Khutbah Jumat Bahasa Jawa idul adha

Hikmah Qurban

حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيدَهُ...، نَـحْمَدُهُ حَمْدًا كَثِيرًا....، وَنَسْتَغْفِرُهُ....،

 وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا هُوَ..  وَأَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُهُ وَخَلِيلُهُ....

صَلَّى اللَّهُ وَسَلَّمَ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ..،  وَمَنِ ٱتَّبَعَهُ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ ٱلدِّينِ..... .

أُوصِيكُمْ عِبَادَ اللَّهِ بِتَقْوَى اللَّهِ...،  قَالَ اللَّهُ: ﴿فَاتَّقُوا اللَّهَ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ﴾ [ٱلْمَائِدَةُ: 100]

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ   وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ...... 

Jamaah Jumat ingkang dimulyakaken Allah...

langit dados payung bumi,… banjur bumi dados papan saben amal ingkang kita tindakkaken,…  Qurban wujud satunggaling ibadah ingkang dening kanjeng Nabi SAW dipun pratelakaken mboten anamung mandek bab mbelih kewan,….. ananging mugi saget mbelih sifat bakhil…. nugel sifat kemaruk,.. nggunting rumaos seneng,.. ampun ngantos kita lena… kita kapeksa betah ten dunya… gumun gumebyaripun dunya,…  mekaten bab lajengipun  ingkang kudu dipunggel…. jalaran temen damel tutup ati…. Damel tutup sadaripun manungsa,…..

Jamaah Jumat ingkang dimulyakaken Allah...

Qurban... mboten  sekadar mbelih kewan…..  ujian rizki ugi  sifat bungah seneng kita  ingkang diuji….. Saget kita pethik nalika kanjeng nabi  Ibrahim 'alaihissalam diuji… kanti satunggalipun syariat ingkang temen awrat sanget,…  temen ageng sanget,…. Sanes bab arta,… Mboten banda…,  mboten griya,… ananging… syariat menika kanti wujud ngurbankaken putranipun ingkang dipun tresnani,.. ingkang dipun gadang-gadang dados penerus laku pagesangan,… ananging syariat qurban saget damel warna kahanan saknalika  kanti dipun lila Ikhlas sadar,.. nindakkaken dawuh saking Allah Ta’Ala….

Kahanan mekaten Kasil saking didikan putra kanti pawulangan ingkang lempeng,…  tuwuh sifat bektinipun putra,… wujud cecepengan sanget ingkang putra kalawan tuturan piwulangan tiyang sepuhipun,… cecepengan kalawan dawuh suci,….  dening  Ismail 'alaihissalam nalika tasih muda dipun wangsuli kanti sareh,.. kanti lila kanti sadar,… yakin syariat ingkang kedah dipun lampahi,……. Dipun abadikaken kanti dawuhipun pangeran :

قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِن شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

 "duh rama,….! Sira tindakna apa kang diperintahkaken tumrap rama….. InsyaAllah panjenengan manggihi kawula… kalebu wong-wong kang sabar." (QS. Ash-Shaffat: 102)

Mekaten wujud satunggaling syariat awrat tumrap nabi rumiyin,… wujud setya antara tiyang sepuh kalawan ingkang putra,… lila pasrah taat tetep sadar netepi syariat,… dipun kurbankaken getih,…. Banjur kahan luhur sok sintena ingkang saget nuladhani bab menika Dening Allah Ta’ala dipun langgengkaken kahanan wau kanti dawuh:

لَن يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَـٰكِن يَنَالُهُ ٱلتَّقْوَىٰ مِنكُمْ ۚ

"Daging-daging unta iku lan getihe,.. ora sepisan-pisan anekani ing derajat (ridhane) Pangeran,…, ananging takwane ira  kang bisa anekani..."

(QS. Al-Hajj: 37)

Kanjeng Rasulullah medar sabda:

«مَا عَمِلَ آدَمِيٌّ مِنْ عَمَلٍ يَوْمَ النَّحْرِ أَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنْ إِهْرَاقِ الدَّمِ»

 "ora ana amal anak Adam kang luwih ditresnani  Allah…. Ing dina Idul Adha sanese neteskake getih (qurban)."

(HR. Tirmidzi, hasan gharib)

 Jamaah Jumat ingkang dimulyakaken Allah...

