ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Pengaruh Dosa lan Maksiat tumrap Umat

Khutbah I
الْحَمْدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ الْجَنَّةَ وَالنَّارَ، وَخَلَقَ لِكُلِّ وَاحِدَةٍ مِنْهُمَا أَهْلاً وَأَصْحَابًا، وَجَعَلَ الْجَنَّةَ دَارَ أَوْلِيَائِه وَالنَّارَ دَارَ أَعْدَائِهِ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى خَاتَمِ رُسُلِهِ، وَأَشْرَفِ خَلْقِهِ، .... مُحَمَّدٍ صَلّا للهُ عَلَيْهِ وَسَلَام

Amma ba’du:
Jamaah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah…
 Allah sampun paring anugerah kang luar biasa tumrap umat niki… Allah Subhanahu wa Ta’ala paring titah tumrap umat  ingkang mbimbing tuwin mimpin… Allah amilih kagem nindakkaken risalah kalawan nindakkaken syariah… ing saben perkawis,.. ing saben wekdal,... ing saben papan,… banjur Allah paring janji pitulungan menawa umat niki purun caos tulung tumrap agama nipun… Allah Subhanahu wa Ta’ala paring janji  kamulyan tuwin kawijayan…. Menawa umat niki purun cecepengan kalawan Kitab Allah tuwin Sunnah Nabi-Nipun...
     Umat niki nate mimpin kalawan saget nguasani dunya kanti wekdal  mapinten abad-abad… banjur kahanan ingkang indah menika  dipuncabut… kahanan berubah kanti banget nggegirisi... Mesah-mesah islam sami ngepung.., katah musibah sami tukul…,  mawarni pacoban katambahah bencana ngalir tanpa mandek... banjur kahanan ingkang ngeneskaken…. lan kondisi ingkang giris sanget….  nggugah ati umat…. Menawa piyambakipun kalena kalawan kahanan… munapa caket enggenipun sadar kalawan mawas….
  Banjur munapa musibah ingkang katandang umat Islam niki? Munapa penyakit ingkang sami tukul ing atinipun umat Islam sahingga ing kahanan kapuruk lan ina….. ? munapa sebab ingkang andamel umat islam ing kahanan menika?   Ing kahanan dumunung wonten ing jurang ingkang jero sanget,…ing kahanan ing derajat asor sanget…...
      Sampun dados kesepakatan sedaya  tiyang muslim…. bilih,… penyebab sedayanipun jalaran katahipun dosa tuwin maksiat…. katetepan  Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mlampah ing jagad mboten kabantah malih,… sunnatullah (hukum alam)   jagat raya niki mboten saget kaganti…. Sunnatullah mlampah ing saben pribadi, umat kalawan bangsa mboten saget dirubah….. banjur umat ingkang mlampah kanti syari’at Allah mekaten ugi kanti anderek sunnah  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam,…. Pesti lancar gegayuhanipun,.. lancar urusanipun…. Jalaran Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah ambimbing, nulung lan mrihatoskaken uamtipun ingkang istiqomah… banjur menawa nglanggar perintah Allah,  nglanggar hukum-hukum agamaNipun,…. nilar Sunnah Rasul-Ipuna,…. yekti Allah paring jalur ingkang sasar… katambah sangsara ngantos panjenenganipun,.. purun mantuk ing jalur ingkang leres…. .temen  ina makhluk ingkang nyia-nyiakaken perintahipun, doraka dumateng Allah,…. Katah adzab kalawan musibah ingkang kalampahan saget dados pelajaran,… bilih menika katandang umat ingkang katah maksiat katandang umat ingkang doraka.
إِنَّ اللهَ لاَيُغَيِّرُ مَابِقَوْمٍ حَتَّى يُغَيِّرُوا مَابِأَنفُسِهِمْ
Yekti Allah ora ngubah kahnaan sawiji kaum sahingga deweke ngrubah kahanan kang ano ing awake... (QS. Ar-Ra’du :11)
وَمَآأَصَابَكُم مِّن مُّصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُوا عَن كَثِيرٍ
lan munapa wae musibah kang nandang ira kabeh,.. mila ika disebabkake  tangan ira dewe, lan Allah paring pangapura tumrap sebagian akeh (saka kesalahan-kesalahan ira). (QS. Asy-Syuraa :30)

