ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA BABAGAN HAWA NAFSU


Melawan Hawa Nafsu



KHUTBAH I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ خَلَقَ فَسَوَى، وَالَّذِيْ قَدَّرَ فَهَدَى، وَالَّذِيْ أَخْرَجَ المَرْعَى، فَجَعَلَهُ غُثَاءً أَحْوَى، رَبِّ كُلِّ شَيْءٍ وَمَلِيْكِهِ وَمُدَبِّرِهِ وَمُصَرِّفِهِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ، وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَلَا نِدَّ وَلَا شَبِيْهَ وَلَا نَظِيْرَ وَلَا مَثِيْلَ، وَهُوَ السَّمِيْعُ البَصِيْرُ.
وَأَشْهَدُ أَنَّ محمداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَرْسَلَهُ بَيْنَ يَدَيَّ السَّاعَةِ بِالْحَقِّ لِيَكُوْنَ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، وَهِدَايَةً لِلْغَاوِيْنَ، وَحُجَّةً عَلَى المُعَانِدِيْنَ، فَصَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ وَبَارَكَ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِ بَيْتِهِ وَأَصْحَابِهِ المَيَامِيْنِ، وَعَلى المُقْتَدِيْنَ بِهِ وَبِهِمْ إِلَى يَوْمِ الجَزَاءِ وَالمَصِيْرِ.
أَمَّا بَعْدُ،:

Jama’ah Jum’at Rakhimaniy wa rakhimakumullah,…..
Mangga kita tansah nindakkaken takwa marang Allah kanti sakbener-beneripun takwa, jalaran kanti takwa marang Allah kita niti satunggaling margi ingkang kebak pitedah, ananing ingkang niti margi ingkang sanes mila panjenengane sampun sasar.
Kita mersani ing saben-saben tiyang anggahi hawa nafsung ingkang benten. Hawa nafsu niki arupi srentegipun jiwa babagan kabecikan munapa ugi awon. Ing katah ayat Al Qur’an ugi nyebutkaken babagan hawa nafsu tansah bebarengan piwulang kawaspadanan munapa pepeling tumrap kita supados  mboten cenderung ngikuti nafsunipun.
Ing katah piwulangan ing hadits nabi ugi nerangkaken babagan hawa nafsu ingkang tansah nyeret ing tumindak ingkang awon… anangin satunggaling hadist ingkang maringi pawulang babaan nafsu ingkang sae…. kanjeng Rasul Shallallahu ‘Alaihi Wasallam ngendika:
 عَنْ أَبِي مُحَمَّدٍ عَبْدِ اللهِ بْنِ عَمْرو بْنِ الْعَاصِ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ : قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صلى الله عليه وسلم :
 لاَ يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعاً لِمَا جِئْتُ بِهِ
)) [حَديثٌ حَسَنٌ صَحِيْحٌ وَرَوَيْنَاهُ فِي كِتَابِ الْحُجَّة بإسنادٍ صحيحٍ ]
 “saking Abu Muhammad, Abdullah bin Amr bin Al ‘Ash radhiallahu ‘anhuma, panjenenganipun mucal : Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa Sallam ngendika : “ora sampurna iman satunggaling tiyang ing antarane ira sahingga hawa nafsune tunduk kaliyan munapa kang wus ingsun wulangkake”. (Hadits hasan shahih dalam kitab Al Hujjah)
Saking hadist ing inggil nerangkaken bilih hawa nafsunipun tiyang ingkang bener2 iman tentu kemawon tansah taat tuwin tunduk ing sedaya aturan ingkang dipun atur dening gusti Allah…. Kosok wangsulanipun menawi wonten seperangan tiyang ingkang cungkah kaliyan aturan ingkang dipun tetepkaken dening gusti,.. tentu kemawon waget ngrisak imanipun lajeng tentu kemawon dening gusti Allah paring pepeling munapa adzab nalika ing akhirat….  Jalran  Hawa nafsuipun dados sesembahan,dados panutan lintunipun gusti Allah…. Jalaran kanti hawa nafsu menika mampu ngubah katah manungsa kagiring saking margi ingkang sae mlengos ing margi ingkang awon,… saking tumindak adil dados zhalim… saking tauhid dados syirik…. Saking lempeng dados bengkok….. tuwin saking  sunnah dados bid’ah.
Jalaran para ahli bid’ah kasebut kanti kawulane hawa nafsu :


