Perjuangan Tumuju Masyarakat Tauhid
Khutbah Jum'at basa Jawi Krama Inggil
Khutbah Jum'at bahasa Jawa
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ
نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ
خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً
كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ
إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا
اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ
ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ
مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ
مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِى النَّارِ. اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ.
sidang jamaah Jum’ah rakhimaniy wa rahimakumullah
saking mimbar jum’at niki, khatib angajak tumrap khotib kiyambak, tuwin tumrap
sederek2 sedaya, mangga kita tansah taqwa marang gusti Allah Subhannahu wa
Ta'ala. ing arti ingkang sak bener-beneripun tuwin saksae-saenipun..... Nindakkaken
kanti ikhlas sedaya perintah gusti Allah Subhannahu wa Ta'ala, banjur tansah
ngawisi sedaya larangan-larangan-Nipun..... Mangga kita mlebetkaken manah tuwin jasad
kita ing samudra Taqwa ingkang wiyar tanpa wates. Mangga kita isi saben nafas
kita kanti Taqwa.... Sebab,… namung kanti Taqwa... kita angsal
kabegjan ingkang hakiki ing akherat… ingkang abadi mekaten ugi angsal
katentreman gesang ing dunya ingkang fana menika...
Kaum muslimin A’azzakumullah
menawa kita ngeningkaken kondisi lingkungan sekitar kita,.. rusak alam.. rusak sosial... rusak kepemimpinan.... rusak kahanan adab ilmiah pendidikan.... pesti kita bakal prihatin...
menawa nurani kita taksih resik.., pesti kita ngelus dada mersani babak kanti
babak lampahipun pagesangan ingkang berkembang….... saben sedaya sektor kaum
muslimin kalah… saben sedaya sektor kaum muslimin miskin.... Katah sedaya sektor
pemimpin korupsi.. mentingkaken keluarganipun.... ing Riki Khotib Anamung paring Wening kedah kuat dasaripun ing sektor aqidah.. jalaran katah sanget saking
umat Islam kacampur keyakinan-keyakinan syirik,.. menika saking kalahipun
manungsa kaliyan nafsunipun,... miskinipun saking iman.... ditambah malih korupsi recehan Dunya ingkang ditinggal tanpa aji.. ngenes malih wantun korup dumateng gusti Alah.... …
Perdukunan subur ing masyarakat....., ananging
donga kalawan gusti Allah ingkang nyipta sedaya makhluk mboten katindakkaken… gumun takjub pasarean, patilisan, papan kramat dipun laksanakaken,... ananging pangibadahan ingkang dipun wajibkaken 5 wekdal
saben ditenipun mboten katindakkaken.... ngumbul-umbulkaken satunggaling tokoh banjur korupsi menopo ngrusak tatanan Pagesangan,... Ngrusak alam... Ugi ngrusak budaya taat.... padahal katah tokoh ingkang kita dereki...., kita unggulkaken kita pilih . malah mlengos.... Kepencut recehan Dunya korupsi... Mboten ngayomi... Mboten nuladani.... Mugi Enggal mantun... Mugi sadar.... jalaran katahipun baya Negari menika jalaran ulah manungsa..... ugi tangan tangan pemimpin kita.... mugi jamaahipun sami sadar insyaf… Donga kagem pemimpin.... banjur babagan ingkang dasar.. tansah ngupaya miderek kanjeng rasul Sholallahu alaihi
wasallam..
Banjur ing aspek politik, ingkang tampil dados permainan ingkang kebak kanti rekayasa ngrusak sak sedayanipun… ing bidang ekonomi sistem keuangan riba’...... ingkang dipunharamkaken gusti Allah tasih ngebaki pagesangan ing masyarakat.... Akibatipun tambah tebih antaranipun ingkang ngaku sugih tinimbang ingkang miskin..... ing lapangan sosial budaya kita disuguhi bobrokipun moral generasi muda sakniki... Saben dintenipun kita mersani katah maksiat dening kaum muda.. kados: zina,.. klithih,... Miras... narkoba ingkang ngebaki berita..... Dipun tiru dipun umumkaken.. malahan dipun damel papan maksiat kanti asma ingkang benten..... kaubah kanti jeneng lokalisasi,.. naudzu billah min dzalik…
Temen miris.. ngenes..... peteng banget nalar... Lampahanipun..... kamongko masyarakat namung saget Donga ugi urun rembuk tumrap pemimpin ugi rencang kadang masyarakat sanese enggal sadar ......
