Pembatal-Pembatal islam
Pembatal-Pembatal
islam
إنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ
بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ
اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ
لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء
وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ
عَلَيْكُمْ رَقِيباً.
يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً .
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ
اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
أما بعد
Jama’ah
jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…..
mangga kita
ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Subhanahu wa
Ta’ala kanti takwa ingkang sakbener-beneripun...... Saktemenenipun manungsa
sakniki kaplorot ing urusan kesibukan dunya.... kang materialistik.... katambah aneka warni masalah jiwa tuwin asrunipun pikiran ingkang tuwuh saking nafsunipun..,
panjenenganipun sanget ambetahkaken satunggaling bab ingkang saget anglipur
perasaanipun…. Wiwar saking pacoban.., nuwuhkaken perasaan tentrem ing manah... tuwin perasaan dhedhepipun jiwa....., tebih saking kasengsaran, giris, tuwin kuwur.......
Mboten mungkin manungsa bisa manggihi bab-bab kalawau ing lintunipun Islam... tuwin ibadah-ibadah ingkang luhur, ingkang dados terapi rohani ingkang mutlak,
ampuh, tuwin mboten kaganti dening terapi materi….
Jama’ah
jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…..
Sampun kita persani bilih nalika kita anindakkaken
wudhu wonten ingkang mbatalkaken,.. nalika kita sholat wonten ingkang
mbatalkaken… nalika siyam wonten ingkang mbatalkaken,… mekaten ugi wonten
ingkang mbatalkaken islamipun satunggaling tiyang… wonten ingkang damel nglebur
sedaya amalan…. wonten ingkang damel panjenganipun mlebet ing jurangipun neraka…. Nauzubillah....
Jumbuh bilih..
Jalaran
suwarganipun gusti Allah niku inggil…..
Sahingga
kedah dipun tebus kanti ketaatan tuwin istiqomah ingkang inggil…
Nalika
satunggaling tiyang sampun supe…. Munapa kasasar ing dunya….... sampun dados
kewajiban kadang muslim ingkang sanes ngemutkaken… paring pitedah… paring
arahan,.. sahingga dados amal tumrap ingkang ngemutkaken tuwin hidayah kagem
ingkang emut… Bejo ingkang sanget...
Jama’ah
jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah…..
Salah
satunggalipun bab ingkang damel batalipun iman…. Salah satunggalipun bab
ingkang damel njongkrongkaken ing jurang….... injih menika damel tandingan kalawan
gusti Allah (injih menika tumindak syirik)…… damel piranti, munapa bekakas, munapa brahala
kagem lumantaran panjenenganipun kalawan Pangeran......... Kados nglarung,.. sesaji,..
jimat,.… malahan pados dukun miturut piantun deso...... tiyang pinter miturut tiyang
bodo,… munapa para normal miturut
ingkang mboten normal,....... munapa kanti ayakini
bilih piranti-piranti wau waget nolak bebaya
munapa damel manfaat……………. Naudzubillah……
gusti
Allah Ta’ala dawuh:
إِنَّ
اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَن
يَشَاءُ
“Saktemene
gusti Allah ora paring ngapura dosa syirik lan Pangeran paring ngapura sakabehe dosa kang dudu
(syirik) iku,... tumrapsapa wae kang di kersake...” [An-Nisaa': 48]
ugi gusti Allah Ta’ala dawuh: إِنَّهُ مَن يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللَّهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوَاهُ النَّارُ ۖ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنصَارٍ
ugi gusti Allah Ta’ala dawuh: إِنَّهُ مَن يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ حَرَّمَ اللَّهُ عَلَيْهِ الْجَنَّةَ وَمَأْوَاهُ النَّارُ ۖ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنصَارٍ
“...
