ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jum'at basa jawi krama TAYANGAN VIDEO DARING KEDAH MILAH MILIH












MUQODIMAH



إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ
 

وَ نَسْتَعِيْنُهُ

Saktemene Sedaya syukur  katur dumateng   gusti Allah Subkhana Wata’ala

وَ نَسْتَغْفِرُهُ

Lan kita anyuwun kanikmatan dumateng Pangeran

وَ نَعُوْذُ بِاللهِ

Lan kita Anyuwun pangapuran dumateng pangeran

وَ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا

Lan kita anyuwun pangayoman dumateng pangeran

ومن َسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا
 Saking alanipun kang tumeka saking awak kita
Lan saking alanipun ttumindak kita

مَنْ يَهْدِ اللهُ

 


فَلاَ مُضِلَّ لَهُ
Sok sinteno kang dipun paring pitedah dening pangeran

وَ مَنْ يُضْلِلْ

 Mila mboten wonten kang waget nyasarkake

فَلاَ هَادِيَ لَهُ

Lan sok sintena kang dipun paring sasar dening pangeran
Mila mboten wonten kang waget caos pitedah

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ

Lan kawula  anyekseni bilih  mboten wonten gusti pangeran lintunipun  gusti Allah  lan mboten wonten  kang sami sak wijining munapa



وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ
Lan kawula anyekseni bilih Muhammad dados kawulane saha rasulipun


اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ

Kawula muji dumateng pangeran muga pangeran paring pangayoman saha kanikmatan kanti sholawat saha salam kaatur dumateng kanjeng rasul Muhammad Sholallahu Alaihi Wassallam

وَ عَلىَ اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

 

Lan tumrap keluarganipun saha shohabatipun lan tumrap sok sintena kang anderek panjenengane  kanti istiqomah ngantos dina akhir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
He wong-wong kang iman. Sira pada tumindakna takwa dumateng gusti Allah kanti sakbener-benere takwa lan aja pada tilar sawijine sira kajaba wonten ing kahanan muslim

 Tanggung jawab kaliyan kahanan  muda-mudi  dados amanah kang ageng. Jalaran muda-mudi menika dados amanah  kang dipun pikul dening tiang sepah lan sedaya tiang bakal dipun tangleti kaliyan samubarang kang dados amanahipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika,
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلآئِكَةٌ غِلاَظٌ شِدَادٌ لاَّيَعْصُونَ اللهَ مَآأَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَايُؤْمَرُونَ
he wong-wong kang iman sira pada ngreksa awak ira dewe lan keluarga ira saking  geni neraka kang urup-urupe  manungsa lan watu; Penjagane yaiku malaikat-malaikat yang kereng lan buteng,  lan ora tau ambangkang dawuhing Allah anangeng pada angestokaken apa kang didawuhake.” (QS. At-Tahrim: 6)



Kita wonten ing  zaman kang kebak kanti mawarni karuwetan saha pacoban  kang sumebar, sahingga  saking katahipun karuwetan saha pacoban,  sahingga  bebendu saking tiang-tiang kafir  ningkat,  bebendunipun lumlebet ing griya-griya kaum muslimin. tiang-tiang kafir anggadahi kekarepan  lunturipun  agama kaum muslimin, nggoncang iman ipun, ngrisak tatanan pagesangan, nyumebarkaken karuwetan saha tumindak kang nyleneh ing tengah kaum muslimin, sahingga  mboten anyana-nyana deweke anindakken tumindak kang mboten trep malih kaliyan  Islam, anindakkake tumindak kang dipun larang syariah islam sahingga deweke katut wonten ing jurangipun bebendu tiang-tiang kafir tanpa anyana. Mugi gusti Pangeran Allah Subhanahu wa Ta’ala anjagi keimanan,kapribaden,putra wayah kita, saha tatanan pagesangan kita saking jurang-jurang kang dipun damel tiang kafir.



