Sakjatosipun saben manungsa dipun takdirkaken remen kalawan nalar ingkang jelas Padang gamblang... Banjur keruwetan Dunya ingkang katah... nyeret katahipun manungsa,... kabujuk dalan setan...... Nyeret saben-saben manungsa sasar... Banjur temen begja ingkang sadar.. begja ingkang insyaf... Begja banget ingkang nalaripun mlampah ing pepadang... Saget incat saking pepeteng Dunya... Banjur ngupaya istiqomah ing mawarni kahanan,...
sahingga mugi mboten supe tumrap pamong pangayom masyarakat,... bilih ngagem hijab mboten nglanggar hukum kebebasan... Sahingga ingkang taat temen ngupaya bebas damel kasaenan,.... netepi aturan pangeranipun dados kontrol rusakipun masyarakat.. saksianaso saben papan... Umuk damel papan perusak Kanti jeneng kebebasan... Kebebasan nafsu... Kebebasan ngrusak alam.. kebebasan ngrusak tatanan Pagesangan.... kebabasan ngrusak nalar ingkang sehat........ wujud kebebasan Kesetaraan seantero jagad menika,... temen menika gegamanipun ngrusak tatanan pagesangan,.... katah nampik aturan ingkang tata,... nampik ngatur manungsa laku tertib... nampik laku jujur .., nampik laku adil,... mekaten nalika nalar ingkang peteng tumancep.... temen bebaya ingkang nyeret panjenenganippun,... sahingga kanti umuk berjuang anglawan aturan Pagesangan.... aturan Islam .......... pawucalan barat kanti gaman kebebasan target tumrap umat Muslim.. .supados sami anderek sasaripun,... Dipun peksa kaum muslim ing mancaanampa gaya hidup, pemikiran, pakaian, lan sedanten praktik Barat,... temen begja ingkang nalar pikiranipun wening nonton kahanan manungsa ingkang bebas,.... ananging kanti kebebasan menika,...panjenenganipun sinau langkung sae,... sinaua langkung jembar,.... mboten kepencut sasaripun dalan setan,....
seperangan nafsu kebebasan ing masyarakat.... deweke ngupaya nglucuti busana tiyang muslim ing papan umum,.. mboten bebas nutup aurat ing sekolah-sekolah..., mboten angsal laku taat ing masyarakat,... mboten angsal jujur ing amanah pedamelan,... mekaten cuilan nalar ingkang peteng ing masyarakat,... sahingga bikini dados rasukan prawan ing papan umum,.... mboten angsal nutup aurat ananging maarengkaken mamerkaken awak supados manungsa pada gumun,.... korupsi kolusi nepotis dados kebebasan,... temen awrat... temen rekaos,.. pamong pangayom masyarakat damel bener rencangipun,.... damel bener masyarakatipun,...... jalaran penyakit manungsa ingkang kadung betah ing dunya,... kepengin pagesangan ingkang bebas,...nglanggar mawarni aturan,... menawa perlu dipun rusak aturanipun,...
sakniaso kasunyatan pahit menika sampun kedadean ing masyarakat..., kedah dipun jelaskaken.... bilih hawa nafsu sasar menika dikendalikaken dening setan,,,,,tebih sanget saking weningipun nalar.... keseret ing tumindak ala lan rusakan,.... Allah Ta’ala dawuh ,
{إِنَّ النَّفْسَ لأمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلا مَا رَحِمَ رَبِّي}
“Sakyektine... nafsu (manungsa) iku tansah mrintah babagan ala,... kajaba nefsu kang kaparingan rahmat dening Pangeran...” (QS Yuusuf:53).
{وَلَوِ اتَّبَعَ الْحَقُّ أَهْوَاءَهُمْ لَفَسَدَتِ السَّمَوَاتُ وَالأرْضُ وَمَنْ فِيهِنَّ...... بَلْ أَتَيْنَاهُمْ بِذِكْرِهِمْ فَهُمْ عَنْ ذِكْرِهِمْ مُعْرِضُونَ}
“menawa kebeneran iku miturut nefsu manungsa...., mangka pesti binasa langit lan bumi sarta sedaya kang ana ing sakjrone,..... Sakyektnine ingsun wus nekakake tumrap deweke peringatane (al-Qur’an).... ananging deweke mlengos saka peringatan iku” (QS al-Mu’minuun:71).
Ugi pengimutipun,..
