PersiapanTumuju
Dina Akhir
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ,
وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا. مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.. صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ
وَصَحْبِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
. أمَّا بَعْدُ:
Hadirin jamaah Jumat rakhimaniy
wa rahimakumullah,
Mangga kita tansah kunjuk syukur dumateng gusti Allah Subhanahu
wa Ta’ala .... ingkang andamel pagesangan kalawan pepati...., nguji kawula-kawulanipun
sahingga benten antaranipun ingkang sae amalanipun ing antaranipun manungsa.... gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala,... Rabb ingkang anyipta sedaya manungsa... Banjur muliakaken ing antaripun kawula-kawulanipun ingkang taat... Mila,... temen bungah tiyang-tiyang ingkang nindakkaken takwa…. Kosokwangsulanipun.. temen tuna
tiyang-tiyang ingkang maksiat…. Shalawat kalawan salam mugi tansah katur
dumateng kanjeng Nabi Muhammad Shollallahu Alaihi wa sallam, keluarganipun, para
sahabat tuwin tiyang-tiyang ingkang tansah anderek ngantos dinten akhir...
Hadirin
rakhimaniy wa rahimakumullah....,
Mila kita sumerepi bilih
pagesangan ing dunya niki paribasan krethek ingkang dipunlewati tiyang-tiyang
ingkang gesang..... Saben tiyang niti banjur nilarkaken,… banjur tumuju pagesangan
ingkang sakjatosipun….. Gusti Allah Subhanahu
wa Ta’ala andadoskaken pagesangan ing dunya niki papan ngamal... banjur akhirat dados papan piwalesan amalan…. Mila saben tiyang ingkang
anindakkaken amal......., panjenenganipun mresani piwalesanipun... Banjur ngenes banget tiyang ingkang
supe bakal getun….. Saben tiyang ingkang anindakkaken pagesangan ing dunya niki wonten akhiripun... wonten
pucukipun... dinten piwalesan pesti tumeka,… banjur munapa ingkang kajanjikaken
niku celak banget. Mila,….. kita ampun gumun gumebyaripun pagesangan dunya ingkang kita lampahi niki,… sahingga supe
kalawan pagesangan ingkang sakjatosipun.... injih menika kampung akhirat sakmangke.
Sederek-sederek kaum muslimin
rakhimaniy wa rahimakumullah,
Perlu
kita emutkaken bilih pepaten sampun pesti
lampahipun…. Katandang saben-saben tiyang.... Pepatinipun amisahkaken awakipun
saking kaluarga, banda, sarta papan dunyanipun.... Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh,.. bilih ing antaranipun manungsa wonten ingkang kaparingan pitulungan...... tuwin kaparingan kabar bungah nalika ing akhirat,..... sarta wonten ugi ingkang
ngraoskaken perih ingkang banget..... Gusti Allah Subhanahu wa
Ta’ala sampun nerangkaken babagan tiyang-tiyang ingkang Bungah nalika kahanan
ing akhirat,....
تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ
الْمَلاَئِكَةُ أَلآتَخَافُوا وَلاَتَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي
كُنتُمْ تُوعَدُونَ . نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي
اْلأَخِرَةِ وَلَكُمْ فِيهَا مَاتَشْتَهِي أَنفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا
مَاتَدَّعُونَ
“Malaikat
pada mudun ing duwure deweke kanti ngucap.... , ‘sira aja wedi lan aja sedih lan temen
sira pada bungah ing suwarga kang wus dicawiskake dening gusti Allah tumrap
sira.......’ Ingsun dadi tetulung-tetulung sira ing dunya lan akhirat,... lan ing(suwarga)
sira kaparingan apa kang sira karepkake lan kaparingan apa kang sira suwun.”
(Fushshilat: 30-31)
Sakjatosipun,
kita sedaya ngajeng-ajeng kabar bungah saking malaikat maut nalika nyabut
nyawa kita..... Jalaran kanti niku.... saktunggaling tiyang amurwakani bungahipun pagesangan
ing alam akhirat…. Dipun awali saking kanikmatan ing alam kuburipun.... banjur
bakal terus kalampahan ing pagesangan kampung akhiratipun… gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun paring kanugrahan tumrap tiyang-tiyang ingkang tawakal sahingga
anrima tuwin anindakkaken syariat...... Inggih menika tiyang-tiyang ingkang tansah
ikhlas ing pangibadahan tuwin anderek pawulanganipun kanjeng Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam kalawan para ulama ingkang tansah
anderek…..
