|
|
|
MUQODIMAH
|
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ
Saktemene Sedaya syukur katur dumateng gusti Allah Subkhana Wata’ala
|
وَ نَسْتَعِيْنُهُ
|
|
وَ نَسْتَغْفِرُهُ
|
|
وَ نَعُوْذُ بِاللهِ
|
|
وَ مِنْ شُرُوْرِ
أَنْفُسِنَا
|
|
ومن َسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا
|
Lan saking alanipun ttumindak kita
|
مَنْ يَهْدِ اللهُ
|
|
فَلاَ مُضِلَّ لَهُ
|
Mila mboten wonten kang waget nyasarkake
|
وَ مَنْ يُضْلِلْ
|
Lan sok sintena kang dipun paring sasar dening pangeran
|
فَلاَ هَادِيَ لَهُ
|
Mila mboten wonten kang waget caos pitedah
|
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ
|
|
وَ أَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ
|
|
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ
سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ
|
Kawula muji dumateng pangeran muga pangeran
paring pangayoman saha kanikmatan kanti sholawat saha
salam kaatur dumateng
kanjeng rasul Muhammad Sholallahu Alaihi Wassallam
|
وَ عَلىَ اَلِهِ وَ
أَصْحَابِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
|
Lan tumrap keluarganipun saha shohabatipun
lan tumrap sok sintena kang anderek panjenengane kanti istiqomah ngantos dina akhir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
He wong-wong kang iman. Sira pada tumindakna
takwa dumateng gusti Allah kanti sakbener-benere takwa lan aja pada tilar
sawijine sira kajaba wonten ing kahanan muslim
Tanggung
jawab kaliyan kahanan muda-mudi dados
amanah kang ageng... Jalaran muda-mudi menika dados amanah kang dipun pikul dening tiyang muslim,.... sedaya tiyang
bakal dipun tangleti kaliyan samubarang kang dados amanahipun.. . Allah Subhanahu
wa Ta’ala ngendika,
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا قُوا
أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا
مَلآئِكَةٌ غِلاَظٌ شِدَادٌ لاَّيَعْصُونَ اللهَ مَآأَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ
مَايُؤْمَرُونَ
“he wong-wong kang iman sira pada ngreksa
awak ira dewe lan keluarga ira saka geni neraka... kang urup-urupe manungsa lan watu..... Penjagane yaiku malaikat-malaikat kang kereng lan buteng,.... lan ora tau ambangkang dawuhing Allah
ananging pada angestokaken apa kang didawuhake....” (QS. At-Tahrim: 6)
Kita wonten ing zaman kang kebak kanti mawarni karuwetan saha
pacoban kang sumebar, sahingga saking katahipun karuwetan saha pacoban,... sahingga bebendu saking tiyang-tiyang kafir
ningkat,... bebendunipun lumlebet ing
griya-griya kaum muslimin..... tiyang-tiyang kafir anggadahi kekarepan lunturipun agama kaum muslimin, nggoncang iman ipun, ngrisak
tatanan pagesangan,... nyumebarkaken karuwetan saha tumindak kang nyleneh ing
tengah kaum muslimin,... sahingga mboten
anyana-nyana deweke anindakken tumindak kang mboten trep malih kaliyan Islam,... anindakkake tumindak kang dipun larang
syariah islam...... sahingga deweke kenter,, katut wonten ing jurangipun bebendu tiyang-tiyang
kafir tanpa anyana....... Mugi gusti Pangeran Allah Subhanahu wa Ta’ala anjagi
keimanan, kapribaden, putra wayah kita, saha tatanan pagesangan kita.... saking
jurang-jurang kang dipun damel tiyang kafir....
