ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Hakekat Urip Ing Dunya khutbah jumat bahasa jawa kromo inggil

 



إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ”.

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً”.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً

أما بعد

  Allah Subhanahu wa Ta’ala saderengipun anyipta manungsa,… sampun anyiptakaken suwarga lan neraka….. Suwarga kacawiskaken tumrap tiyang-tiyang ingkang takwa,.. kosok wangsulanipun neraka kacawiskaken tumrap tiyang-tiyang ingkang rmaksiat… ingkar,.. mlengos saking perintah-perintahipun…..   Allah Azza wa Jalla Dawuh:

تِلْكَ حُدُودُ اللهِ وَمَن يُطِعِ اللهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا اْلأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَذَلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ {13} وَمَن يَعْصِ اللهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ ناَرًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُّهِينٌ {14}

kang mangkono hokum-hukum Allah,… Sok sinten sira taat marang gusti Allah lan Rasule, yekti gusti Allah nglebokkake ing suwarga kang ngalir kali-kali….., banjur deweke langgeng  ing jerone; lan iku anjaya  kang gede… lan sapa wonge durhaka marang gusti Allah lan Rasule.. lan nglanggar aturan-aturane,…. yekti gusti Allah nglebokkake deweke ing geni neraka…. banjur deweke langgeng ing njrone;   lan tumrap awake siksa kang ngeneskake…. (QS. An NIsaa’: 13-14)

Suwarga dados papan ingkang endah tuwin kebak kanti nikmat….. awit endah makmuripun kampong akhirat….. mboten saget  kabayangkaken dening akal munapa fikiran,…..  mboten nate kedeleng netra..…. mboten nate kamirengkaken dening kuping…. .menawa mlebet suwarga satunggaling manungsa langgeng saklaminipun,…..  mila deweke gesang saklami-laminipun…..,  muda selami-laminipun,…  sehat selami-laminipun,… bungah selami-laminipun,….  Kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:

« يُنَادِى مُنَادٍ إِنَّ لَكُمْ أَنْ تَصِحُّوا فَلاَ تَسْقَمُوا أَبَدًا وَإِنَّ لَكُمْ أَنْ تَحْيَوْا فَلاَ تَمُوتُوا أَبَدًا وَإِنَّ لَكُمْ أَنْ تَشِبُّوا فَلاَ تَهْرَمُوا أَبَدًا وَإِنَّ لَكُمْ أَنْ تَنْعَمُوا فَلاَ تَبْتَئِسُوا أَبَدًا »

bakal ana kang aba-aba (tumrap penduduki suwarga): “Saktemene sira bakal sehat… lan ora bakal lara saklawase…., sira bakal urip lan ora bakal mati saklawase,…. Sira bakal  muda lan ora bakal tua saklawase ….,sira bakal bungah lan ora bakal sengsara selami-lamine...” (HR. Muslim)

   Mekaten  kanikmatan kang sampurna lan kasenengan kang sakyektinipun….

 

benten kalawan kahanan ing dunya…, menawa wonten babagan kahanan kang seneng  musti wonten kemawon babagan kang  sedih dados bumbunipun,….,  kados gesang katutup dening pati,… kados sehat katandang lara,…. kados muda katutup tua….. usaha mburu kanikmatan dunya naming sadelo,…   samubarang kanikmatan sakkatah-kathipun banda ing dunya bakal dipun tilar tanpa dibeto… dipun waris gantosan anggenipun nggunakkake ing dunya….. . banjur kahanan suwarga langgeng cumepak kagem sintena ingkang sampun taat dumateng Allah  ing dunyanipun, …..    Allah Azza wa Jalla Dawuh :