jamaah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah
    temen tumindak  dosa lan maksiat iku andamel pengaruh ingkang kuat tumrap kesehatan badan kalawan ati... mekaten ugi damel kasialan nyata ing pagesangan umat kalawan bangsa.
munapa ingkang andamel Adam tuwin Hawa medal saking Suwarga ? munapa ingkang andamel Iblis diusir saking kerajaan langit,.. dikutuk, diubah wujud lahir kalawan batinipun, …. kaganti derajatipun…; saking celak dados tebih,  saking rahmat dados laknat,… saking endah dados ala, lan saking suwarga dados Neraka… ?
munapa ingkang andamel penduduk bumi kalelep, banyu nutupi pucuk-pucuk gunung ? munapa kang andamel angin topan ngleburkaken kaum Aad .. sahingga mati semrawutan ing inggile bumi kados wiwit  kurma kang rubuh,… mekaten ugi lebur sdayanipun,…  bangunan, taneman, wit-witan kalawan kewan ternak…. Sahingga dados pelajaran tumrap umat-umat sanesipun ngantos dinten Kiamat.?
   Katah hukuman-hukuman ingkang katandang tiyang-tiyang ingkang maksiat …. kados: cupet ilmu kalawan rizki,… ngraoskaken sepi kalawan sunyi…, ringkihipun ati kalawan badan,… sekedikipun raos taat kalawan icalipun berkah,… ina ing sisihipun Allah, rusak  akalipun, ringkih tekadipun, banjur atinipun dipun gembok, ilang cahya iman, lebur nikmat, banjur kaganti dening  petaka, raos ajrih, gether, giris,…. Banjur kasabung mawarni-warni azab, bencana, hukuman, kalawan darta ing dunya, ing alam kubur lan ing dinten Kiamat….
َكُلاًّ أَخَذْنَا بِذَنبِهِ فَمِنْهُم مَّنْ أَرْسَلْنَا عَلَيْهِ حَاصِبًا وَمِنْهُم مَّنْ أَخَذَتْهُ الصَّيْحَةُ وَمِنْهُم مَّنْ خَسَفْنَا بِهِ اْلأَرْضَ وَمِنْهُم مَّنْ أَغْرَقْنَا وَمَاكَانَاللهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلَكِن كَانُوا أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Mangka masing-masing (deweke iku) ingsun siksa disebabkake dosane, mangka ing antarane deweke ano kang insung timpalke tumrap deweke  udan watu lan ing anatarane deweke ano kang ditimpal kanti suara gede kang pekak banget,… lan ing antarane deweke ingsun urug ing sakjrone bumi,… lan ing antarane deweke ano kang ingsun keremkake, lan Allah sepisan-pisan ora nganiaya deweke, ananging deweke kang nganiaya awake piyambak... (QS. Al-‘Ankabut :40)
 Jamaah Jum’ah rakhimani wa rakhimakmumullah
    Sumangga kita sadar bilih sedaya karuwetan, musibah, penyakit-penyakit ganas, kemiskinan, banjir hebat, gempa bumi, letusan gunung, banjur kahanan-kahanan ingkang sanes  temen menika dipun sebabkaken saking  dosa-dosa manungsa kalawan sedaya tumindakkipun.
وَمَن يُعْرِضْ عَن ذِكْرِ رَبِّهِ يَسْلُكْهُ عَذَابًا صَعَدًا
Lan sapa wonge kang  mlengos saka peringate Pangeran, yekti bakal dilebokkake ing azab kang gede banget. (QS. Al-Jin :17)
أَفَأَمِنَ الَّذِينَ مَكَرُوا السَّيِّئَاتِ أَن يَخْسِفَ اللهُ بِهِمُ اْلأَرْضَ أَوْ يَأْتِيَهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لاَيَشْعُرُونَ أَوْيَأْخُذَهُمْ فِي تَقَلُّبِهِمْ فَمَاهُمْ بِمُعْجِزِينَأَوْيَأْخُذَهُمْ عَلَى تَخَوُّفٍ فَإِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوفٌ رَّحِيمٌ
Munapa wong-wong kang gawe makar kang jahat iku,  aman (saka bencana) diambleskake bumi dening Allah bebarengan deweke, munapa tumeka azab tumrap deweke saka papan kang deweke ora kira, utawa Allah ngazab deweke ing wektu deweke lelakunan, mila sepisan-pisan deweke ora bakal nolak (azab iktu), munapa Allah ngazab deweke kanti berangsur-angsur (nganti  binasa)… Mangka yekti Allah Maha Welas saha Maha Asih. (QS. An-Nahl :47)
Ayyuhal muslimun…!
Kita mersani ing sekita kita katah sumebar babagan lampahan dosa  maksyiat …. temen tumindakipun dosa lan maksiat iku sampun ngrisak Negara lan  masyarakat sahingga mlebet ing nalar jahiliyah,… mlebet  ing babagan akidah,…  akhlak … katambah ugi Praktik syirik…..  banjur ngenesipun tebih  saking ilmu… banjur ugi tebih saking Sunnah Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam …. Sahingga . Larangan-larangan Allah dilanggar,… tumindak dosa    berkembang ….,  mlebet   gang-gang.. mlebet ing griya-griya,… . ingkang kalangsungan  tanpa wates….
Temen parah tebih saking ilmu …... Laa khaula wala quwwata illa billah..! temen, umat Islam sampun kados asing.. sampun jarang ingkang blajar ,.. sampun sekeding ingkang paham,.. sampun sekeding ingkang imut,…..
 Allah Ta’ala dawuh :
إِنَّ رَبَّكَ لَبِالْمِرْصَادِ
temen Pangeran ira iku bener-bener Angawasi. (QS. Al-Fajr :14)
   manga kita imut,.. ugi tansah prihatin babagan kondisi umat niki… kanti tansah amelajari islam,.. ugi nindakaken kasaenan… ugi angajeng tuwuhioun Islam ingkang kuat, tuwuh ing ati lan atinipun sedanten muslimin… sahingga nyipta  generasi muda Islam ingkang kuat ..  prakasa… ing pagesangan… ugi kuat prakasa ing pemahaman….
بارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْوَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ،