أ
َفَرَءَيۡتَ مَنِ ٱتَّخَذَ إِلَـٰهَهُ ۥ هَوَٮٰهُ وَأَضَلَّهُ ٱللَّهُ عَلَىٰ عِلۡمٍ۬ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمۡعِهِۦ وَقَلۡبِهِۦ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِۦ غِشَـٰوَةً۬ فَمَن يَہۡدِيهِ مِنۢ بَعۡدِ ٱللَّهِ‌ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ
 “Mula apa sira durung tau weruh kang ndadekake hawa nefsune minangka pangerane lan Allah banjur nyasarake dheweke krana ilmune, sarta ngunci pati kupinge lan atine, lan banjur ndadekake tutup ana ing pandelenge ? Mula ya sapa to kang bisa paring pituduh sawise Allah ngenengake dheweke ana ing kahanan sasar ? Mula apa sira kabeh ora padha gelem eling ?
” (QS. Al-Jaathiya : 23)

أَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ أَفَأَنْتَ تَكُونُ عَلَيْهِ وَكِيلًا
أَمْ تَحْسَبُ أَنَّ أَكْثَرَهُمْ يَسْمَعُونَ أَوْ يَعْقِلُونَ ۚ إِنْ هُمْ إِلَّا كَالْأَنْعَامِ ۖ بَلْ هُمْ أَضَلُّ سَبِيلًا
“Terangana  babagan woang kang andadekake hawa nafsune dadi panutan. Mula apa sira dadi wakile ?
utawa sira ngira sak akehe saka deweke iku ngrungokake utawa mahami. dweke iku ora beda kaya dene binatang ternak malahan luwih sasar dalane.” (QS. Al-Furqaan : 43-44)
Ing katah ayat Al Qur’an gusti Allah Ta’ala paring paribasan bilih tiyang kang tansah mituruti hawa nafsunipun kados binatang ternak.
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ الَّذِي آتَيْنَاهُ آيَاتِنَا فَانْسَلَخَ مِنْهَا فَأَتْبَعَهُ الشَّيْطَانُ فَكَانَ مِنَ الْغَاوِينَ
وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنَاهُ بِهَا وَلَٰكِنَّهُ أَخْلَدَ إِلَى الْأَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوَاهُ ۚ فَمَثَلُهُ كَمَثَلِ الْكَلْبِ إِنْ تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ أَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَثْ ۚ ذَٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ
“lan kabarna tumrap deweke  babagan wong kang wus ingsun turunke tumrap satunggaling kaum ayat-ayat ingsun banjur deweke incat saka ayat-ayat iku banjur deweke bebarengan setan mila deweke kalebu wong-wong kang sasar. Menawa Pangeran ngersakake… saktemene pangeran bakal ngangkat derajate jalaran cecepengan ayat-ayat pangerane… ananging deweke cenderung kesemsem gumebyaripun dunya tuwin anuruti hawa nafsune kang asor…. mila kaya dene swama.. nalika sira nyatroni diulurke ilate lan nalika sira ngejarke uga ngulurke ilate… kang kaya ngono paribasan wong-wong kang andestakake ayat-ayat Pangerane. Mila ceritakkna kisah-kisah iku supaya deweke  mikir. Temen ala paribasan wong-wong kang ndestakake ayat-ayat ingsun lan tumrap awake kiyambak deweke zhalim.” (QS. Al-A'raaf : 175-176)
Ing  ayat sanes  Allah Ta’ala uga ngendika :
كَأَنَّهُمْ حُمُرٌ مُسْتَنْفِرَةٌ
فَرَّتْ مِنْ قَسْوَرَةٍ
“kaya-kaya deweke iku imar ajag.. mlayu saka singa.”
(QS. Al-Muddaththir : 50-51)
uga mboten angikuti hawa nafsu tiyang-tiyang yahudi kalawan nashrani.
وَلَنْ تَرْضَىٰ عَنْكَ الْيَهُودُ وَلَا النَّصَارَىٰ حَتَّىٰ تَتَّبِعَ مِلَّتَهُمْ ۗ قُلْ إِنَّ هُدَى اللَّهِ هُوَ الْهُدَىٰ ۗ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ بَعْدَ الَّذِي جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ مَا لَكَ مِنَ اللَّهِ مِنْ وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ
“wong-wong yahudi lan nashrani ora seneng marang sira nganti  sira ngikuti agamane deweke. kandakna “Saktemene pituduh Allah iku sakbener-benere pituduh .” Lan saktemene menawa sira ngikuti hawa nafsu deweke sakwise tumeka ilmu kiang pratela mila Allah ora paring pangayoman lan pitulungan tumrap ira." (QS. Al-Baqarah : 120)
Katah saget penyimpangan tuwin akibat ingkang mboten sae nalika kita sekedik kemawon lereh.. jalaran  tiyang-tiyang musyrik firman-Nya tansah nuruti nafsune sahingga dening gusti Allah dipun ngendikakaken :
وَلَئِنْ أَتَيْتَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ بِكُلِّ آيَةٍ مَا تَبِعُوا قِبْلَتَكَ ۚ وَمَا أَنْتَ بِتَابِعٍ قِبْلَتَهُمْ ۚ وَمَا بَعْضُهُمْ بِتَابِعٍ قِبْلَةَ بَعْضٍ ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ ۙ إِنَّكَ إِذًا لَمِنَ الظَّالِمِينَ
“lan saktemene menawa sira ngajarkake tumrap wong-wong kang kaparingan Al Kitab sedaya ayat.. deweke ora bakal ngikuti kiblat sira lan sira ora ngikuti kiblate deweke. lan sebagian saka deweke ora ngikuti kiblat sebagian kang liya. lan saktmene menawa sira ngikuti hawa nafsu kaya deweke sakwise tumeka ilmu tumrap sira… mangka saktemene sira kagolongan wong-wong kang zhalim.” (QS. Al-Baqarah : 145)
Allah paring perintah lumantaran ing kitab tuwin lisan Rasule supados kita anentukaken hukum ing antarane manungsa kanti adil. Mekaten ugi peringatan tumrap kita kita supados mboten angikuti hawa nafsu ingkang anyeret kita ing pepeteng.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاءَ لِلَّهِ وَلَوْ عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ أَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ ۚ إِنْ يَكُنْ غَنِيًّا أَوْ فَقِيرًا فَاللَّهُ أَوْلَىٰ بِهِمَا ۖ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوَىٰ أَنْ تَعْدِلُوا ۚ وَإِنْ تَلْوُوا أَوْ تُعْرِضُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا
“he wong-wong kang iman dadio sira wong kang bener-bener pengadeg keadilan  anyekseni jalaran Allah sakniaso tumrap awak ira dewe utawa ibu bapak ira lan kaum kerabat ira… deweke sugih munapa mlarat mila gusti Allah luwih pirsa maslahate. Mila sira aja ngikuti hawa nafsu jalaran kepengin nyimpang saka kabecikan. Lan menawa sira mlengos utawa lemeh saka panyeksene mila saktemene gusti Allah Maha waspada tumrap  sedaya munapa kang sira tindakake.” (QS. An-Nisaa : 135)