Sederek-sederek
sekalian kaum muslimin rakhimaniy wa rahimakumullah
nyimak
kahanan ingkang wau, Mugi kita,... Sederek kita ... Saget mendet pawulangan saking pangandikanipun gusti
Allah ing Ar- Ruum ayat 41:
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي
النَّاسِ لِيُذِيقَهُمْ بَعْضَ الَّذِي عَمِلُوا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
“wus cetho kerusakan ing darat munapa
laut disebabkake ulahe tangan nafsu manungsa..., sahingga gusti Allah (ngersakake)
deweke ngrasakake sebagian saka (akibat) tangan-tangane, supaya deweke bali (ing
dalan kang bener)”.
jama’ah jum’ah
rakhimaniy wa rakhimakumullah..
Ummat lan bangsa niki nembe nandang bebaya kang ageng.... Sae bebaya alam.... Munapa bebaya sosial... Jelas rusakipun kahanan... sampun sumebar
ing pun papan kalawan wektu.... Banjur kepripun sedaya niki kejaden?
jawabanipun jalaran
ummat niki tansah tebih saking tuntunan agama.... Sampun dangu ummat Islam niki tebih
saking nilai-nilai Islam... sahingga pagesangan
saben dintenipun kaum muslimin blas
mboten nunjukkaken ajaran agamanipun.... Ummat
Islam ngraos asing tumrap ajaran-ajaran islam..... Misalipun tumrap Kaum wanita ingkang
nutup aurat.... Ugi umumipun... Awisan Mboten judi... Awisan mboten mabok..... Kondisi niki sampun tebih saking pawulangan ingkang dipun asta dening
kanjeng Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Salam.... ing satunggaling hadits sliranipun
ngendika :
: بَدَأَ اْلإِسْلاَمُ
غَرِيْبًا وَسَيَعُوْدُ غَرِيْبًا كَمَا بَدَأَ فَطُوْبَى لِلْغُرَبَاءِ.
“Islam iku
awalipun asing, lan sakmangke bakal bali dadi asing kaya semula.... Mila temen beruntung wong kang asing.”
Saudara-saudara sekalian, jamaah jum’ah yang berbahagia.
Kahanan ingkang kados menika sampun Nampak ing kalangan kaum
muslimin… Soal agama kawatesan soal pribadi…. sahingga hubungan sesami manungsa,
kados sosial.., busana munapa ekonomi diserahkaken ing rasio munapa
akal manungsa kemawon... Sahingga, panjenenganipunn anyombongkaken awakipun
kanti ninggalkaken ajaran Allah Subhannahu wa Ta'ala terutami ingkang berkaitan
tatanan pagesangan...
Sahingga tata pagesangan ingkang kabangun ing wekdal niki .... tatanan ingkang mboten kasumber saking wahyu Allah Subhannahu wa Ta'ala …..
Padahal gusti Allah Subhannahu wa Ta'ala ngedika:
أَفَحُكْمَ
ٱلْجَٰهِلِيَّةِ يَبْغُونَ ۚ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ ٱللَّهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ
يُوقِنُونَ
“munapa hukum jahiliyah ingkang deweke
senengi? lan hukume sapa kang luwih becik tinimbang hukum Allah tumrap
wong-wong kang yakin?” (QS. Al-Maidah: 50).
Kapundut saking tafsir Ibnu Katsir disebutkaken (babagan ayat niki): “Allah Subhannahu wa Ta'ala nolak saben tiyang ingkang medal saking hukum
syariat ingkang jelas,… ingkang merintahkakane ing kasaenan saha nebihi
tumindak awon, banjur nutup saking bujuk rayu tiyang, hawa nefsu munapa
istilah-istilah ingkang didamel manunsa tanpa kadedasar syari’at Allah…. Kados kahanan
kaum jahiliyah ing jaman riyin ingkang dereng kaubah dening Islam... Ingkang peteng nalaripun... angugemi hukum kanti hukum ingkang ingkang
sasar lan asor ingkang deweke rancang kadedasar hawa nefsu deweke “. (Tafsir
Ibnu Katsir Juz 2: 67)
Jama’ah
jum’ah rahimakumullah ...
tauhid dados satunggaling fondasi agama Islam,..
dados satunggalin keyakinan ingkang anyandarkaken sedayanipun aspek pagesangan anamung kadedasar Allah Subhannahu wa Ta'ala….. katerangkaken Syaikh Muhammad bin Jamil Zainu wonten
ing kitabpipun “ Al-Firqotun Naajiyah” (Golongan ingkang Slamet) nerangkaken .... bilih
ingkang dimaksud tauhid injih menika anggesakaken Allah kanti beribadah. Ing pundi
bilih Allah Subhannahu wa Ta'ala anyipta alam jagad niki.... mboten sanes kejaba takdiripun
supados nindakkaken ibadah... Allah
Dawuh:
وَمَا خَلَقْتُ ٱلْجِنَّ وَٱلْإِنسَ إِلَّا
لِيَعْبُدُونِ
“lan ingsun(Allah) ora nyiptakake jin lan manungsa kajaba supaya deweke anyembah
ingsun.” (QS. Ad-Dzariyat: 56).
