kultum/khutbah muqodimah
لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ
مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ
وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ
تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ
نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا
وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ
كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً
سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ
يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ
هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ
مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ
ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.
Ing Negari kang mayoritas
umatipun muslim, ananging katah sanget ritual2
pangibadatan2 arupi daharan munapa sembelihan kewan kang dipun
kunjukkakaken ing papan keramat..... Kados ing pesisir Jawi,.... gunung gunung.... kali-kali,.. lan sanes-sanesipun...... katah
masyarakat kagiring tradisi mbucal daharan wonten seganten..... Mekaten ugi ing
papan sanes, wonten ritual sanes kang intinipun kanti mbucal daharan kanti
kekarepan aman saking bebaya munapa nyuwun kaliyan “mbau rekso” ing satunggaling
papan… supados ngijabahi hajatipun.
Padahal gusti Allah Subkhana Wata’ala ngendika :
وَإِن يَمْسَسْكَ اللَّـهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ
“Menawa gusti pangeran (Allah Subkhana
Wata’ala) paring satunggaling mudharat tumrap ira, mila
ora ana kang nylametkake lintunipun Subkhana
Wata’ala” (QS. Al An’am: 17).
mila tiyang ingkang anggadahi nalar Padang.. wening, waras, saha logis, tentu kemawon ngaturkaken
donga pangajenganipun namung kaliyan Allah Subkhana Wata’ala. Jalaran setan pesti dakel was-was ing ati
manungsa... Munapa mbombong sifat ajrihipun manungsa babagan samubarang.., sifat ringkihipun manungsa
nalika ngadepi satungaling masalah dados dalan setan mlengoskaken manungsa saking iman... Mila kudu Mawas diri bilih deweke
mesti bakal ngrampungi sadaya masalah sadaya cita kanti wates umur... Tuwin
sedaya nikmat lan bebaya menika kanti ijinipun gusti pangeran. Gusti pangeran Allah
Ta’ala... Allah Ta'ala dawuh:
وَمَا بِكُمْ مِنْ نِعْمَةٍ فَمِنَ اللَّـهِ ۖ
ثُمَّ إِذَا مَسَّكُمُ الضُّرُّ فَإِلَيْهِ تَجْأَرُونَ
“lan apa wae nikmat kang ano ing sira(iku).., asale saka Allah Subkhana
Wata’ala, lan menawa sira
diparingi pacoban dening pangeran,mila namung marang pangeran sira ngarepake pitulungan.” (QS. An Nahl: 53)
Saking ayat ing inggil gusti pangeran Allah Subkhana
Wata’ala paring perintah
nalika sira nandang musibah,.. munapa masalah., munapa hajatan kang awrat,.. mila
marang gusti Allah kunduripun, marang gusti Allah sambatipun, marang gusti
Allah tawakalipun., Ananging nalika satungileng tiyang anyuwun pitulungan
kaliyan lintunipun Allah Subkhana
Wata’ala, damel acara kang
mboten trep kaliyan ajaran islam.. mboten trep kaliyan munapa ingkang dipun
kersakaken dening gusti Allah… malahan anggepipun damel acara langkung perlu tinimbang taat kaliyan munapa ingkang dipun wulang dening kanjeng
rasul Sawo... mila deweke kalebu tiyang drahaka, sahingga waget nyeret awakipun ing
neraka,. jalaran atinipun supe saking perintah saha awisanipun… kita emutkaken
ing salah satunggaling ngendiaken gusti Allah Ta’ala :
إِيَّاكَ نَعْبُدُ وَإِيَّاكَ نَسْتَعِينُ
“namung tumrap Pangeran kawula anyembah lan namung kaliyan
Pangeran kawula anyuwun pitulungan” (QS. Al Fatihah: 5)
Ayat menika Saben dintenipun kita waos paling sekedik 17 ambalan…..
ananging kados2 ayat menika mboten dipun resapi dening tiyang muslim,… kanti
ayat niki kita supados anyuwun pitulungan
namung dumateng Allah Subkhana
Wata’ala, lan mboten kepareng
anyuwun pitulungan lintunipun Allah Subkhana
Wata’ala... Saha anyuwun
pitulungan kanti ajaran tuwin pedoman ingkang dilampahi dening kanjeng rasulullah.
