ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Gerbang-gerbang ganjaran lan panglebur Dosa





Khutbah Jumat Bahasa jawa 

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
“يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ”.
“يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً”.
“يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً”
أما بعد
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rahimakumullah….
mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanti takwa kang sakbener-benere... temen manungsa sakniki kajebak ing urusan karubetan dunya materialistik katambah aneka macem lelaran jiwa tuwin asrunipun syaraf ingkang tuwuh saking nafsunipun..,   mugi kita tansah ngupaya satunggaling bab ingkang bisa anglipur perasaanipun.... Wiwar saking darita, tuwin anuwuhkaken perasaan tentrem ing manah.... tuwin perasaan dhedhepipun jiwa,.. tebih saking kasengsaran, giris, tuwin kuwur... Mboten mungkin manungsa bisa manggihi bab-bab mau ing lintunipun Islam tuwin ibadah-ibadah ingkang luhur,... ingkang dados terapi rohani ingkang mutlak, ampuh, tuwin mboten kaganti dening terapi materi…. Perlu kita mangertosi bilih ibadah ingkang anggadahi pengaruh ageng ing pagesangan, pengaruh ageng ing jiwa, pengaruh ageng ing badan injih menika shalat, …  sae shalat fardhu munapa shalat sunnah....   Shalawat sarta salam mugi tansah katur kagem nabi kita Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam..., keluarganipun, sahabat-sahabatipun, sarta pengikutioun ngantos akhir zaman....

Jamaah Jumat rakhimaniy wa rakhimakumullah
Katah nikmat-nimat saking Allah …,mboten kaitung.. ananging sekedik saking kita sadar,.. sekedik saking kita taat… sekedik saking syukur,…
Kita sami bade aninggalkaken dunya kanti kahanan diampuni dosanipun,.... mbeta katahipun anubawa lan mlebet suwarga, mangga sekedap kita mikirkaken…. sekedap kita ngeningkaken,… sekedap kita angrenungkaken...
Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh
إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ذَلِكَ ذِكْرَى لِلذَّاكِرِينَ
saktemene pratingkah-pratingkah kang sae iku nglebur  pratingkah-pratingkah kang ala. Kang kaya mangkono pepengit tumrap wong-wong kang eling. (QS. Hud: 114)

Ing riki katah amalan ingkang andatangkaken anubawa lan nglebur dosa....  Ingkang  sampun dipun paringi pawulangan deningg kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam kanti jalur hadist ingkang shahih:

  1. Taubat,
Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا تُوبُوا إِلَى اللهِ تَوْبَةً نَّصُوحًا عَسَى رَبُّكُمْ أَن يُكَفِّرَ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا اْلأَنْهَارُ
hei wong-wong kang iman…! Sira pada tindakna taubat marang gusti Allah kanti taubatan nasuhaa(taubat ingkang sakbener-benere,..… taubat ingkang sakestu-estunipun… sahingga nglahirkaken pratingkang luhur tuwin ketaatan ingkang inggil)... . Muga pangeran nutupi kesalahan-kesalahan sira lan nglebokake sira ing suwarga kang ngalir kali-kali ing ngisore.” (At Tahrim: 8)
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi medar sabda:
مَنْ تَابَ قَبْلَ أَنْ تَطْلُعَ الشَّمْسُ مِنْ مَغْرِبِهَا تَابَ اللَّهُ عَلَيْهِ
sok sintena kang mertaubat sadurunge mlethekke srengenge saka kulon,.. mila gusti Allah nampa taubate....” (HR. Muslim)
إِنَّ اللَّهَ يَقْبَلُ تَوْبَةَ الْعَبْدِ مَا لَمْ يُغَرْغِر
Saktemene gusti Allah  nampa taubate sawijine kawula, sadurunge nyawane nglewati gulune.” (HR. Tirmidzi kanti sanad shahih)

2.     hadir ing Majlis Ilmu (pengajian)
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
مَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللَّهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ
sok sintena kang niti dalan tumuju ilmu,... mila gusti Allah anggangsarkaken dalan suwarga.” (HR. Muslim)

3.     Dzikirullah
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
أَلَا أُنَبِّئُكُمْ بِخَيْرِ أَعْمَالِكُمْ وَأَزْكَاهَا عِنْدَ مَلِيكِكُمْ وَأَرْفَعِهَا فِي دَرَجَاتِكُمْ وَخَيْرٌ لَكُمْ مِنْ إِنْفَاقِ الذَّهَبِ وَالْوَرِقِ وَخَيْرٌ لَكُمْ مِنْ أَنْ تَلْقَوْا عَدُوَّكُمْ فَتَضْرِبُوا أَعْنَاقَهُمْ وَيَضْرِبُوا أَعْنَاقَكُمْ قَالُوا بَلَى قَالَ ذِكْرُ اللَّهِ تَعَالَى
apa sira gelem,.... ingsun duduhkake amalan kang paling apik, paling suci ing sisihe pangeran lan paling inggil derajate,.... luwih apik tinimbang nginfakkake emas kalawan perak..., sarta luwih apik saka ngadepi musuh banjur sira mejahi munapa sira tilar ing dalan Allah?” .......     Para sahabat njawab, “nggeh purun”, sliranipun paring sabda, “Dzikirullah.....” (Shahih At Tirmidzi 3/139)