Temen begja tiyang muslim ingkang mampu qurban,…  Saget medalkaken kewan qurban,… andum kesenengan tumrap Liyan,… ridho bagian rizki ingkang dipun kumpulkaken susah payah kanti takdir usaha ingkang katah.. banjur  dipun qurbankaken,… munggel kekarepan duniawi dados pangajeng samawi,… munggel penyakit sombongipun.. dados wujud tetese getih kasil daging ingkang barokah,… anjalari dosa-dosa pun lebur... ridho Allah Ta’Ala.. Ridha saking para jamaah,… dados catetan carita amal ingkang suci,…  Jalaran temen mboten bab ijazah ingkang nulungi... Mboten ugi pangkat derajat... ananging amal-amal ingkang ikhlas jalaran Allah... kalebu bab ageng, luhur,… injih menika qurban…. Ingkang nulungi,…

Qurban dados wujud pasrah tuwin  patuh satunggaling kawula marang Allah,

وَلِكُلِّ أُمَّةٍ جَعَلْنَا مَنْسَكًا لِيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الْأَنْعَامِ ۗ فَإِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ فَلَهُ أَسْلِمُوا ۗ وَبَشِّرِ الْمُخْبِتِينَ

   “Lan saben-saben umat wus ingsun syariatkake nyembelih (kurban),.. supaya deweke nyebut asma Allah ing rezki kang kaparingkake  dening pangeran.. tumrap deweke arupa kewan ternak.. Mangka pangeran ira Kang Maha Tunggal.., mila sira kudu pasrah marang pangeran... lan sira kabarna (he Muhammad) kabar kabar bungah tumrap wong-wong kang tunduk patuh marang Allah Ta’la (QS. Al Hajj ayat 34)

 

كَانَ الرَّجُلُ فِي عَهْدِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يُضَحِّى بِالشَّاةِ عَنْهُ وَعَنْ أَهْلِ بَيْتِهِ

”nalika ing mangsa Rasulullah shallallahu ’alaihi wa sallam,.. ano sawiji tiyang (suami)  nyembelih 1 mendho dadi kurban tumrap awake lan  kaluwargane.” (HR.Tirmidzi lan Ibnu Majah)

 

Banjur temen begja sesandingan kadang sedulur muslim,… sakniaso ditakdirkaken sadar mboten saget qurban,…. Sadar mboten saget urun arta ing masyarakat,… Ananging temen tiyang muslim Ingkang taat,… tiyang muslim ingkang Amanah.. ngupaya nyipta keturunan-keturunan ingkang nuladhani kanjeng nabi ismail Alaihissalam... ingkang bekti sanget kalawan ingkang rama ing mawarni syariat ingkang pratela….. kahanan mekaten kasil saking usaha kanjeng nabi ibrahim Alaihissalam….. ingkang anggulawenthah.. nuturi.. mulangkaken.. ajaran suci.. sahingga saget ngurmati tiyang sepuh kanti sadar,. lila,. sesandaran islam,…. wujud anuladha pawulangan ingkang gamblang…   satunggaling muslim yakin pesti mboten Ridha putranipun damel bab awon.. panjenenganipun nuturi kanti pepadhangipun  pawulangan Al-Qur’an Sunnah,…. Dipun usaha dipun tirakati dididhik jujur.. sae.. kanti ukiran saking pawulangan ingkang cetha.. Pawarta luhur suci Ilahi.. kedah dipun wariskaken ing sedanten keturunan ugi masyarakat..

 Jamaah Jumat ingkang dimulyakaken Allah...

nyipta ismail-ismail anyar ing Masyarakat,…. Dados Amanah ageng tumrap umat islam,……. Sahingga ismail-ismail menika dados bahan tentrem Masyarakat ingkang mumpuni,… dados tameng putra-putra masyarakat muslim……. Amanah Takmir.. imam.. marbot.. jamaah sareng.. kedah ngreka ngupaya Masjid mushola dados papan aman,…. Aman tumrap ingkang sregep taat.. aman tumrap ingkang muda alit,. aman tumrap nembe ngupaya niti mertaubat,….  jalaran kasunyatan.. temen katah ingkang keseret klithih.. tawuran… narkoba,. seks bebas,.. selingkuh,…. Pelakor.. Pinjol,. judol, munapa bab ingkang langkung ngeneskaken,….. Banjur cikal bakal ismail-ismail anyar menika kedah dipun ayomi dening tiyang-tiyang sepuh….. sahingga nyipta kampung ingkang tata Islami,… banjur langkung wiyar saget nyipta punggawa-punggawa negari Islami,.. ingkang konjem kanti iman.. kedah kuat Amanah jujur suci ngantos titi wanci,..  menawi dereng saget sae punggawa sepuh,.. temen putra ingkang sae dados obatipun,… dados panglipur kahanan ingkang rusak,… mugi saget kukoh istiqomah angadepi zaman ingkang owah,…. Sakniaso awrat,… sakniaso kebak karuwetan,…. Amanah menika kedah dipun tindakkaken dening tiyang muslim,…. Dados setetes banyu ingkang nelesi salit dhahga badan,…..

