungan...... tuwin kaparingan kabar bungah nalika ing akhirat,..... sarta wonten ugi ingkang ngraoskaken perih ingkang banget..... Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun nerangkaken babagan tiyang-tiyang ingkang Bungah nalika kahanan ing akhirat,....
تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلاَئِكَةُ أَلآتَخَافُوا وَلاَتَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ . نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي اْلأَخِرَةِ وَلَكُمْ فِيهَا مَاتَشْتَهِي أَنفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَاتَدَّعُونَ
Malaikat pada mudun ing duwure deweke kanti ngucap.... , ‘sira aja wedi lan aja sedih lan temen sira pada bungah ing suwarga kang wus dicawiskake dening gusti Allah tumrap sira.......’ Ingsun dadi tetulung-tetulung sira ing dunya lan akhirat,... lan ing(suwarga) sira kaparingan apa kang sira karepkake lan kaparingan apa kang sira suwun.” (Fushshilat: 30-31)
Sakjatosipun, kita sedaya ngajeng-ajeng kabar bungah saking malaikat maut nalika nyabut nyawa kita..... Jalaran kanti niku.... saktunggaling tiyang amurwakani bungahipun pagesangan ing alam akhirat…. Dipun awali saking kanikmatan ing alam kuburipun.... banjur bakal terus kalampahan ing pagesangan kampung akhiratipun…  gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring kanugrahan tumrap tiyang-tiyang ingkang tawakal sahingga anrima tuwin anindakkaken syariat...... Inggih menika tiyang-tiyang ingkang tansah ikhlas ing pangibadahan tuwin anderek pawulanganipun kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam kalawan para ulama ingkang tansah anderek…..
Ananging tiyang-tiyang ingkang gumantung lintunipun dumateng gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala,.... Kesasar ing  pangibadahan ingkang sasar.... Mboten  anderek pawulangan kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam…..  mila panjenenganipun kajulung siksa ingkang perih sanget... Saking awal pepatinipun ing alam kubur  sarta kahanan-kahanan sakbanjuripun….



Jamaah jum’ah rakhimaniy wa rahimakumullah,
Perlu  kita sumerepi bilih pagesangan ing dunya niki wonten pucukipun…. wonten akhiripun… banjur kacipta jagad kalawan leburipun jagad wonten artosipun…. wonten maknanipun….. Jalaran mboten wonten artosipun nalika secuil gesang tetahunan niki banjur mati tanpa timbangan,.. tanpa piwalesan,,. Tanpa pengadilan,… banjur lebur tanpa arti,…… ananging pagesangan niki temen wonten artosipun nalika nindakkaken agami… wonten maknanipun nalika tumekanipun dinten leburipun bumi…..  Sedayanipun  manungsa, ingkang paling awal kacipta ngantos ingkang terakhir kacipta  dipunbangkitkaken saking alam kubur…, sarta dipunkumpulkaken ing padang mahsyar…. Banjur pagesangan akhirat pucukipun ing kalih papan,….  suwarga munapa neraka:
كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَآأَسْلَفْتُمْ فِي اْلأَيَّامِ الْخَالِيَةِ
sira mangan lan ngombe kanti bungah.. disebabke amal kang wus sira tindakke ing dina-dina kang wus kejaden(ing bumi).” (Al-Haqqah: 24)
 Ananging seperangan tiyang ingkang getun ing akhirat banjur ngucap,
يَاحَسْرَتَى عَلَى مَافَرَّطتُ فِي جَنْبِ اللهِ وَإِن كُنتُ لَمِنَ السَّاخِرِينَ
Gede Temen getunku ing atase awaku ninggalke(kewajiban) marang gusti Allah,.... lan aku kalebu wong-wong kang ngolok-olok (agama gusti Pangeran).” (Az-Zumar: 56)

 Temen sambat…. Getun….. tetangisanipun…. ing wekdal kala wau mboten manfaat malih,… banjur tansah katimbang saben tindakkanipun… saben pangucapipun,…..