Allah ambeberkaken bilih ngikuti hawa nafsu waget nyasarkaken satunggaling tiyang saking dalan kang lempeng tumindakipun mboten sae malih saha keputusanipunmboten adil malih. Kados ingkang dipun ngendikakaken dening gusti Allah marang nabi daud alaihi sallam :
يَا دَاوُودُ إِنَّا جَعَلْنَاكَ خَلِيفَةً فِي الْأَرْضِ فَاحْكُمْ بَيْنَ النَّاسِ بِالْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوَىٰ فَيُضِلَّكَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَضِلُّونَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا نَسُوا يَوْمَ الْحِسَابِ
“He Daud saktemene ingsun utus sira dadi khalifah ing bumi.. mila sira mutusi ing antarane manungsa kanti adil lan sira ajo ngikuti hawa nafsu.. jalaran iku nyasarkake sira saka dalan Pangeran Saktemene wong-wong kang sasar saka dalan Allah angsal piwales azab kang gede jalaran deweke supe saka kapitungan.” (QS. Saad : 26)
Ibnul Qayyim ing kitab ipun Raudhatul Muhibbin nyeratkaken, “Saktemene tiyang kang ngikuti hawa nafsunipun mboten berhak ditaati mboten angsal dadi imam tuwin mboten angsal diikuti. Kados pangandiaknipun Allah Ta’ala marang nabi Ibrahim alaihi wasallam ingkang kaserat ing Al-Qur’an:
وَإِذِ ابْتَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ رَبُّهُ بِكَلِمَاتٍ فَأَتَمَّهُنَّ ۖ قَالَ إِنِّي جَاعِلُكَ لِلنَّاسِ إِمَامًا ۖ قَالَ وَمِنْ ذُرِّيَّتِي ۖ قَالَ لَا يَنَالُ عَهْدِي الظَّالِمِينَ

