ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jumat basa jawi kromo inggil goroh sumber sebab musibah



الْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ, أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَأَشْكُرُهُ, وَأَسْأَلُهُ الْمَغْفِرَةَ يَوْمَ الدِّيْنِ.وَأَشْهَدُ أَنْ لاَّ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَامَحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بِاالْهُدَى وَالنُّوْرِالْمُبِيْنِ,صَلَّى اللهُ وَ عَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
Jama’ah Jum’at Rakhimaniy wa Rakhimakumullah….,
 Tumindak jujur dados barang langka…..Sifat ingkang inggil ingkang seharusipun dipun gadahi saben tiyang muslim. Nalika sifat jujur ambentuk ing sedaya  pagesanganipun satunggaling muslim, yekti kasaenan dadoslampu ing dunya. Sifat jujur dados kunci-kunci titikanipun penduduk suwarga, papan kabegjan ingkang abadi….
Kaum Muslimin mestinipun langkung pantes nyandang sifat menika…. gusti Allah ‘Azza wa Jalla dawuh :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ
“hewong-wong kang iman, sira anindakkake taqwa marang  Allah lan dadegna bebarengan wong-wong  kang jujur.” (QS. at-Taubah:119).
Mekaten  tuntutan fitrah manungsa…. kanti Jujur! Kosok wangsulipun saben fitrah pesti sengit kadustan lan tumindak zhalim…. Menawa  dusta lan zalim makmur ing masyarakat, mila ingkang kadadosan injih menika musibah, ing dunia kalawan ing akhirat.
Musibah ing atinipun.. sahingga mboten tentrem… Jalaran saben desta sapindah diikuti desta ingkang sakbanjuripun… banjur keteruskaken sakbanjuripun damel benteng ingkang rempi sanget,…. Ingkang intinipun kagem nutupi  destanipun ing rumiyin sahingga mboten kabongkar,… nutupi keluputanipun ing rumiyin mboten kabongkar,… ananging gusti Allah ingkang maha waspada tentu kemawon pirsa,…  munapa ing atinipun…. Munapa ing pikiranipun… kajaba dening gusti Allah paring hidayah,… kajaba tiyang kala wau saget wening kalawan tunduk ing dalan kang lempeng kanti iman….. kanti empukipun ati,… nikmatipun iman,.. anggiring satunggaling tiyang tansah jujur,… jujur ring pitutur,… banjur diikuti dening pratingkah,..  sahingga kanti jujur satunggaling tiyang tansah tentrem sanajyan awrat bebanipun,… awrat amanahipun…. Jalaran panjenenganipun anggadahi tujuan ingkang inggil… ingkang langgeng…. injih menika… ridhanipun gusti Allah sahingga mantuk ing papan ingkang inggil…
Kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda, ingkang dipun riwayatkaken  Ibnu Mas’udradhiyallahu anhu:
إِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِى إِلَى الْبِرِّ، وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِى إِلَى الْجَنَّةِ، وَإِنَّ الرَّجُلَ لَيَصْدُقُ(وفى رواية لمسلم: إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَحَرَّى الصِّدْقَ) حَتَّى يَكُوْنَ صِدِّيْقًا. وَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِى إِلَى الْفُجُوْرِ، وَإِنَّ الْفُجُوْرَ يَهْدِى إِلَى النَّارِ، وَإِنَّ الرَّجُلَ لَيَكْذِبُحَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللهِ كَذَّاباً. رواه البخاري ومسلم
“Saktemen jujur bakal mbimbing pinuju kesaenan,.. lan kasaenan bakal mbimbing pinuju suwarga. Saktemene sawijine tiyang ingkang temen-temen ngupaya  jujur, nganti deweke dadi wong kang bener-bener jujur. Lan saktemene kadestan  nggiring pinuju kejahatan, lan kejahatan nggiring pinuju neraka. Saktemenetiyang kang temen ngupayanutupi destanipun,..banjur deweke  bener-bener katitik ing  sisih Allah desta.” (HR. Bukhari dan Muslim).
Saking hadist menika wonten perintah ngupaya jujur. Maksudtipun, niat kalwan anindakkaken kanti temen.. bab tumindak jujuripun. … banjur panjenenganipun kedahngatos atos sahingga mboten anindakkaken  desta ... Sebab nalika pawucal desta medal saking tutuk satunggaling tiyang,  mila panjenenganipun anjagi desta kanti desta ingkang sanes,… kanti pratingkah ingkang njongkrongkaken panjenenganipun ing neraka... nalika satunggaling tiyanganjagi tumindak jujur,…  mila dening gusti Allah ‘Azza wa Jalla bakal katetepkaken dados tiyang ingkang bener-bener jujur… ananging nalika satunggaling tiyang nindakkaken desta, mila AllahSubhanahu wa Ta’ala bakal  anitik satinggaling tiyang dadosingkang desta…
Tebih saking iman kalawan ketaatan…. Nuruti nafsunipun sahingga nutupi sedaya destanipun kanti desta sakbanjuripun…..
Saking al-Hafizh Ibnu Hajar al-‘Asqalâni rahimahullah  kanti  riwayat al-Baihaqi nuturkaken kanti sanad ingkang shahih,  saking Abu Bakar ash-Shiddîq radhiyallahu anhuparing paiwulang :
اَلْكَذِبُ يُجَانِبُ اْلإِيْمَانَ
“Desta bakal ngadohkake saka iman.” (Riwayat Bukhari).
  Taksih katah pepenget nebihi tumindak desta..,  banjur tansah  juju ring tumindak kalawan ucapanjalaran ingkang dados alamat kesaenan kalawan suwarga.
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَجَعَلَنَا الله مِنَ الَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ أَحْسَنَهُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ الله لِيْ وَلَكُمْ وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ



Khutbah II:
لْحَمْدُ ِللهِ وَكَفَى,وَسَلَّمَ عَلَى عِبَادِهِ الَّذِيْ اصْطَفَى,أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَأَشْكُرُهُ فِيْ اْلأَخِرَةِ وَاْلأُوْلَى ,وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًاكَثِيْرًا
Kaum muslimin rahimakumullah,
Kesimpulanipun saking khutbah ingkang awal…. injih menika supados kita nindakkaken jujur…. kalawan paring penjelasan babagan agama kanti jelas...  jalaran sedaya pawulanganipun,…. Tumindakkipun….. ibadahipun… dipun suwuni pirsa..… kita tilar  sifat desta ing saben-saben awak kita,… sahingga pagesangan ing dunya menika mboten damel susahipun kita ing dinten akhir sak mangke..  jalaran kadestan menika damel tunanipun kita ing pengadilan akhirat,… ingkang damel   leburipun sedaya amalan kita…
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


www.KhotbahJumat.com


0 Response to "khutbah jumat basa jawi kromo inggil goroh sumber sebab musibah "

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..