ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Pentingipun Persatuan Kaum Muslimin ing Mangsa Fitnah kalawan Ujian

KHUTBAH BASA JAWI

KHUTBAH BAHASA JAWA

 إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا ، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ....
 صَلَوَاتُ اللهِ وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
أَمَّا بَعْدُ     :
Jama’ah Jum’at Rakhimaniy Wa Rakhimakumullah
Kaum muslimin dipun kepung ujian-ujian ingkang awrat, dipun kepung kanti mawarni fitnah, mboten wonten ingkang saget paring pangayoman lintunipun anyuwun pangayoman saking gusti Allah kanti taubat ingkang lempeng..   Allah ‘Azza wa Jalla dawuh
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا (٢
“sok sinten nindakkake takwa marang Allah… yekti gusti Allah paring dalan gangsar.” (QS. Ath-Tholaaq: 2).
   Kanti  anindakkaken kataatan dumateng gusti Allah kalawan kataatan dumateng kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, mugi gusti Allah nglebur mawarni bencana kalawan petaka saking kaum muslimin,.. gusti Allah anyingkirkaken  saking fitnah-fitnah….  Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :
الْعِبَادَةُ فِي الْهَرْجِ كَالْهِجْرَةِ إِلَيَّ    “Ibadah ing mangsa fitnah(karuwetan) kaya  hijrah marang aku.”(HR. Muslim)
Jama’ah Jum’at Rakhimaniy Wa Rakhimakumullah
  Ing kahanan kados menika, kedah tansah cecepengan kalawan pokok Islam ingkang agung, inggih menika  kewajiban  kumpul ing kebenaran, gotong royong ing kasaenan, lan rukun ing sedaya pratingkah kang bermanfaat  ing dunyia munapa ing akhirat. Gusti Allah dawuh:
وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلا تَفَرَّقُوا  “Lan sira cekel tali(agama) Allah, lan sira ora crah.” (QS Ali Imron : 103)
 Sakjatosipun saben  masyarakat muslim  ambetahkaken karukunan sahingga dados koreksi ingkang trep kalawan  Islam.. kados ingkang dipun wulangkaken dening kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam,
مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِيْ تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ مَثَلُ الْجَسَدِ إِذَا اثْتَكَى مِنْهُ عُضْوٌ تَدَاعَى لَهُ سَائِرُ الْجَسَدِ بِالسَّهَرِ وَالْحُمى
“Paribasan kaum mukminin kang  timbal katresnan, timbal asih, timbal alus ing antarane deweke, kaya awak kang sawiji, menawa sawijine anggota awak kang lara.. banjur kabeh jasad turut ngrasakkake lara sahingga geter lan rumab.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim).
 Gusti  Allah ugi dawuh :     وَالْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ يَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ
“Lan wong-wong kang iman, lanang kalawan wadon, seperengane dadi bantuan tumrap seperangan liyane. Deweke amrintahkake (tumindak) kang ma’ruf(sae),  nyegah saka kang munkar(awon).” (QS At-Taubah: 71).
 Ingkang sakjatosipun ingkang kalebet nentang.. congkrah.. mlengos kalawan arahan Islam… atinipun banjur pecah belah… selisih ati,.. sarta medal saking  perkawis-perkawis ing rel ingkang lurus,.. gusti Allah dawuh:
وَأَنَّ هَذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيمًا فَاتَّبِعُوهُ وَلا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنْ سَبِيلِهِ
“Lan (kang ingsun perintah iki)dadi dalan  kang lurus, Mila titinen, lan aja sira niti dalan-dalan (kang seje), jalaran dalan-dalan iku gawe crah ing sira kabeh.” (QS. Al-An’aam : 153).
 Perpecahan.. dados sebab adzab/darita lan ajuripun ing masyarakat, congkrah lambang durbaga kalawan durbala, sarta padudon dados lambang  ringkih  lan patunan.  Gusti Allah dawuh,
وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلا تَنَازَعُوا فَتَفْشَلُوا وَتَذْهَبَ رِيحُكُمْ وَاصْبِرُوا إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ
“Lan sira  taat marang Allah lan Rasul lan sira ora  bebantahan, kang mangkono anyebabkake sira geter lan  ilang kekuatan banjur  sira  sabar..  temen gusti Allah bebarengan wong-wong kang sabar.” (QS.Al-Anfaal:46).
 Sahingga mboten wonten  keslametan bebarenganipun perpecahan,… mboten wonten  keslametan bebarenganipun congkrahipun ing masyarakat,, mboten wonten  kemakmuran munapa katentreman bebarenganipun  ilangipun  timbal asih lan ilangipun ketaatan….
إِنَّ الَّذِينَ فَرَّقُوا دِينَهُمْ وَكَانُوا شِيَعًا لَسْتَ مِنْهُمْ فِي شَيْءٍ      Saktemene wong-wong kang amecah belah agama lan panjenenganipun kagolong-golong,  mila ora ano tanggung jawabmu tumrap deweke.” (QS. Al-An’aam: 159).
Mangga anindakkaken takwa dumateng gusti  Allah  jagi tali paseduluran Islam,.. niti kanti pituduh Alquran kalawan nasehat-nasehat  saking kanjeng Nabi ingkang kebak rahmat.. sahingga mboten damel sebab ingkang damel pedotipun  tali paseduluran…  paseduluran ingkang sesuai kanti aturan islam… karukunan ingkang trep kalawan aturan islam… 
وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى وَلا تَعَاوَنُوا عَلَى الإثْمِ وَالْعُدْوَانِ    “Lan sira tindakkake tulung-tinulung  ing babagn kebajikan lan takwa, lan ora tulung-tinulung ing babagan  dosa an pelanggaran.” (QS. Al-Maidah: 2).
بَارَكَ اللهُ لِي وَ لَكُمْ فِي القُرْآنِ الكَرِيْمِ وَنَفَعْنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ . أَقُوْلُ هَذَا القَوْلَ وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ يَغْفِرْ لَكُمْ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
Khutbah II:
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ
لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ      وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ    
           أما بعد:
Keamanan dados kanikmatan ingkang ageng, … ilangipun keamanan dados petaka kang ageng… Mila wajib tumrap  kita sami   njagi  nikmat kalawan anugrah gusti Allah niki. kanti istiqomah …, anindakkaken  takwa ing sedaya urusan pagesangan…...  sahingga ambentuk keamanan ingkang tebih saking bebaya, kalawan katenteraman ingkang sampurna….. slamet saking sedaya bab…...
Gusti Allah dawuh…..,
الَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يَلْبِسُوا إِيمَانَهُمْ بِظُلْمٍ أُولَئِكَ لَهُمُ الأمْنُ وَهُمْ مُهْتَدُونَ   
“WOng-wong kang iman lan  ora nyampuraduk  imane kanti kezaliman (syirik), deweke kang kaparingan keamanan lan deweke iktu kalebu wong-wong kang kaparingan pituduh.” (QS. Al-An’aam: 82).   
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ   .
اَللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ ، وَأَذِلَّ الشِرْكَ وَالمُشْرِكِيْنَ ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ وَاحْمِ حَوْزَةَ الدِّيْنَ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
 رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
 رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبَّ الْعَالَمِيْنَ  .


0 Response to "Pentingipun Persatuan Kaum Muslimin ing Mangsa Fitnah kalawan Ujian"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..