ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Khutbah Jumat Manfaatkaken Nikmat Pagesangan

Kumpulan Khutbah Jumat bahasa jawa

Nikmat Pagesangan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ:
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kita gesang ing dunya niki, kanti kawajiban  saking Allah subkhana Wata’ala  ngibadah tumekanipun pati. Kita gesang ing tigang mangsa. …..   mangsa ingkang kapengker  mboten mungkin kaulang malih…. Mangsa ingkang esok ingkang mboten kita sumerepi kanti pasti….. mangsa sakniki ingkang kita nikmati dados catetan ingkang saget kita pirsani ing dina akhir sak mangke… Allah berfirman, 
كُلُّ نَفْسٍ ذَآئِقَةُ الْمَوْتِ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلاَّ مَتَاعُ الْغُرُورِ
 Saben-saben ingkang gadahi nyawa bakal mati. Lan  saktemene ing dina kiamat kemawon disampurnakake pahala. Sok sintena kang di adohkake saka  neraka lan dilebokkake ing suwarga…   maka temen deweke wus untung. Panguripan  ing dunya iku kasenengan kang kang gawe daya. (Q.s. Ali Imran: 185)

            Nanggepi tumekanipun pati, kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sampun paring penjelasan tuwin nasihat. Mila supados  kita amanfaatkaken pagesangan niki sak-sae-saenipun,..   sakderengipun  tumekanipun pati….
Saking  hadits shahih, dipun riwayatkaken Imam Al-Hakim lan Imam Abu Nu’aim ing kitab Al-Hilyah,.. kanjeng Rasulullahshallallahu ‘alaihi wa sallam paring pawulang :
إِغْتَنِمْ خَمْسًا قَبْلَ خَمْسٍ
sira manfaatkake lima kahanan sakdurunge lima kahanan.

jalaran saben kesempatan mboten kaulang malih,..mekaten ugi sampun semestine saben tumindak dosa kalawan maksiat mboten kaulang malih,… sahingga… kita mersani kondisi sakniki kita nikmati  jalaran usaha kita ing mangsa sadurunge… ,… sahingga… kita mersani kondisi sakmangke kita nikmati ing akhirat…..  jalaran usaha kita ing dunya niki… jalaran ketaatanipun dumateng gusti Allah….. lempeng pengadegipun babagan agama….. sae  amaliyahipun ing masyarakat…. jalaran ingkang jenengipun iman,.. ingkang kawastanan iman,.. kedah dipun dedegkaken kanti rukun2 iman.. kedah dipun reksa kanti ibadah kalawan pratingkah,…  

jalaran wekdal niki tentu kemawon kewatesan. Sahingg trep kalawan ngendikanipun kanjeng rasulullah Sholallahu Alaihi wasallam=
   
حَيَاتِكَ قَبْلَ مَوْتِكَ
Sepisan. Pagesangan saderenge kematian.
Jalaran gesang ing dunya niki dados modal kita, niti dalan ingkang taksih dangu.. kanti nanem bibit amal-amal kasaenan ing dunya. Sahingga kita dados sangunipun  ing kampung akhirat sakmangke…. Dados bungahipun  ing kampung akhirat sakmangke….. pengadilan ingkang mboten luput saking sekedik amalan kita,… mboten luput saking sekedik   tumindak dosa kita,…. 