{وَلا تُطِعْ مَنْ أَغْفَلْنَا قَلْبَهُ عَنْ ذِكْرِنَا وَاتَّبَعَ هَوَاهُ وَكَانَ أَمْرُهُ فُرُطاً}
“lan sira aja midherek wong kang wus ingsun supekake atine,... saka eling marang ingsun,..., sarta mituruti hawa (nafsu)ne,... lan (kabeh) urusane dadi rusak/ala” (QS al-Kahfi:28).
makna Kebebasan ingkang Hakiki... injih menika kanti andumugikaken kabahagiyan lan bungahipun gesah tumrap manungsa... mboten mungkin digayuh kanti nilarkaken angger-anggeripun agama,....sahingga ingkang nglanggar paugeran pagesangan ingkang padang,... temen kraos sumpek gesangipun,.... Allah Ta'Ala Dawuh :
{وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكاً..... وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَى}
“lan sok sintena kang mlengos saka peringatan-ingsun,.... mangka temen deweke(bakal ngrasakake) urip kang sumpek (ing dunya)[1],..... lan ingsun bakal ngumpulkaken deweke ing dina kiamat ... ing kahanan wuta” (QS Thaaha:124).
Imam asy-Syaukani rahimahullah medarkaken, “Makna niki : Saktemen Allah Ta’ala nyawiskaken (walesan) wong-wong kang midherek lan komitmen kanti agama... kanti pagesangan ingkang (kebak) kanikmatan ing dunya...., tanpa sedih.., awrat munapa susah ing atinipun,...… ugi nyawiskaken (walesan) tumrap tiyang ingkang mlengos saking pituduh .... mlengos saking agama... nggih menika pagesangan ingkang sumpek.... sarta (kebak) lungkrah lan darita (ing dunya).... banjur bebarengan iku wau darita ing dunya.., ing akhirat (sakmangke) deweke bakal (ngasa) darita, lungkrah lan sumpekipun pagesangan ingkang langkung rekaos”[2].
Allah Ta’ala miterangkaken bilih kabahagyan ingkang hakiki,... namung diraoskaken dening tiyang ingkang lempeng ugi ngupaya istiqomah... midherek syariat agama..... Allah Ta’ala dawuh
{مَنْ عَمِلَ صَالِحاً مِنْ ذَكَرٍ أَوْ أُنْثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ}
“sok sintena kang nindakkake amal saleh,... lanang munapa wadon ing kahanan iman,... mangka saktemene bakal ingsun paring tumrap deweke panguripan kang apik (ing dunya),... lan saktemene bakal ing paringi walesan tumrap deweke (ing akhirat) kanti ganjaran kang luwih apik saka apa kang deweke tindakke” (QS. an-Nahl:97).
Pepunden ulama miterangkaken “panguripan kang apik (ing dunya)” saha “kabahagyan (urip)” utawa “rizki kang halal lan apik” lan kasaenan-kasaenan ing dunya dados kesenengan gesang ingkang hakiki[3].
Allah Ta’ala anjembarkaken dhadha tuwin nentremkaken jiwa... sinten kemawon ingkang midherek syariat Islam... dados titikanipun tiyang ingkang kaparingan pituduh......, banjur kosokwangsulanipun,... dados sumpek ing jiwa dados tanda tiyang ingkang sasar.... Allah Ta’ala dawuh,
{فَمَنْ يُرِدِ اللَّهُ أَنْ يَهدِيَهُ يَشْرَحْ صَدْرَهُ لِلإسْلامِ وَمَنْ يُرِدْ أَنْ يُضِلَّهُ يَجْعَلْ صَدْرَهُ ضَيِّقًا حَرَجًا كَأَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِي السَّمَاءِ كَذَلِكَ يَجْعَلُ اللَّهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لا يُؤْمِنُونَ}
“sokntenan kang dikersakake dening Pangeran kaparngan pituduh..., yekti pangeran bakal njembarkake dhadhane (nrima agama) Islam...... lan sok sintena kang dikersakake dening Pangeran sara..., yekti Pangera damel sumpek sesek dhadhane,... kaya-kaya deweke munggah langit.... mangkono pangeran ganjar ala/siksa tumrap wong-wong kang ora iman...” (QS al-An’aam:125).
menawa manungsa incat saking aturan-aturan Islam .... kanti alesan nefsu .... temen panjenenganipun sampunkabujuk kunjara hawa nefsu .... wujud bebanda setan ingkang damel petengipun nalar,... banjur nuwuhkaken kasengsaran.....
