khutbah jum'at basa jawi krama inggil

Khutbah jumat bahasa jawa kromo inggil
Hamba Allah Dan Ummat Nabi Muhammad SAW
Oleh: Muhammad An-Nawawi





Sampun dados kewajiban tiyang Muslim nyandang kalih kesadaran/keweningan,...  sadar dados kawula gusti Allah Ta’ala tuwin sadar dados umat Muhammad Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam.... Menawi  kesadaran/kaweningan niki luntur saking manahipun  satunggaling tiyang Mukmin... mila tindak-tanduk tuwin amalanipun  bakal ngawur saha sembrono..........
Kesadaran kepisan, kesadaran bilih kita dados kawula Allah Ta’ala kang kita tindakkaken ing saben aktifitas saben dintenipun....  (ةِإِظْهَاُر الْعُبُوْدِيَّ) dados saget manembah tuwin sujudipun anamung marang Allah...... kanti tumindak ingkang gampil munapa ugi ingkang Kanti bea sarana... Kados conto paling gampil menawi  kita ajeng dahar,....  wujud syukur,.. wujud wening saking kasil saben dintenipun,... sakniaso pari menika kita tandur ing sawah kita....  beras kita masak piyambak..... ananging nalika kita ajeng dahar taat miderek  sunnah ngucap donga:
اَللَّهُمَّ بَاِركْ لَنَا فِيْهِ وَأَطْعِمْنَا مِنْهُ. (صحيح الترمذي، 3/158).
“duh gusti Allah paringana kawula kaberkahan saking(rizki kawula) paringana kawula daharan saking (rizki)menika”
Donga menika nerangkaken bilih Allah Ta’ala kemawon kang paring rizki,.... mboten sawah... utawi brahala... bedama.. munapa saksanese....... Mekaten ugi,....  nalika kaparingan rizki mobil utawi kendaraan saksanesipun,.... sakniaso kita mundut kendaraan kanthi usahanipun piyambak, kanthi artonipun piyambak,.... ananging.. wujud syukur ugi sadar tiyang muslim,....... saben tiyang mukmin nitih kendaraan disunnahkaken atur donga:
بِسْمِ اللهِ الْحَمْدُ لِلَّهِ سُبْحَانَ اللهِ الَّذِيْ سَخَّرَ لَنَا هَذَا وَمَا كُنَّا لَهُ مُقْرِنِيْنَ وَأَنَّا إِلَى رَبِّنَا لَمُنْقَلِبُوْنَ. (صحيح الترمذي، 3/156).
Ikhwan fillah rahimakumullah
Donga menika dados contoh taat   saben detik  kita...  Wujudnya pangibadatan kita marang Allah Ta’ala,..... menawi wujud sadaripun manungsa menika  ilang..., saget nerangaken bilih iman sampun kikis ing bumi menika,.... ingkang dangu ing dangu bakal nglunturkaken imanipun...... sak lanjutipun ,... bakal tuwuh penyakit adigung adiguna,.. ingkang umumipun manungsa ngucap sombong tuwin angkuh,........ Mekaten.. kedadean  menika sampun kalampahan awit ing zamanipun Nabi Musa kang nalika semanten penguasanipun lalim lan sombong.....  sahingga supe saking statusipun kawula, malahan raja ingkang sombong, ngantos-antos mucal awake niku dados sesembahan....., deweke amerintahaken tumrap rakyatipun supaya nyembah marang raja,.... inggih menika raja Fir’aun.
Lucu ngenes.. peteng..... Mekaten satunggaling kasunyatan menika dados gambaran sami zaman sak meniko,.... kathah tiyang-tiyang modern supe saking kodratipun manungsa dados kawula Allah Ta’ala.... banjur kabujuk ing numpuk lan numpuk banda,.... Saben dinten ing pikiranipun anamung didikebaki mawarni-warni masalah kadunyan,..., madosi kanikmatan tuwin nafsu ingkang jeneng dunya kemawon,....  tanpa nggathekkaken kepentingan akhirat..... padahal kanikmatan akhirat langkung sae saking kanikmatan dunya,  langku-langkung nikmat ing akhirat menika langgeng abadi...
Ihwan Fillah rahimakumullah..
Allah Ta’ala nyiptakaken manungsa mboten namung numpuk banda,... ananging Allah Ta’ala nyiptakaken manungsa lan jin namung supaya nyembah marang Allah.
“lan ingsun ora nyiptakake jin lan manungsa kajaba anamung kanggo ibadah  marang ingsun.” (Adz-Dzariyat: 56).
Makna saking ngemawula marang Allah Ta’ala.......... tansah ngluhurkaken pangibadahan,.. ing riki Syekh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin(Tsalasah Usul)... paring pawulang  penting kang kedah dimangertosi tumrap kaum Muslimin:
اْلأُوْلَى اَلْعِلْمُ وَهُوَ مَعْرِفَةُ اللهِ، مَعْرِفَةُ نَبِيِّهِ وَمَعْرِفَةُ دِيْنِهِ اْلإِسْلاَمِ بِاْلأَدِلَّةِ.   الثَّانِيَةُ اَلْعَمَلُ بِهِ.    الثَّالِثَةُ اَلدَّعْوَةُ إِلَيْهِ.
Kapisan inggih meniko  ilmu, ,...   inggih menika ngenal Allah, ngenal Rasul tuwin Dienul Islam, kanti dalil-dalil ipun........  kaping kalih ngamalaken, ....  kaping tiga  ndakwahaken.”

