sumber Oleh: Ade Hermansyah Bin Bunyamin
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى
يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً
كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ
وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَا
أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً
سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ
وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّابَعْدُ؛
فَإِنْ
خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ
صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ
مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي
النَّارِ.
Hadirin jamaah Jum’at kang berbahagia!
Wonten ing kesempatan Jum’at meniko, monggo kito renungaken salah satunggileng firman Allah ing surat Al-‘Ankabut ayat 2 lan 3:
Apa
manungso iku ngira deweke dijarke(wae)mucal: “Aku beriman”, nanging
deweke ora diuji maneh? Lan saktemene Aku wus nguji wong-wong kang
sakdurunge, mongko saktemene Allah mangertosi wong-wong kang bener lan
saktemene Deweke(Allah) mangertosi wong-wong kang dusta.
Ayat niki jelasaken tumrap kita bilih niki salah satunggileng konsekuensi/amanah pernyataan iman kito..., kito kedah siap angadepi
ujian ingkang dipun pratelakaken dening Allah Subhannahu wa Ta'ala marang kito,.. kangge
mbuktiaken kebeneran lan keseriusan kito ing pernyataan iman meniko..,
nopo teteg bener leres iman kito niku betul-betul tuwuh saking keyakinan lan
kemantapan ati,... utawi anamung melu-melu sarto mboten mangerteni arah lan
tujuan,.. utawi pernyataan iman kito didorong saking kepentingan sepele,
pengin angsal kemenangan lan mboten kersa ngatasi bebendu... kados ingkang
digambaraken Allah Subhannahu wa Ta'ala ing surat Al-Ankabut ayat 10:
Lan ing antarane manungsa ano wong kang mucal: “kawula pitados dumateng
Allah”, mongko menawi deweke dilarani(jalaran deweke iman) marang
Allah, deweke nganggep fitnah manungso iku dadi azab Allah. Lan temen
menawi pitulungan saka ngarsane Pangeran iro, yekti deweke bakal mucal:
“saktemene kita sesarengan njenengan.” Mboten sanes bilih Allah luwih
mangerteni apa kang ano ing dada manungso”?
Hadirin jamaah Jum’at kang berbahagia!
Menawi kito sampun nyatakaken iman.., saklajengipun monggo kito
ngajeng-ajeng manisipun buah iman ingkang kito gadahi.., inggih meniko Suwarga ingkang dijanjikaken Allah Subhannahu wa Ta'ala :
saktemene
wong-wong kang iman lan beramal shalih, mangka kanggo deweke yoiku
Surga Firdaus kang dadi panggonan tetep tumrap deweke. (Al-Kahfi 107).
Monggo kito bersiap-siap angadepi ujian awrat ingkang sampun dipratelakaken dening Allah
tumrap kito,... tuwin sabar nalikane ujian iku tumeko ing kito.... Allah
paring sindiran tumrap kito,... Ingkang pengin mlebet dados penduduk Suwarga mboten kersa nglewati ujian ingkang awrat....
Apo
siro kira bakal masuk Surga, nanging durung teko marang iro(coban)koyo
coban kang di turunake marang wong-wong sakdurunge iro? Deweke diwenehi
malapetaka lan kesengsaraan, sarto digoncang(mawarni-warni cobaan) sehinggo
ngendiko Rasul lan wong-wong kang beriman:“kapan tekane pitulungan
Allah?”podo imuto, saktemene pitulungan Allah iku celak sanget”.(Al-Baqarah 214).
Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam mratelakaken awratipun
perjuangan tiyang-tiyang rumiyin nalikaneipun mempertahankaken imanipun.., kados ingkang diwucal lumantar shahabat Khabbab Ibnul Arats Radhiallaahu anhu.
لَقَدْ
كَانَ مَنْ قَبْلَكُمْ لَيُمْشَطُ بِمِشَاطِ الْحَدِيْدِ مَا دُوْنَ
عِظَامِهِ مِنْ لَحْمٍ أَوْ عَصَبٍ مَا يَصْرِفُهُ ذَلِكَ عَنْ دِيْنِهِ
وَيُوْضَعُ الْمِنْشَارُ عَلَى مِفْرَقِ رَأْسِهِ فَيَشُقُّ بِاثْنَيْنِ
مَا يَصْرِفُهُ ذَلِكَ عَنْ دِيْنِهِ. (رواه البخاري).
