ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Kromo inggil Nikmat Dunya



Nikmat Dunia

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً......

 وَجَعَلَ لِلْوُصُوْلِ إِلَيْهِ طَرَائِقَ وَاضِحَةً وَسُبُلاً ........,

 وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ ,......

 شَهَادَةً نَرْجُوْبِهَا عَالِيَ الْجَنَّاتِ نُزُلاً ,.....

 وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ,.....

 أَقْوَمُ الْخَلْقِ دِيْنًا وَأَهْدَاهُمْ سُبُلاً ,...

 صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ , وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا

Amma ba`du,

Kaum muslimin rakhimani   rakhimakumullah…. .

Allah Subahanahu wa Ta’ala nyiptakaken kita,…  nyampurnakaken nikmat,  paring ujian munapa musibah, …. Paring ugi gangsar munapa keslametan saking baya….. Allah Subhanahu wa Ta’ala mratelakaken bilih manungsa dipun takdiraken ing  2 negari,... inggih menika negari dunya … kita kedah ngluru babagan pagesangan dunya kanti kuat lan mulya,… ananging ugi anetepi takdiripun  mlampah kanti kasaenan... ugi kabecikan... ugi kataatan syariatipun islam… ngumpulkaken sarana  nyeberang … dumugi negari ingkang langgeng…. Injih menika negari akhirat....

 

Negari dunya papan ngumpulkaken sedayanipun sarana keslametan dumugi negari akhirat…. Dunya ingkang dipun luru saben dintenipun,.. bakal dipun tilar dados bathang ingkang mboten manfaat…. Ing kahanan ikhlas munapa kapekso…. Ing kahanan sadar munapa supe,... pesti saben-saben manungsa nilarkaken pagesangan  dunya menika,…  ananging kanti qodrat  manungsa ingkang sehat,...  wajib tumrap saben manungsa ngupaya ing negari dunya niki kanti kuat,.. wajar,… ugi sadar,...  banjur tansah taat syariat islam ing saben tumindakkipun… ing saben kahananipun,… sahingga akibat saking sholatipun… becik ing saben wekdalipun,…  sakniaso katah manungsa supe… katah manungsa mlengos… kepencut gumegrahipun pepaesipun dunya…  wajib tumrap kadang muslim enggal sadar,.. cepet waspada,… gage ing kataatan... Allah Subahanahu wa Ta’ala paring dawuh,

إِنَّمَا مَثَلُ ٱلْحَيَوٰةِ ٱلدُّنْيَا كَمَآءٍ أَنزَلْنَٰهُ مِنَ ٱلسَّمَآءِ... فَٱخْتَلَطَ بِهِۦ نَبَاتُ ٱلْأَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ ٱلنَّاسُ وَٱلْأَنْعَٰمُ....  حَتَّىٰٓ إِذَآ أَخَذَتِ ٱلْأَرْضُ زُخْرُفَهَا وَٱزَّيَّنَتْ وَظَنَّ أَهْلُهَآ أَنَّهُمْ قَٰدِرُونَ عَلَيْهَآ أَتَىٰهَآ أَمْرُنَا لَيْلًا أَوْ نَهَارً....ا فَجَعَلْنَٰهَا حَصِيدًا كَأَن لَّمْ تَغْنَ بِٱلْأَمْسِ ۚ....... كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ ٱلْءَايَٰتِ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ

 

 

 

Artosipun:   “Saktemene parumpaman pagesangan  dunya iku,… kaya banyu (udan) kang ingsun tibakake saka langit,… banjur tumuwuh subur jalaran banyu iku sakkabehe tuwuhan ing bumi,. ing antarane kang dipangan manungsa lan kewan ternak…  menawa bumi iku wus indah sampurna,  amaesi kahanan.., lan kang baku karang sami ngira deweke sami anguasai…, kanti drajag tumeka adzab ingsun ing wektu dalu munapa siang,… banjur ingsun dadekake (woh-wohan iku)  kaya woh kang wus dipanen,… kaya-kaya durung pernah tuwuh wingi… Kang mangkuno ingsun pratelakake tanda-tanda kekuasaan (Ingsun) supaya wong-wong sami pada mikir.”

