ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





nuladani Sahabat Nabi


KHUTBAH JUM’AT PERTAMA

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

يَآأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ

Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah

Allah Subhanahu wa Ta’ala  ngutus Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam kanti piwulang tauhid tuwin agama ingkang bener. Risalah islam ingkang kaasta dening Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam sifatipun umum, artosipun risalah islam mlampah tumrap sak kabehe manungsa ing dunya tanpa  kewates papan munapa wektu,… menika dados  salah satunggaling agungipun tanda risalah Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam. Babagan niki sampun katerangkaken deninggusti Allah tuwin Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, kabuktikaken kanti kasunyatan bilih mboten wonten papan ing bumi niki, kajaba sampun kasrumambah Islam, agama Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam…….  Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika,
lan aku diutus tumrap akabehe manungsa.” (HR. al-Bukhari dari Jabir bin Abdullah, no. 335)
sakniaso risalah Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam sifatipun umum/universal,mboten berarti kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam piyambak ingkang nyumebarkaken ing sak antero jagad. saking satunggaling daerah sumrambah daerah sanes, tanpa  keliling sak antero jagad, Islam  bener-bener sumebar ing sak kabehe wilayah ing bumi.jalaran Islam anggadahi tiyang-tiyang ingkang….  semangat inggil nalika nyumebarkaken (risalah) tuwin dakwah,. tuwin ing barisan paling utama saka tiyang-tiyang wau injih menika sahabat-sahabat Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam…  panjenenganipun ingkang paling awal dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam kadidik kanti semangat kiat kagem nyumebarkaken(risalah) islam saha tansah ngreksa  murninipun ajaran munapa pangibadahanipun... nalika ing haji wada’  ing dina kurban, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam  negaskaken tumrap para sahabat supados tansah nyumebarkaken (risalah) islam, kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :
فَلْيُبَلِّغْ الشَاهِدُ الغَائِبَ
wajib tumrap ira ingkang hadir mulangkaken tumrap ingkang ora hadir(injih menika tumrapsapa wae kan mboten tetepangan kaliyan kanjeng rasul munapa tumrap sapa wae ing wektu sakbanjure ngatos tumekane dina kiamat ).” (HR. al-Bukhari dari Abu Bakrah, no. 67)
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Para sahabat ingkang dadi penyebar risalah Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam kanti istiqomah, sahingga lumantaran para sahabat(kanti izin Allah), umat waget anderek  ajaran saha tuntunan Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam… Satunggaling piwales ingkang gede tumrap para sahabat sahingga mboten katandingi dening generasi sak sampunipun… Sahingga kanti upaya2nipun para sahabat, mila kita kedah ngurmati lan mulyakaken kanti tansah anderek ajaran pawulang2ipun sahan tansah ngreksa kemurnianipun mboten nambah munapa ngurangi munapa damel pangurmatan ing patilasan2nipun, jalaran menika mboten manfaat kagem kita mekaten ugi mboten manfaat tumrap ingkang sedha….  tuwin kanti ndongakakensaha tansah anderek perintahipun sahingga ilmunipun manfaat kagem awakipun saha tumrap ingkang sedha.. “mugi2 Allah paring ridha tumrap panjenenganipun,”… mekaten ugi kalebu para sesepuh islam ing negari niki mboten ina, mboten mlengos, tuwin mboten kaluwihan ing agama,.. sebab kanti upaya2 para sesepuh kita… kita waget ngraoskaken nikmat iman, waget niti margi ingkang leres sahingga slamet ing akhirat...  khususipun tumrap para sahabat nabi… inggilipun iman saha upaya ingkang sampun kalampahan.. dening Allah Subhanahu wa Ta’ala kasebut :
