إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ
وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا
اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً
سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ
يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا
Jamaah jumat ingkang minulya...
Mangga kita tansah ngupaya kunjukkaken syukur dumateng Allah Ta’Ala... Mugi kita tansah dislametkaken
saking bebaya,… musibah, lan sedaya bebendu.. Shalawat lan salam tansah kunjuk
dumateng kanjeng Nabi kita Muhammad Saw.
Jamaah shalat jumat ingkang
dirahmati dening Allah Ta’Ala...
Musibah dados satuggaling ganjaran ing pagesangan ingkang
sampun dados qodrat ing alam… Musibah biasanipun tumeka tanpa aba-aba…, kanti
dumadaan,.. banjur akibat pesti tumrap manungsa... akibat ing mriki arupi
rusakipun alam…. ilangipun nyawa,… cacat ugi ilangipun banda........ kados munapa ing umumipun pawarta,… musibah iku tetenger kanti babagan
ngeneskaken,. kasengsaran,. Lan nuwuhkaken bab ala tumrap manungsa….. Jalaran Musibah ingkang katandang manungsa … saget tuwuh saking alam .. mekaten ugi tuwuh
saking sosial pimpinan munapa andahan..,, banjur ingkang damel njalari
musibah…. mboten sanes.. mboten saget ngelak malih.... injih menika manungsa iku kiyabak… manungsa ingkang laku
dholim,….. manungsa ingkang laku sasar… sahingga nyeret rencang munapa
kaluarganipun ing dalan dholim,…. sahingga nyeret rencang munapa kaluarganipun
ing dalan ingkang sasar,… banjur kahanan pagesangan ingkang peteng temen iku
musibah ingkang gede sanget ing dunya….. ditanggung sedayanipun
Banjur sinau saking
adedasar iman,… al-Quran kanti umum anerangkaken
musibah dipun pendet saking pangucap (أصاب)a-shooba… ingkang artosipun ingkang katandang kita….. Ing
al-Quran, sedaya munapa ingkang katandang
manungsa saget kawastanan “musibah”,…..
sae ingkang awujud kasaenan munapa bab ala tumrap manungsa…… Allah Ta’Ala
paring dawuh:
مَآ اَصَابَ مِنْ مُّصِيْبَةٍ فِى
الْاَرْضِ وَلَا فِيْٓ اَنْفُسِكُمْ اِلَّا فِيْ كِتٰبٍ مِّنْ قَبْلِ اَنْ
نَّبْرَاَهَا ۗاِنَّ ذٰلِكَ عَلَى اللّٰهِ يَسِيْرٌۖ لِّكَيْلَا تَأْسَوْا عَلٰى
مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوْا بِمَآ اٰتٰىكُمْ ۗوَاللّٰهُ لَا يُحِبُّ كُلَّ
مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۙ
“Ora ana musibah kang kejaden ing bumi lan (ora uga) ing
awak ira dewe…. Kajaba wus katulis ing kitab (Lauhul Mahfuz) sadurunge ingsun
nyipta…..saktemene kang mangkono iku gampang dening Pangeran. (Ingsun Jelaskake)
supaya ira ora sedih babagan apa kang luput saka ira…, lan supaya ira ora kaluwihan
bungah babagan apa kang diparingkake
pangeran tumrap ira…. Allah ora remen babagan saben-saben wong kang sombong lan
gumede awak” [Q.S. al-Hadid (57): 22-23].
Paribasan musibah kasaenan ing pawulangan islam….. Musibah ingkang sae iku pinaringanipun saking
Allah Ta’Ala…. Tumeka kanti njalari pratingkah saenipun manungsa… banjur musibah ingkang sae menika damel perubahan sae
ing pribadinipun munapa masyarakat.. munapa negari,…… Banjur musibah ingkang ala.. banjur kasebat
kanti bebendu .. munapa bebaya..,…… niku tuwuh jalaran lakunipun manungsa,…. Ngrusak
kahanan tatanan masyarakatipun,… kahanan ingkang peteng menika dados amanah
tumrap kita sami ingkang sadar,… awrat rekaos tapi kedah damel kasaenan….
sahingga mugi njalari kasaenan ing masyarakat ingkang peteng… munapa pimpinan
masyarakat,.. munapa pimpinan negari… sahingga temen tiyang katah ingkang ngunduh kasaenan wau,… banjur Mugi Gusti Allah paring piwales ganjaran... Allah Ta’Ala paring dawuh :
مَآ اَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ
اللّٰهِ ۖ وَمَآ اَصَابَكَ مِنْ سَيِّئَةٍ فَمِنْ نَّفْسِكَ ۗ وَاَرْسَلْنٰكَ
لِلنَّاسِ رَسُوْلًا ۗ وَكَفٰى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا
“Apa wae nikmat kang katandang ira iku saka Pangeran…., lan munapa
wae bebaya kang katandang ira…, iku jalaran kesalahan awak ira…. Ingsun ngutus
ira dadi Rasul tumrap manungsa….. lan
cukup Pangeran kang dadi seksine” [Q.S.
al-Nisa (4): 79].