 

 Jamaah Jumat ingkang dimulyakaken Allah...

  satunggaling paribasan  kacang ora ninggal lanjaran,…  sakniaso masjid musholla mboten saget munggel kahanan,… ananging tanggungjawab takmir imam marbot ngantos makmum,… nyipta ismail-ismail anyar kanti lila,… damel pepadhangipun masyarakat,… tanpa katitik,. tanpa kaambet,… tiyang muslim ing kahanan ngupaya nerapkaken syariat islamipun,. temen ambantu tetua kamitua Masyarakat nata kahanan,… dipun unduh dipun panen sesarengan kanti kuat.. amanah,. sabar..  sakbanjuripun,… mawas prastawa kahanan zaman ingkang temen banget owah ganas,…

Jamaah Jumat ingkang dimulyakaken Allah...

nuladhani ketaatan bapa ibrahim… ugi ingkang putra ismail Alaihimusssalam… dados pawulangan luhur,.. temen dados tuladha kuat bener iman,… cecepengan perintah pangeran,.. ugi ati ingkang ris.. kados ingkang dipun lampahi ismail alaihissalam.. dados putra luluh pawulangan perintah ramanipun ingkang kaparingan dawuh saking Allah Ta’ala,…. Banjur Syariat luhur qurban.. saget kalampahan dipun tindakkaken dening umat islam,… wujud ikhlas ngurbankaken banda… saget dinyana awrat.. ageng… ananging mugi dados obat ati ingkang pelit… saget lila banda dipun qurbankaken,…. obat ati srakah.. temen awrat sanget saget lila banda dipun qurbankaken,…..  banjur tansah midherek tuntunan Al-Qur’an ugi Sunnah ingkang pratela,…  luhur ageng bab qurban dipun tuladhani… banjur ugi mboten pareng luput,. wujud ismail-ismail enggal kedah dipunupakara.. dipunrawat.. dipunrumat.. sahingga mugi daos penerus kampung ugi negari.. kukoh sabar Amanah.. nglajengkaken tata pagesangan masyarakat ingkang islami… saha tansah bekti kalawan tiyang sepuh.. Mekaten ingkang angracik dados ibrahim-ibrahim tansah ditatar pawulangan padhang,… mugi istiqomah kukoh ngayomi kaluarga… tetangga jamaah ugi siswanipun,… lanjut lampah pagesangan kanti tuntunan pepadhang mugi saget diwulangkaken,.. ditindakkaken,.. ditularkaken kanti wredu ris ing pamardi,..



وَوَصَّيْنَا ٱلْإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيْهِ حَمَلَتْهُ أُمُّهُۥ وَهْنًا عَلَىٰ وَهْنٍ وَفِصَٰلُهُۥ فِى عَامَيْنِ أَنِ ٱشْكُرْ لِى وَلِوَٰلِدَيْكَ إِلَىَّ ٱلْمَصِيرُ

 "Lan ingsun perintahke tumrap manungsa (laku becik) marang wong tuwo lorone; ibune kang wus ngandut  ing kahanan ringkih kang tambah iku… banjur  anyapih nalika ing mangsa 2 taun…. Sira tumindak Syukur marang ingsun lan marang wong tuwo lorone,.. namung marang ingsun sira bali,."(QS. Luqman 14)

 

بَارَكَ الله ُلِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ - وَنَفَعَنِيْ وَإيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ

وَتَقَبَّلْ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ

KHUTBAH (2)

 

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ رَسُوْلِ لله وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ...... 

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ...... 

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.....،

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ...

أَمّا بَعْدُ.........

  فَيَا عِبَادَ الله..، اُوْصِيْنِي  وَاِيَّاكُمْ  بِتَقْوَى الله، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ...

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ....،   إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ...

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ..، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ...  .

رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا..  بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا.. وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ..  .

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا.. وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِاْلإِيْمَانِ.. وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا.. وَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا.. وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ.

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا.. وَلِوَالِدَيْنَا.. وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا...  .

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ..  رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ..  وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ..   وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى..  وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ...  يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

أَقِمِ ٱلصَّلَوٰةَ

 

 


Post a Comment

0 Comments