khutbah jum'at bahasa jawa babagan HARAM BUNUH DIRI gunungkidul wonosari
![]() |
Khutbah Jum'at tentang bunuh diri |
إِنَّ
الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ
مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ.
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء
وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ
عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ
فَوْزاً عَظِيماً
أَمَّا
بَعْدُ، فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ، وَخَيْرُ الْهُدَى هُدَى
مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرُّ الْأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا،
وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ.
Jamaah jum’ah rakhimaniy wa
rakhimakumullah
Mangga
kita tansah amuji gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala .... ingkang andamel pagesangan kalawan pepaten,... nguji kawula-kawulanipun
sahingga benten antaranipun ingkang sae amalanipun... ing antaranipun manungsa.... Mekaten
ugi kita amuji gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala, Rabb ingkang anyipta sedaya manungsa
kanti ibadah tuwin damel kamulyan ing antaripun kawula-kawulanipun ingkang taat
... Mila, temen bungah tiyang-tiyang ingkang nindakkaken takwa…. lan temen tuna
tiyang-tiyang ingkang maksiat…. Shalawat kalawan salam mugi tansah katur
dumateng kanjeng Nabi Muhammad Sholallahu Alaihi wa sallam, keluarganipun, para
sahabat tuwin tiyang-tiyang ingkang tansah anderek ngantos dinten akhir...
وَإِن
تَعُدُّوا نِعْمَتَ اللهِ لاَتُحْصُوهَا
Lan menawa sira angitung nikmat
Allah, tentu sira ora bakal mampu ngitungi.
(QS. Ibrahim: 34)
Mangga kita aningkatkaken
taqwa kita dumateng Allah,…. kanti aningkatkaken ketaatan ibadah kalawan nebihi munapa
ingkang dipun awisi...... Kalebet taqwa, injih menika kanti ningkatkaken kesabaran lan
ampun putus asa…. Pedot pengarep,… munapa kuciwa,… Jalaran saben kawulanipun Allah,…. mboten
luput saking pacoban,… mboten uwal saking kalepatan…. anglampahi wekdal longgar munapa
ing wekdal awrat…, seneng munapa susah..... ambetahkaken kesabaran ingkang
serius…. Dipun tamengi kanti iman ingkang teteg….
Ananging kasunyatanipun ingkang kedadean ing sak kiwa tengen kita…. katah ingkang tebih
saking munapa ingkang dikersakaken ati.... tebih saking perintah syariat… Nalika pacoban niku enteng tasih
sabar…, tasih kuat,... tasih istiqomah,… ananging kepripun nalika pacoban niku awrat
sanget... nggegirisi sanget…… katah sanget,…. Banjur,… Katah ing antawisipun tiyang,…
seperangan tiyang…. kauji kanti gerah ingkang parah…. Tebih saking pulihipun.., banjur bunuh diri…. Munapa
nalika peperangan nalika nandang sakit parah kersanipun cepet banjur bunuh diri..... Munapa
babagan isin kalawan sakit ati,… banjur bunuh diri….
Katahipun bunuh diri ing daerah kita…. Nerangkaken dados papan ingkang paling ngeneskaken… banjur Kedah kita nulungi semangat gesang tiyang-tiyang sak kiwa tengen kita...... Semangat takwa... Semangat Wening... Kanti bener bener kuat.....
Dening Islam mboten amaringkaken bunuh diri..… nyakup
tiyang ingkang bunuh diri,…munapa tiyang ingkang ambantu bunuh diri,… kita Kedah jaga awak Kita keluarga kita….... Sedaya nyawa manungsa ing sak kiwa tengen kita... Damel cerita sae.. taat... Ugi tawakal bilih sampun kajamin dening gusti Allah ngantos dumuginipun
wekdal.., mboten kaparingkaken dipejahi kajaba kanti haq/idzin syariat.