Dzikirullah nyakup dzikir kang mutlak munapa muqayyad….. kados lafadz “Subhaanallah, al hamdulillah, laailaahaillallah dan Allahu akbar” (ing riwayat Muslim),.....

 munapa Dzikir muqayyad injih menika dzikir ingkang katentukaken syariat,  kados medal griya.., dzikir mlebet-medal masjid.., dzikir ngagem rasukan,... dzikir dahar,.. dzikir mlebet WC lan sakpituruse....

4.     Anindakkaken ingkang ma’ruf (perintah-perintah Allah) lan nuduhkaken tiyang sanes ing dalan ingkang leres
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
كُلُّ مَعْرُوفٍ صَدَقَةٌ
saben ingkang ma’ruf (kesaenan) kaitung sedekah.” (HR. Bukhari)

مَنْ دَلَّ عَلَى خَيْرٍ, فَلَهُ مِثْلُ أَجْرِ فَاعِلِهِ
sok sintena kang nuduhkake ing kesaenan, mila panjenengane kaparingan anubawa kaya ingkang nindakke.” (HR. Muslim)

5.     Maos Alquranul Karim
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
مَنْ قَرَأَ حَرْفًا مِنْ كِتَابِ اللَّهِ فَلَهُ بِهِ حَسَنَةٌ وَالْحَسَنَةُ بِعَشْرِ أَمْثَالِهَا لَا أَقُولُ الم حَرْفٌ وَلَكِنْ أَلِفٌ حَرْفٌ وَلَامٌ حَرْفٌ وَمِيمٌ حَرْفٌ
sok sintena kang maca sawiji huruf saka kitab Allah,... mangka deweke kaparingan sawijine kesaenan kanti huruf iku,... lan sawiji kesaenan iku ditikel tekokake dadi 10 ambalan...... Aku ora ngucap Alif laam miim iku huruf sawiji,........ ananging alif   huruf,.... lam huruf....  lan Mim huruf....” (HR. Tirmidzi)






6.     Sinau ngaji Qur'an 
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
خَيْرُكُمْ مَنْ تَعَلَّمَ اْلقُرْآنَ وَعَلَّمَهُ
Sak apik-apike sira  iku kang sinau Alquran  banjur ngajarkake.” (HR. Bukhari)

Jamaah Jumat ingkang dipun Rahmati dening gusti Allah….
 Katah sanget peluang…. Katah sanget amalan,…. Katah sanget sunnah…. ingkang nebus dosa…. ingkang nglebur dosa… Allah bukaken gerbang-gerbang pangapura jembar sanget.... lan amalan-amalan kang kang enteng….. kados dzikir kanti lenggahan munapa sinambi sambut damel,…  ing kendaraan, munapa nunggu antrian... sahingga sedaya ibadah sampun dipun atur,.. kanti gampil,… lan sampurna..… syariat kang gampil..... tanpa owahan malih tumrap kadang ingkang sadar…... mugi tansah Wening banjur  dipunlampahi kasaenan ing saben wekdalipun ing Dunya....
 بارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ.
 أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ،
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْد
ُ
mangga kita amanfaatkaken kautamen-kautamen niki,.... supados pepanggihan kalawan gusti Allah ing kahanan anerima buku catatan amal kita …. Kebak kanti amalan ingkang dipunkersakaken gusti Allah…. , trep kalawan pawulang-pawulang ingkang sampun dipun pratelakaken dening kanjeng rasulullah….
  katah sanget amalan ingkang saget kita tundakkaken wiwitan ingkang langkung gampil…  ingkang baken... sholat katetepkaken tumrap saben tiyang,.. mangga tansah ngreksa sholat kita….. ngreksa sanak kadang kita ing kasaenan.... 
إِنَّ بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكَ الصَّلَاةِ
“saktemene kang misahke antarane wong muslim lan syirik munapa  kufur injih menika aninggalkaken shalat.” (HR. Muslim no. 82)
  اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
  رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.  
 وَآخِرُ دَعْوَانَا
أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.


 

0 Response to "Gerbang-gerbang ganjaran lan panglebur Dosa"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..