ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah basa jawi babagan sholat ing wektune

Khutbah jumat bahasa jawa babagan sholat



   

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ، جَعَلَ الصَّلَاةَ كِتَابًا مَوْقُوْتًا عَلَى المُؤْمِنِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلصَّادِقُ الْأَمِيْنَ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ:



Kaum muslimin, mugi2 gusti Allah paring taufik tumrap kita,

Shalat dados tiang agama Islam lan dados rukun Islam kang kaping kalih. Sok sintena kang ngreksa shalat berarti deweke wu ngreksa agamane lan sok sintena kang nglerwakake, mila deweke wus menyia-nyiakan agama. Allah Ta’ala ngendika,


وَأَقِمْ الصَّلاةَ إِنَّ الصَّلاةَ تَنْهَى عَنْ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ

“lan tindakkna shalat. Saktemene shalat iku nyegah saka (pratikah-pratikah) keji lan mungkar. lan Saktemene weningkake Allah (kanti shalat) luwih gede (kautama-ane saka ibadah-ibadah kang liya). lan gusti Allah Maha Waspada tumrap apa kang sira tindakke.” (QS. Al-Ankabut: 45)




Shalat dados ukuran  amalan satunggaling tiang ing dina kiamat. Nalika shalate katrima, mila  amalan-amalan kang sanese ugi katrima. lan munawa sholate katolak, mila amalan kang sanese katolak. AllahSubhanahu wa Ta’ala ngendika,

حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلاةِ الْوُسْطَى وَقُومُوا لِلَّهِ قَانِتِينَ

“sira pada ngreksana  sedaya shalat(ira), lan (ngreksana) shalat wusthaa . tindakna kanti jalaran Allah (ing shalat ira) kanti khusyu’.” (QS. Al-Baqarah: 238)

Allah uga ngendika:


 وَالَّذِينَ هُمْ عَلَى صَلاتِهِمْ يُحَافِظُونَ* أُوْلَئِكَ فِي جَنَّاتٍ مُكْرَمُونَ

“lan wong-wong kang ngreksa shalate, deweke iku dimulyake ing suwarga.” (QS. Al-Ma’arij: 34-35)

Ngendikanipun Allah sanes :



وَالَّذِينَ هُمْ عَلَى صَلَوَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ* أُوْلَئِكَ هُمْ الْوَارِثُونَ* الَّذِينَ يَرِثُونَ الْفِرْدَوْسَ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ

“lan wong-wong kang ngreksa sembahyange. deweke kalebu wong-wong kang bakal antuk warisan, (yaiku) kang bakal antuk warisan surga Firdaus. deweke langgeng saklawase” (QS. Al-Mukminun:9-11)

kewajiban saking gusti pangeran menika mboten luntur lan mboten waget dipun lancangi jalaran gusti pangeran tansah waspada babagan kahanan sedaya manungsa. Nalika sawijineng tiang mboten  sadar kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda :


يُصَلِّي المَرِيْضُ قَائِماً، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَقَاعِدًا، فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَعَلَى جَنْبٍ

“tiang kang sakit iku shalate kanti ngadeg. Munawa ora bisa, banjur shalate kanti lungguh. Menawa ora bisa kanti lungguh, banjur kanti tileman.”



ing riwayat sanes :

فَإِنْ لَمْ يَسْتَطِعْ فَمُسْتَلْقِيَا وَرِجْلَاهُ إِلَى القِبْلَةِ

“menawa ora bisa, banjur kanti isyarat, lan sukune ngarah kiblat.”

kewajiban shalat menika mboten luntur nalika kahanan kuatir tuwin miris. Allah Ta’ala ngendika,



حَافِظُوا عَلَى الصَّلَوَاتِ وَالصَّلاةِ الْوُسْطَى وَقُومُوا لِلَّهِ قَانِتِينَ* فَإِنْ خِفْتُمْ فَرِجَالاً أَوْ رُكْبَاناً فَإِذَا أَمِنتُمْ فَاذْكُرُوا اللَّهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ

“wreksana kabeh shalat(ira), lan (wreksana) shalat wusthaa. Jumeneng jalaran Allah (ing  shalat ira kanti khusyu´. Menawa ira ing kahanan kuatir (bebaya), banjur tumindakna shalat kanti mlampah munapa ing kendaraan. Banjur mneawa sirawus aman, banjur dzikir kaliyan Allah (shalat), kaya dene kang gusti pangeran wus ajarkake tumrap sira kabeh kang awale sira pada ora ngerti.” (QS. Al-Baqarah: 238-239)



Maksud saking “shalat kanti mlampah munapa ing  kendaraan” injih menika nalika kita kabur saking uberan mengsah, mila kanti mlampahe kendaraan kita tindakaken sholat ing kendaraan kanti madep munapa kemawon, sae kiblat munapa mboten, kahanan mekaten kala wau dipun gampilkaken ananging kewajibanipun sholat tetep marang sakkabehe muaslim. Ananging nalika  kahanan sampun aman, Allah Ta’ala dawuh :

فَإِذَا أَمِنتُمْ فَاذْكُرُوا اللَّهَ كَمَا عَلَّمَكُمْ مَا لَمْ تَكُونُوا تَعْلَمُونَ

“banjur menawa sira wus aman, mila elingo awak ira kaliyan gusti Allah (shalat), kaya dene kang gusti Allah wus ajarkake tumrap sira kang sakdurunge sira ora ngerti.”

Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika :

وَإِذَا كُنتَ فِيهِمْ فَأَقَمْتَ لَهُمْ الصَّلاةَ

“lan menawa sira ing tengah-tengah (sahabat ira) banjur sira tindakne shalat kanti bebarengan.” (QS. An-Nisa: 102)

Nalika kahanan perang, kuatir,miris tetep dipun wajibkaken sholat. Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh,

وَإِذَا كُنتَ فِيهِمْ فَأَقَمْتَ لَهُمْ الصَّلاةَ فَلْتَقُمْ طَائِفَةٌ مِنْهُمْ مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا أَسْلِحَتَهُمْ فَإِذَا سَجَدُوا فَلْيَكُونُوا مِنْ وَرَائِكُمْ وَلْتَأْتِ طَائِفَةٌ أُخْرَى لَمْ يُصَلُّوا فَلْيُصَلُّوا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا حِذْرَهُمْ وَأَسْلِحَتَهُمْ وَدَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ تَغْفُلُونَ عَنْ أَسْلِحَتِكُمْ وَأَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيلُونَ عَلَيْكُمْ مَيْلَةً وَاحِدَةً

“lan menawa sira ing tengah-tengah (sahabat ira) banjur sira tindakne shalat kanti bebarengan, mila segolongan saka ira (shalat) kalawan ira kanti anyandang pusaka, banjur menawa sak golongan (kang shalat kalawan ira) sujud (wus nyempurnakake sakrakaat), mila sakgolongan wau pindah tempat (kanggo ngadepi mesah) lan banjur sak golongan kang siaga kang during sembahyah , banjur  sembahyang kalawan ira], banjur deweke siap siaga anyandang pusaka. Jalaran wong-wong kafir ngarepke supaya sira supe kalawan pusaka ira lan banda ira, banjur deweke ancak kanti saknalika.” (QS. An-Nisa: 102)

Kewajiban shalat  uga mboten luntur jalaran sakit, mboten luntur jalaran kuatir, tuwin mboten luntur jalaran kekesahan. Gusti Allah Ta’ala ngendika

وَإِذَا ضَرَبْتُمْ فِي الأَرْضِ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَقْصُرُوا مِنْ الصَّلاةِ

“lan menawa sira kekesahan ing bumi menika, mila oara dadio mengapa sira ang-qashar salat ira.” (QS. An-Nisa: 101)



Kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ang-qashar (ngringkes) shalate kang sekawan rakaat dados kalih rakaat nalika ing kekesahan. kang mekaten nunjukkaken munapa pentingipun shalat, sahingga mboten angsal kita tinggalkaken ing kahanan munapa kemawon, kerepotan munapa kemawon, dan kesibukan munapa kemawon. Ananging Gusti Allah uga paring karinganan nalika nindakkaken kados dene anggabungkaken 2 shalat kang benten wekdal, munapa kasebut jamak shalat. Niki  sedaya dipun tujukaken supados kita wreksa shalat-shalat kita, jalaran kewajiban shalat mboten luntur ing kahanan munapa kemawon.


para ulama sepakat, bilih sapa wonge kang ninggalkaken shalat kanti sengaja, mila deweke medal saking Islam. tiang kang ninggalkaken sholat kedah taubat, banjur wreksa shalate. Menawa nolak supaya taubat lan tetep kahanan kang awal mboten sholat, mila minurut para ulama, ia dihukum pejah kanti status keluar saking agama Islam. tiang-tiang kang ninggalkaken jalaran males, ananging taksih yakin bilih shalat niku wajib, mila deweke wajib kabimbing tuwin diparingi sangsi sahingga mboten ninggalkaken shalat.

Menawa satunggaling tiang ninggalkaken shalat, mila mboten kasisa malih saking amalan kesaenan agamanipun. sahingg Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam  medar sabda,

أَوَّلُ مَا تَفْقِدُونَ مِنْ دِينِكُمُ الأَمَانَةُ وَآخِرُ مَا تَفْقِدُونَ منه الصَّلاَةُ

“bab kepisan kang ilang saka agama ira yaiku amanah lan kang paling akhir yaiku shalat.”

Artosipun nalika shalat sampun ilang saking diri muslim, mila mboten wonten malih bagian agama saking awakipun.

sakderengipun, kanjeng seda  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring wasiat, saknalika sederenge  sakaratul maut,


عباد الله، الصَّلاَةَ الصَّلاَةَ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ

“duh kawulane gusti Allah, elinga babagan shalat, shalat.. lan budak-budak kang sira duwaeni.”


Kanjeng rasul tansah ngulang-ulang kalimat niki kagem wasiat tumrap umate…. Mekaten pentingipun shalat kang ing dina iki disepelekan dening tiang-tiang Islam kiyambak. Deweke mucal, “Islam iku ing ati. Keawjiban nalika sampun sae imane”. Padahal kang leres Islam  ing ati niki dikuatkaken dening lisan lan ditindakkaken ing saben dintenipun. tiang-tiang kang mucal islam  lan iman ing ati, banjur ninggalkake shalat, saktemene ora ano iman tuwin islam sekedik kemawon ing atine. Jalaran nalika leres islam tuwin imanipun tentu kemawon mboten ninggalkaken sholat.

Jamaah jum’ah rakhimakumullah mangga kita tindakke takwa

wreksa shalat-shalat kang wus gusti Allah wajibkaken, nindakkaken ing awal wekdal kanti berjamaah… sahingga slamet nalika netepi tutuntat2 ing dina akhir. Kados  dene kang gusti Allah ngendikaken ing surat mudzatsir kalawan wong-wong nyebabkake mlebet ing neraka.

مَا سَلَكَكُمْ فِي سَقَرَ

“Apa yang menyebabkan kamu masuk ke dalam neraka saqar?”

Para penduduk neraka wangsulan :

قَالُوا لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّينَ

“deweke pada ngucap, ‘Kawula ora kalebu wong-wong  kang nindakkaken shalat’.”


  لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّينَ* وَلَمْ نَكُ نُطْعِمُ الْمِسْكِينَ* وَكُنَّا نَخُوضُ مَعَ الْخَائِضِينَ* وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوْمِ الدِّينِ* حَتَّى أَتَانَا الْيَقِينُ* فَمَا تَنْفَعُهُمْ شَفَاعَةُ الشَّافِعِينَ

Deweke pada  ngucap: “Kawula ora kalebu wong-wong  kang nindakkaken shalat, lan kawula ora (kalebu) wong-wong kang paring pangan kang  miskin, lan kawula mbahas agama kanti babagan kang bathil, miturut kekatahe wong-wong kang cecaturan, lan kawula  ndestakake dina  pewalesan, sahingga tumekani pati”. banjur ora manfaat maneh syafa´at saka wong-wong kang caos syafa´at. (QS. Al-Mudatstsir: 43-48)

بَارَكَ اللهُ وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعْنَا بِمَا فِيْهِ مِنَ البَيِّنَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ، أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ.






Khutbah Kedua:

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَنِّهِ وَكَرَمِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا،

 أَمَّا بَعْدُ:

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda,

مَنْ نَسِىَ صَلاَةً أَوْ نَامَ عَنْهَا فَيُصَلِّيَهَا إِذَا ذَكَرَهَا أو استيقظ لاَ كَفَّارَةَ لَهَا إِلاَّ ذَلِكَ

“sapa wonge kang supe saka shalat munapa turu, mila deweke tindakkake saknalika tangi  saka turune. Lan tanpa kafarah(tebusan) kajaba wajib tetep sholate.”

Kewajiban shalat mboten luntur lantaran supe, tilem, tiang muslim tetep wajib nindakkaken sholat. Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nalika kekesahan ing dalu, beberengan kalian para sahabat lan nyipeng ing satunggaling papan. Kanjeng rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam banjur paring wasiat dumateng  Bilal supados adzan subuh nalika tumeka wektu shalat subuh. Ananging Bilal ketileman mekaten ugi kanjeng rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam.  Sahingga nalika wungunipun kanjeng   Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam tuwin para sahabat jalaran panasipun srengenge. Banjur kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda, “ing ngendi duh Bilal?” Bilal wangsulan, “kawula angalami kados munpa kang panjenengan tandang duh kanjeng rasul.” Injih menika tilem.

Banjur kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam  tuwin para sahabatipun wudhu lan paring perintah Bilal nindakake iqomah, sahingga nembe nindakake sholat.

  Allah Ta’ala Ngendika,

وَأَقِمْ الصَّلاةَ إِنَّ الصَّلاةَ تَنْهَى عَنْ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ

“lan tumindakna shalat. Saktemene shalat iku nyegah saka (pratingkah-pratingkah) keji lan mungkar.” (QS. Al-Ankabut: 45)

 Shalat mboten luntur kewajibane ing kahanan munapa kemawon apapun. Satunggaling tiang muslim tetep wajib nindakaken kanti  sesuai  usaha kemampuanipun. Allah Ta’ala dawuh,

فَاتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ

“tumindakna takwa marang  Allah kanti maksimal kemampuan ira.”

 Shalat injih menika pokok saking agama Islam, sapa wonge kang ora nindakake shalat mila deweke mboten kalebet tiang Islam. Menawa sawijineng tiang muslim tentu kemawon deweke mboten ninggalkaken pokokipun agama. gusti Allah subkhana Wata’ala dawuh :

إِنَّ الصَّلاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَاباً مَوْقُوتاً

“Saktemene shalat iku dadi kewajiban kang ditentukake wektu ing atase wong-wong kang iman.” (QS. An-Nisa: 103)

Mangga tindakaken takwa ing babagan shalat, lan paring printahkan tumrap anak-anak kita. Allah Subkhana Wata’ala dawuh :

قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَاراً وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلائِكَةٌ غِلاظٌ شِدَادٌ لا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ

“He wong-wong kang iman, jaganen awak ira lan kaluarga ira saka geni neraka kang bahan bakare  manungsa lan watu; penjaganw malaikat-malaikat kang kasar, bengis, lan ora mlengos saka perintahe gusti Allah lan deweke tansah mituhu marang apa kang diprintahke.”(QS.At-Tahrim:6)