Ananging
tiyang-tiyang ingkang gumantung lintunipun dumateng gusti Allah Subhanahu
wa Ta’ala,.... Kesasar ing pangibadahan ingkang sasar.... Mboten anderek pawulangan kanjeng Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam….. mila
panjenenganipun kajulung siksa ingkang perih sanget... Saking awal pepatinipun ing
alam kubur sarta kahanan-kahanan
sakbanjuripun….
Jamaah jum’ah
rakhimaniy wa rahimakumullah,
Perlu kita sumerepi bilih pagesangan ing dunya niki wonten
pucukipun…. wonten akhiripun… banjur kacipta jagad kalawan leburipun jagad
wonten artosipun…. wonten maknanipun….. Jalaran mboten wonten artosipun nalika secuil gesang tetahunan niki banjur mati tanpa timbangan,.. tanpa piwalesan,,. Tanpa pengadilan,… banjur
lebur tanpa arti,…… ananging pagesangan niki temen wonten artosipun nalika
nindakkaken agami… wonten maknanipun nalika tumekanipun dinten leburipun bumi…..
Sedayanipun manungsa, ingkang paling awal kacipta ngantos ingkang terakhir kacipta dipunbangkitkaken
saking alam kubur…, sarta dipunkumpulkaken ing padang mahsyar…. Banjur pagesangan
akhirat pucukipun ing kalih papan,…. suwarga
munapa neraka:
كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا
بِمَآأَسْلَفْتُمْ فِي اْلأَيَّامِ الْخَالِيَةِ
“sira
mangan lan ngombe kanti bungah.. disebabke amal kang wus sira tindakke ing
dina-dina kang wus kejaden(ing bumi).” (Al-Haqqah: 24)
Ananging seperangan tiyang ingkang getun ing
akhirat banjur ngucap,
يَاحَسْرَتَى عَلَى مَافَرَّطتُ
فِي جَنْبِ اللهِ وَإِن كُنتُ لَمِنَ السَّاخِرِينَ
“Gede
Temen getunku ing atase awaku ninggalke(kewajiban) marang gusti Allah,.... lan aku kalebu
wong-wong kang ngolok-olok (agama gusti Pangeran).”
(Az-Zumar: 56)
Temen sambat…. Getun….. tetangisanipun…. ing
wekdal kala wau mboten manfaat malih,… banjur tansah katimbang saben
tindakkanipun… saben pangucapipun,…..
Hadirin rakhimaniy
wa rahimakumullah,….
Akhiripun,…. mangga kita bebalapan anindakkaken
amal shalih ing pagesangan ingkang caket cupet sauntara niki…. Ampun ngantos kita kalebet tiyang-tiyang
ingkang sombong sahingga mlengos saking hidayah ingkang sampun kita gadahi…. Ampun
ngantos kita kalebet tiyang-tiyang ingkang angutamakaken dunyanipun kalawan hawa
nefsunipun,…. Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dawuh,
فَأَمَّا
مَن طَغَى. وَءَاثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا . فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَى
. وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَى . فَإِنَّ
الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَى
“wong
kang angluwihi wates lan luwih angutamakake
panguripan dunyane, mila saktemene neraka papane...... Lan wong-wong kang wedi marang pangerane kanti
nahan saka hawa nefsune, mila temen suwarga papane.”(An-Nazi’at:
37-41)
Mugi-mugi gusti Allah Subhanahu
wa Ta’ala tansah paring hidayah tumrap kita….. paring
kekiatan kagem nilarkaken samu-barang ingkang mboten kaparingkaken dening
agama… ingkang mboten trep kalawan
agama,…. Banjur tansah kaparingan kekiatan tansah istiqomah,… sahingga kalebet tiyang-tiyang ingkang untung,.. teteg kukoh ing tumindak taat ugi kasaenan.... kaparingan suwarga-Nipun tuwin slamet
saking panasipun geni neraka…. Kaparingan secuil Rizki Dunya Niki.. saget kuat gampil Kanti pripun caranipun ngudi rizki ingkang halal barokah...