“Lan (elinga),nalika Ibrahim diuji dening Pangeran kanti kalimat (perintah lan larangan), banjur Ibrahim nindakake. Gusti Allah ngendika: “Saktemene Aku ngutus sira dadi imam tumrap sak kabehe manungsa” Ibrahim mucal : “lan saking katurananku duh gusti”. Gusti Allah ngendika “Janji ingsun ora katetepkake tumrap wong-wong kang zhalim.” (Al-Baqarah : 124)
lan saben tiyang kang ngikuti hawa nafsunipunkalebet tiyang-tiyang kang zhalim.. gusti Allah ngendika,
بَلِ اتَّبَعَ الَّذِينَ ظَلَمُوا أَهْوَاءَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ
“Ananging wong-wong kang zhalim ngikuti hawa nafsune tanpa ilmu.” (QS. Ar-Room : 29)
babagan larangan anaati tiyang kang ngikuti hawa nafsu wonten ing ngendikanipun gusti Allah,
وَلَا تُطِعْ مَنْ أَغْفَلْنَا قَلْبَهُ عَنْ ذِكْرِنَا وَاتَّبَعَ هَوَاهُ وَكَانَ أَمْرُهُ فُرُطًا
“lan sira ajo ngikuti wong kang atine wus ingsun lalaikake saka dzikir marang ingsun sarta anuruti hawa nafsune lan kahanan kang kaya ngono mau anglewati wates.”
(QS. Al-Kahf : 28)
Dalam hadits shahih disebutkan :
لَيْسَ الشَدِيْدُ بالِصُرْعَةِ، إنَّمَا الشَدِيْدُ الَذِي يَمْلِكُ نَفْسَهُ عِنْدَ الغَضَبِ
"dudu wong kang kuat kang menang gelut, ananging wong kang kuat yaiku wong kang mampu nuraga awake jalaran kontab” ( HR. Bukhari Muslim )

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua :
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ العَظِيْمِ الجَلِيْلِ، اَلْغَفُوْرِ الرَّحِيْمِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى خَاتَمِ رُسُلِهِ وَأَفْضَلِهِمْ، وَآلِهِ وَأَصْحَابِهِ، وَتَمَمِ بِالتَّابِعِيْنَ لَهُ بِإِحْسَانٍ.
وَبَعْدُ، أَيُّهَا المُسْلِمُوْنَ:
Sedaya wastuti katur dumateng Allah, tuwin raos syukur katur dumateng Allah tuwin kawula anyekseni bilih mboten wonten sesembahan ingkang berhak disembah lintunipun gusti Allah Subkhana Wa Ta’ala, mboten wonten tetandingan munpa kemawon, tuwin kawula anyekseni bilih Muhammad dados kawula tuwin Rasul, mugi shalawat saha salam tansah katur tumrap sliranipun,tumrap keluarganipun saha para sahabatipun.banjur  gusti Allah paring perintah tumrap kita supados  tansah shalawat kalawan salam katur kanjeng nabi sholallahu alaihi wasallam…
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ، اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ، اللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ، اللَّهُمَّ احْفَظْ وُلاَةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَوَفِّقْهُمْ لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ مِنَ الْأَقْوَالِ وَالْأَفْعَالِ، يَا حَيُّ، يَا قَيُّوْمُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَسُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ وَبِحَمْدِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ، أَسْتَغْفِرُكَ وَأَتُوْبُ إِلَيْكَ.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ


KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =



0 Response to "KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA BABAGAN HAWA NAFSU"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..