Saktemene wong kang gae tandingan (kanti
sawijine piranti kalawan) gusti Allah,.. mila pesti gusti Allah angaramkake tumrap awake Suwarga, lan papane iku Neraka, ora ano
sawijine pitulungan tumrap wong-wong zhalim iku...” [Al-Maa-idah: 72]
pembatal kaping kalih
pembatal kaping kalih
Injih
menika Anyuwun donga, anyuwun syafa’at, sarta tawakkal dumateng
lintunipun gusti Allah.
jalaran… ingkang berhak dipunsuwun,.. ingkang berhak dipun ajeng-ajeng,… ingkang berhak dipun dadoskaken papan tawakal,.. ingkang berhak ngijabahi injih menika namung gusti Allah subkhana Wata’ala..
jalaran… ingkang berhak dipunsuwun,.. ingkang berhak dipun ajeng-ajeng,… ingkang berhak dipun dadoskaken papan tawakal,.. ingkang berhak ngijabahi injih menika namung gusti Allah subkhana Wata’ala..
Allah Subhanahu wa Ta'ala sampun paring dawuh:
قُلِ ادْعُوا الَّذِينَ زَعَمْتُم مِّن دُونِهِ فَلَا يَمْلِكُونَ كَشْفَ الضُّرِّ عَنكُمْ وَلَا تَحْوِيلًا أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يَدْعُونَ يَبْتَغُونَ إِلَىٰ رَبِّهِمُ الْوَسِيلَةَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ وَيَرْجُونَ رَحْمَتَهُ وَيَخَافُونَ عَذَابَهُ ۚ إِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ كَانَ مَحْذُورًا
“Kandakna: ‘sira celuk kang sira anggep (tandingane) gusti Allah,... mila deweke ora kuasa ngilangkake bebaya saka awak ira lan ora uga mindahkake....’ Kang deweke celuk iku niti dalan kang luwih caket tumuju Pangerane, lan deweke ngarep-arep rahmat sarta wedi adzab... Saktemene adzab saka Pangeran iku (pesti) nggegirisi.” [Al-Israa': 56-57][2]
Pembatal Kaping tiga
Mboten
ngafirkaken tiyang-tiyang musyrik,.. munapa ragu kafiripun tiyang-tiyang wau, munapa
malah anderek pratingkahe ing babagan pangibadahan…., mila panjenenganipun
sampun kufur kalawan pawulangan rasulullah…. Mila panjenenganipun sami kalawan ingkang
mlengos saking islam.. babagan agama,… babagan nalaripun,.. babagan papan
akhiripun….. mila panjenenganipun sampun
dipun lirik kanti hukum medal saking islam…
Allah Subhanahu wa Ta'ala paring dawuh:
إِنَّ الدِّينَ عِندَ اللَّهِ
الْإِسْلَامُ
“Saktemene agama (kang diridhani) ing sisih Allah iku namung Islam...” [Ali ‘Imran: 19][3]
“Saktemene agama (kang diridhani) ing sisih Allah iku namung Islam...” [Ali ‘Imran: 19][3]
Ngestukaken perintah pangeran kanti Lila.. susah nopo gampil....
Sahingga
kita kedah njagi iman niki kanti naati sedaya perintah islam…. Jalaran tumekanipun islam ngatur
pagesanganipun manungsa,… tertib.. sadar.. nalar...... sahingga mlebet ing islam kanti kebakipun ati,..
weningipun pikir,… sehatipun batin,…. Ngupaya Taatipun ingkang sampurna,… sakniaso sekedik nembe sekedik...
Saklampahan nembe saklampahan...
Gusti Allah subkhana Wata’ala dawuh:
وَمَن يَبْتَغِ غَيْرَ الْإِسْلَامِ دِينًا فَلَن يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِي الْآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ
“sok sintena nggoleki agama kajaba agama Islam, mila ora katampa (agama iku),.. lan ing akhirat kalebu wong-wong kang tuna....” [Ali ‘Imran: 85]
Gusti Allah subkhana Wata’ala dawuh:
وَمَن يَبْتَغِ غَيْرَ الْإِسْلَامِ دِينًا فَلَن يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِي الْآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ
“sok sintena nggoleki agama kajaba agama Islam, mila ora katampa (agama iku),.. lan ing akhirat kalebu wong-wong kang tuna....” [Ali ‘Imran: 85]
Pembatal
Kaping sekawan
Injih menika
Anyekseni wonten pitedah ingkang langkung sampurna tinimbang pawulangan kanjeng
Nabi Shallallahu 'alaihi wa sallam…
wonten ingkang langkung sampurna tinimbang Sunnah kanjeng Nabi
Shallallahu 'alaihi wa sallam,…. wonten hukum sanes ingkang langkung sae
tinimbang hukum saking ingkang dipun asta dening kanjeng Nabi Shallallahu
'alaihi wa sallam,…. mila munapa ngenes nalaripun.. panjenengan
sampun milih medal saking islam…. Jalaran panjenenganipun damel tandingan aturan,…
damel remeh pawulangan ingkan pratela…
Nauzubillah.. Mugi Enggal sadar
kados ngalalkaken ingkang dipun haramkaken dening Allah Subhanahu wa Ta'ala tuwin kanjeng Rasul Shallallahu 'alaihi wa sallam …. Munapa mlengos saking aturan pagesangan ingkang sampun dipun wajibakaken dening gusti Allah ing saben tiyang muslim.