Syaikhul Islam Ibnu Taimiyyah miterangkaken
“المحبوسُ مَنْ حُبِسَ قَلْبُه عن رَبِّهِ تعالى والمأسورُ مَنْ أَسِرَه هواه”
“wong kang dikunjara... yaiku wong kang dikunjara (kolang-kalingan) atine saka pangerane (Allah) Ta’ala,.... lan wong kang kecencang (kebanda) yaiku wong kang dicencang hawa nafsune”[4].
Para ulama angumpamakaken... butuhipun manungsa babagan ilmu... kados butuhe iwak kalawan banyu[5].... mekaten menawa kebebasan kebebasan tanpa wates,.... kados uripipun iwak tanpa banyu,......
murnikaken ibadah... ngemawula dumateng Allah Ta’ala.... mboten gumun ngemawula kalawan bab sanesipun,..... , mekaten islam nerangkaken kebebasan ingkang hakiki manungsa gesang ing dunya...
incat saking sedaya bebanda.... ngawula tumrap makhluk kang mboten manfaat munapa mboten damel bebaya tumrap deweke,... mekaten damelan setan nyeret manungsa kabujuk hawa nafsunipun.......... Allah Ta’ala dawuh..,
{أَفَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَهَهُ هَوَاهُ وَأَضَلَّهُ اللَّهُ عَلَى عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَى سَمْعِهِ وَقَلْبِهِ وَجَعَلَ عَلَى بَصَرِهِ غِشَاوَةً فَمَنْ يَهْدِيهِ مِنْ بَعْدِ اللَّهِ أَفَلا تَذَكَّرُونَ}
“Mangka napa sira pernah ketemu sawiji wong kang andakake hawa nafsune dadi sesembahane... lan Allah anyasarkake deweke kanti ilmu-Ne...., lan Allah wus nggembok mati kuping lan atine... lan paring tutup ing mripate..... Mangka sapa kang maringi pituduh sakwuse Allah,... (ngejarke deweke ing sasar)?..... Mangka munapa sira ora jumuk pelajaran...” (QS al-Jaatsiyah:23).
Makna ayat ini: pernahkah kamu melihat orang yang menjadikan agamanya (apa yang sesuai) dengan hawa nafsunya, sehingga tidaklah dia menyukai sesuatu (menurut hawa nafsunya) kecuali dia akan mengikutinya. Karena dia tidak beriman kepada Allah, tidak mengharamkan apa yang diharamkan-Nya dan tidak menghalalkan apa yang dihalalkan-Nya. (Cara) beragamanya adalah apa yang diinginkan oleh hawa nafsunya maka itulah yang dikerjakannya[7].
tiyang-tiyang ingkang dumunung penyakit ing atinipun,... berusaha madosi kekurangan Islam dngasorkaken aturan-aturan syariat Islam... dados bebanda ingkang nyencang kebebasan manungsa.... Padahal menawa dipun gathekkaken kanti banget..... sedaya alesanipun,.. dados ciri manungsa ingkang sasar,.. kadung betah ten dunya... kabujuk nefsu...[8].
sakalejengpun,... kebebasan dados lafaz sakti nggiring manungsa..., sesamar munapa kemawon makna niku,.... Istilah kebebasan munapa kemerdekaan umumipun dipun wastani freedom ...... lan liberty...... Artinipu,... kahanan satunggaling tiyang bebas damel munapa kemawon...... ingka ala kebebasan negatif,.... ngraos aturan lan watesan arupi perintah...., larangan munapa ajaran.., dianggep mengsahipun nefsu...;( Isaiah Berlin / Two Concepts of Liberty (1958).
mekaten secuil pawulangan ingkang nerangkaken syariat Islam ingkang endah... luhur..... nggiring babagan kebebasan positif,... kebebasan ngantur tatanan pagesangan,..... ngatur manungsa laku tertib,.. adil,... amanah....... nyambut damel kuat kanti bab ingkang halal,... tansah ngupaya ilmu ingkang konjem.... nuwuhkaken adab ingkang luhur....
KHUTBAH II
الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا، أَمَّا بَعْدُ:
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Mangga kita tansah ngupaya kenal kaliyan gusti pangeran kanti sakbener-benere. Nalika kita kenal temen babagan gusti Allah, mila kita bakal paham bilih munapa ingkang kedah kita tindakaken ing pagesangan ing dunya niki
0 Comments