وَ شَبَابِكَ قَبْلَ حَرَمِكَ
Kaping kalih. Masa mudamu sadurunge mangsa tuamu.
Jalaran  mangsa muda, satunggaling tiyang tasih anggadahi awak ingkang kuat, sehat. Sahingga anindakkaken munapa ingkang dikarepkaken. Benten kalawan tiyang ingkang sepuh… mekaten ugi…. ampun jalaran nikmatipun awak,.. nikmatipun jasmani,.. nikmatipun rukhani… ing wekdal muda malahan tebih saking agama,.. tebih saking syariat,.. malah mlebet ing pratingkah ingkang kaluwihan,…   
وَ صِحَتِكَ قَبْلَ سَخَمِكَ
Kaping tiga. Kesehatanmu sebelum sakitmu.
Sehat dados nikmat ingkang ageng, kekayaan ingkang melimpah mboten saget nebus,... mboten saget nulungi,.. mboten saget mulihkaken,… kajaba awit kaparingan ijinipun saking gusti Allah Subkhana WaTa’ala… sahingga kanikmatan pedamelan ing mangsa sakniki ampun ngantos nebihkaken kita saking agama,.. nebihkaken saking ketaatan,… sahingga supe kalawan tumekanipun titiwancinipun nilarkaken papan dunya menika,..
وَفَرَاغِكَ قَبْلَ سَفَلِكَ
Kaping sekawan. Mangsa luangmu sadurunge mangsa sempitmu.
Kanti  anggunakaken mangsa luang kita... ngisi mangsa luang kita… nuli kita mboten katunan munapa kasemsem kalawan gumebyaripun dunya…  Sampun diwulangkaken dening kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam babagan wekdal ingkang luang menika, diriwayatkaken Imam Bukhari ing kitab Ar Riqaq,
نِعْمَتَانِ  مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ: الصِّحَّةُ وَالْفَراغ 
Loro kanikmatan, kang akehe saka manungsa angalami patunan lan katipu (kanti) loro kanikmatan iku. Yaiku kasehatan lan wektu luang.
Banjur kanjeng Rasulullah paring nasihat,
وَ غِنَاكَ قَبْلَ فَقْرِكَ
Kaping lima. Mangsa sugih mu sakdurunge mangsa fakirmu.
nalika satunggaling tiyang ing pusisi sae,.. ing posisi sugih, mila sampun dados kewajibanipun panjenengane bisa amanfaatkaken banda kang dipun paringkaken dening gusti Allah.... kagem nindakkaken kasaenan sadurungipun tumekanipun ajal, munapa sadurungipun tumekanipun dina kiamat… Jalaran ing dinten niku mboten artinipun malih samubarang ing dunya lintunipun syafaat saking gusti Allah Subkhana WaTa’ala…,
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا أَنفِقُوا مِمَّا رَزَقْنَاكُم مِّن قَبْلِ أَن يَأْتِيَ يَوْمُُ لاَّ بَيْعُُ فِيهِ وَلاَخُلَّةٌ وَلاَ شَفَاعَةٌ وَالْكَافِرُونَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Hee, wong-wong kang iman. Podo Belanjakna (banda ira ing dalan Allah) saka sebagian rezeki kang wus Ingsun paringkake tumrap ira kabeh sadurunge tumekane dina…  kang ing dina  iku ora ano bebakulan lan ora ano  kekancan ingkang akrab, ora ano syafa’at. Lan wong-wong kafir iku dadi wong-wong kang zalim. (Q.s. Al Baqarah: 254).
ing ayat ingkang sanes, gusti Allah paring dawuh,
وَأَنفِقُوا مِن مَّارَزَقْنَاكُم مِّن قَبْلِ أَن يَأْتِيَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُولَ رَبِّ لَوْلآ أَخَّرْتَنِي إِلَى أَجَلٍ قَرِيبٍ فَأَصَّدَّقَ وَأَكُن مِّنَ الصَّالِحِين
Lan belanjakna sebagian saka apa kang wus ingsun paringkake tumrap ira sadurunge tumekane ajal tumrap salah sawijine saka sira; banjur deweke ngucap, “Duh Gusti,…. munapa Pangeranora paring sela (ajal)kawula nganti  wektu kang cerat, sahingga kawula saget sedekah lan kalebu wong-wong kang shalih”. (Q.s. Al Munafiqun: 10).
 Ing wekdal menika getun,.. tangisan lan sedihipun mboten kaguna malih….. Mugi-mugi pepengit kalawan pepengit saking gusti Allah Subkhana Wa’Ta’ala damel tambahipun ketaatan,.. sarta ngendekaken kita saking mawarni kemaksiatan……
أقل قولي هذا و إستغفر الله لي و لكم إنه هو الغفور الرحيم
KHUTBAH II

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
Jama’ah Jum’at rakhimaniy wa rahimakumullah,
Sampun  kita persani, babagan ajal pesti anekani saben-saben manungsa… mugi kita tansah waspada. Mugi kita tansah angginakaken saben puteran umur kita kanti sak-sae-saenipun ketaatan. Kanti nuladani para sesepuh umat ingkang taat.
Imam Adz-Dzahabi anyebutkan kisah satunggaling sesepuh umat ingkang sae Ibrahim bin Mihran. Kasebut bilih Ibrahim bin Mihran dados tukang kayu ingkang taat...  nalika mireng  adzan kanti caket panjenenganipun nuhoni  timbalanipun Ilahi. Nalika kita mireng adzan dipun siarkaken kanti berjamaah, tumuju kebegjan lan kasuksesan ingkang nyata, kita tetep kemawon santai-santai…

Jama’ah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah..
Saben detik umur kita kita dipun suwuni pirsa,.. saben banda ingkang kita gadahi dipun suwuni pirsa..... mekaten ugi saben ilmu ingkang kita pahami tuwin tindakkaken.. dipun suwuni pirsa,…

hadits shahih kariwayatkaken   Imam Tirmidzi.., nerangkaken bilih kanjeng Rasulullah ngendika,

لاَ تَزُوْلُ قَدَمُ عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يَسْئَلُ عَنْ أَرْبَعِ: حَيَاتِهِ فِيْمَا عَفْنَاهُ وَعَنْ شَبَابِهِ فِيْمَا أَبْلاَغَ  وَ عَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ إْكْتَسَبَهُ وَ إلَى أَيْنَ أَنْفَقَهُ وَ عَنْ عِلْمِهِ مَاذَ عَمَلَ فِيْهِ
Ora owah suku sawijine kawula, ditakoni papat perkara. Babagan uripe, apa kang deweke gunakake kanti urip iku. Babagan  mangsa mudane, apa kang deweke tindakke kanti mangsa mudane. Lan babagan bandane, saka ngendi lurune lan ing ngendi dibelanjakke. lan babagan ilmune, apa kang diamalke kanti ilmu iku.

Mekaten, mugi-mugi sekedik ingkang kawula naturkaken dados tambahipun seserepan kita sami,..  ugi nggugah kesadaran kita…. Sehingga kita tansah angisi saben kesempatan ing dunya niki…. Gusti Allah Dawuh,

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
Hei, wong-wong kang iman. Sira tumindakna taqwa marang gusti  Allah kanti sakbener-benere taqwa, lan sira ora mati kajaba pasrah ing dalan Allah Subkhana Wa Ta’ala. (Q.s Ali Imran: 102).

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وبارك عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
  الْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

0 Response to "Khutbah Jumat Manfaatkaken Nikmat Pagesangan"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..