Ikhwan fillah rahimakumullah.
Syaikh Muhammad At-Tamimi ing kitab Tauhid,.. paring penjelasan bilih ayat ing inggil, nuduhkaken keistimewaan Tauhid tuwin keuntungan ing dunya dumugi akhirat...... Lan nuduhkaken bilih syirik meniko tumindak dzalim kang saget mbatalkaken iman menawi syirik wau ageng,.... utawi ngirangi iman menawi syirik asghar (syirik kecil).
Akibat ala tiyang ingkang nyampuradukkaken keimanan kaliyan syirik  dipun ngendikakkaken dening  Allah Ta’ala:
“Saktemene Allah ora paring pangapura dosa syirik ananging  Slirane paring pangapura sakliyane syirik..., kanggo sapa kang dikersake.”
مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَدْعُوْ مِنْ دُوْنِ اللهِ نِدًّا دَخَلَ النَّارَ. (البخاري عن ابن مسعود).
“sapa wonge kang mati ing dalem nyembah kejaba Allah...,  yekti deweke mlebet ing  Neraka.”
مَنْ لَقِيَ اللهَ لاَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ الْجَنَّةَ وَمَنْ لَقِيَ يُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا دَخَلَ النَّارَ. (مسلم عن جابر).
“sapa wonge nemoni ing gusti Allah Ta’ala (mati)... ing dalem kahanan ora nglakukkake syirik sekedik menapa pun, tentu masuk Surga, ananging sapa wonge nemoni ALLah (mati) ing dalem kahanan nglakukake syirik marang Slirane, maka deweke temen masuk Neraka.”
Ihwan fillah rahimakumullah.
Mugi kaum Muslimin tansah sadar ing statusipun... Inggih menika ngemawula marang Allah Ta’ala.... Lan cara menghamba nipun kedah miturut manhaj(metode-conto) kang shohih tanpa campuran syubhat lan syirik.... Intinipun ngemawula inggih meniko nindakkaken ibadah marang Allah Ta’ala... lan ora nindakkake syirik marang Allah kanthi  menapa kemawon....


Wujud sadar kaping kalih dados ummat Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam 
sadar dados umat rasul.., inggih meniko nyadari bilih amalan-amalan kita bakal ditrima dening Allah Ta’ala kanthi syarat sesuai sunnah Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam.... Syaikh Muhammad bin Shalih Al-Utsaimin njelaskAken konsekuensi  mengenal Rasul inggih meniko.... anrima menapa kemawon perintahipun.... ngestuaken munapa ingkang dipunwartakaken,... matuhi perintahipun,.... nebihi menapa kemawon larangan-nipun,.... netepi perkara kanthi syariat... tuwin ridha kanthi pawulanganipun.
kalangan ahli sunnah waljama’ah sepakat ngimani lan nindakkaken munapa-munapa kang diperintah rasulullah,... nebihi sedoyo larangan rasulullah.... Lan mboten bakal ditrima ibadah tiang tanpa anderek sunnah Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam   kados hadits menika:
مَنْ عَمِلَ عَمَلاً لَيْسَ عَلَيْهِ أَمْرُنَا فَهُوَ رَدٌّ. (مسلم).
“sapa wonge nindakkake sakwijine amalan ing dalan agama... kang ora ano perintah  ku... mangka iku katolak.” (HR. Muslim).
مَنْ أَحْدَثَ فِي أَمْرِنَا هَذَا مَا لَيْسَ مِنْهُ فَهُوَ رَدٌّ. (البخاري ومسلم).
“Sapa Wonge kang ngana-anakake ing dalem perkara agama lan ora ano perintah  ku mangka  iku katolak.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim).
Ningali hadits meniko, saben kaum Muslimin  kedah anderek ing munapa kang kaasto dening Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam.... sae niku ucapan, perbuatan utawi taqrir(ketetapan).

