Ngluru ilmu ing islam

Ngluru ilmu islam




  Khutbah Jumaat   bahasa jawa sigkat 
pentingnya ilmu






إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلىَ اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَ خَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ و كُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ


 Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
  Saben dinten Jum’at Khatib tansah wasiatkaken supados ningkatkaken takwa marang Gusti Allah kanti nindakaken sedaya perdintahipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanti estunipun takwa kita, pagesangan kita bade langkung tentrem tuwin tansah angsal ridhanipun gusti Allah s.w.t.
 
Sidang Jumaat rakhimakumullah,
  Kagem nyempurnakaken Islam, ilmu, saha iman kita, mangga kita sami tansah ningkatkaken pemahaman tentang islam kanti ilmu. Jalaran mawi ilmu, mboten saget sampurna iman tiang, ugi kosokwangsulipun, mawi iman saget nutup ati saking anrima kebenaran Al-Quran, kang kaasto  Nabi Muhammad s.a.w sahingga dados sumber ilmu kang Sampurna. ilmu dados anugerah kang ageng sanget kang diparingi Gusti Allah marang manungsa. Jalaran kanti ilmu, satunggileng tiang angsal martabat kang inggil, sarta terbebas saking sifat jahil. kados firmanipun Allah s.w.t ing surah al-Mujadalah ayat 11:
 يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Maksudnya: “…Allah bakal ngluhurake wong mu’min saka sira kabeh,.. apadene wong pada kaparingan ilmu, kalawan pirang-pirang derajat. Lan Allah iku Maha Waspada marang apa kang sira tindakkake.
 
bilih kita ngeningkaken kanti teliti, wonten kirang langkung 700 ayat ing Al-Quran kang nyebutkaken tentang ilmu... niki nunjukkaken pentingipun ilmu pengetahuan ing  pagesangan manungsa.
 
Firman Allah s.w.t ing surah al-Hajj ayat ke 54:
 وَلِيَعْلَمَ ٱلَّذِينَ أُوتُوا۟ ٱلْعِلْمَ أَنَّهُ ٱلْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَيُؤْمِنُوا۟ بِهِۦ فَتُخْبِتَ لَهُۥ قُلُوبُهُمْ ۗ وَإِنَّ ٱللَّهَ لَهَادِ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِلَىٰ صِرَٰطٍ مُّسْتَقِيمٍ
Lan supaya wong-wong kang kaparingan ilmu nyekseni bilih  ayat-ayat menika bener saka Pangeran ira,...  Banjur deweke iman kanti(ayat-ayat) iku, banjur taat marang Pangerane jalaran (aya-ayat) menika.
 
Munapa inggilipun ajinipun  tiyang ingkang kaparingan ilmu sahingga Nabi s.a.w Paring pangandikan,
  الْعُلُمَاءُ وَرَثَةُ اْلأَنْبِيَاءِ، إِنَّ اْلأَنْبِياَءَ لَمْ يُوَرِّثُوْا دِيْناَرًا وَلاَ دِرْهَماً إِنَّمَا وَرَّثُوْا الْعِلْمَ فَمَنْ أَخَذَ بِهِ فَقَدْ أَخَذَ بِحَظٍّ وَافِرٍ
“ Para ulama’ dados pewaris para anbiya.... lan temen ulama ura mariskake dinar munapa dirham.. ananging saktemene wariskake ilmu.. lan sok sintena ngluru kanti iku..  temen kaparingan bagian kang gede ’. (Hadis riwayat Ibnu Hibban)
 
Sidang Jumaat kang dirahmati Allah,

Ing titi wanci menika.. kita gesang ing kahanan teknologi ugi arus perkembangan ilmu kang cepet.... Ing titi wanci menika, kita tetepangan kalian ramenipun tiyang ingkang bebalapan madosi  ilmu....  Alhamdulillah menika dados kahanan kang sehat tuwin dipun perintahaken agami.... Ananging, kedah kita fahami munapa inti saking ngluru ilmu....! inggih menika supados Anggayuh ridhanipun pangeran ing dalan ngluru ilmu.... tuwin ngasilkaken bab kang sae,...  wonten aqidah - adab luhur ingkang perlu kita derekki.

Sepisan: Ikhlas niat namung jalaran Allah s.w.t. menawi ngluru ilmu,...  InsyaAllah kanti manah kang ikhlas, Allah bade anggampilkaken dalan supados anrima saha gampil mahami ilmu.