Gusti
Allah Dawuh:وَلاَتَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِي
حَرَّمَ اللهُ إِلاَّباِلْحَقِّ
“Lan sira aja gawe patine nyawa kang
diharamke Allah..(mejahi) kajaba kanti(sebab) kang bener”(QS.Al-An‘am:151)
Ingkang sakjatosipun .... Allah Subhanahu
wa Ta’ala niku langkung sayang tumrap para kawulanipun… .. tinimbang sifat
sayang panjenenganipun kalawan awakipun piyambak..... . Gusti Allah dawuh,
وَلاَتَقْتُلُوا
أَنفُسَكُمْ إِنَّ اللهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا{29} وَمَن يَفْعَلْ ذَلِكَ
عُدْوَانًا وَظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيهِ نَارًا وَكَانَ ذَلِكَ عَلَى اللهِ
يَسِيرًا{30}
“Lan sira aja mejahi awak ira; saktemene gusti Allah Maha Asih
tumrap ira.... Lan sok sintena kan anindakkake kang mengkono kanti anglanggar hak katambah
aniaya,… mila Ingsun bakal nglebokake ing
neraka. Kang mengkono temen gampang dening Allah.” (QS.
An-Nisa’:29-30)
hadist shahih saking Abu
Hurairah radhiallahu ‘anhu,…panjenengane mucal: Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam paring sabda,
عَنْ
أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَى اللهُ
عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ قَتَلَ نَفْسَهُ بِحَدِيْدَةٍ فَحَدِيْدَتُهُ فِيْ
يَدِهِ يَتَوَجَّأَ بِهَا فِيْ بَطْنِهِ فِيْ نَارِ جَهَنَّمَ خَالِداً مُخَلِّدًا
فِيْهَا أَبَداً، وَمَنْ شَرِبَ سُمًّا فَقَتَلَ نَفْسَهُ فَهُوَ يَتَحَسَاهُ فِي
نَارِ جَهَنَّمَ خَالِداً مُخَلِّدًا فِيْهَا أَبَداً. وَمَنْ تَرَدَّى مِنْ
جَبَلٍ فَقَتَلَ نَفْسَهُ فَهُوَ يَتَرَدَّى فِي نَارِ جَهَنَّمَ خَالِداً
مُخَلِّدًا فِيْهَا أَبَداً”.
“Soksintena
kang mejahi awake kanti
wesi,.. mila wesine ing tangane,... deweke nuthuk wetenge ing dina kiamat...... mlebu ing
neraka Jahannam,… deweke langgeng saklawase…...... lan soksintena mejahi awake kanti racun, mila racune ing tangane,
deweke nguyup ing neraka Jahannam,… deweke langgeng saklawase….. soksintena
nibakkake awake saka gunung,… sahingga deweke mati,… mila deweke nibakkake awake
ing neraka Jahannam,… deweke langgeng saklawase…..”(Muttafaqun
‘Alaih)
Saking Abu Qilabah saking Tsabit bin Adh
Dhahhak radhiallahu ‘anhu matur, Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam medar sabda ingkang artosipun, “sok sinten
kang mejahi awake kanti sawijine barang, mila deweke diadzab kanti barang iku
ing dina kiamat.... ”(HR. Jamaah)
saking Jundub bin Abdullah
Al-Bajali radhiallahu ‘anhu berkata, Rasulullah shallallahu
‘alaihi wa sallam medar sabda,
“sadurunge sira kabeh,.. ing
wanci kapengker kejaden tiyang kang tatu parah banjur deweke ora sabar.... sakteruse
deweke mendet pedang banjur damel putunge tangane, banjur mili getih ingkang ora
mandeg… nganti ngancik ing pati...... ” Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh “kawulaku
ndisiku Aku kanti (mejahi) awake,..... mangka Aku haramke suwarga tumrap awake......” (Muttafaqun
‘Alaih... Lafadz Bukhari).
Jamaah shalat Jum’ah rakhimaniy
wa rakhimakumullah,..