... Temen wus kejaden marang wong-wong sakdurunge iro, ano kang disisir nganggo sisir besi(sehinggo) ngelupas daging saking tulang-tulang, ananging iku ora malingake saking agamane, lan ano kang digergaji nganti terbelah, nanging iku ora malingake saking agamane... (HR. Al-Bukhari, Shahih Al-Bukhari dengan Fathul Bari, cet. Dar Ar-Royyan, Juz 7 hal. 202).
monggo kita renungaken.., munapa ingkang sampun kita tindakkaken mbuktikakan iman kita..? cobaan munapo ingkang sampun kito alami nalikaneipun mempertahanaken iman kito...? Munapo kang
sampun kito korbanaken kangge memperjuangaken aqidah lan iman kito?
Menawi kito nggatekaken perjuangan Rasulullah Shallallaahu alaihi wa
salam lan tiang-tiang rumiyin ing mempertahanaken imanipun, lan
pengorbananipun ing memperjuangkan iman, deweke rela ngorbanaken harta
bendanipun, tenaganipun,.m pikiranipun,.. bahkan nyawanipun dikorbankaken....
Kito raoskaken bilih iman kito niki dereng apa-apanipun dibanding
imanipun poro pepunden kita.... salafus-sholeh.
Hadirin sidang Jum’at kang dimuliaken Allah!
ujian saking Allah mawarni-warni, sakmbotenipun enten 4 macam ujian ingkang sampun dialami para sesepuh(safus-sholeh) kito:
Engkang pertama:
Ujian kang awujud perintah kang musti dilaksanakaken, kados perintah
Allah dumateng Nabi Ibrahim Alaihissalam supadose nyembelih putranipun
kang disayangi. Niki dados satunggileng perintah kang betul-betul awrat
lan mungkin mboten masuk akal, menawi bapak kedah nyembelih anakipun
kang dipun sayangi, padahal anakipun mboten nglakukaken kesalahan
menopopun. Temen niki ujian kang awrat sanget sehinggo Allah ngendiko:
Saktemene iki bener-bener ujian kang nyoto. (Ash-Shaffat 106).
Lan saking mriki kito saget ningali kepripun kualitas iman Nabi Ibrahim
Alaihissalam kang bener-bener tahan uji, sehinggo kanthi ketabahan lan
kesabaranipun perintah kang awrat sanget saget dilampai.
Munapa kang ditindakke Nabi Ibrahim lan puteranipun dados pelajaran kang
berharga sanget tumrap kito,.. lan perlu kito tauladani, jalaran kadosto
kan kito raosaken ing saben dintenipun kito, katah sanget perintah Allah ingkang dianggep awrat kangge kito, lan kanthi saktumpuk alesan kito
berusaha mboten nindakkaken... Andadosaken contoh, Allah sampun paring
perintah tumrap poro wanita Muslimah supados ngginakaken
jilbab(pakaian ingkang nutupi aurat) sahingga temen benten antaranipun wanita Muslimah kelawan wanita musyrikah kados firmanipun
Allah:
Hai Nabi dawuha marang para garwairo, lan anakira wadon lan para bojone
wong Mu’min” “supaya pada nguluraken jilbab nganti nutupi tubuhipun”.
Kang mangkono iku supaya deweke luwih gampang kinaweruhan, jalaran iku
deweke ora diganggu. Lan Allah niku Maha Pengampun lagi Maha
Penyayang.” (Al-Ahzab, 59).
Ananging kito mresani taksih katah wanita Muslimah ing Indonesia khususipun mboten purun ngginakaken jilbab kanthi alasan kang katah,.. enten ingkang nganggep kampungan, ga modis, utawi nganggepipun bilih jilbab
niku bagian saking budaya bangsa Arab.. Niki pertanda bilih imanipun
dereng lulus ujian... Padahal Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam
sampun pawulangan tumrap para wanita kang ora gelem ngginakaken
jilbab:
صِنْفَانِ
مِنْ أَهْلِ النَّارِ لَمْ أَرَهُمَا؛ قَوْمٌ مَعَهُمْ سِيَاطٌ
كَأَذْنَابِ الْبَقَرِ يَضْرِبُوْنَ بِهَا النَّاسَ، وَنِسَاءٌ كَاسِيَاتٌ
عَارِيَاتٌ مُمِيْلاَتٌ مَائِلاَتٌ رُؤُوْسُهُنَّ كَأَسْنِمَةِ الْبُخْتِ
الْمَائِلَةِ لاَ يَدْخُلْنَ الْجَنَّةَ وَلاَ يَجِدْنَ رِيْحَهَا. (رواه
مسلم).
