Khutbah Jum'at bahasa Jawa Krama Inggil
Tahun baru 2026 2027 2028 2029 2030
اَلسَّلَا مُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ
وَبَرَكَاتُهُ
الْحَمْدَ ِللّٰهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِن
سَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللّٰهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا
شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ،
قَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِي الْقُرْآنِ
الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، يَاأَيّهَا
الّذَيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِإِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَقَالَ،يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى
اللّٰهِ تَوْبَةً نَصُوحًا ، عَسَى رَبُّكُمْ أَنْ يُكَفِّرَ
عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ
جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ،
صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيْمُ، أَمَّا بَعْدُ
Hadirin sidang Jumat ingkang
dirahmati Allah SWT
Puji - syukur alhamdulillah kunjukkaken mring pangeran... Allah SWT,…. Kanti panaringan rahmat, hidayah, lan inayah,…
kita tasih ngraoskaken nikmat iman tuwin nikmah Islam,…. kita tasih kaparingan
sehat,.. umur, ugi kekiatan, kesadaran,…. sahingga ati niki tansah emut aturanipun
pangeran,.. syariat ageng nindakki
kewajiban ing dinten jum’at kebak berkah niki……, mugi kita tansah saget istiqamah
ngantos tutukke umur sakmangke…. Amin ya Allah, Amin rabbal-alamin.
Shalawat saha salam mugi katur dumateng kanjeng Nabi Muhammad
SAW... tansah ugi lumeber tumrap keluarga tuwin para sahabatipun,.. sarta tumrap
ingkang tansah ngajeng-ajeng ridho ugi syafaatipun, Amin ya mujibassa’ilin.
Hadirin sidang jumah ingkang
dirahmati Allah SWT
Catetan 2025 ilang kaganti catetan 2026…. Setunggal tahun ilang tanpa kaulang malih,…
sae catetan sae munapa ala,… sampun katulis garing,… banjur kedah kita maknani
ampun ngantos lebur muspra,.. jalaran wektu aji banget kangge ngukir cerita ingkang
sae,…… proses ingkang dangu manungsa sahingga langkung wicaksana,… pinter
anggayuh Kasuksesan……. Tiyang muslim
ingkang sadar kedah Sukses duniawi ingkang sedela menika… kedah sukses akhirat kanti mawarni ujian
susah munapa aneka warna..
Adedasar wiji-wiji islam niki
lumebet ing pikiran nalar manungsa.. saget nimbang lan nimbang kesuksesan dalan
ingkang padang gumebyar… antaranipun ingkang aw Tinimbang ala... Antaranipun ingkang halal Tinimbang harom..
وَمَا هٰذِهِ الْحَيٰوةُ الدُّنْيَآ اِلَّا لَهْوٌ وَّلَعِبٌۗ....
وَاِنَّ الدَّارَ الْاٰخِرَةَ لَهِيَ
الْحَيَوَانُۘ لَوْ كَانُوْا يَعْلَمُوْنَ
''saktemen dunya niki mbote sanes,… anamung guyonan lan dolanan….
Sakyektine negeri akhirat iku negeri kang sakbenere…. Umpama deweke pada ngerti'' (QS al-Ankabut: 64)
Bilih wektu tansah mlampah, mboten kaulang…. Manungsa dipeksa
sadar ing saben detikipun.. Ing kondisi lila munapa mboten,.... wektu tansah
mlampah ampun ngantos katulis guyonan munapa dolanan,… sahingga temen tuna ingkang wekdalipun
dikebaki kanti samubarang ingkang mboten manfaat….. temen getun tetangisan
mlampah tetahunan tanpa sadar,….
حَتّٰٓى اِذَا جَاۤءَ اَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ رَبِّ ارْجِعُوْنِ ۙ...... لَعَلِّيْٓ اَعْمَلُ صَالِحًا فِيْمَا تَرَكْتُ.....