Nabi shallallahu ‘alaihi
wa sallam anglarang umatipun ngajeng-ajeng pejahipun awak,.... jalaran
nandang kesusahan munapa pacoban,…. Banjur ingkang dipun kedadean sakbibaripun
bunuh diri menika mboten sae.... ,… banjur nilarkake masalah,.... beban tumrap
sanakke… tumrap deweke.... ugi ing
akhirat,.. pratingkah mekaten dados nerangkaken bilih deweke angluwihi wates,.... jalaran
mboten sabar babagan taqdir Allah…. lan ugi angandung sifat angkuh… kaweratan babagan qadha lan qadar Allah….
Padahal sesuai kanti hikmah Allah.. bilih manungsa kauji kanti pacoban,… sae kasenengan
munapa kasusahan. Allah Ta’ala dawuh:
وَمَآأَرْسَلْنَا
مِن قَبْلِكَ مِن رَّسُولٍ إِلاَّنُوحِي إِلَيْهِ أَنَّهُ لآ إِلَهَ إِلآ أَنَا
فَاعْبُدُونِ
“lan ingsun bakal nguji tumrap
ira kabeh kanti. awon lan kasaenan coban (kang sabener-benere).”(QS.
Al-Anbiya’: 35)
Asring Gusti Allah... nguji kawulane
kanti gerah,... kanti musibah.. kanti Babagan mboten sae.. kanti babagan mboten diremenkake.. ingkang mekaten pesti gantian ujiane... sakbibaripun
sakmangke…. Sahingga anambah kasaenan
kalawan tetegipun iman,…... tambah ilmunipin..... Tambah waspadanipun..... Mugi tambah kuat angadepi ujian Dunya kang musti akhir menika.. banjur syukur.. banjur tentu sabar gantian samangke...
Jamaah shalat Jumat rahimani
wa rahimakumullah,
Mugi kinta tansah istiqomah kalawan teteg iman ing pagesangan dunya
menika,… sukses ing sedaya ujian ing dunya menika…. Trep kalawan dawuhipun
Allah Subhanahu wa Ta’ala,
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ
بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِّنَ اْلأَمْوَالِ وَاْلأَنفُسِ
وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ {155} الَّذِينَ إِذَآ أَصَابَتْهُم مُّصِيبَةٌ
قَالُوا إِنَّا للهِ وَإِنَّآ إِلَيْهِ رَاجِعُونَ{156}
“lan elingna kabar gumbira tumrap wong-wong kang sabar (yaitu) wong-wong
kang nalika nandang musibah, deweke gucap: “Innaa lillahi wa innaa ilaihi
raaji’uun.” (QS. Al-Baqarah: 155-156)
إِنَّ
الْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
وَالْقَانِتِينَ وَالْقَانِتَاتِ وَالصَّادِقِينَ وَالصَّادِقَاتِ وَالصَّابِرِينَ
وَالصَّابِرَاتِ وَالْخَاشِعِينَ وَالْخَاشِعَاتِ وَالْمُتَصَدِّقِينَ
وَالْمُتَصَدِّقَاتِ وَالصَّآئِمِينَ وَالصَّآئِمَاتِ وَالْحَافِظِينَ فُرُوجَهُمْ
وَالْحَافِظَاتِ وَالذَّاكِرِينَ اللهَ كَثِيرًا وَالذَّاكِرَاتِ أّعَدَّ اللهُ
لَهُم مَّغْفِرَةً وَأَجْرًا عَظِيمًا
Wong lanang lan wong wadon kang sabar,... wong lanang lan wong wadon kang
khusyu’,.. wong lanang lan wong wadon kang sedekah,.... wong lanang lan wong wadon kang
pasa,... wong lanang lan wong wadon kang
anjaga kormatane,... wong lanang lan wong wadon kang katah nyebut nyebut (asma) Allah,... Allah wus paring kanggo deweke pangapura lan ganjaran kang gede. (QS.