“Kaleh golongan saking ahli Neraka kang dereng pernah aku weruhi
sakdurunge, saktunggal kaum kang nggawa cambuk kados buntut sapi, kang
kanthi cambuk iku deweke mukul manungso, lan wanita kang ngginakaken
rasukan ananging telanjang berlenggak-lenggok menarik perhatian,
sirah-sirahipun kados punuk unta, deweke ora bakal masuk Surga lan bakal
ngambu wangine”. (HR. Muslim, Shahih Muslim dengan Syarh An-Nawawi cet. Dar Ar-Rayyan, juz 14 hal. 109-110).
Kang kaping kalih:
Ujian kang berbentuk larangan ninggalkaken kados kang dialami Nabi Yusuf
Alaihissalam kang diuji kanthi tiyang putri ayu..., istri pembesar ing Mesir kang ngajak zino,... lan kesempatan iku sampun sangat
terbuka,... Ananging Nabi Yusuf
Alaihissalam mbuktikaken kualitas imannipun, deweke saget lolos saking pagodanipun tiyang wadon niku...., padahal pemuda umumipun gadah hasrat marang
wanita. Niki artosipun deweke sampun lulus saking ujian imanipun.
Sikap Nabi Yusuf Alaihissalam niki perlu kito ikuti, khususipun tumrap
para pemuda Muslim ing wektu niki,..... nalika dalan-dalan maksiat diumbar tanpa isin gampang,... pelacuran sampun semebrak,... minuman keras lan obat-obat terlarang
sumambrah masyarakat,.. ngantos-ngantos anak-anak kang taksih sekolah
dasar sampun wonten kang kecanduan.... Zina sampun dados barang biasa
katandang para pemuda,... sehingga mboten gumun bilih saking hasil penelitian..,
bilih ing kota-kota gede remaja putri mboten perawan malih....
Akibatipun saben tiap tahun jutaan bayi diaborsi,.. utawi
dipejahi nalikane bayi lahir
.
Kondisi niki diperparah kanthi katahipun media cetak ingkang
lelomba.. mamerkaken aurat wanita,.. uga media elektronik kanthi
acara-acara ingkang dirancang kangge mbangkitaken gairah seksual remaja... Ing wektu niki sikap Nabi Yusuf Alaihissalam kedah konjem ing
dhadha pemuda Muslim.... Poro pemuda Muslim kedah tansah siap
siaga ngadepi godaan-godaan ingkang bakal nyeret anakipun ing jurang
maksiat.... Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam sampun njanjikaken
marang sinten kemawon ingkang nolak ajakan tumindak maksiat,... Panjenenganipun bakal kaparingan pangayoman nalikanipun dinten Kiamat sakmangke,... kados sabdanipun
Rasulullah :
سَبْعَةٌ
يُظِلُّهُمُ اللهُ فِيْ ظِلِّهِ يَوْمَ لاَ ظِلَّ إِلاَّ ظِلُّهُ ...
وَرَجُلٌ طَلَبَتْهُ امْرَأَةٌ ذَاتُ مَنْصِبٍ وَجَمَالٍ فَقَالَ إِنِّيْ
أَخَافُ اللهَ ... (متفق عليه).
“pitu(tiang kang bakal diayomi Allah nalikane dino kang ora ono
pengayoman kejobo pangayomanipun Allah,... lan wong Lanang kang diajak
wong wadon terhormat lan cantik, ananging deweke kondo” aku Wedi mring pangeran…” (HR.
Al-Bukhari Muslim, Shahih Al-Bukhari dengan Fathul Bari cet. Daar
Ar-Rayyan, juz 3 hal. 344 dan Shahih Muslim dengan Syarh An-Nawawi cet.
Dar Ar-Rayaan, juz 7 hal. 120-121).
kang ketiga:
Ujian kang berbentuk musibah kados penyakit, ditinggalaken tiang kang
disayangi lansaksanesipun. Satunggilen conto, Nabi Ayyub Alaihissalam
kang diuji dening Allah kanthi penyakit ingkang awon sanget... sahinggo mboten wonten setitik badanipun ingkang slamet saking penyakit niku kejobo
atinipun,... Sedanten bandanipun sirno mboten nilarkaken barang menopo kemawon.
kangge biaya pengobatan penyakitipun lan kangge nafkah awakipun,.. sedanten kerabatipun ninggalkaken awakipun..., namung awakipun lan
isterinipun ingkang setia lan madosaken nafkah kangge awakipun... Musibah
niki kalampaan wolongwelas tahun, nalikane ngancik ing wektu kang kritis
sanget.., banjur sliranipun ndonga marang gusti Allah:
“Lan
elingo nalikane hambaKu Ayuub ndonga marang Tuhanipun;” saktemene aku
diganggu syaitan kanthi kepayahan lan siksaan”. (Tafsir Ibnu Katsir, Juz
4 hal. 51).