Kaum muslimin, rahimakumullah
Menawa kita sadar tatanan
ing pagesangan sakmenika..... Tebih sanget kaliyan agama... tebih sanget kaliyan tumindak kang becik,... sahinga nyabut oyotipun akhlak kang sae,... saha lunturipun wates antaranipun kang bener tinimbang kang ala..... Mila nalika sampun katah mawarni
karuwetan, bebendu, kekufuran, munapa dene kemaksiatan....... Manungsa sampun supe
kaliyan kodratipun,... sahingga nalika kahanan menika kelantur.... ngancik kaliyan
wates sirnanipun pagesangan ing bumi menika.... Ananipun anamung karuwetan saha
ditambah karuwetan...... Mugi kita slamet kaliyan bebendu menika,... ngupaya slamet saben keluarga muslim... sahingga gampang ujian ing dunyanipun,..
kanjeng rasul SAW paring
pawulang: يَكونُ في آخِرِ هذِهِ الأمَّةِ خَسفٌ ومَسخٌ وقَذفٌ
"Bakal tumeko sakwijine dina nalikaخَسْفٌ:sirepe
bumi(yaiku bumi dipun walik dening gusti kados kahanan kaumipun nabi luth
ingkang dipun walik buminipun... munapa dene gempa kang ditandang sumatera nalika
rumiyin... munapa ingkan dipun tandang ing
jogja ing taun kapengker)...... ,ٌومسْخ:owahipun rupa(yaiku owahipun rupa manungsa kados dene
wanara, munapa dene babi)..., ٌوقذْف : lan udan watu"
فَقَالَ رَجُلٌ مِنْ الْمُسْلِمِيْنقِيْلَ :
يَارَسُوْلُ الله وَمَتَى ذَلِكَ ؟
banjur mucal sawijine tiyang : Duh kanjeng
rasul... munapa dene wektu niku?
قَالَ : إذَا ظَهَرَتْ القِيْناَتْ.... والمَعَازِفُ..... وَشُرِبَتِ الْخَمُور
Kanjeng rasul
ngendika: yaiku nalika kebak qonat(karuwetan,bebendu,menapa rusakipun tatanan
pagesangan)..., lan musik(kados dene putra-putri sakniki sami bebalapan sinau musik, tren sahingga tebih saking agamanipun, ngenes lumebet
wonten ing jurang kemunduran.. sahingga kados dene sakniki, ambela idolanipun ambela
kebasaanipun aluwih penting tinimbang mbela
agama, munapa sholatipun),...... lan di tambah malih yaiku nalika sumebar khomr/candu...
Kita
mersani kedadean sakniki, temen menika trep kaliyan pawulangan kanjeng rasul SAW.
ليأتينّقوممن أمتي يستحِلّون الحِر والحرير والخمر والمعازف
Bakal
tumeka saking umatku kang ngalalkaken
zina lan sutra kanggo kakung,... alkohol lan musik....
Kados dene kahanan ing sakniki, tiang kang
nglaksanakaken zina, kang semestinipun kedah dihukum cambuk munapa rajam
ngantos pejah, ananging malah dipundamelkaken papan kang kasebut lokalisasi. ngenesipun
tiang tumindak zina kasebut kanti pekerja... ditambah malih pentas-pentas kang ngumbar aurat... tata krama kang asor lan ina,....
Malahan Kahanan menika waget
lumlebet wonten ing sak jroning griya-griya tiyang muslim.... kados dene siaran-siran ingkang
intinipun ngrisak umat.... ananging siaran2 kala wau malah dipun tresnani dening
kaum muslim, sahingga romadhon ingkang kebak kanti ibadah bubar kanti nuruti
umumipun dipun sebarluaskaken.... Sahingga kanti mboten sadar deweke sampun ndamel awakipun sasar kanti
amalan kang njongkrongkaken ing neraka,, ,naudzubillah..... Mekaten jurang-jurang
enggal kang peteng banget,.... andadoskaken jiwa para
muda-mudi Islam kepencut kaliyan kerusakan, kebebasan munapa dene khamr....... sahingga anyebabkaken
akidahipun risak, prilaku nyimpang, saha rendah
kualitasipun..... Mboten wonten kerusakan kang langkung ageng tuwin langkung
mbebayani tinimbang racun-racun kang
nyekoki kaum muslimin ing griya-griya...., amarga
racun menika ambeta wasiat kerusakan.