 

Dunya kagem ngumpulkaken sedayanipun keperluan jasmani,.. mekaten ugi dunya dados papan kagem ngumpulkaken sarana angadepi bacutanipun lampahanipun manungsa tumuju negari akhirat… endah gumegrahipun dunya dados ujian…. Cukup munapa mepetipun takdiripun rizki dados ujian… manungsa ngupaya ing dunya kanti wajar… wajib ngupaya taat ing saben tumindakkipun mboten kaget,.. angadepi ilmu tansah berkembang maju…. Gampil  sedayanipun,… ugi munggahkaken ketaatanipun,…. mboten gumun owah polahipun kahanan dunya,…  sahingga tetep sadar mboten limpe babakan bab haram… mboten nerjang syariat islam…  Allah Subhanahu wa Ta’ala berfirman,

ٱعْلَمُوٓا۟ أَنَّمَا ٱلْحَيَوٰةُ ٱلدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌۢ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِى ٱلْأَمْوَٰلِ وَٱلْأَوْلَٰدِ ۖ    كَمَثَلِ غَيْثٍ أَعْجَبَ ٱلْكُفَّارَ نَبَاتُهُۥ  ثُمَّ يَهِيجُ فَتَرَىٰهُ مُصْفَرًّا ثُمَّ يَكُونُ حُطَٰمًا ۖ    وَفِى ٱلْءَاخِرَةِ عَذَابٌ شَدِيدٌ وَمَغْفِرَةٌ مِّنَ ٱللَّهِ وَرِضْوَٰنٌ ۚ وَمَا ٱلْحَيَوٰةُ ٱلدُّنْيَآ إِلَّا مَتَٰعُ ٱلْغُرُورِ

Sira kabeh kudu mangerteni..,  saktemene panguripan ing dunya iki anamung dolanan lan dadi bab kang nglimpekake,… papan kang kebak rias lan pamer sungar ing antarane sira... sarta kumalungkung babagan banda lan anak, kaya udan kang andadekake taneman-taneman gumunkake petanine; banjur taneman iku dadi garing... lan sira weruh warnane kuning,dadi lebur... Lan ing akhirat (mengko) ano azab kang banget... lan pangapura Allah sarta ridha-Nelan panguripan dunya Iki ora liya kajaba kasenengan kang apus-apus.” (Q.s. Al-Hadîd/57:    20).

 

Sederek muslim rakhimanii wa rakhimakumullah,...

 Sakniaso ujian negari dunya niki santer banget... gumunkake banget,.. wajib kita tumrap saben tiyang muslim sadar wajar ing pagesangan,.. ngupaya kanti saestu babagan dunyanipun,.. tansah kanti cecepengan syariat islam ing saben detik-ipun,.. anyiapkaken wajaripun manungsa ten bumi,... katah disyukuri sekedik njih disyukuri,…  banjur tansah emut... tansah waspada babagan Negari akhirat ingkang dados cita-cita ingkang luhur... ingkang dipun cawiskaken dening Allah Subhana Wa Ta’Ala tumrap soksintena ingkang iman.., ingkang bener-bener naati perintahipun Allah sahingga temen panjenenganipun sampun ngestukaken janji ingkang ageng, langgeng, ayem, makmur lan lerem tanpo masalah....  katah masalah wonten ing bumi enggal dipun pungkasi supados mboten dados gondelan lampahanipun ingkang lanjut....

katah bebendu enggal dipun liwati kanti bismillah,... susah awratipun damelan tansah dipun barengi istighfar..... bilih damelan dunya bakal ditinggal kanti rena munapa ketenta,...  bilih  tansah ngatah-ngatahkaken kabecikan ingkang trep kalawan alQur’an tuwin Assunnah,.. Tansah  nutupi sedaya masalah kanti istiqomah... sekedik kanti sekedik ikhlas ngluru damelan ing dunya,…... banjur sak lajengipun... sekedik kanti sekedik tansah waspada netepi takdir bilih kedah ikhlas nilarkaken dunya,....  tanpa  srimpetan,.... tanpa masalah...

