ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Ngluru ilmu ing islam

Ngluru ilmu islam




  Khutbah Jumaat    







إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلىَ اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ وَ مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَ خَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ و كُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ


 Maasyiral Muslimin Rahimakumullah
  Saben dinten Jum’at Khatib tansah wasiatkaken supados ningkatkaken takwa marang Gusti Allah kanti nindakaken sedaya perdintahipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kanti estunipun takwa kita, pagesangan kita bade langkung tentrem tuwin tansah angsal ridhanipun gusti Allah s.w.t.
 
Sidang Jumaat rakhimakumullah,
  Kagem nyempurnakaken Islam, ilmu, saha iman kita, mangga kita sami tansah ningkatkaken pemahaman tentang islam kanti ilmu. Jalaran mawi ilmu, mboten saget sampurna iman tiang, ugi kosokwangsulipun, mawi iman saget nutup ati saking anrima kebenaran Al-Quran, kang kaasto  Nabi Muhammad s.a.w sahingga dados sumber ilmu kang Sampurna. ilmu dados anugerah kang ageng sanget kang diparingi Gusti Allah marang manungsa. Jalaran kanti ilmu, satunggileng tiang angsal martabat kang inggil, sarta terbebas saking sifat jahil. kados firmanipun Allah s.w.t ing surah al-Mujadalah ayat 11:
 يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Maksudnya: “…Allah bakal ngluhurake para wong mu’min saka sira kabeh, apadene wong pada kaparingan ilmu, kalawan pirang-pirang derajat. Lan Allah iku Maha Waspada marang apa kang sira tindakake.
 
bilih kita ngeningkaken kanti teliti, wonten kirang langkung 700 ayat ing Al-Quran kang nyebutkaken tentang ilmu. niki nunjukkaken pentingipun ilmu pengetahuan ing dalem pagesangan manungsa.
 
Firman Allah s.w.t ing surah al-Hajj ayat ke 54:
 وَلِيَعْلَمَ ٱلَّذِينَ أُوتُوا۟ ٱلْعِلْمَ أَنَّهُ ٱلْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَيُؤْمِنُوا۟ بِهِۦ فَتُخْبِتَ لَهُۥ قُلُوبُهُمْ ۗ وَإِنَّ ٱللَّهَ لَهَادِ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِلَىٰ صِرَٰطٍ مُّسْتَقِيمٍ
Lan supados wong-wong kang kaparingan ilmu nyekseni bilih  ayat-ayat keterangan menika bener saking Pangeran ira, Banjur deweke iman kanti(ayat-ayat) iku, banjur taat marang Pangerane jalaran (aya-ayat) menika.
 
Munapa inggilipun ajinipun  tiang kang kaparingan ilmu sahingga Nabi s.a.w Paring pangandikan,
  الْعُلُمَاءُ وَرَثَةُ اْلأَنْبِيَاءِ، إِنَّ اْلأَنْبِياَءَ لَمْ يُوَرِّثُوْا دِيْناَرًا وَلاَ دِرْهَماً إِنَّمَا وَرَّثُوْا الْعِلْمَ فَمَنْ أَخَذَ بِهِ فَقَدْ أَخَذَ بِحَظٍّ وَافِرٍ
“ Para ulama’ dados pewaris para anbiya .. lan temen ulama ura mariskake dinar munapa dirham.. ananging saktemene wariskake ilmu.. lan sok sintena ngluru kanti iku..  temen kaparingan bagian kang gede ’. (Hadis riwayat Ibnu Hibban)
 
Sidang Jumaat kang dirahmati Allah,

Ing titi wanci menika kita gesang ing dunia teknologi ugi arus perkembangan ilmu kang pesat. Ing titi wanci menika, kita tetepangan kalian ramainipun tiang kang bebalapan madosi  ilmu. Alhamdulillah menika dados kahanan kang sehat tuwin dipun perintahaken agami. Ananging, kedah kita fahami munapa kebenaran ing nuntut ilmu! Supados Anggayuh ridhanipun pangeran ing dalan nuntut ilmu tuwin ngasilkaken kesan kang sae, wonten adab kang perlu kita ikuti.