gusti Allah Ta’ala dawuh:
وَمَن لَّمْ يَحْكُم بِمَا أَنزَلَ اللَّهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْكَافِرُونَ
“... Sok sintena ingkang ora mutuskake hukum miturut apa kang dititahkake dening gusti Allah, mila deweke kalebu wong-wong kang kafir.” [Al-Maa-idah: 44]
Allah Ta’ala dawuh:
وَمَن لَّمْ يَحْكُم بِمَا أَنزَلَ اللَّهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
“...Sok sintena ingkang ora mutuskake hukum miturut apa kang diturunkake dening gusti Allah, mila deweke kalebu wong-wong kang zhalim.” [Al-Maa-idah: 45]
بارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ
وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا
وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ
الرَّحِيْمُ
KHUTBAH II
اَلْحَمْدُ لله الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ
الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ،
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إله إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،اللهم
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّابَعْد
Jama’ah
jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah
Sakjatosipun nikmat iman tuwin islam menika kedah dipun
jagi dening kita kiyambak,… ampun ngantos kita supe sahingga kacampur ing
pratingkah-pratingkah ingkang damel risakipun iman… sahingga damel getunipun
kita nalika mantuk ing kampung akhirat… damel sedihipun kita nalika ing pucuke
pengadilan akhirat sakmangke,..
Gusti
Allah subkhana Wa Ta’ala dawuh :
إِنَّ الَّذِينَ ارْتَدُّوا عَلَىٰ
أَدْبَارِهِم مِّن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَى ۙ الشَّيْطَانُ سَوَّلَ
لَهُمْ وَأَمْلَىٰ لَهُمْ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا لِلَّذِينَ كَرِهُوا مَا
نَزَّلَ اللَّهُ سَنُطِيعُكُمْ فِي بَعْضِ الْأَمْرِ ۖ وَاللَّهُ يَعْلَمُ
إِسْرَارَهُمْ فَكَيْفَ إِذَا تَوَفَّتْهُمُ الْمَلَائِكَةُ يَضْرِبُونَ وُجُوهَهُمْ
وَأَدْبَارَهُمْ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمُ اتَّبَعُوا مَا أَسْخَطَ اللَّهَ وَكَرِهُوا
رِضْوَانَهُ فَأَحْبَطَ أَعْمَالَهُمْ
“Saktemene wong-wong kang bali mundur (murtad) sak wuse pepadang tumrap deweke,... syaithan wus andadekake deweke gampang (gae dosa) lan dhawa angen-angen.... kang kaya mengkono.... saktemene deweke (wong-wong munafik) iku ngucap tumrap wong-wong kang sengit marang apa kang wahyukake gusti Allah (tumrap wong-wong Yahudi): ‘Kawula taat sepira-pira urusan,..... ’ananging gusti Allah mersani rahasiane deweke. Kepiye (kahanane deweke) nalika Malaikat (maut) nyabut nyawa deweke kanti mentung rai lan gegere.... kang kaya mengkono jalaran deweke miderek apa kang nuwuhkake duka gusti Allah... lan (jalaran) deweke sengit (apa kang nuwuhkake) ridhane gusti Allah; sebab iku gusti Allah mbusak (ganjaran) amal-amale deweke.” [Muhammad: 25-28]
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ
عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وبارك
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ.
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا
هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ،
وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ


0 Response to "Pembatal-Pembatal islam"
Post a Comment