Jalaran anderek ajaran kanjeng rasulullah langkung utama, langkung ageng
piwalese tinimbang ayub grubug kaliyan samu barang kang tentu kemawon mboten
waget sami kualitas ajarane,… mboten waget sami kualitas pahalane…. mboten waget
sami akibate… Jalaran ajaran islam sampun sampurna…. Lan tentu kemawon mboten
anderek munapa ingkang dipun wulangkaken kanjeng rasulullah langkung gede
pahala uga langkung sae akibate…
larangan anyuwun pitulungan kaliyan sesembahan-sesembahan
lintunipun Allah. Kados munapa ngendikanipun Allah Ta’ala:
وَلَا تَدْعُ مِنْ دُونِ اللَّـهِ مَا لَا
يَنْفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۖ فَإِنْ فَعَلْتَ فَإِنَّكَ إِذًا مِنَ الظَّالِمِينَ
“lan sira aja anyuwun kanti donga2 kalawan apa-apa kang ora wenehi
manfaat lan ora wenehi mudharat tumrap
ira lintunipun Allah Subkhana
Wata’ala; sebab menawa ira nindakake
(kang mengkono mau), , mila saktemene sira kalebu wong-wong kang zalim”” (QS. Yunus: 106).
Katah saking manungsa ngunjukakke
ibadahe tumrap sesembahan lintunipun Allah Subkhana Wata’ala,… awrat ninggalkaken kebiasaanipun,… awrat
ninggakaken warisan ingkang sasar… padahal ingkang kawastanan muslim,.. ingkang
kawastanan takwa,.. ingkat kawastanan taat… injih menika anderek sedaya aturan
pagesangan ingkang dipun damel ingkang Ngreksa Jagad lumantaran kanjeng
rasulullah sholallahu alaihi wasallam… kita taat lan anderek kanti lila tanpa ngirangi
munapa nambah… kados taatipun karyawan nalika jam kerja,… kados bocah
nalika ngagem seragam sekolah…. Kados pemain bal kang nuruti aturan wasit…
mekaten ugi nalika kita taat dumateng aturan ingkang dipun katetepkaken dening
gusti Allah... tentu mawon sae akibatipun.. ananging nalika satunggaling tiyang
mlengos sekedik kemawon…. Banjur kelantur Kanti wekdal ingkang dangu ... tentu kemawon gusti Allah paring pepeling munapa
adzab nalika ing dunya… munapa dipun kumpulkaken adzab ing akhirat…
Allah ta’ala ngendika:
وَاتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّـهِ آلِهَةً
لَعَلَّهُمْ يُنْصَرُونَ ﴿٧٤﴾ لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَهُمْ وَهُمْ لَهُمْ جُنْدٌ
مُحْضَرُونَ
“Deweke pada anggawe
sembahan-sembahan lintunipun Allah Subkhana Wata’ala, supaya deweke oleh pitulungan... Brahala-brahala iku ora bakal nulung deweke, kamangka brahala-brahala iku wus disiapkake njaga
awake.” (QS. Yasin: 74-75).
sampun dijelaskaken,…. musibah saha kesusahan iku katetepaken dening gusti Allah,.. uga dening Allah katetepan kala wau waget sirna… tuwin
sesembahan kang disembah lintunipun Allah iku mboten mampu damel manfaat munapa
mudharat sekedik kemawon... Sae arupa patung,
wit, sela, barang keramat, kuburan,jisim munapa kayu,... samu barang kala wau
mboten paring manfaat lan pitulungan, malah damel was-was tumrap ati kita malah
damel kuatir ing ati kita…. sahingga ketaatanipun ganti raos kuatir kalian samu
barang ingkang deweke rumati,... Babagan raos kuatir ingkang tuwuh niku... Allah Ta’ala ngendika:
وَلَا يَسْتَطِيعُونَ لَهُمْ نَصْرًا وَلَا
أَنْفُسَهُمْ يَنْصُرُونَ
“lan brahala-brahala iku ora mampu wenehi pitulungan tumrap
penyembah-penyembahe... lan tumrap deweke brahala-brahala iku ora isa nulungi.”
(QS. Al A’raf: 192)
أَقُوْلُ هَذَا الْقَوْلِ وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ
يَغْفِرْ لَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ.
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى
فَضْلِهِ وَإِحْسَانِهِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى مَنِّهِ وَكَرَمِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ
لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ،
وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا،
أَمَّا
بَعْدُ:
Jama’ah Jum’ah rahimakumullah. Perlu kita sadari, bilih pawulang kang dipun ajarkaken dening kanjeng
rasul SAW... mboten luntur kemawon tanpa sebab.. Mugi kita ngreksa iman kita... banjur mbucal samubarang ingkang dados sebab lunturipun iman... Mugi saget nderekki pawulangan ingkang pratela, waget ditindakke tumrap
sinten kemawon.... Sahingga ajaran kang
leres, ajaran kang murni dados syafaat, dados pitulungan tumrap sinten kemawon ingkang iman banjur tansah istiqomah ngreksa taat tuwin
takwanipun.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا
أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ
عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا
وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي
قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ رَبَّنَا
ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ
الْخَاسِرِينَ رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ . وَصَلى الله وسَلم عَلَى مُحَمد
تسليمًا كَثيْرًا . وَآخِرُ
دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
Oleh tim KhotbahJumat.com
Artikel www.KhotbahJumat.com
Artikel www.KhotbahJumat.com
KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =

0 Comments