Khutbah Jumat basa jawi Pengorbanan Pahlawan



إن الْحَمْد لِلَّه تَعَالَى نَحْمَدُه وَنَسْتَعِيْن بِه وَنَسْتَغْفِرُه وَنَعُوْذ بِاللَّه تَعَالَى مِن شُرُوْر أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَات أَعْمَالِنَا مَن يَهْدِى الْلَّهُ فَلَا مُضِلَ لَه وَمَن يُضْلِل فَلَا هَادِى لَه وَأَشْهَد أَن لَا إِلَه إِلَّا الْلَّه وَحْدَه لَا شَرِيْك لَه وَأَشْهَد أَن مُحَمَّداً عَبْدُه وَرَسُوْلُه
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ ) آل عمران(
﴿ يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً … ( النساء)
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا (70) يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا )71 ( ﴾) سورة الأحزاب(
أما بعد:
فإن أصدق الحديث كتاب الله وخير الهدي هدي محمد صلى الله عليه وسلم وشر الأمور محدثاتها وكل محدثة بدعة وكل بدعة ضلالة وكل ضلالة في النار.

Ma’ asyirol Muslimin Rakhimaniy wa Rahimakumullah

Wiwitan khutbah Jum’at niki langkung rumiyin mangga kita ngunjukkaken syukur dumateng Allah SWT.... jalaran rahmat tuwin inayah-ipun ing dinten menika kita waget nindakkaken shalat Jum’at ing Masjid menika, kanti suasana aman tanpa penjajahan…
Ing saben kita amringeti dinten Pahlawan, ing saben wekdal menika kita dipun engitkaken peristiwa-peristiwa ingkang awrat sanget tumrap masyarakat indonesia ingkang nalika  tanggal 10 November 1945… ing wekdal kala wau tentara wilanda ngupayakaken ngrebut negari Indonesia kanti amanfaatkaken tumekanipun tentara sekutu…...
Rakyat Indonesia ingkang nembe angumandangkaken kemerdekaanipun ing tigang wulan sak derengipun,... injih menika tanggal 17 Agustus 1945,.. mboten anrima tumekanipun tentara sekutu ingkang dibonceng tentara wilanda…. Kanti gaman ingkang sederhana ananging semangat ingkang inggil ngrumat kamardikan…….. para pejuang bilawani tentara sekutu ingkang nyerbu Surabaya kanti gaman ingkang luwih modern,….
Ing wekdal kala wau tuwuh semangat2 ingkang inggil amerangi   penjajah enggal kanti  jihad fi sabilillah..... angorbankaken banda tuwin tenaganipun sahingga katah ingkang gugur dados syuhada’ ing kahanan kala wau….. Sahingga ambuka pemahaman ingkang leres ing putra putri Indonesia bilih kemerdekaan menika kedah dipun jagi tuwin dipun rawat tuwin dipun nikmati kanti tekad ingkang luhur….

Ma’ asyirol Muslimin Rakhimaniy wa Rahimakumullah
 
Pengertian Pahlawan ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) injih mneika tiyang ingkang berjuang kanti sura sadira ambela kasaenan....… sahingga pahlawan injih menika tumrap saben tiyang, ing konteks kenegaraan/kebangsaan,...  pahlawan ingkang iman marang Allah subkhana Wa ta’ala ingkang amperjuangkaken kemerdekaan bangsa niki kanti margi Allah (fî sabîliLLâh).

kados wonten ing QS al-Baqarah: 154:

وَلا تَقُولُوا لِمَنْ يُقْتَلُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتٌ بَلْ أَحْيَاءٌ وَلَكِنْ لا تَشْعُرُونَ


"lan sira aja sepisan2 ngucap wong-wong kang amerjuang (gugur) ing dalan Allah iku mati saktemene panjenengane iku urip… ananging sira ora bisa ngrasakkake".


Saktemeniun para pahlawan ingkang amerjuangkaken kemerdekaan bangsa niki,.. ingkang kita kenal munapa ingkang mboten kita kenal, panjenenganipun gesang sisih gusti Allah lan gesang ing manah kita...

Ma’ asyirol Muslimin Rakhimaniy wa Rahimakumullah
 
            kanti dasar ikhlas satunggaling tiyang lila angorbankaken jiwa tuwin raganipun.... Wujud perjuangan ingkang tulus demi ngrumat kamardikan... Pengorbanan ingkang mboten kebanding..  Luhur niatipun para pejuang ing wekdal kalau tanpa anyuwun balas budi munapa pujian saking munapa kemawon...... Kanti semangat suci ambangun masyarakat ingkang anggadahi penikiran tuwin tatanan pagesangan ingkang luhur ....
sahingga kados lagu kebangsaan kita “Bangunlah jiwanya, bangunlah badannya!” kanti tujuan  ambangun jiwa sedaya tiyang kanti jiwa ingkang sehat,... sahingga andorong tumindak damel kasaenan. Ananging nalika ingkang sehat anamung  badanipun, mila sampun katah tuladha pemimpin ingkang bejat kalawan koruptor, saking kelas teri munapa kelas kakap, umumipun katindakkaken tiyang-tiyang ingkang sehat badanipun….