Hadirin rakhimaniy wa rahimakumullah,….
       Akhiripun,…. mangga kita bebalapan anindakkaken amal shalih ing pagesangan ingkang caket cupet sauntara niki…. Ampun ngantos kita kalebet tiyang-tiyang ingkang sombong sahingga mlengos saking hidayah ingkang sampun kita gadahi…. Ampun ngantos kita kalebet tiyang-tiyang ingkang angutamakaken dunyanipun kalawan hawa nefsunipun,…. Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dawuh,
فَأَمَّا مَن طَغَى. وَءَاثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا . فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَى . وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَى . فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَى
wong kang angluwihi wates lan luwih  angutamakake panguripan dunyane, mila saktemene  neraka papane...... Lan  wong-wong kang wedi marang pangerane kanti nahan saka  hawa nefsune, mila temen  suwarga papane.”(An-Nazi’at: 37-41)

Mugi-mugi gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah paring hidayah tumrap kita….. paring kekiatan kagem nilarkaken samu-barang ingkang mboten kaparingkaken dening agama…  ingkang mboten trep kalawan agama,…. Banjur tansah kaparingan kekiatan tansah istiqomah,…  sahingga kalebet tiyang-tiyang ingkang untung,.. teteg kukoh ing tumindak taat ugi kasaenan.... kaparingan suwarga-Nipun  tuwin slamet saking panasipun geni neraka…. Kaparingan secuil Rizki Dunya Niki..  saget kuat gampil Kanti pripun caranipun ngudi rizki ingkang halal barokah... 
بارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ،
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ














KHUTBAH II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ,
 وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.. صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً
، أَمَّا بَعْدُ:
Ma’asyiral muslimin rakhimaniy wa rahimakumullah,
  bilih saben amalan ingkang kalampahan dening satunggaling tiyang mila akibatipun mantuk tumrap awakipun piyambak….  Sae arupa amalan kasaenan munapa amalan awon. gusti Allah Ta’ala Dawuh,
مَّنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ وَمَنْ أَسَآءَ فَعَلَيْهَا وَمَارَبُّكَ بِظَلاَّمٍ لِّلْعَبِيدِ
sok sinten nindakke amal kang shalih, mila (pahalane) kanggo  awake lan sok sintena kang tumindak jahat, mila (dosane) kanggo awake.” (Fushilat: 46)

Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,..
Ing saben-saben tiyang… salami panjenenganipun taksih gesang,… sedaya tumindakkipun kacatet dening  kalih malaikat  saben dintenipun 24 jam,..,
إِذْ يَتَلَقَّى الْمُتَلَقِّيَانِ عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيدٌ . مَّايَلْفِظُ مِن قَوْلٍ إِلاَّ لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ
“(Yaiku)   loro malaikat nyatet amal lan pratingkahe, malaikat ing tengen lan kiwane. Ora ano  pangucap kang diucapke kajaba ing cerake ana malaikat kang  ngawasi kang terus hadir.” (Qaf: 17-18)
      Mila mangga  kita tansah ngupaya mawas diri,.. intropeksi diri… sakderengipun telas wekdal kita,… sakderengipun telas nikmat ingkang paling akhir…. Ing dunya menika……  kanti nebihi pratingkah ingkang tebih saking  ridhanipun gusti Allah Ta’ala,…...   banjur tansah anindakkaken sedaya perintah saking agama….
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمَ الدِّيْنِ،
 اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ.
 اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمِينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ.
 اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا اْلبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
 رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
 رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ العِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالِمِينَ.















Post a Comment

2 Comments

  1. maturnuwun sanget,saged kangge kutbah wonten mesjid kulo,ijin copy nggih?

    ReplyDelete
  2. sumangga... supados manfaati kagem kadang muslim sedaya..

    ReplyDelete