Kaum muslimin, rahimakumullah
 Menawa kita sadar tatanan ing pagesangan sakmenika. Tebih sanget kaliyan  agama tebih sanget kaliyan tumindak kang becik, sahinga nyabut oyotipun akhlak kang sae, saha lunturipun wates antaranipun    kang bener tinimbang   kang ala. Mila nalika sampun katah mawarni karuwetan,bebendu,kekufuran, munapa dene kemaksiatan. Manungsa sampun supe kaliyan kodratipun, ngancik kaliyan wates sirnanipun pagesangan ing bumi menika. Ananipun namung karuwetan saha ditambah karuwetan. Mugi kita slamet kaliyan bebendu menika
  kanjeng rasul paring pawulang.
 في هذه الأمة خسف ومسخ وقذف،
 Bakal tumeko sakwijine dina nalika خسف : sirepe bumi(yaiku  bumi dipun walik dening gusti kaya dene kahanan kaumipun nabi luth ingkang dipun walik buminipun munapa dene gempa kang di tandang sumatra nalika rumiyin), ومسخ:owahipun rupa(yaiku owahipun rupa manungsa kados dene wanara, munapa dene babi), وقذف : lan udan watu
  فقال رجل من المسلمين,  قيل: يارسول الله ومتى ذلك ؟
lan mucal sawijine tiang : Duh kanjeng rasul... munapa dene  wektu niku?  
قال : إذا ظهرت القينات والمعازف وشربت الخمور
Kanjeng rasul ngendika: yaiku nalika kebak qonat(karuwetan,bebendu,menapa rusakipun tatanan pagesangan),lan musik(kados dene putra-putri sakniki,saben2 anak bebalapan sinau musik,tren sahingga tebih saking agamnipun, lumebet wonten ing jurang.. sahingga kados dene sakniki, ambela idolanipun ambela adatipun  aluwih penting tinimbang mbela agama, munapa  sholatipun), lan di tambah malih yaiku nalika sumebar candu
            Kita mersani kedadean sakniki, temen menika trep kaliyan pawulange kanjeng rasul.
ليأتينّ قوم من أمتي يستحِلّون الحِر والحرير والخمر والمعازف
Bakal tumeka saking umatku kang  ngalalkaken zina lan sutra kagem kakung, alcohol lan musik.   
 Kados dene kahanan ing sakniki, tiang kang nglaksanakaken zina, kang semestinipun  kedah dihukum cambuk munapa rajam ngantos pejah, ananging malah dipundamelkaken papan kang kasebut lokalisasi. ngenesipun tiang tumindak zina kasebut kanti pekerja. .. ditambah malih  pentas-pentas kang ngumbar aurat ,  tata krama kang asor lan ina,
  Malahan Kahanan menika waget sumlebet wonten ing sak jroning griya2 tiang muslim kaya dene siaran2 kang intinipun ngrisak umat ananging siaran2 kala wau malah dipun tresnani dening kaum muslim, naudzubillah. Mekaten jurang-jurang enggal sakniki andadoskaken  jiwa para muda-mudi Islam kepencut kaliyan  kerusakan, kebebasan munapa dene   khamr.   sahingga anyebabkaken akidahipun   risak, prilaku nyimpang,  saha rendah kualitasipun. Mboten wonten kerusakan kang langkung ageng tuwin langkung mbebayani  tinimpang racun-racun  kang nyekoki kaum muslimin ing griya-griya,  amarga racun menika ambeta wasiat kerusakan.



