ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA LIBERALISME








Khutbah Pertama


الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛
Jamaah jum’at rakhimakumullah,..
Mangga kita ngaturaken taqwa lan syukur ing ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, kesenengan, rizki, lan panggesangan datèng kawulanipun sahingga kanthi rahmating Allah ugi kita sedaya tetep wonten ing salebeting iman lan Islam.
Mugi rahmat saha salam kaparingna dateng panutan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa nuju dateng margi ingkang leres. Mugi-mugi kita sedaya kagolong para Muttaqin ingkang estu-estu taqwa dateng Allah tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.  Keranten menika kelapangan dada tuwin ketenangan ati.

Jamaah jum’at rakhimakumullah,..
Kita  bahas satunggileng pawucalan sederek kita=  Menapa kita taksih aman gesang kanti agama,. Sampun dangu kita gesang ing dunya kanti mawarni-warni agami kados islam,.. Kristen… hindu.. .. katolik,.. lan sanes-sanesipun.... setunggileng alesan bilih ngagem sholat ugi dedonga kita ngaturkaken panyuwunan….  Ananging katah mboten sesuai keinginan kita ,.. sampun dangu kita nindakake sholat, sampun dangu kita islam mboten nate kita ketemu kalian pangeran,.. awit alit kita dididik anggadahi raos ajrih tumrap pangeran ,.. mboten wonten pengalaman kang waget kita raosaken... mboten waget dibahas dening logika kita.,,,. Ugi  mboten sesui kaliyan faktanipun pagesangan,.. Munapa kita taksih mikirkaken pangeran….  padahal pangeran mboten pesti wonten,... Menika namung pemikiran manungsa mlayu saking kasunyatan ing dunya.
al-qur’an ugi al-hadist mboten katulis nalika zamanipun Muhammad  sahingga pawulangan menika namung tansah kaubah-ubah turun-temurun,.. munapa kita taksi iman,. Padahal Allah niku namung pemikiranipun manungsa lan Muhammad namung piyantun  lumrah,. Mboten luwih saking menika,.

Jama’ah jum’at rakhimakumullah,.
Mekaten cekakipun fitnah ing akhir zaman menika… pawulangan-pawulangan kala wau diajarkaken ing pendidikan-pendidikan islam disumebarkaken ing pendidikan umum sahingga mengaruhi sedaya manungsa supados ragu kaliyan agama,. Tebih saking ilmiah ananging ngunggulkakaen  logika ugi anyilakakaken ing neraka,.. Katah karuwetan,.. katah pepetang,. Katah pemurtadan,. Ugi katahipun kesesatan,.. syirik ugi bid’ah,..  katahipun islam,.. sumebaripun islam,.. tansah dibarengi munculipun tiang-tiang mboten remen kaliyan islam,. Deweke belajar islam,. Deweke ngaku islam ananging kasunyatane ilmu kang dipelajari kagem ngrisak umat islam, kagem ngrisak sedaya agami,.. kagem ngrisak sedaya tatanan,. kagem damel karuwetan ing pagesangan sahingga muncul satunggaling wawasan enggal kang nebihkaken saking ilmu nebihkaken saking tatanan pagesang,.. nebihkaken saking moral ugi sosial…
kang pemahaman menika mboten klentu  bilih intinipun damel pepeteng ing pagesangan manungsa wujud persiapan tumekanipun pemimpin hera-heruning zaman, lan mboten klentu  bilih pemimpinipun menika kawujud dajjal  pemimpin kang nyumebarkaken kasenengan nyumebarkaken fitnah. Damel kasenengan ananging kasenengan kala wau namung goroh andadekaken banyu kados geni ugi kosok wangsulipn geni kadosipun banyu. Sahingga awrat sanget ambedakaken kabeneran kang hakiki, sahingga
tiang muslim kados satunggileng tiang asing kang sekedik cacahe kang nyepeng agami islam kanti al-qur’an ugi hadist saha ngginakaken pemahaman kang leres.
mekaten ugi Kristen, nalika kekaisaran katolik ing prancis lebur babagan pemahan menika muncul sawijineng ungkapan saking tiang  kristen” kawula luwih ayem nalika nyawang sorbanipun tiang muslim tinimbang topi yahudi. Mekaten sebenere tiang Kristen ugi sedaya agama kenal sifat-sifat yahudi..  paham-paham kebebasan,.. paham-paham mbandingaken kalian fakta,. Sahingga katahipun manungsa kablinger,.. paham-paham menika wau.. Mila kita kedah kenal islam,. Kedah remen ilmu islam,. Ugi  nindakkaken perintah islam kanti ngagem pemahan kang leres mboten ajrih tumrap penjajahan pemikiran-pemikiran ing media ugi iguh perkiwuhipun dumateng masyarakat. Jalaran islam menika agama kang sampurna  mboten perlu tambahan ugi ngirangi…
katahipun fitnah kedah dibarengi sifat semangat jihad,. Jihad  ngancurkaken kebodohan – kesyirikan  -bid’ah  ing awak kita sami,. . ananging mboten kebujuk satunggileng pemahaman tiang sahingga kabujuk dening emosi,… sahingga amrintahkaken damel kerusakan,..  damel keruwetan engal,..    padahal islam mboten maringkaken damel kerusakan ing dunya.        ولا تفسد في الأرض بعد  اٍصلاحها
satunggileng dalan injih menika  merangi kebodohan ing awak kita kiyambak sahingga waget istiqomah ugi damel kasaenan ing pribadi kita kiyambak ugi masyarakat.
Jama’ah jum’at rakhimakumullah,.
Kados dene tetanduran ing musim jawah,.. tukulipun taneman jalaran jawah waget gede ngantos medalkaken woh. ananging bade mati menawi kirang jawah ugi mboten kaurus. Mekaten ugi iman saget  ningkat ugi mrosot.  Ningkat jalaran takwa ugi ilmu waget ugi mrosot jalarn maksiat.
Kanjeng Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam sampun anggambarkaken katah sanget tumrap umatipun, babagan kejaden-kejaden kang bakal kalewat sakmangke,.. kang tansah mili fitnah menika ngantos dinten kiamat. Sliranipun paring wasiat tumrap ummatipun supados waspada ugi tansah takwa, sarta mantuk wonten ing para pemahaman  sesepuhipun umat kadedasar al-qur’an tuwin al-hadist . Slirane shallallahu ‘alaihi wa sallam paring kabar babagan  fitnah-fitnah ing agami.,
باَدِرُوْا بِالأَعْمَالِ فِتَنًا كَقِطَعِ الْلَيْلِ المُظْلِمِ يُصْبِحُ الرَجُلُ مُؤْمِنًا وَيُمْسِيْ كَافِرًا أَوْ يُمْسِيْ مُؤْمِنًا وَيُصْبِحُ كَافِرًا يَبِيْعُ دِيْنَهُ بِعَرَضِ مِنَ الدُّنْيَا
tumindakna amal sholih (sakderenge tumeko) fitnah,kados dalu kang peteng. tiang wonten ing injing iman,banjur sorenipun  kafir. utawi sorenioun iman,ananging enjingipun kafir, deweke nyade agamanipun supados angsal dunya.” (HR. Muslim)
Katah tiang  taksih ngaku islam ananging mboten numindakkaken ajaran islam ugi katah tiang ngaku islam ananging ngrisak agami islam,.. malah katah ngaku islam ananging mboten mangertosi munapa niku islam,. Saking  menika ,. Mengsah-mengsah ipun islam melajari islam kagem ngancurkaken  islam saking dalem,…  nggrogoti kanti pemahan-pemahan  kang nebihkaken saking islam.,, nyerang wonten ing kampus-kampus, sekolahan-sekolahan, ugi pesan-pesan menika nyerang saben-saben griya 24 jam,  Sahingga tanpa sadar kita sampun kadidik dening serangan media masa  nebihi agami kanti alus,..  sahingga terpengaruh umumipun tumindakipun manungsa. Mila saking mekaten kewajiban kita kedah eling tuwin waspada,, wungu saking sare  kita,,, kanti belajar islam saha nidakkaken sedaya amalan kanti pemahaman sesepuhipun umat nalika zaman rasulullah Sholalahu Alaihi wasallam