  

Allah Subhanahu wa Ta’ala paring dawuh,

فَمَن ثَقُلَتْ مَوَازِينُهُ فَأُوْلَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ. وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِينُهُ فَأُوْلَئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ فِي جَهَنَّمَ خَالِدُونَ

 

Sok sintena kang abot timbangane (kasaenan)ne, mila deweke iku kalbeu wong-wong kang untung. Lan sok sintena kang enteng timbangane,...  mila deweke iku kalebu wong-wong kang rugi turmap deweke,.. deweke ing sakjroning neraka jahannam. raine dibakar geni neraka, lan deweke ing sakjroning neraka iku ing kahanan kang cacat.” (Q.s. al-Mukminûn/23:    101-105).

 

Sederek muslim rakhimanii wa rakhimakumullah,...

Mangga kita  sami nindakkaken takwa sumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala,... mirsani dunya niki kanti sewajaripun.... tansah ngupaya berkah cukup… tetep tuwuh syukuripun,…  banjur ngaitkaken kanti akal,... anetepi qodrat manungsa.... tetep sadar takdir kita ing pagesangan dunya niki,... ampun ngantos nrusak pagesangan akhirat,.... sahingga kita estu estu dados tiyang ingkang taat.... sayahipun tetahunan ing dunya dipun wales katentreman....

sahingga ampun ngantos ngluru dunyanipun kewalesan tuna getun kanti pungkasan adzab,...  

 

  Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda,

لَمَوْضِعُ سَوْطٍ أَحَدِكُمْ فِي الْجَنَّةِ خَيْرٌ مِنْ الدُّنْيَا وَمَا فِيهَا

Saktemen papane teken sira ing suwarga,,.. luwih becik tinimbang dunya lan saisine.” (H.r. Ahmad no. 21732).

Pangandikanipun napun kanjeng nabi ingkang jujur kondang dipun dipercaya....mratelakaken bilih teken ing suwarga langkung becik tinimbang dunya sak isinipun...  wekdal kang ciut sanget mlampah tetahunan menika mugi kahasilkaken kasaenan.....

 

Mugi sabdanipun kanjeng nabi dados suntik sadaripun... bilih tansah ugi nyiapkaken sarana lanjut lampahan manungsa saking negari dunya tumuju nergari akhirat..... mboten keleleb  hawa nefsu munapa supe.....  mugi kita ngupaya takdiripun dunya ananging tansah ambekti dumateng Allah Ta’ala.... tansah ngupaya nilarkaken pratingkah-pratingkah dosa.... tansah ngrampungaken masalah padunyan.... netepi janji-janji..., bekti tiyang sepuh.... saha anyambung silaturahim......

  مَنْ عَمِلَ صَٰلِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُۥ حَيَوٰةً طَيِّبَةً ۖ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُم بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا۟ يَعْمَلُونَ

sok sintena kang nindakkake amal sholeh,.... lanang munapa wadon,.... ing kahanan iman, mila saktemene bakal ingsul paringkake tumrap deweke pagesangan kang becik lan saktemene bakal ingsun paringkake  walesan marang deweke... ganti ganjaran kang luwih becik saka apa kang wus deweke tindakkake.....” (Q.s. An-Nahl/16:      97)

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ , فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

KHUTBAH II

 

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا  مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا

 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ, اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِاْلإِيمَانِ وَلا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاَّ لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ

رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ

وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ,  

  

0 Response to "Khutbah Jum'at Bahasa Jawa Kromo inggil Nikmat Dunya"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..