Jamaah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah,

saktemene pangandikan paling sae yaiku pangandikane gusti Allah lan pitunjuk kang paling sae  pitunjukipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam. lan  urusan kang ala injih menika kang diana-anake ing urusan agama jalran saben kang diana-anake ing urusan agami mboten katuntunaken dening kanjeng rasulullah tuwin tuntunan kang mboten katuntunaken dening kanjeng rasulullah menika sara,


اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ، وَاجْعَلْ هَذَا البَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلَادِ المُسْلِمِيْنَ عَامَةٍ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ ، اللَّهُمَّ احْفَظْ هَذَا البَلَدَ آمِنًا مُسْتَقِرًّا، اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا وَعَنِ المُسْلِمِيْنَ كُلِّ سُوْءٍ وَمَكْرُوْهٍ، اَللَّهُمَّ كِفْ عَنَّا بَأْسَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا فَأَنْتَ أَشَدُّ بَأَسًا وَأَشَدُّ تَنْكِيْلًا، إِنَّ الكُفَّارُ لَمْ يُسَلِّطُوْا عَلَى المُسْلِمِيْنَ إِلَّا بِسَبَبِ إِهْمَالِهِمْ لِدِيْنِهِمْ وَبِسَبَبِ تَكَاسُلِهِمْ عَمَّا أَمَرَهُمُ اللهُ بِهِ وَتَضِيْعُهُمْ لِمَا أَمَرَ اللهُ بِهِ، فَإِذَا أَرَادَ المُسْلِمُوْنَ أَنْ يَحْفَظُهُمُ اللهُ وَأَنْ يَحْمِي دَوْلَتَهُمْ وَبِلَادَهُمْ فَلْيَتَمَسَّكُوْا بِدِيْنِهِمْ فَإِنَّهُمْ لَا عِزَّ لَهُمْ وَلَا مَانِعَ لَهُمْ مِنَ الهَلَاكِ وَلَا مَانِعَ لَهُمْ مِنَ العَدْوِ إِلَّا بِالتَمَسُّكِ بِهَذَا الدِّيْنِ وَلَا يُصْلِحُ آخِرَ هَذِهِ الأُمَّةِ إِلَّا مَا أَصْلَحَ أَوَّلَهَا، اَللَّهُمَّ انْصُرْ الإِسْلَامَ وَالمُسْلِمِيْنَ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اَللَّهُمَّ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اللَّهُمَّ اجْمَعْ كَلِمَتَهُمْ عَلَى الحَقِّ، اللَّهُمَّ اهْدِهِمْ سُبُلَ الرَّشَادِ، اللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحِهِمْ وَصَلَاحِ الإِسْلَامِ وَالمُسْلِمِيْنَ، (رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ).

عبادَ الله، (إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنْ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ * وَأَوْفُوا بِعَهْدِ اللَّهِ إِذَا عَاهَدْتُمْ وَلا تَنقُضُوا الأَيْمَانَ بَعْدَ تَوْكِيدِهَا وَقَدْ جَعَلْتُمْ اللَّهَ عَلَيْكُمْ كَفِيلاً إِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا تَفْعَلُونَ)، فاذكروا الله يذكركم، واشكُروه على نعمه يزِدْكم، ولذِكْرُ الله أكبرَ، والله يعلمُ ما تصنعون.

Diterjemahkan dari khotbah Syaikh Shaleh bin Fauzan hafizhahullah

Oleh tim KhotbahJumat.com

 

Diterjemahkan dari khotbah Syaikh Shaleh bin Fauzan hafizhahullah

Oleh tim KhotbahJumat.com

Artikel www.KhotbahJumat.com





0 Response to "khutbah basa jawi babagan sholat ing wektune"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..