Kaum muslimin, rahimakumullah
Nalika  behaya sampun jelas lan kabukti, taksih kemawon putra-putri kaum muslimin kanti jam-jaman malahan sak dawanipun dina ing ngajeng “tipi” kang bisa ngancurkaken deweke. Deweke  nyekseni caturan-caturan tiang  kang mboten bener ; deweke nyekseni kanti paningalipun muna kang dibeta tiang-tiang kafir. Anak-anak anrima sedaya. Sahingga kanti dangune-dangu. pikiran-pikiran kang mboten becik rumasuk wonten ing awakipun bocah,  dados watakipun.  Dados pribadinipun. Mila mboten kaget seperangan  putra-putri muslim owah aqidahipn, wantun marang tiang sepahipun, lan mawarni kahanan kang mboten sae.
Allah Subhanahu wa Ta’ala berfirman,
فَلاَ تُطِعِ الْمُكَذِّبِينَ  وَدُّوا لَوْ تُدْهِنُ فَيُدْهِنُونَ  
lan sira aj manut mituruti wong kang podo maido (ayat-ayat Allah). Deweke pada seneng yen sira iku laku lamis, banjur deweke nuli pada melu lelamisan.” (QS. Al-Qalam: 8-9)
وَدَّكَثِيرٌ مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَوْ يَرُدُّونَكُم مِّن بَعْدِ إِيمَانِكُمْ كُفَّارًا حَسَدًا مِّنْ عِندِ أَنفُسِهِم مِّن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْحَقُّ
sak akehe  ahli Kitab seneng yen sira  melu kafir sak wise iman, jalaran deweke drengki kang (tuwuh) saka awake ,  jalaran wus nyata tetepe kabecikan .” (QS. Al-Baqarah: 109)
Mekaten kahanan kang sampun pratelakaken dening gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala tumrap kaum muslimin.munapa kita kirang ngeningkaken , ananging  ngestoni caturan tiang-tiang kafir tinimbang firman Allah Subhanahu wa Ta’ala. Mugi Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi taufiq sarta hidayah tumrap  kita lan sakkabehe kaum muslimin supados tansah anyadari behaya kang tansah didamel tiang-tiang kafir.
Kepripun dukanipun gusti pengeran nalika kita mboten sadar, …
Mugi2 kanti pacoban,munaba dene pepiling waget kita resepi.
 Mugi2 kita waget njagi awak kita saha keluarga kita saking mawarni  racun kekufuran, penyelewengan, kang mboten trep kaliyan agama.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله لِي وَ لَكُمْ وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ, فَا سْتَغْفِرُوْهُ أَنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم



  KHUTBAH KEDUA

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
Kaum muslimin, rahimakumullah
Tiyang  kang kersa ngeningkaken.....  kersa nimbang munapa  akibat kang ditandang nalika mersani tayangan-tayangan kang ditawarkaken tiyang-tiyang kafir,...... panjenenganipun bakal manggihi panyimpangan, kang mboten kaitung,.....  sae rusakipun akidah,.... rusakipun sosial.... , polahipun,.... pikiranipun,..... munapa dene jiwanpun....


Ing antawisipun kerusakan  akidah kados dene: tipisipun keyakinan,  tuwuhipun  kebimbangan,  ringkihipun akidah  wala wal bara (tresna jalaran Allah sengit jalaran Allah) sahingga anyebabkaken saktunggaling tiang gesang tebih saking raos tresna kaliyan Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala, tabih kaliyan raos tresnanipun kaliyan agama lan tresna kaliyan kadang  muslim kaganti dening watak-watak enggal kang ala, simbol-simbol kerusakan . Ditambah malih acara-acara kang ngajak supados anderek tiang-tiang kafir ing akidah, kebiasaan, ritual, saha acara-acara kang mboten sesuai kanti syariat islam.
Wonten ing risakipun sosial muapa penyimpangan polah tingkahipun kang disumebarkaken kanti acara-acara kang nayangkaken kekerasan, pembunuhan, penculikan, munapa dene perampasan. Munapa dene ikhtilath (campur baur  jaler estri), tiang estri kang niru polah tingkahipun kakung muna dene kosok wangsulipun lan sanesipun.
tuladha paling gampil…  tayangan-tayangan kala wau saget ngalekaken kewajiban-kewajiban lan ketaatan,  Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika,
إِنَّهُمْ يَكِيدُونَ كَيْدًا {15} وَأَكِيدُ كَيْدًا {16} فَمَهِّلِ الْكَافِرِينَ أَمْهِلْهُمْ رُوَيْدًا {17}
Saktemene wong kafir iku gawe bebendu  kang nyata. Lan Ingsun wus gawe walesan pangreka dayane wong-wong kafir.jalaran iku, sira(Muhammad). Kantekna sak wetara wae” (QS. Ath-Thariq: 15-17)
Yekti Gusti Allah sampun paring pepeling tumrap sedaya kawula-Ne supaya ora kepencut marang tumindakke wong-wong kafir, lan sampun kabeberkaken  munapa alanipun tumindak wong kafir, uga kabeberkaken kanti margi kang slamet, yaiku kanti gegondelan agama Allah, anderek sunah Rasul-lipun, lan tumindak sabar istiqomah, ngantos pucuk gesangipun.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
اَللَّهُمَ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَصْلِحْ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِلْعَمَلِ بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ.


Khutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi=

Kumpulan hutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi =

0 Response to "khutbah jum'at basa jawi krama TAYANGAN VIDEO DARING KEDAH MILAH MILIH"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..