Sidang jumat ingkang minulya
Kanti iman ingkang kuat,… sadar adedasar pawulangan islam
ingkang luhur,… mendet dawuhipun pangeran saking al-Quran…. Sampun jelas,… sampun gamblang… bilih musibah mboten sedaya dados mala…
bebaya… bebendu…….. paribasan ing Musibah ing pagesangan dunya ingkang
nuwuhkaken bab kang ala kasebut dados musibah bebaya…. ingkang damel babagan ala tumrap manungsa pribadi... munapa manungsa katah… kang mekaten damel kahanan petengipun nalar manungsa,… Bab ingkang ala niki ngrusak kahanan alam ugi
saget kahanan sosial,… temen babagan musibah ala niki mboten sanes kejaba ingkang
anjalari saking pratingkahipun manungsa…., njalari saking manungsa-manungsa
dholim ugi sasar,…… mboten saking Allah
Ta’Ala….., sakniaso kasat mata musibah iku
kalampahan ing alam. …. Kados dawuhipun
Allah Ta’Ala :
وَمَآ اَصَابَكُمْ مِّنْ مُّصِيْبَةٍ
فَبِمَا كَسَبَتْ اَيْدِيْكُمْ وَيَعْفُوْا عَنْ كَثِيْرٍۗ
“lan apa wae musibah kang katandang ira,.. mangka iku
disebabakaken saka tangan ira dewe…., lan Allah paring pangapuran bab kang gede
(saka dosa-dosa ira)” [Q.S. al-Syura (40): 30].
Paribasan musibah ala (ingkang damel rusak),.. mangka manungsa
kedah tela'ah bab musibah iku saking
arahan islami,… ingkang cetho gamblang,… dipun dawuhkaken dening Allah Ta’Ala….. sahingga
kanti mekaten manungsa tansah anyadari kanti estunipun sadar,…. Bilih manungsa
iku ingkang anjalari…. sahingga dados “pelaku
tuwin panampa”…. Allah Ta’Ala Dawuh :
اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ
مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ
“(yaiku) wong-wong kang nalika katandang musibah, deweke ngucap
: “Inna lillaahi wa innaa ilaihi raaji’uun” [Q.S. al-Baqarah (2): 156].
Kanti ngresepi.. amahami... Wening.. makna musibah.., ingkang tuwuh saking
pratingkahipun manungsa… banjur dados bebaya ing pagesangan dados ujian ing
pagesangan arupi bab sae,… munapa ala…. ing
al-Quran dipun jelaskaken babagan istilah bala’…. Kados dawuhipun Allah Ta’Ala :
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ
الْخَوْفِ وَالْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الْاَمْوَالِ وَالْاَنْفُسِ وَالثَّمَرٰتِۗ
وَبَشِّرِ الصّٰبِرِيْنَ
“Lan temen bakal ingsun paring pacoban tumrap ira…, kanti
setitik rasa wedi…, luwe,.., kurange banda,.. jiwa lan woh-wohan….lan sira kudu wenehi pawarta bungah tumrap wong-wong kang sabar” [Q.S. al-Baqarah (2): 155].
Sakniaso ujian musibah ala niku kodratipun manungsa,..
musibah bebaya damel alanipun kahanan,… banjur ingkang sabar,.. sadar... Tawakal.. mugi sukses
nglampahi musibah dados ujian lan pacoban…
saget anggayuh kasaenan…. Musibah saget dados penyaringan... Sahingga saget
anggayuh babagan kaluhuran,….
أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ
اللهَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kedua
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ اِلَيْهِ
وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ
اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ
وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, وَالْمُؤْ
مِنِيْنَ وَالْمُؤْ مِنَاتِ, اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ, اِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ, يَا قَاضِىَ الْحَاجَاتِ, وَيَا كَافِىَ
الْمُهِمَّاتِ
. اَللّهُمَّ اَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُ قْنَا اتِّبَاعَةَ, وَاَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلاً وَارْزُقْناَ
اجْتِنَابَهُ
رَبَّنَا اتِنَا فِى الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِى الْاَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
. اِنَّ اللهَ يَاْمُرُ بِالْعَدْلِ
وَالْاِحْسَانِ, اِيْتَاءِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ
وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْىِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ
muhammadiyah.or.id
0 Comments