Ing kitab sanesipun,…. Kanti judul “khudz Aqidataka Minal Kitab was Sunnah”
Sira Pendet aqidah saking kitab Saha Sunnah
Syaikh Muhammad bin Jamil Zainu anegaskaken bilih
tauhid dados salah satunggaling syarat kabulipun amal saben tiyang. Artinipun,
tanpa dumunungipun tauhid, amal katah munapa kemawon muspro ing sisih Allah Ta’Ala….
Mekaten sedulur sedanten, jama’ah rahimakumullah...
mekaten Jelas banget, bilih pagesangan sekulerisme ingkang sumebar kanti wujud kebebasan..., temen bersebrangan kanti tauhid, fondasi ajaran agama
kita.... sehingga kita kedah tansah waspada babagan pemikiran sekuler
niki...
,,, banjur pripun solusinipun,... pripun pepadanganipun...
sedulur sedaya .....
Resep ingkang manjur injih menika kanti cecepengan Al-Kitab (Al-Qur’an) lan Sunnah
Nabi Muhammad Shallallaahu alaihi wa Salam kanti pemahaman salafus shalih..... anderek Al-Qur’an lan Sunnah Nabi dados satunggaling dalan ingkang lempeng padang..... dados panentrem jiwa kita sedanten... nalika Rasulullah
Shallallaahu alaihi wa Salam ugi sahabatipun ing Mekkah, inggih menika awal-awal
nalika tumurun wahyu, tantangan tetap sami.... Islam dereng saget damel perubahan... peteng nalaripun.... peteng Pagesanganipun... arupi syirik,zina, maksiat,.. lan sanes-sanesipun... Dipun owahi sekedik nembe sekedik...
kagem angobati kondisi ummat ingkang kados sakniki,.... tetep kita tansah anuladani kanjeng Rasul Shallallaahu alaihi wa Salam..... Ngemong .. ngayom... ngrumat ... ummat..... Masalah tauhid,.. ibadah ugi amalan-amalan tansah ditelateni....., banjur tentu kemawon beban urusan-urusan saklajenganipun tentu kemawon wajib kuat,.... Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Salam medar sabda:
خَيْرُ النَّاسِ قَرْنِيْ
ثُمَّ الَّذِيْنَ يَلُوْنَهُمْ ثُمَّ الَّذِيْنَ يَلُوْنَهُمْ.
“Sakapik-apike manungsa iku generasiku, banjur wong-wong sakbanjure kang anderek, banjur wong-wong sakbanjure kang anderek”. (HR. Mutafaq ‘alaih).
Sedulur-sedulur muslim sedanten....
kawula terangkaken malih bilih tauhid fondasi agama Islam..... anindakkaken sedayanipun amalan perintah islam ugi tansah nebihj awisanipun..... mugi tansah kita kuatkaken tauhid kita,... Damel sadar .. nalar baligh ingkang kukuh pengkuh.. saking alit ngatos dewasa... sahingga kuat nyokong pribadinipun tansah anderek ajaran islam,.. mekaten ugi tansah nebihi awisanipun,... sahingga saget ambangun malih semangat ummat niki.... Pembinaan tauhid ingkang telaten.. dipun prihatoskaken ing saben sedayanipun kaum muslimin..... Sahingga
kaum muslimin amahami dalan.. nalar... . pagesangan ingkang leres,.... kuat... banjur damel tatanan pagesangan ingkang lempeng.. jujur... Amanah .... Ndandosi saking bengkokipun Pagesangan sedayanipun manungsa.... Sekedik nembe sekedik...
تَرَكْتُ فِيْكُمْ شَيْئَيْنِ
لَنْ تَضِلُّوْا بَعْدَهُمَا، كِتَابَ اللهِ وَسُنَّتِيْ.