Kaping kalih: Matengkaken ilmu kanti tansah ngamalkaken ilmu ingkang dipelajari... Mboten rumaos cukup tuwin mandek saking pengaosan senajyan tamat saking satunggileng pengaosan secara resmi.... Perkembangan ilmu ingkang mboten batesan ugi fitnah akhir zaman menika meksa kita supados tansah lelomban kanti ilmu kang bener.... Menawi kita amalkaken, bade kita manggihi mawarni ilmu enggal,....

Kaping tiga: Pelajari ilmu saking ahlinipun. Kanti cara menika,.. kita kadidik menurut kaedah kang bener ugi luput saking penyelewengan... Jalaran Ing titi wanci menika, kita kepanggihan kaliyan masyarakat Islam ingkang terpeleset ing ideologi tuwin pemikiran kang luput.... Deweke nafsirkaken agami nurut kepentingan pribadi tuwin mboten kadedasar ilmu ingkang leres.  

Sahingga kanti andap asor,....  kita kedah mboten rumaos angkuh tuwin sombong kanti munapa ingkang sampun kita gadahi utawi kita ugemi...... Langkung sae kita tansah andap asor tansah konjem aqidah ingkang kuat.... Kedah kita imuti bilih  ilmu ugi kapinteran ingkang kita gadahi wujud rahmat ingkang saget kita tampi saking Gusti Allah Azza Wa Jala... Menawi kita mboten ngamalkaken ugi nularkaken ilmu ingkang kita gadahi,... yekti kita mboten bade dados insan ingkang guna.
 
cuplikan dawuh  Allah s.w.t ing surah Yusuf ayat ke 76:
  وَفَوْقَ كُلِّ ذِي عِلْمٍ عَلِيمٌ
"Lan saben kang berilmu iku ano kang luwih berilmu."
 
Sidang Jumaat kang dirahmati Allah,
 
Ilmu dados aset kang ageng tumrap kita.... Ing babagan menika, Nabi s.a.w paring pangandikan:
إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
”menawa mati anak Adam, pedot ganjaran amalipun kajaba tigang perkawis; sedekah jariyah, ilmu kang manfaat lan doa anak kang soleh." (Hadis riwayat Imam Muslim)

Imam Nawawi paring penjelasan, "Ilmu kang manfaat kang kasebut wonten ing hadis mau dipun maknani, munapa kang dilampai saksampunipun penjelasan, ingih menika pengajaran tuwin penulisan."

Kita itung, bilih kita nularkaken ilmu kang manfaat tumrap sanak-kadang kita, banjur deweke ugi nyumebarkaken ilmu niku tumrap tiyang sanes.... Menika nerangkaken katahipun manfaat kang sampun sumebar...  Mugi kita  kagolongan anderek ilmuan salaf... inggih menika para pepunden kita kang sampun katah maringi manfaat wonten ing pagesangan kita? Asma-asma kang luhur kados Imam Abu Hanifah, Imam As-Syafi’i tuwin para ulama kang inggil kang kasebut ngantos sakniki....  

Sidang Jumaat rakhimani wa rakhimakumullah ,
Kita kedah sadar bilih majunipun saha munduripun kelompok masyarakat sarta negari, tergantung, ing antawisipun, kemajuan ilmu pengetahuan masyarakat.... Masyarakat ingkang anggadahi ilmu temtu kemawon saget anglampahi saben pacoban kanti tabah tuwin wicaksana... Kita kiyambak sampun nyaksikaken. Kanti  keyakinan niki, mangga sami-sami kita berazam, niat ningkatkaten ilmu kita. Kita tuwuhkaken niat ngluru ilmu... anggayuh manfaat generasi sakmangke.... Mugi-mugi kanti upaya lan azam niki,... kita kalebet golongan kang nyumbang tuwin tansah nyebarkaken kesaenan.


KHUTBAH II

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
Jama’ah Jum’at rakhimaniy wa rahimakumullah,
 

Mekaten, mugi-mugi sekedik ingkang kawula maturkaken dados tambahipun seserepan kita sami,..  ugi nggugah kesadaran kita…. Sehingga kita tansah angisi saben kasaenan ing dunya niki…. Gusti Allah Dawuh,

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
Hei, wong-wong kang iman. Sira tumindakna taqwa marang gusti  Allah kanti sakbener-benere taqwa, lan sira ora mati kajaba pasrah ing dalan Allah Subkhana Wa Ta’ala. (Q.s Ali Imran: 102).

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وبارك عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
  الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ








Post a Comment

0 Comments