عَلَى سُرُرٍ مَّوْضُونَةٍ {15} مُّتَّكِئِينَ عَلَيْهَا مُتَقَابِلِينَ {16} يَطُوفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُونَ {17} بِأَكْوَابٍ وَأَبَارِيقَ وَكَأْسٍ مِّن مَّعِينٍ {18} لاَّيُصَدَّعُونَ عَنْهَا وَلاَيُنزِفُونَ {19} وَفَاكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُونَ {20} وَلَحْمِ طَيْرٍ مِّمَّا يَشْتَهُونَ {21} وَحُورٌ عِينٌ {22} كَأَمْثَالِ اللُّؤْلُؤِ الْمَكْنُونِ {23} جَزَآءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ {24}

deweke sesare ing  dipan katatah saka emas lan permata….  Sesandaran ing atase…  sami adu arep... deweke kaubengi dening anak-anak muda kang tansah muda… kanti ambeta gelas, cerek lan minuman kang dijumuk saka banyu kang  ngalir,….  Deweke ora  pening  jalaran banyu iku lan ora  mabuk,….   lan woh-wohan kang deweke pilih…..  lan daging manuk  apa wae kang deweke penginkake.... lan saka widadari-widadari ayu…. Laksana mutiara kang kasimpen apik…. Dadis walesan tumrap apa kang deweke tindakke. (QS. Al Waaqi’ah: 15-24)

Rerangkulan katresnan katrenteman ing antaranipun penduduk suwarga…. Allah Subhanahu wa Ta’ala Dawuh:

وَنَزَعْنَا مَافِي صُدُورِهِم مِّنْ غِلٍّ إِخْوَانًا عَلَى سُرُرٍ مُّتَقَابِلِينَ {47} لاَيَمَسُّهُمْ فِيهَا نَصَبٌ وَمَاهُم مِّنْهَا بِمُخْرَجِينَ {48}

lan ingsun lebur sakkabehe rasa dendam kang dumunung ing atine,…. , serasa seduluran adu arep ing duwure  dipan-dipan….  Deweke ora angrasa kesel ing sakjerone,… lan deweke ora sepisan-pisan kausir .” (QS. Al Hijr: 47-48)

Mekaten gambaran pagesangan ing kampung akhirat ingkah kedah kita antu-antu…… kedah kita ajeng-ajeng,.. . kedah kita siapkaken saking sakniki,… . tapi tetep kita tansah waspada ngreksa ing pagesangan dunya niki kanti hal kang manfaat… taat syariat agama,…   mboten kepencut babagan kasenengan kang sedela (dunya)….  Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:

خِتَامُهُ مِسْكٌ وَفيِ ذَلِكَ فَلْيَتَنَافَسِ الْمُتَنَافِسُونَ

Tutupan ingkang wangi,…. Lan kang mangkono iku  supaya pada  lelomban.” (QS. Al Muthaffifin: 26)

Ananging tetep wonten ingkang aneh,… , katah  manungsa langkung ngatumakaken pagesangan dunya….., supep babagan akhiratipun.

  Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh :

كَلاَّ بَلْ تُحِبُّونَ الْعَاجِلَةَ {20} وَتَذَرُونَ اْلأَخِرَةَ {21  

Ananging,.. sira (he manungsa...) anresnani babagan dunya….  lan  ninggalkake (babagan pagesangan) akhirat.” (QS. Al Qiyamah: 20-21)

    

Ten mriki dipun kabarkaken seperangan manungsa lila  ngorbankaken fikiran tuwin tenaga ing dalan mburu nikmatipun  dunya kang ina,….   Saking wungu ngantos sare maleh…., katulis ing fikiranipun anamung “dunya”,…. supe babagan akhirat,…. Lila mburu babagan kanikmatan kang sedela,…  supe babagan tutupan ingkang sekeca… kampung akhirat…., padahal syariat hak ingkang agung,,. gampang sanget tumrap ingkang muda munapa dewasa,…  enteng sanget,…  ananging kok keraos abot,… keraos susah,… wonten kemawon babagan dunya ingkang dados alesan,…  wekdal ilang tanpa catetan ketaatan…..  innaa lillahi wa innaa ilaihi raaji’uun.

 

 Jamaah jum’ah rakhimaniy,..,.. rakhimakumullah,…

Nalika kita remen   ngaso sedela ing dunya….  Leren saking susahipun mburu urusan padunyan,….. .mugi kita tansah kemutan….  kedah kita upaya ngaso ingkang sakyektinipun,….  Kedah Slamet saking ujian dunya,….  Kasil saking katahe tuntutan kang amerdaya,….