Ihwan fillah Rahimakumullah...
Kathah  saking kaum Muslimin, kang nyalahi Kanti ngatasnamakaken Islam... Lan kathah-kathahe deweke mboten mangertosi bilih tumindakke meniko muspra... jalaran mboten sesuai kalawan sunnah Nabi... Paribasan deweke nyalahi manhaj  dakwah Salafus Shalih, ....

Kados ngedikane Asy-syaikh Abdul Salam bin Barjas bin Naser Ali Abdul Karim ing bukunipun Hujajul Qowiyah kang ngutip saking ngendikane Al-Ajurri ing kitab As-Syari’ah bilih Ali.Ra tuwin Ibnu Masu’d sami ngendiko:
لاَ يَنْفَعُ قَوْلٌ إِلاَّ بِعَمَلٍ وَلاَ قَوْلٌ وَعَمَلٌ إِلاَّ بِنِيَّةٍ وَلاَ نِيَّةٌ إِلاَّ بِمُوَافَقَةِ السُّنَّةِ.
“Ora manfaat wucalan kajaba kanthi tumindak.. lan uga ora manfaat  wucalan lan tumindak kajaba kanti niat.... lan niat  ora manfaat kajaba miturut kanti sunnah.”
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.




Khutbah Kedua
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، وَأَحْسَنَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Lan sak sae-saenipun pawulangan inggih meniko Kitabullah Kang Maha Agung lan sak sae-saenipun petuduh... inggih meniko petuduh Muhammad Shallallaahu alaihi wa Sallam..., sak ala-alane urusan inggih meniko perkara kang anyar... lan saben perkara kang anyar (ing sakjrone agama) iku bid’ah... lan saben bid’ah niku sasar..., lan saben sasar jujukane ing Neraka. (HR. An-Nasa’i).


Ihwan Fillah rahimakumullah.
Kekalih kesadaran meniko kedah diimut saben wektu lan kahanan,.. jalaran meniko dados sumber pituduh ing Pagesangan... Kanthi sadar kekalih bab iku njalankaken syariat kanthi sesuai manhaj ahlul sunnah tanpo tercampur bid’ah tuwin kesyirikan. Kanthi meniko, ngikuti manhaj Rasulullah Shallallaahu alaihi wasallam   tuwin manhaj para sahabat sak-sampunipun yaiku Al-Qur‘an kang diturunaken Allah Ta’ala marang Rasul-ipun, kang dijelasaken tumrap para sahabatipun ing hadits-hadits shahih  kekalih kesadaran meniko kang kedah di imut setiap saat, inggih meniko kesadaran negakaken kalimah tauhid berdasark kalian manhaj ahlus-sunnah lan merintahaken umat Islam supados cecepengan marang  kekalihipun. akhir kata :
تَرَكْتُ فِيْكُمْ شَيْئَيْنِ لَنْ تَضِلُّوْا بَعْدَهُمَا، كِتَابَ اللهِ وَسُنَّتِيْ وَلَنْ يَتَفَرَّقَا حَتَّى يَرِدَا عَلَى الْحَوْضَ.
“Aku tinggalke kanggo siro kabeh kalih perkara kang siro ora bakal kasasar, yaiku cecepengan teguh marang kekalih perkara iku... yaiku Kitabullah lan sunnahku.... Sahingga ora bakal bercerai berai.... sahingga kalih perkara iki ndugikake siro ing telaga (Surga).” (shahih  al-albani  kitab Shahihul jami’)
Wallahu A’lamu bis shawab


Post a Comment

0 Comments