Kaum muslimin, rahimakumullah
Nalika behaya sampun jelas, taksih kemawon putra-putri
kaum muslimin kanti jam-jaman malahan sakdawanipun dinten,..... ing ngajeng “tipi/gadget/HP” kang
nglebur awake kiyampak.... Deweke nyekseni caturan-caturan tiyang kang mboten bener... deweke nyekseni kanti paningalipun munapa ingkang kekatahe tiyang. Anak-anak anrima sedaya.Sahingga kanti dangune-dangu..... pikiran-pikiran kang mboten
becik wau rumasuk wonten ing awakipun bocah,... dados watakipun.... Dados pribadinipun....
Mila mboten kaget seperangan putra-putri
muslim owah aqidahiupn,... wantun marang tiyang sepahipun,..... lan mawarni kahanan kang
mboten sae..... Sahingga kita kedah milihkaken pendidikan kan sae lan tontonan ingkang langkung sae..... banjur dipun pejahi tipinipun hp-nipun nalika anjurus ing tatanan kang ala.....
Allah
Subhanahu wa Ta’alangendika,
فَلاَ تُطِعِ الْمُكَذِّبِينَ... وَدُّوا لَوْ
تُدْهِنُ فَيُدْهِنُونَ
“lan
sira aja manut mituruti wong kang podo maido (ayat-ayat Allah)..... Deweke pada
seneng yen sira iku laku lamis,.. banjur deweke nuli pada melu lelamisan.”
(QS. Al-Qalam: 8-9)
وَدَّكَثِيرٌ
مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَوْ يَرُدُّونَكُم مِّن بَعْدِ إِيمَانِكُمْ كُفَّارًا..... حَسَدًا مِّنْ عِندِ أَنفُسِهِم مِّن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ
“sak
akehe ahli Kitab seneng yen sira melu kafir
sak wise iman...., jalaran deweke drengki kang (tuwuh) saka awake , jalaran wus nyata tetepe kabecikan .” (QS.
Al-Baqarah: 109)
Mekaten
kahanan kang sampun pratelakaken dening gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala tumrap
kaum muslimin... Kedahipun kita ngeningkaken.. kita ngestokaken.. saha tansah waspada,... ananging saperangan kita ngestoni caturan tiyang-tiyang kafir.... munapa dene
caturan kekatahipun tiyang ingkang ngugemi nefsu,..... tinimbang firman Allah Subhanahu wa Ta’ala.... saha
marang munapa ingkamg dipun asta dening rasulullah...... Mugi Gusti Allah Subhanahu
wa Ta’ala maringi taufiq sarta hidayah tumrap kita lan sak kabehe kaum muslimin supados tansah
anyadari ...ngendingkaken,.. bebaya kang tansah didamel tiyang-tiyang kafir.... sesrawungan ala kadaripun,.... banjur tansah ngupaya sae ing keluarganipun muslim sedaya,... Sahingga kita mboten
kagiring margi ingkang mboten leres
Kepripun dukanipun gusti pengeran nalika kita
mboten sadar, …
Mugi-mugi kanti kita nekani ing wulan syawal niki,.. kanti tetepangan tumrap sanak kadang kita........ Saget
paring piwulang tumrap sanak kadang kita.... ngiatkaken tali paseduluran, saha Mugi-mugi kita saget njagi awak kita saha keluarga kita saking mawarni racun kekufuran, penyelewengan, kang mboten trep
kaliyan agama..... sadaripun tumancep kuat ngadepi asrunipun tatanan dunya kang mboten leres,... banjur ingkang dados pemimpin mugi dados damel daerah ingkang aman amanah jujur islami,.. sesarengan warganipun,.... ing riki dados pangajab wiji-wiji islam niku damel kesaenan,... banjur pacoban niku tumeka mboten kenyana,..