Sampun kaukir ten dhadha,… bilih dunya dados papan mampir ngombe, mboten tujuan utama,…   Allah Ta’ala Dawuh:

تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَىْءٍ قَدِيرٌ {1} الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ {2  

Maha suci Pangeran kang ing astane sakkabehe kerajaan,….  lan Pangeran kang  Maha Kuasa ing atase sakabehe,…  kang andadekkake mati lan urip…., supaya Pangeran nguji sira…., sapa ing antarane sira kang luwih apik amale….. lan Deweke Maha Perkasa…..  lagi Maha Paring ampun…..,” (QS. Al Mulk: 1-2)

 

Bilih kita  bakal  diuji ing dunya niki supados jelas ing  antaranipun kita…. ingkang paling sae amalipun,… ingkang paling ikhlas.. Anderek tuntunan islam …  dados syarat mlepet suwarga ingkang jembare langit lan bumi… Mugi kita saget anglampahi  ujian  niki kanti saksae-sanipun,…, menerkaken ibadah ugi tumindakkipun,…. Nebihi sedayanipun kemaksiatan,….  Tansah ngupaya anderek tuntunan kanjeng nabi Muhammad ShollaAllahu Alaihi wasallam,…

 

Allah Subhanahu wa Ta’ala Dawuh :

أَحَسِبَ النَّاسُ أَن يُتْرَكُوا أَن يَقُولُوا ءَامَنَّا وَهُمْ لاَيُفْتَنُونَ {2} وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ {3  

Apa manungsa iku angira deweke dijarke  ngucap: “Aku iman”, ananging deweke ora diuji?Lan saktemen ingsun wus   nguji wong-wong kang sadurunge,….  mangka saktemene  Allah mirsani wong-wong kang bener lan Saktemene Pangeran Mirsani wong-wong kang dusta.” (QS. Al ‘Ankabut: 2-3)

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُهُ العَظِيْمَ الجَلِيْلَ لِيْ وَلَكُمْ، وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ

 

Khutbah II

اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ،.... الرَحِيْمِ الغَفَّارِ،.... أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ،....  وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ،.... وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ،.... وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار،.... صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار،.... وَإِخْوَنِهِ الأَبْرَارِ،.... وَأَصْحَابُهُ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار

 

Rasulullah shallalllahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:

أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، وَالسَّمْعِ وَالطَّاعَةِ وَإِنْ تَأَمَّرَ عَلَيْكُمْ عَبْدٌ، فَإِنَّهُ مَنْ يَعِشْ مِنْكُمْ فَسَيَرَى اخْتِلاَفاً كًثِيْراً. فَعَلَيْكُمْ بِسُنَّتِي وَسُنَّةِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ الْمَهْدِيِّيْنَ عَضُّوا عَلَيْهَا بِالنَّوَاجِذِ  *

Aku wasiatkake tumrap sira  kabeh  takwa dumateng Allah Ta’ala,….  tunduk lan patuh marang pemimpin…..  meski kang amimpin sira  sawijine budak(yaiku kawula asor),…  jalaran sok sintena kang urip  ing antarane sira (sak pungkure aku), mangka deweke bakal anyekseni akehe perselisihan….. sahingga wajib tumrap sria cecepengan kanti sunnahku lan sunnah Khulafaur rasyidin kang anggadahi pituduh, sira geget (gegem kanti kuat) kanti bam…. ” (HR. Abu Dawud dan Tirmidzi)

munapa ingkang diwasiatkaken dening kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bener-bener kedaden…..,   katah selisih paham…  kaget perkembangan zaman… ananging kedah cecepengan kanti ilmu …., kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring wasiat kedah anggegem pengkuh sunnah Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, sakniaso dereng saget sampurna sakniaso taksih katah kekirangan… kodrat tumrap piyantun islam,… sadar mawas diri,… syukur bilih mlebetipun syariat islam damel perubahan sae ing saben tidakkanipun,.. damel sae ing saben perkawisipun,.. damel tertib sowan angibadah ing saben dintenipun….  Ngupaya Jujur amanah manjing ing pikiran ugi sanubarinipun,…  ngalir ing pedamelanipun munapa kemawon  kanti ngupaya sae,…   

  إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا

أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.

 

 

 

0 Response to "Hakekat Urip Ing Dunya khutbah jumat bahasa jawa kromo inggil"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..