Khutbah II
الحمد لله حمدا كثيرا مباركا فيه، والصلاة والسلام على سيد الأنبياء و رسله، وأقرب عباده، وعلى آله وصحبه أجمعين، أمابعد:
Amma ba’du:
Ibadallah!
 Manga sami takwa dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala…. Banjur perlu diningkaken maksiat iku ngrusak  mata ati,.. nyiksa badan,.. nistakaken umat,.. ngrusak jiwa… saha nglebur tatanan ing  masyarakat.

Ayyuhal ikhwah fillah! tanggung jawab nyegah maksiat menika ing pundak-pundak muslimin…  . Kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
  كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ  
“saben  sira iku pemimpin lan saben sira dipersani babagan kepemimpinane.” (HR. Al-Bukhari, 2554 dan Muslim, 1829 )
Saben muslim kedah ngluruskaken panjenenganipun, ngreksa keluarganipun, ndidik anak-anakipu. Banjur besik ing aqidah  tuwin akhlan ing masyarakat    


إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Saktemen Allah lan malaikat-malaikat paring shalawat dumateng  Nabi. He.. wong-wong kang iman, sira ngucapna shalawatlah marang  Nabi .. lan sira ngucap salam pangurmatan. (QS. Al-Ahzab :56)
اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
Dikutip dari buku : [Kumpulan Khutbah Jum’at Pilihan Setahun Edisi pertama, ElBA Al-Fitrah, Surabaya .Diposting oleh Yusuf Al-Lomboky]

0 Response to "Pengaruh Dosa lan Maksiat tumrap Umat"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..