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ، إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

 

KHUTBAH JUM’AT KEDUA

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ.
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ.
أَمَّا بَعْدُ؛ وَلاَ تَكُونُواْ كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لاَ يَسْمَعُونَ
Ikhwanifiddin arsyadakumullah wa iyyakum,
Fitnah bakal terus wonten ngantos hari kiamat sakmangke. Supados kita  slamet  saking fitnah mawrni-warni fitnah sakmangke.mangga kita nyuwun lindungan dumateng  Allah Subhanahu wa Ta’ala. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam. Saget gesang kanti islam ugi gesang kanti rizki kang barokah.
Tuwuhipun mawarni fitnah sakmanke nyebabkaken saperengan manungsa nuruti hawa nafsunipun nuruti dunyaipun  sahingga ibadahipun mboten nikmat malih, ibadahipun mboten pengaruh malih.  Jalaran manungsa sampun supe disibukkaken pedamelan ugi mawarni parkawis…  mawarni perkawis menika dados ujian tumrap kita
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ اْلأَمْوَالِ وَاْلأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ
lan saktemen  bakal takwenehi ujian tumrap sira kabeh, ing babagan keamanan, kelaparan, kekirangan harta, jiwa, ugi buah-buahan. Lan   paringan kabar gembira tumrap wong-wong kang sabar.” (Al-Baqarah: 155)
 Saking ayat menika kita kauji dening pangeran kepripun imanipun nalika ngadepi fitnah babagan rizki ugi keamanan sarta tambahan mawarni fitnah,.. lan kita kapurih sabar ugi tawakal sahingga kaasil rizki kang barokah.
لَهُ مَقَالِيدُ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضِ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ إِنَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
“kagunganipun Allah samubarang munapa kemawon ing  langit tuwin bumi; pangeran bade anjembarkake rizki tumrap sapa wae kang dikersakake tuwin yempitkaken(rizkine).Saktemene Pangeran  Maha Waspada tumrap sedaya perkawis.” (Asy-Syura: 12)

  
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ
. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا
 رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالـْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْـمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ المُوَحِّدِينَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْـمُسْلِمِينَ فِي كُلِّ مَكانٍ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُبِكَ مِنْ قَلْبٍ لاَ يَخْشَعُ وَدُعَاءٍ لاَ يُسْمَعُ وَمِنْ نَفْسٍ لاَ تَشْبَعُ وَمِنْ عِلْمٍ لاَ يَنْفَعُ

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّار








0 Response to "KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA LIBERALISME"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..