كَلَّاۗ اِنَّهَا كَلِمَةٌ هُوَ
قَاۤىِٕلُهَاۗ وَمِنْ وَّرَاۤىِٕهِمْ بَرْزَخٌ اِلٰى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ
“(kang mangkono kahanan wong-wong kang mlengos).. nalika
tumeka pati tumrap deweke.., deweke ngucap: "duh pangeran.. kawula pengin
balik (ing dunya),…. supaya aku andamel amal saleh kang wus katinggalke….. Sepisan-pisan
ora bakal….. Saktemene iku anamung pangucap…. Lan ing sak ngarepe ana tembok
tumeka dina dibangkitke.” (QS Al-Mu’minun: 99-100)
Hadirin sidang Jumat ingkang
dirahmati Allah SWT
Imam Al-Ghazali paring pawulangan, nalika satunggaling tiyang
bikut babagan mboten manfaat ing dunya,…. Yekti deweke ngukir patuna kang gede….. ( Kitab Ayyuhal Walad)
"tanda bilih Allah ta'ala nilark kawulanipun,,,, kawula wau sibuk babagan kang mboten faedah... Nalika satunggaling wekdal tiyang telas tanpa ibadah,.. mangka sampun pantes deweke nampa patunan
tanpa wates”
2026 miturut itungan masehi,… rajab 1447 H ing tahun islam…
wekdal 24jam sedinten kedah digunakken
kanti sae,… banjur disuwuni tanggungjawabipun saben tumindakkake sakmangke,..
tumindak dados manungsa rendahan munapa dados pemimpin ingkang temen awrat
tanggungjawabpipun,…. Tansah waspada
saha ishlah (damel kesaenan).
Syekh Ahmad ibnu
Atha'illah as-Sakandari (kitab Alhikam)
paring pawulangan:
"wonten umur dawa ananging manfaat kurang…. Wonten umur cendak
ananging manfaat melimpah."
Mugi kita manfaatkaken
wekdal kanti kaatan kasenan.., mboten ngisi kanti samubarang ingkang mboten
manfaat... Amiin. Wallahu a’lam bisshawâb.
sadar babagan wekdal mboten nate kaulang,,,,. Mboten wonten pilihan sanes kajaba kaisi
kanti kataatan kasaenan ingkang manfaat…. wekdal ingkang sejatinipun nunggu wekdal,.. kamangka kita mboten sumerep kapan wekdal niku,… urip
ingkang tansah muter,.. Kanti paribasan cakra manggiling..... ujian ganti ujian,.. bungah ganti
bungah,… sekedik nembe sekedik ilang,…
ingkang dados pimpinan ing wekdal sakmangke bakal dados warga,…
ingkang dados warga tansah koreksi pimpinanipun kanti nasehatipun kang jujur,..
wujud tanggungjawab selajengipun ngisi wekdal manfaat niti pagesangan dunya ingkang adil,.. amanah barokah,.. ingkang pesti... sak kuat-kuat damel ala bakal
ketara jelas genah... sak alit-alit kabecikan pesti malaikat bakal nitik,.. kang saget diunduh
sakmangke,… sakniaso mboten katitik dening manungsa...
ingkang pesti wektu kita terus berkurang kakikis ganti waktu…. Dalu gantos siang sasi gantos sasi.... mboten keraos tapi kedah kudu
sadar…. wekdal mlampah kedah kaisi kanti kasenan…..
jalaran kaum kafir ugi.. kuat saben wekdalipun damel kanca sasar….
Geret sekuat dayanipun,… damel jurang-jurang ingkang katah,.. ngrusak tatanan
pagesangan ugi ngrusak alam ing dunyanipun,… ingkang kasilipun bebaya, musibah,….
ing lingkungan ugi pikiran ugi nerjang
sedaya aturan ingkang pratela,… temen gampang banget dening pangeran nglunthung
bumi niki kanti dumadaan,…. Anangi temen
beja temen kita katulung ingkang laku
adil ing kahanan ingkang dipun rusak sederek kita ingkang sasar,…… mugi sehat kaparingan
inayah tumrap ingkang susah payah ngluhurkaken aturan ingkang baku,…. Mugi
donga kasaenan tumrap panjenganipun ingkang laku amanah adil,…. . banjur.. mugi
sadar ingkang damel kerusakan… Mugi sadar ingkang damel
cilaka tumrap andahanipun,. Damel cilaka tumrap masyarakatipun,…
jalaran barokah satunggaling wilayah,… nalika masyarakat kersa neliti ugi dongakkaken
tumrap pemimpinipun,….. paring sadar
tumrap ingkang supe,… cepet munapa
dangu,.. dados pengajab catetan kasaenan
saben wekdalipun,… mugi kita kaparingan
wekdal ingkang barokah… tumrap rakyatipun,..
tumrap jamaahipun,…
kados Hadits ingkang
dipun pratelakaken dening Ibnu Rajab (Lathaiful Ma’arif fima li Mawasimil
‘Am minal Wazhaif) biling kanjeng Nabi SAW medar sabda:
أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ
عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ. قِيْلَ: فَأَيُّ النَّاسِ شَرٌّ؟ قَالَ: مَنْ طَالَ
عُمْرُهُ وَ سَاءَ عَمَلُهُ
Rasulullah saw nate dipundut prisa: sinten kang
paling sae manungsa..? Kanjeng Nabi medar
sabda: wong kang kaparingan umur dawa lan becik (bener) tumindakke.. Dipun suwun
prisa malih: lan sinten kang paling ala manungsa..?