Al-Ahzab: 35)
lan munapa kang diriwayatkaken dening
Anas radhiallahu ‘anhu ,, saking nabi shallallahu
‘alaihi wa sallam, bilih sliranipun medar sabda,
إِنَّ
عِظَمَ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلاَءِ، وَإِنَّ اللهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا
ابْتَلاَهُمْ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا، وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السُّخْطُ
“yekti gedene ganjaran kagantung
gedene pacoban,... lan yekti Allah anresnani sawiji kaum.... temen pangeran paring
pacoban.... Mangka sok sintena kang ridha (babagan pacoban saka Allah kasebut), mangka deweke kaparingan ridhaanipun
GUsti Allah Subhana Wa Ta’ala... lan menawa deweke sengit, mangka deweke kaparingan
murka (saka Allah). (HR.Tirmidzi: “Hadis hasan gharib
ing jalur (sanad)”).
Banjur
ingkang diriwayatkaken dening Mush‘ab bin Sa‘d,
Duh Rasulullah, manungsa pundi kang paling abot pacobane?
Sliranipun njawab: “Para nabi,.... banjur(wong-wong) sabanjure lan (wong-wong) sepadanne....
Mangka deweke iku diuji miturut kadar
agamane. .. menawa agamane kuat, mangka cobaane abot. Lan munapa agamane ringkih,
mangka pacobane sesuai kanti pemahaman agamanipun... Yekti trus mlaku sahingga
deweke kaparingan pacoba ing bumi mlampah tanpa tanpa kesalahan. (HR.
Tirmidzi: hadis hasan shahih)
mekaten, jamaah shalat
Jumat…..
manungsa
kang dicoba kanti sakit, diharamkaken bunuh diri,….. banjur sedulur sak kiwa tengen Kedah nguatkaken... Kedah damel sae kahanan... Banjur mantuk ing iman kang dumunung ing ati..... mekaten ugi nalika nandang coba kanti pacoban kang sanes....
Jalaran
pagesanangan menika mboten gadahipun piyambake,… anannging gesang menika gadahipun
Allah Subhanahu
wa Ta’ala ingkang ingkang sampun nentukaken ajalipun.. banjur dipun
timbang amalanipuin,.. banjur dipun pirsani sedaya pratingkahipun,… mugi kita
tansah istiqomah… ing pagesangan lan pacoban ing dunya menika….
بَارَكَ
اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ
بِسُنَّةِ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ، إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH
KEDUA
الْحَمْدُ
للهِ رَبِّ الْأَرْبَابِ، وَمُسَبِّبِ الْأَسْبَابِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ
إِلاَّ اللهُ الْعَزِيْزُ الْوَهَّابُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ، أَفْضَلُ مَنْ قَامَ بِالدَّعْوَةِ وَالْاِحْتِسَابِ، صَلَّى اللهُ
وَسَلَّمَ وَبَارَكَ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أُوْلِي الْبَصَائِرِ
وَالْأَلْبَابِ، وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ
الْمَآبِ
Jamaah shalat Jumat rakhimaniy wa rakhimakumullah,….
Kita ngeningkaken.. mugi mendet pawulangan..... Mbok bilih:
- sampun wonten ayat-ayat Saha hadis-hadis kang nglarang bunuh diri munapa mejahi tiyang kajaba kanti syariat..
-nguatkaken takwa saben tiyang muslim
- sederek muslim tansah nguatkaken iman sedulur ipun
Damel pepinget kita… temen
Allah Ta'ala Tansah paring coban tumrap kawulanipun.... sae awon munapa kasaenan,.... sahingga kedah kita sabar….
Mugi-mugi kita mertaubat dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala saking
sedaya dosa ingkang kapengker,…. Mugi tambah amalan kasaenan kita sedaya…..
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ, اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَ
لِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوْبِنَا
غِلاًّ لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ
نَسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا
حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَا لاَ
طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ
مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ
الْعَالَمِينَ, وَأَقِمِ الصَّلاَةَ
0 Response to "khutbah jum'at bahasa jawa babagan HARAM BUNUH DIRI gunungkidul wonosari"
Post a Comment