Lan nalikane Allah merintahkaken dumateng Nabi Ayyub
Alaihissalam supados nggedrokkake sukunipun ing siti..., banjur medal saking
siti wau tuk.., banjur Allah amerintahkaken supados Nabi Ayyub ngunjuk toya niku,... saklanjutipun sirno akabehe penyakit ingkang wujud sisih
njero utawi jawi bandanipun..m. (Tafsir Ibnu Katsir, Juz 4 hal. 52).
Makaten
ujian Allah tumrap Nabi nipun, wektu 18 tahun ditinggalaken dening
sanak saudara nipun... dados dalan Pagesangan ingkang awrat sanget,... anangin ing
mriki Nabi Ayub Alaihissalam ambuktikaken tangguh kukoh imanipun,... mboten
sekedik sliranipun ngraosaken darita lan wonten niat ninggalaken imannipun..
Iman kados menika niki jelas mboten dipun gadahi kita... Malah
wonten sederek kita ingkang tega nyade iman.. banjur nglukir aqidahipun kanthi
sekantong beras lan sebungkus sarimi,... jalaran mboten tahan
ngadepi kesulitan urip ingkang mboten sepinten bilih dibandingake menapo ingkang dialami Nabi Ayyub Alaihissalam.
Sidang jamaah rahimakumullah
kang kepapat:
Ujian lewat tangan wong-wong kafir lan wong-wong ingkang mboten nyenengi
Islam..... Munapa ingkang dialami Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa salam tuwin
para sahabatipun terutami nalika taksih ing Mekkah, temen dados
pelajaran tumrap kita,... Imanipun diuji kanti mawarni-warni coban ingkang nuntut angorbankaken banda ngantos nyawa.... antaranipun munapa ingkang dialami Rasulullah ing akhir tahun kepitu kenabian, nalika
wong-wong Quraisy sepakat medot hubungan kaliyan Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam... sarto Bani Abdul Muththolib.. tuwin Bani Hasyim ingkang ngayomi.. kejobo yen kekalih suku niku nyerahaken
Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam supados dipejahi... Rasulullah
Shallallaahu alaihi wa salam.. kalebet tiyang-tiyang ingkang ambela
sliranipun... Sahingga dikurung tigang tahun, sliranipun Nandang luwenipun padaran lan
darita ingkang sanget... (DR. Akram Dhiya Al-‘Umari, As-Sirah
An-Nabawiyyah Ash-Shahihah, Juz 1 hal. 182).
menapa ingkang dialami para shahabat mboten kalah rekaosipun,... kados menapa kang dialami Yasir lan garwanipun... Ingkang asmo Sumayyah, tiyang sepuh kekalihipun dados tiyang ingkang sepisan ingkang pejah ing dakwah periode Mekkah. Uga Bilal Ibnu Rabah Radhiallaahu anhu ingkang dipeksa ngagem baju besi banjur dipepe ing padang pasir kang panas,... banjur diarak anak-anak alit keliling kota Mekkah... Banjur Bilal
Radhiallaahu anhu namu saget ngucap “Ahad, Ahad” (DR. Akram Dhiya
Al-Umari, As-Siroh An-Nabawiyyah Ash-Shahihah, Juz 1 hal. 154-155).
Lan kathah sanget kisah-kisah sanes ingkang mratelakaken inggih pengorbanan lan
darita ing berjuang ing iman... nanging darita meniko mboten sekedik nglunturkaken semangat Rasulullah lan para
shahabatipun... Ngantos titi wanci sakmenika dakwah lan nyumebarkaken Islam...