بارَكَ
الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا
وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ
ذَنْبٍ،
فَاسْتَغْفِرُوْهُ
إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH
II
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ,
وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا. مَنْ
يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ,
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.. صَلَّى
اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً
، أَمَّا بَعْدُ:
Ma’asyiral muslimin rakhimaniy wa rahimakumullah,
bilih saben amalan ingkang kalampahan dening
satunggaling tiyang mila akibatipun mantuk tumrap awakipun piyambak…. Sae arupa amalan kasaenan munapa amalan awon.
gusti Allah Ta’ala Dawuh,
مَّنْ عَمِلَ صَالِحًا
فَلِنَفْسِهِ وَمَنْ أَسَآءَ فَعَلَيْهَا وَمَارَبُّكَ بِظَلاَّمٍ لِّلْعَبِيدِ
“sok
sinten nindakke amal kang shalih, mila (pahalane) kanggo awake lan sok sintena kang tumindak jahat, mila
(dosane) kanggo awake.” (Fushilat: 46)
Hadirin rakhimaniy
wa rakhimakumullah,..
Ing saben-saben tiyang… salami
panjenenganipun taksih gesang,… sedaya tumindakkipun kacatet dening kalih malaikat saben dintenipun 24 jam,..,
إِذْ يَتَلَقَّى
الْمُتَلَقِّيَانِ عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ قَعِيدٌ . مَّايَلْفِظُ مِن
قَوْلٍ إِلاَّ لَدَيْهِ رَقِيبٌ عَتِيدٌ
“(Yaiku) loro malaikat nyatet amal lan pratingkahe,
malaikat ing tengen lan kiwane. Ora ano pangucap
kang diucapke kajaba ing cerake ana malaikat kang ngawasi kang terus hadir.”
(Qaf: 17-18)
Mila mangga kita tansah ngupaya
mawas diri,.. intropeksi diri… sakderengipun telas wekdal kita,… sakderengipun
telas nikmat ingkang paling akhir…. Ing dunya menika…… kanti nebihi pratingkah ingkang tebih saking ridhanipun gusti Allah Ta’ala,…... banjur tansah
anindakkaken sedaya perintah saking agama….
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ
عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمَ الدِّيْنِ،
اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ
وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ
الدِّينِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ.
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمِينَ
فِي كُلِّ مَكَانٍ.
اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا اْلبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ
هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ العِزَّةِ
عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ
الْعَالِمِينَ.
KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA KROMO INGGIL LENGKAP SATU TAHUN=
KAMULYAN PETANI - SHOLAT ING WEKTUNE - KANTI TAKWA GESANG GUMILANG
LIBERALISME BABAGAN BENCANA WATES MUSLIM KAFIR
PENINGGALAN HINDU BUDHA KAUM AD AL-QUR'AN ASSUNNAH
NGLURU ILMU SYUKUR NIKMAT KRISTENISASI
SADAR INSYAF - SHOLAT ING WEKTUNE SUGIH MBOTEN MISKIN
SUMBER RIZKI ISTIQOMAH SABAR SABEN WEKTU
AL-QUR'AN - ASSUNNAH 1 AL-QUR'AN ASSUNNAH 2 PEMIMPIN UMAT
TERAPI ATI WEKDAL MANFAAT GAYA HIDUP MUSLIM
IDUL FITRI 1 IDUL FITRI 2 IDUL FITRI 3
IDUL ADHA 1 IDUL ADHA 2 IDUL ADHA 3
LIBERALISME BABAGAN BENCANA WATES MUSLIM KAFIR
PENINGGALAN HINDU BUDHA KAUM AD AL-QUR'AN ASSUNNAH
NGLURU ILMU SYUKUR NIKMAT KRISTENISASI
SADAR INSYAF - SHOLAT ING WEKTUNE SUGIH MBOTEN MISKIN
SUMBER RIZKI ISTIQOMAH SABAR SABEN WEKTU
AL-QUR'AN - ASSUNNAH 1 AL-QUR'AN ASSUNNAH 2 PEMIMPIN UMAT
TERAPI ATI WEKDAL MANFAAT GAYA HIDUP MUSLIM
IDUL FITRI 1 IDUL FITRI 2 IDUL FITRI 3
IDUL ADHA 1 IDUL ADHA 2 IDUL ADHA 3

2 Comments
maturnuwun sanget,saged kangge kutbah wonten mesjid kulo,ijin copy nggih?
ReplyDeletesumangga... supados manfaati kagem kadang muslim sedaya..
ReplyDelete