“wus aku
tinggalke tumrap sira kabeh 2 perkara.... kang ora bakal sasar saka sira sakwuse cecepengan kalawan 2 perkara wau: yaiku Kitabullah lan Sunnahku.” (Dishahihkan Al-Albani dalam kitab
Al-Jami’, diambil dari kitab Al-Firqatun Naajiyah)
Saking hadits ingkang disebutkaken, Ibnu Mas’ud :
خَطَّ رَسُوْلُ اللهِ
n خَطًّا بِيَدِهِ ثُمَّ قَالَ: هَذَا سَبِيْلُ اللهِ مُسْتَقِيْمًا. وَخَطَّ خُطُوْطًا
عَنْ يَمِيْنِهِ وَشِمَالِهِ، ثُمَّ قَالَ: هَذِهِ السُّبُلُ لَيْسَ مِنْهَا سَبِيْلٌ
إِلاَّ عَلَيْهِ شَيْطَانٌ يَدْعُوْ إِلَيْهِ. ثُمَّ قَرَأَ قَوْلَهُ تَعَالَى: وَأَنَّ
هَذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيمًا فَاتَّبِعُوهُ وَلاَ تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ
بِكُمْ عَنْ سَبِيلِهِ ذَالِكُمْ وَصَّاكُمْ بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ.
Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Salam andamel garis kanti astanipun, banjur medar sabda : “Iki dalan Allah kang lurus.” lan sliranipun damel garis-garis katah sanget ing kiwa tengen...., banjur medal sabda: “Iki dalan-dalan kang ora luput saka gangguan syetan kang nyasarkake”......
banjur sliranipun medar ayat 153 surat Al-An’am: “Lan kang ingsun perintahkake iki.. yaiku dalanKu
kang lurus.... Mila sira miderek slirane.... Lan sira ora anderek dalan-dalan kang
seje..... jalaran dalan-dalan sakliyane iku anggawe pecahe sira saka dalanNe..... kang mengkono iku diperintahkake Allah marang ira supaya sira pada taqwa.” (HR.Ahmad dan
Nasa’i, Shahih)
فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ،
أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُوا اللهَ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah
Kedua:
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ
نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
تَسْلِيْمًا. أَمَّا بَعْدُ؛
Ma’asyiral
muslimin rahimakumullah
ing khutbah kaping kalih niki,.... kawula angajak tumrap awak kulo pribadi banjur
mekaten ugi tumrap jama’ah sedayanipun. Mangga kita sami taqwa... .. kanti sakbener beneripun taqwa….dumateng
Allah Subhannahu wa Ta'ala..... Mangga kita niti margi Islam kanti adedasar ilmu ugi perintah
tauhid.... Mangga kita anggesangkaken budaya ampelajari tauhid.... ing pagesangan kita banjur lumabar ibg Pagesangan sanesipun.
bilih kondisi ummat ingkang carut marut niki; arupi syirik,... bid’ah,.. sekulerisme (pagesangan tanpa
tuntunan agama), katahipun mawarni karuwetan menika..... saget kaatasi kanti
amelajari ilmu saha anindakkaken ajaran Islam ingkang murni saking Al-Qur’an lan Sunnah..... Saha tansah amahami kanti
pemahaman salafus shalih, langkah awal ambangun
masyarakat inggih menika amlebetkaken tauhid ing atinipun masyarakat…. mekaten
ingkang dados lampahanipun kanjeng Rasulullah
Shallallaahu alaihi wa Salam ing awalipun ambangun Mekkah kanti tauhid, banjur tansah lumeber masalah-masalah sanesipun.
Mugi kita saget anindakkaken printah-perintah islam... Saha tansah
amelajari Islam,.. ingkang intinipun tansah resik ing
lampahan kadedasar tauhid ingkang kuat. mugi Allah ambimbing kita sedaya. Amin.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ وَلاَ
تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ
رَّحِيْمٌ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا
لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا
كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ
حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ مِنَ الْخَيْرِ
كُلِّهِ مَا عَلِمْنَا مِنْهُ وَمَا لَمْ نَعْلَمْ، وَنَعُوْذُ بِكَ مِنَ الشَّرِّ
كُلِّهِ مَا عَلِمْنَا مِنْهُ وَمَا لَمْ نَعْلَمْ. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ
مِنْ خَيْرِ مَا سَأَلَكَ بِهِ عِبَادُكَ الصَّالِحُوْنَ، وَنَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّ
مَا اسْتَعَاذَ بِكَ مِنْهُ عِبَادُكَ الصَّالِحُوْنَ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي
الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ
يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.


0 Response to "Perjuangan Tumuju Masyarakat Tauhid"
Post a Comment