Kanjeng Nabi medar sabda: wong kang dawa umure lan ala tumindakke.”
Mugi ingkang kaparingan umur
dawa saget kaisi ing kasaenan tanpa damel cilaka ing liyan….. jalaran nalika umur
dawa ingkang dipun gariskaken mboten
andamel ing kasaenan,…. Banjur
kesereting tumindak ala,.. maksiat,.. nglanggar aturan-aturan Allah.., temen ing
kados menika dados ujian tumrap masyarakat,… ujian tumrap alam aman munapa mboten,...
mugi kita kalebet tiyang ingkang mboten
damel kerusakan,… mekaten ugi pemimpin,… munapa rencang kita …. Aamiin,…
Jalaran wekdal ingkang ditakdirkaken terus mlampah,… ingkang sampun dipun
gariskaken dening Allah SWT..... .
Hadirin jamaah
Jumat rahimakumullah
Imam Ibnu Rajab al-Hanbali ( kitab Lathaiful Ma’arif ) paring
penjelasan bilih tiyang ingkang lempeng imanipun tansah ngupaya damel
kasaenan,…dipunjelaskaken:
فَالْمُؤْمِنُ الْقَائِمُ بِشُرُوْطِ الْإِيْمَانِ لَا
يَزْدَادُ بِطُوْلِ عُمْرِهِ إِلاَّ خَيْرًا وَمَنْ كَانَ كَذَلِكَ فَالْحَيَاةُ
خَيْرٌ لَهُ مِنَ الْمَوْتِ
“Mangka tiyang iman kang wus nindakkake iman,… ora tambah saka dawane umur kajaba (uga tambah) kasaenan…. Lan sok sinten kang bisa kaya mangkono,… mangka urip (ing dunya) langkung sae tumrap
deweke tinimbang mati.”
بَارَكَ اللّٰهُوَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ
اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.. وَأَسْتَغْفِرُ اللّٰهَ الْعَظِيْمَ لِيْ
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ
الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ العَظِيْمِ
الجَلِيْلِ، اَلْغَفُوْرِ الرَّحِيْمِ،.....
وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى خَاتَمِ
رُسُلِهِ وَأَفْضَلِهِمْ، وَآلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَتَمَمِ بِالتَّابِعِيْنَ لَهُ
بِإِحْسَانٍ
وَبَعْدُ، أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ:
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ
. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا
الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً
لِّلَّذِينَ آمَنُوا
رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.
اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ
وَالـْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ... وَدَمِّرْ
أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُوَحِّدِينَ... اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ
أَحْوَالَ الْـمُسْلِمِينَ فِي كُلِّ مَكانٍ.... اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُبِكَ
مِنْ قَلْبٍ لاَ يَخْشَعُ وَدُعَاءٍ لاَ يُسْمَعُ وَمِنْ نَفْسٍ لاَ تَشْبَعُ
وَمِنْ عِلْمٍ لاَ يَنْفَعُ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ.
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا
حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّار
PERSATUAN UMAT KATRESNAN MUSLIM GUYUB RUKUN
LIBERALISME BABAGAN BENCANA WATES MUSLIM KAFIR
PENINGGALAN HINDU BUDHA KAUM AD AL-QUR'AN ASSUNNAH
NGLURU ILMU SYUKUR NIKMAT KRISTENISASI
SADAR INSYAF - SHOLAT ING WEKTUNE SUGIH MBOTEN MISKIN
SUMBER RIZKI ISTIQOMAH SABAR SABEN WEKTU
AL-QUR'AN - ASSUNNAH 1 AL-QUR'AN ASSUNNAH 2 PEMIMPIN UMAT
TERAPI ATI WEKDAL MANFAAT GAYA HIDUP MUSLIM
IDUL FITRI 1 IDUL FITRI 2 IDUL FITRI 3
IDUL ADHA 1 IDUL ADHA 2 IDUL ADHA 3

0 Comments