, فَا سْتَغْفِرُوْهُ أَنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله
لِي وَ لَكُمْ وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ
KHUTBAH KEDUA
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ
مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا
كَثِيْرًا
Kaum muslimin, rahimakumullah
Tiyang ingkang kersa
ngeningkaken berubahan,.... akibat saking tayangan-tayangan kang
disuguhkaken tiyang-tiyang kafir,....arupi budaya umbar aurat,,, munapa dipun mundurkaken nalar pemikiranipun masyarakat supados gampang dijajah,..... deweke bakal nemoni mawarni panyimpangan, kang
mboten kaitung,.... rusakipun akidah,... rusakipun paseduluran,.... polahipun,.. pikiranipun,.. munapa dene jiwanpun....
Kanti
nekani wulan syawal menika… mugi tansah katur syukur,.... banjur kita sampun anindakkaken salah satunggaling sunah...,
kita njagi hubungan paseduluran,...... saha tansah paring pawulang kang becik nalika ngadepi
mawarni masalah bebendu munapa ujian ing alam pagesangan ing dunya menika
تَعْبُدُ اللَّهَ لاَ تُشْرِكُ بِهِ شَيْئًا ، وَتُقِيمُ الصَّلاَةَ
، وَتُؤْتِى الزَّكَاةَ ، وَتَصِلُ الرَّحِمَ
“timindakna
pangibadah dumateng Gusti Allah,.. ajo tumindak syirik.... tindaknan shalat, zakat, lan anjagi tali
silaturahim.” (HR. Bukhari no. 5983)
مَنْ سَرَّهُ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ
فِى رِزْقِهِ ، وَأَنْ يُنْسَأَ لَهُ فِى أَثَرِهِ ، فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
“Sapa wonge
kang seneng dilapangke rizkine lan ditambah umure mila tumindakna silaturrahim.” (HR.
Bukhari no. 5985 dan Muslim no. 2557)
Ibnu ‘Umar radhiyallahu
‘anhuma berkata,
مَنِ اتَّقَى رَبَّهُ...، وَوَصَلَ
رَحِمَهُ......، نُسّىءَ فِي أَجَلِه... وَثَرَى مَالَهُ....، وَأَحَبَّهُ أَهْلُهُ
“Sapa
wonge kang takwa marang Pangeran,... nyambung silaturrahim... yekti umure bakal
didawakne... lan bakal digangsarke rizkine... sarta tuwuh katresna marang keluargane.......”
(Diriwayatkan oleh Bukhari dalam Adabul Mufrod no. 58, hasan)
Saking hadist ing
inggil nerangkaken,... nalika umuripun
dipun paringkaken tetepangan tumrap sanak
kadangipun ,.. damel bungah tumrap tiyang sepuhipun...... mila temen gusti Allah bakal
paring ganti wekdal umuripun tumrap deweke,...... saha paring ganti bandanipun ingkang sampun
dipun paringkaken tumrap sanak kadangipun.... mugi dados bentuk tawakalipun saben mukmin nyambung silaturrahim titiwanci menika,......
Mila hubungan paseduluran
tansah kita jagi,... amarga kekatahe umat sakniki takjub gumun kaliyan owah gingsire jaman,... kasile watakipun tebih kaliyan islam,..... tali
paseduluran ingkang islami lebur kanti mawarni bebendu...
إِنَّهُمْ يَكِيدُونَ كَيْدًا {15} وَأَكِيدُ كَيْدًا {16} فَمَهِّلِ
الْكَافِرِينَ أَمْهِلْهُمْ رُوَيْدًا {17}
“Saktemene
wong kafir iku gawe bebendu kang nyata..... Lan Ingsun wus gawe walesan pangreka
dayane wong-wong kafir.... jalaran iku, sira(Muhammad) kantekna sak wetara wae”
(QS. Ath-Thariq: 15-17)
Gusti
Allah sampun paring pepeling tumrap sedaya kawula-Nipun,..... supados mboten kepencut marang
tumindakke wong-wong kafir..... Tansah njagi paseduluran kang islami.... saha njagi
paseduluran ing masyarakat kanti ala kadaripun.... nalar ingkang kukoh sehat saget nyaring... sahingga mboten rumasuk wonten
ing perkawis ingkang anggiring kita ing neraka..
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ،
رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا
صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ،
وَأَصْلِحْ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ
ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِلْعَمَلِ
بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ.
0 Comments