وَالسَّابِقُونَ اْلأَوَّلُونَ مِنَ الْمُهَاجِرِينَ وَاْلأَنصَارِ وَالَّذِينَ اتَّبَعُوهُم بِإِحْسَانٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ وَأَعَدَّ لَهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي تَحْتَهَا اْلأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَآ أَبَدًا ذَلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
wong-wong kang awal (mlebu Islam) saka golongan Muhajirin lan Anshar lan wong-wong kang andereke panjenengane kanti bener, Allah ridha tumrap panjenengane lan panjenengane ridha marang Allah, lan Allah nyawiskake tumrap panjenengane suwarga-suwarga ingkang ngalir kali-kali ing ngisore. Panjenengane langgeng saklawase. Iku dadi kemenangan kang gede.” (QS. At-Taubah: 100)
kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring wasiat tumrap umat Islam supados ngurmati, ngluhurkake tuwin mboten nyacat tumrap para sesepuh islam.kanjeng rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :
لاَ تَسُبُّوْا أَصْحَابِيْ وَالَّذِيْ نَفْسِيْ بِيَدِهِ لَوْ أَنْفَقَ أَحَدُكُمْ مِثْلَ أُحُدٍ ذَهَبًا مَا بَلَغَ مُدَّ أَحَدِهِمْ وَلاَ نَصِيْفَهُ
sira aja nyacati sahabat-sahabatku,menawa  saka sira nginfakkake emas segede gunung Uhud, mila (infake) ora bisa nandingi sak mud munpa setengahe (saka infake) salah sijine para sahabatku.” (Muttafaq alaihi, Mukhtashar Shahih al-Bukhari no. 1755, Mukhtashar Shahih Muslim no. 1746)
Infak Emas ingkang gedene kados gunung Uhud saking kita mboten nandingi satunggal munapa setengah mud saking satunggaling tiyang saking sahabat… Satunggaling pembanding kang waget dipun arani kados langit kalawan bumi. Babagan menika mboten aneh tuwin mboten gumunkaken, jalaran para sahabat kadadekake generasi paling sae saking umat niki….. kanti panyeksenipun Nabinya shallallahu ‘alaihi wa sallam :
خَيْرُ الْقُرُونِ قَرْنِي ثُمَّ الَّذِينَ يَلُونَهُمْ ثُمَّ الَّذِينَ يَلُونَهُمْ
Sakapik-apike manungsa yaiku generasiku, banjur wong-wong ing generasi sakbanjure, banjur wong-wong ing generasi sakbanjure.” (HR. al-Bukhari dari Ibnu Mas’ud dan Muslim dari Imran bin Hushain. Mukhtashar Shahih al-Bukhari, no. 1118; dan Mukhtashar Shahih Muslim, no. 1743)
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
para sahabat dados tiyang-tiyang ingkang sae ing umat niki, ing zaman kalawau dados generasi era emas tuwin ing zaman kalawau dados zaman paling cemerlang saking umat niki. Ing zaman kala wau, Islam ngancik ing pucuke kamulyan tuwin kaluhuran ingkang inggil ingkang mboten katandingi…. Para sahabat garapanipun tangan Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam. Panjenenganipun ingkang  tansah ngiringi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, nyekseni ayat-ayat ingkang dipun wahyukaken, tuwin nglampahi langsung hadist-hadist ingkang dipun ngendikakaken, kautaman-kautaman ingkang mboten pernah kagayuh dening satungaling tiyang saking umat niki.
Banjur tiyang2 saking generasi sak banjuripun injih menika generasi ingkang ngluru ilmu langsung saking para sahabat… generasi niki kadidik langsung lumantaran tangan2 para sahabat,…. banjur panjenenganipun praktekaken tuwin tansah dipun cepeng kamurnian pawulang2 ingkang sampun pahami..   
Banjur generasi kaping tiga  injih menika generasi ingkang paling sae ingkang pungkasan injih menika generasi tiyang2 ingkang tansah ngluru ilmu saking garapan tangan para sahabat… banjur panjenenganipun praktekaken tuwin tansah dipun cepeng kamurnian pawulang2 ingkang sampun pahami..   



Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Kanjeng nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam injih menika  nabi tuwin rasul ingkang paling utama, mila tiyang-tiyang ingkang ngiringi dados tiyang-tiyang ingkang utama. Masyarakat ing zaman sahabat dados masyarakat ingkang sae. Masyarakat kanti hukum Allah tuwin Rasule ingkang diterapkaken ing sedaya pakulinten. Generasi paling utama tuwin kawastanan generasi emas ingkang diwujudkaken dening para sahabat, kanti pengorbanan saha berjuangan mboten wujud mekaten kemawon kados malik telapak tangan,... Ananging sebab-sebab tuwin usaha-usaha ingkang dipun lampahi, ing pundi sebab tuwin usaha ingkang dipun alampahi dipun landasi kanti iman marang Allah tuwin Rasule kanti iman ingkang sakbener2re.
jalaran iman marang Allah tuwin Rasulipun,.. pramila panjenenganipun tansah cecepengan kanti pangandikan Allah lan sabda Rasulipuun. Panjenenganipun ngestukakeni berita-berita saking gusti Allah tuwin Rasulipun,.. banjur nalika gusti Allah ngabarkaken babagan gusti pangeran lenggah ing inggil Arsy, bilih pangeran tansah bebarengan kaliyan ira, bilih pangeran anggadahi wajah tuwin tangan,.. bilih pangeran anggadahi sifat-sifat ingkang sanes,… pramila panjenenganipun nampa saha iman. Mboten satunggaling tiyang ingkang mbantah munapa mlengos saking penafsirkan…. sahingga tuwuh kanti mawarni2 pitakonan kadospundi,.. ugi munapa……. Sikap ingkang sami ugi dipun tunjukkaken nalika mireng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika bilih gusti Allah kapiasem saha bungah, bilih Allah anggadahi suku,… bilih Allah mandap ing langit dunya nalika sepertigan malam ingkang terakhir……. Iman andamel panjenenganipun yakin kaliyan berita2 saking Allah tuwin rasulipun ….
 Imam Muslim angriwayatkaken saking Anas bilih ing perang Khaibar, para sahabat masak daging keledai/himar banjur ngundang kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam….sak nila kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, “saktemene gusti Allah tuwin Rasulipun nglarang ing kaya mekaten, jalaran iku lalebu pratingkahe setan.” Anas mucal, “kendil2 kang kaisi daging keledai/imar/himar kang umup kala wau lajeng dipun suntak.” (Mukhtashar Shalih Muslim, no. 1330).
Iman ingkang andamel piyambakipun patuh lan taat, piyambakipun angresepi ngendikanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala,
وَمَآءَاتَاكُمُ الرَّسُولُ  فَخُذُوهُ وَمَانَهَاكُمْ عَنْهُ  فَانتَهُوا         
 mula sira pada tampanana Apa kang kang tumeka saka Rasul, lan tinggalna kang ora kapringkaken rasul.” (QS. Al-Hasyr: 7)
Mereka menyadari sabda Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam
كُلُّ كُلُّ أُمَّتِيْ يَدْخُلُوْنَ الجَنَّةَ إِلَّا مَنْ أَبَى، قَالُوْا: يَا رَسُوْلَ اللهِ وَمَنْ يَأْبَى؟ قَالَ مَنْ أَطَاعَنِيْ دَخَلَ الجَنَّةَ، وَمَنْ عَصَانِيْ فَقَدْ أَبَى
Saben umatku mlebu suwarga kajaba wong kang lemeh.” Para sahabat ngendika, “duh rasulullah, siapa kang lemeh?” Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam njawab, “sapa wonge kang naati ingsun, mila panjenenganipun mlebu suwarga lan sapa wonge durhaka, panjenenganipun lemeh.” (HR. al-Bukhari, Mukhtashar Shahih al-Bukhari, no 2117).
Hadirin jamaah Jumah rakhimaniy wa rahimakumullah
Mugi2 Allah Subhanahu wa Ta’ala ambimbing kita nuladani para sesepuh umat injih menika sahabat2 rasulullah sholalallahu alaihi wasallam sahingga kita sanggup nindakkaken perintah tuwin nebihi larangan Allah Subhanahu wa Ta’ala kanti taat.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَ لَكُمْ وَلِسَائِرِ الْْمُسْلِمِيْنَ وَ الْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ أَن تُؤَدُّوا اْلأَمَانَاتِ إِلَى أَهْلِهَا وَإِذَا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ إِنَّ اللهَ نِعِمَّا يَعِظُكُمْ بِهِ إِنَّ اللهَ كَانَ سَمِيعًا بَصِيرًا

Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah

Iman ambentuk para sahabat patuh tuwin taat kaliyan munapa aturan saking gusti Allah tuwin Rasulipun panjenengan estukaken, perintah dipun tindakkaken, saha larangan dipun tinggalkaken tanpa tarik ulur, tanpa nentang,.. tanpa nolak. Saking mriki kita mersani bilih para sahabat  dados tiyang-tiyang ingkang kumpul ing  kabecikan panjenegane mboten silah sakniaso wonten silah ing akhir wektune para sahabat, mboten wonten ingkang dados tutuwanipun silah… munapa tutuwanipun bid’ah tuwin sasar. Jalaran, menawa para sahabat sepakat, pramila iku mumjukkaken kesepakatan umat .., jalaran para sahabat dados tiyang-tiyang ingkang paling tulus, paling temen, tuwin paling ikhlas ing babagan kabeneran.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Iman ambentuk para sahabat tresna kalawan Allah tuwin Rasulipun ing sedaya perkawis, angluwihi bandanipun, tiyang sepahipun, kaluarganipun… munapa awakipun piyambak. Panjenenganipun ngestukaken pangandikanipun gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala,
قُلْ إِن كَانَ ءَابَآؤُكُمْ وَأَبْنَآؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَآ أَحَبَّ إِلَيْكُم مِّنَ اللهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُوا حَتَّى يَأْتِيَ اللهُ بِأَمْرِهِ وَاللهُ لاَيَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
Kandakna, ‘menawa bapak-bapak, anak-anak, sadulur2, simah2, kaluarga2 ira, banda kang diupayakaken, perniagaan kang sira kuwatirkake, lan papan2 pagesangan kang sira tresnani, menawa sira luwih tresnani tinimbang Allah lan Rasulipun tuwin tinimbang jihad ing dalanipun, pramila tunggunen  nganti tumekane keputusane gusti Allah.’ Lan gusti Allah iku ora paring pitedah tumrap wong-wong kang fasik.” (QS. At-Taubah: 24)
Panjenenganipun sami amahami ngendikanipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam,
لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لِأَخِيْهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ
ora kasebut iman saka ira sahingga aku luwiih panjenenganipun tresnani tinimbang tiyangsepuhipun, anakipun, lan manungsa sakabehipun.” (HR. al-Bukhari dari Anas, Mukhtashar Shahih al-Bukhari, no. 15)
Katresnan angarahkaken panjenenganipun nglilakaken tuwin ngorbankaken sedaya napa kang panjenenganipun gadahi demi ambela Allah, rasul, tuwin agama-Nipun..  
Penulis Ar-Rahiq al-Makhtum nyeratkaken bilih kanti anyiapkaken pasukan ing perang Tabuk, Utsman mundut saking sakipun 1000 dinar ditambah 900 unta lan 1000 dragen, sahingga Rasulullah  shallallahu ‘alaihi wa sallam mgemdika, “ora ano kang gae mudharate Utsman ing dina sakbanjure.” (HR. at-Tirmidzi, no. 3100, dia berkata, “Hadits hasan gharib”). Al-Bukhari dan Muslim meriwayatkan dari Anas bahwa ketika Firman Allah turun,
لَن تّنَالُوا الْبِرَّ حَتَّى تُنفِقُوا مِمَّا تُحِبُّونَ وَمَا تُنفِقُوا مِن شَىْءٍ فَإِنَّ اللهَ بِهِ عَلِيمٌ
sira ora bakal nindakkake amalan kesaenan (kang sampurna), sakdurunge sira nafkahkake sebagian banda kang sira tresnani. Lan apa wae kang sira nafkahke, mila saktemene Allah Maha Wikan.” (QS. Ali Imran: 92)




Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah
Iman mboten  sekedar ngorbankaken banda,…. jiwa raganipun ugi dipun kurbankaken... awrat sanget pangurbanan para sesepuh islam ngreksa ajaran ingkang murni angadepi mawarni kahanan pagesangan kang mboten trep kaliyan aturan ingkang dipun kersakaken dening gusti Allah,….. tigang generasi ingkang dipun reksa kesaenan aqidah tuwin aklaqipun sampun kalampahan,… sak  sakbanjuripun manungsa wonten kahanan ingkang langkung awrat… sahingga katah dalan dakwah ingkang dipun lampahi para sesepuh islam dados panutan… padahal namung rujuk kaliyan tigang generasi ingkang dipun reksa kesaenanipun dening Allah… kita khusnudhan marang para sesepuh islam tentu kemawon mboten luput kesalahan nalika angadepi mawarni karuwetan ing medan dakwah… tentu kemawon mboten kaseja damel cara ingkang gede akibatipun ing wingking nalika ngadepi mengsah wilandi nalika nyumebarkaken Kristen… tuwin rumasukipun agama hindu-budha langkung rumiyin..… sahingga ingkang leres kita tansah anyuwun pangapuran tumrap kesalahanipun para dai sesepuh islam banjur aneraskaken dakwahipun ingkang lempeng ingkang tentu kemawon tansah trep kaliyan  aqidahipun kanjeng rasulullah sholallahu alaihi wasallam aqidahipun para sahabat,…lan menawa wonten keruwetan, menawa wonten rubeda… banjur kundur ing alqur’an lan hadits saha amahami islam kanti pemahaman ingkang leres.  
 
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ

Read more about Jalan Kebenaran


0 Response to "nuladani Sahabat Nabi"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..