Musibah ingkang dialami sederek-sederek kito umat Islam ing ngendi papan
kemawon... jalaran dengkinipun wong-wong kafir,.. dados ujian umat Islam.., sekaligus pelajaran tumrap umat Islam ing
daerah-daerah sanesipun... Umat Islam ing Indonesia
khususipun diuji kepripun ketahanan imanipun angadepi serangan
tiyang-tiyang ingkang sengit Islam.... Ing negari ingkang mayoritas pendudukipun
non Muslim enten pembantaian kaum Muslimin, ribuan nyawa sampun
dados tumbal.., kalimat aqidah jejek ngucap: ( Laa ilaaha illallaahu ) لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ,.. damel kuat.. kados dikisahkaken dening Allah ing surat Al-Buruj ayat 4 - 8:
“Hancur lan dilaknat wong-wong kang gawe jugangan, kang ano genine
ngalab-alab(dinyalakan dengan) kayu bakar, nalika wong-wong mau ngubengi
geni ing sak pinggiring jugangan. Lan wong-wong mau dadi saksi ing
tindake dewe tumrap wong-wong mu'min(kang dilebokake ing jugangan. lan
deweke ora podo nyiksa wong-wong mu'min, kajobo mung jalaran wong-wong
Mu'min iku iman marang Allah Kang Maha Perkasa lagi Maha Terpuji”.
Peristiwa niki mungkin bakal diulang malih,.. selami dunyo muniko taksih
jejek.., selami amanah mulangkaken haq ing nginggile bathil tansah lanjut.., ngantos
tekanipun wekdal ingkang sampun ditentukaken Allah Ta'ala...
Kito ngaturaken donga mugi-mugi sederek-dsederek kito ingkang gugur ing
dalan njagi aqidah tuwin imanipun.., dicatet kadosipun para syuhada ing
ngarsanipun Allah... Amin... Mugi-mugi umat Islam ingkang wonten ing sanes
daerah,... saget mendet pelajaran saking mawarni-warni peristiwa,.. sahinggo
kito mboten supe.. mboten lena... nalikane merangi pemikiran-pemikiran tiyang-tiyang kafir... lan tansah cecepengan teguh kaliyan ajaran Allah.... sarto tansah siap sedia
nalikane tumekanipun wektdal berkorban... Ngreksa lan nginggilaken ajaran islam,... jalaran meniko salah satunggileng lantaran ngadumugikaken pitulungan Allah
tumrap kito sami.., ngendikanipun Allah.
“Hai wong-wong kang iman.., umpama siro nulung(agama) Allah,.. yekti Allah bakal nulung sira kabeh.. banjur neguhake derajat ira”. (Muhammad: 7).
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ. وَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ
الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ فِيْهَا سِرَاجًا
وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وأََشْهَدُ
اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وُرَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ
بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيَا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا
مُنِيْرًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ؛
يَا
أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا
قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِمَا
تَعْمَلُوْنَ.
Hadirin jamaah Jum’at yang dimuliakan Allah!
Dados tiyang-tiyang ingkang sampun nyatakaken iman..., kedah nyiapkaken diri
nampi sedoyo ujian ingkang pratela,. sarto kito kedah yaqin bilih ujian dados tanda taat ing kawulanipun,.. kados
sabdanipun Rasulullah Shallallaahu alaihi wa salam :
إِنَّ
عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلاَءِ وَإِنَّ اللهَ إِذَا أَحَبَّ
قَوْمًا اِبْتَلاَهُمْ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا وَمَنْ سَخِطَ
فَلَهُ السُّخْطُ. (رواه الترمذي، وقال هذا حديث حسن غريب من هذا الوجه).
“saktemene
gedene pahala sepadan karo gedene coban(ujian), lan saktemene Allah
nyayangi satunggil kaum kanthi ujian,sapo wonge kang ridha mongko
deweke angsal keridhaan Allah, lan sapo wonge nesu mongko kanggo deweke
murkanipun Allah”. (HR. At-Tirmidzi, dan ia berkata hadits ini hasan
gharib dari sanad ini, Sunan At-Timidzy cet. Dar Al-Kutub Al-Ilmiyyah,
juz 4 hal. 519).
Mugi-mugi kito sedoyo dipun paringi teteg teguh kukoh tuwin kesabaran.. ing sedanten ujian Dunya ingkang kito tandang sakmangke. Amin.
إِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ
الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ وَرَضِيَ اللهُ تَعَالَى
عَنْ كُلِّ صَحَابَةِ رَسُوْلِ اللهِ أَجْمَعِيْنَ.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَ
أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَصْلِحْ وُلاَةَ
الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ
بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ
لِلْعَمَلِ بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ.
اَللَّهُمَ لاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا بِذُنُوْبِنَا مَنْ لاَ يَخَافُكَ فِيْنَا وَلاَ يَرْحَمُنَا.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
Sumber:
www.alsofwah.or.id/khutbah
Posted By http://ichsanmufti.wordpress.com
KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =

0 Comments