Ma’ asyirol Muslimin Rakhimaniy wa Rahimakumullah
 
Mangga kita engit malih bilih Bapak TNI kita,….. jenderal Soedirman, nalika amimpin perang gerilya badan sliranipun mboten sehat,… sliranipun nembe nandang gerah paru-paru ingkang kantun separuh…. Ananging  jiwanipun sehat nyulut jiwa satria sejati tumrap andahanipun…. Kanti  kepemimpinan sliranipun... sakniaso jasmani mboten sehat... ananging TNI kasil ambuktikaken tumrap masyarakat dunya.... bilih Republik Indonesia tetep eksis sakniaso kagempur deneng tentara walanda ingkang anggunakaken gaman ingkang langkung modern.

Ma’ asyirol Muslimin Rakhimaniy wa Rahimakumullah
 
            mekaten ugi kita waget nyumbang manfaat tumrap para generasi penerus kita... kanti nanem kasaenan ing wekdal menika..., kanti ngisi kemerdekaan niki kanti kasaenan... sae tumrap negari munapa tumrap masyarakat.... Mboten angrisak munapa angrugikaken negari lan warga.... Kita damel kasaenan semampu kita.... Kanti banda, ilmu lan fikiran, kekuatan lan tenaga kita,... jalaran Allah Ta'ala Dawuh:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
"Soksintena kang nindakkaken amal saleh, kakung napa estri ing kahanan iman, Mangka Saktemene ingsun bakal maringi tumrap deweke panguripan kang sae… lan Saktemene ingsun paring  walesan tumrap deweke kanti anubawa kang langkung sae saka apa kang wus deweke tindakke."(QS An Nahl : 97).

            Mekaten janji gusti  Allah menawa kita damel kasaenan tumrap negari niki..., gusti Allah bakal paring pagesangan kita ingkang langkung sae. Tebih saking bebaya, krisis, bencana, lan sanesipun... Kados para pejuang kemerdekaan ingkang damel kasaenan kanti ngorbankaken jiwa raganipun kagem  kamardikan lan kita nikmati kasilipun kanti sae.... Injih menika bebas saking penjajahan.... Banjur,.. sakniki,… tugas kita damel kasaenan, korban kagem negari niki sahingga gusti Allah nyawisakaken pagesangan ingkang sae tumrap putra-putri cucu kita... menawa  kosok wangsulanipun... Angisi kamardikan kanti hal ingkang dilarang dening gusti Allah,... Ngrusak tatanan masyarakat.... ngrusak hukum aturan keadilan..  Rusak alam.. temen bebaya kang tuwuh saking jiwa tanpa iman Niki... Deweke damel bibit bebaya... saget ngrusak kahanan lakunipun kita.... Banjur ingkang ngenes samangke mboten saget slamet saking sedaya murkaNipun pangeran...

Hadirin Jamaah Jumat rakhimaniy wa rakhimakmullah……
Watak manungsa  ngraos mboten  cekap kanti munapa ingkang dipun gadahi.... Banjur ngalalkaken sedaya cara kagem anggayuh..... Deweke ngisi kamardikan niki kanti adu sikut….  padahal deweke sedaya sedulur sebangsa…. Rusak nalarioun... sahingga tujuanipun namung  kepentingan pribadi munapa golongan.... numpuk bandanipun  piyambak... Menika mboten dipun wulangkaken dening kanjeng  Rasulullah Sholallahu Alaihi wasallam…………


hadits Abdullah bin Amr bin Al Ash Radiyallahu Anhu, Rasulullah Sallalah alaihi wasallam ngendika :

قَدْ أَفْلَحَ مَنْ أَسْلَمَ وَرُزِقَ كَفَافًا وَقَنَّعَهُ اللَّهُ بِمَا آتَاهُ
"Saktemene untung tiyang mlebet Islam, kaparingan rizki kang cukup, lan ngrasa cukup kanti apa kang gusti Allah paringkake".(HR. Muslim no. 1746. Ahmad no.6284). 


            Rumiyin Bung Karno paring pawulangan.., "Perjuanganku langkung gampang jalaran ngusir penjajah,... Ananging perjuanganmu luwih abot jalaran anglawan bangsamu dewe."

Hadirin Jamaah Jum’ah kang berbahagia,

 cukup mekaten khutbah jum’at Niki .. Mugi bisa dado bahan introspeksi kita... Dados warga negara Islam ingkang ngrumat negarinipun.... Ngupaya hukum-hukum adil kang luhur... trep aturan Islam kang Padang gamblang... ing nalika Dunya dipun kebaki pikiran nalar peteng..... Ananging Awit jaman rumiyin... Wiwit pikiran manungsa tasih peteng... Wahyu mandap tumrap umat... lumantaran kanjeng Rasullullah Shollallahu alaihi wassalam ingkang maksum.... Damel hukum aturan ingkang adil.... Padang... Gamblang.. ingkang Kedah dipun derekki kita sami.....


Jalaran Allah dawuh tumrap kita sedayanipun.... supados Sinau saking pengalaman zaman kepengker...  Banjur nerawang masa depan kang Padang  gamblang Kanti tatanan aturan adil....  Allah SWT dawuh ing surat Al-Hasyar ayat 18:


يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ
 

Artinya : “He wong-wong kang iman,.. sira takwa marang Allah.. lan saben awak nggatekkake apa kang wus ditindakke kanggo dina sesok (akhirat); lan sira takwa marang Allah, Sakyektine Allah Maha wikan apa kang sira tindakke.”

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُهُ العَظِيْمَ الجَلِيْلَ لِيْ وَلَكُمْ، وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ




KHUTBAH II


الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
 أَمَّا بَعْدُ


اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمَ الدِّيْنِ،
 اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ.
 اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمِينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ.
 اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا اْلبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
 رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ.
 رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ العِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالِمِينَ.









Post a Comment

0 Comments