Sepisan: Ikhlas niat namung jalaran Allah s.w.t. menawi nuntut ilmu,. InsyaAllah kanti manah kang ikhlas, Allah bade anggampilkaken dalan supados anrima saha gampil mahami ilmu.

Kaping kalih: Matengkaken ilmu kanti tansah ngulangi ilmu kang dipelajari. Mboten rumaos cukup tuwin mandek saking pengaosan senajyan tamat saking satunggileng pengaosan secara resmi. Perkembangan ilmu kang mboten batasan ugi fitnah akhir zaman menika ndesak kita supados tansah bersaing kanti ilmu kang bener. Menawi kita ulang-ulang, bade kita nemukakaken belokan-belokan kang kedah dibetulkaken saha dimajukaken.

Kaping tiga: Pelajari ilmu saking ahlinipun. Kanti cara menika, kita kadidik menurut kaedah kang bener ugi luput saking penyelewengan. Jalran Ing titi wanci menika, kita kepanggihan kaliyan masyarakat Islam kang terpeleset ing ideologi tuwin pemikiran kang luput. Deweke nafsirkaken agami nurut kepentingan pribadi tuwin mboten kadedasar ilmu kang leres. Ing indonesia kadosto ahmadiyah,LDII,Syiah,“JIL”

Seterusipun, kita kedah mboten rumaos angkuh tuwin sombong kanti munapa kang kita gadahi utawi kita ugem. Langkung sae kita tansah andap asor. Kedah kita imuti bilih  ilmu ugi kapinteran kang kita gadahi wujud rahmat ugi pinjaman Gusti Pangeran. Menawi kita mboten ngamalkaken ugi nularkaken ilmu kang kita gadahi, yekti kita mboten bade dados insan kang guna.
 
cuplikan dawuh  Allah s.w.t ing surah Yusuf ayat ke 76:
  وَفَوْقَ كُلِّ ذِي عِلْمٍ عَلِيمٌ
Lan saben kang berilmu iku ano kang luwih berilmu.
 
Sidang Jumaat kang dirahmati Allah,
 
Ilmu dados aset kang ageng kagem kita. Ing babagan menika, Nabi s.a.w paring pangandikan:
إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
”menawa mati anak Adam, putus ganajran amalipun kajaba tigang perkawis; sedekah jariah, ilmu kang manfaat lan doa anak kang soleh. (Hadis riwayat Imam Muslim)

Imam Nawawi paring penjelasan, "Ilmu kang manfaat kang kasebut wonten ing hadis mau dipun maknani, munapa kang dilampai saksampunipun penjelasan, ingih menika pengajaran tuwin penulisan."

Kita itung, bilih kita nularkaken ilmu kang manfaat tumrap sanak-kadang kita, banjur deweke ugi nyumebarkaken ilmu niku tumrap tiang sanes. Menika nunjukkaken katahipun manfaat kang sampun sumebar? Munapa kita mboten kersa kagolongan ilmuan salaf inggih menika para pepunden kita kang sampun katah maringi manfaat wonten ing pagesangan kita? Asma-asmakang luhur kados Imam Abu Hanifah, Imam As-Syafi’i tuwin para ulama kang inggil kang kasebut ngantos sakniki. 

Sidang Jumaat rakhimani wa rakhimakumullah ,
Kita kedah sadar bilih majunipun saha munduripun kelompok masyarakat sarta negari, tergantung, ing antawisipun, kemajuan ilmu pengetahuan masyarakat. Masyarakat kang anggadahi ilmu temtu kemawon saget anglampahi saben pacoban kanti tabah tuwin wicaksana. Kita kiyambak sampun nyaksikaken. Kanti  keyakinan niki, mangga sami-sami kita berazam, niat ningkatkaten ilmu kita. Kita timbulkakaen suasana kailmuan anggayuh manfaat generasi sakmangke. Mugi-mugi kanti usaha lan azam niki, kita kalebet golongan kang nyumbang tuwin tansah nyebarkaken kesaenan.   


0 Response to "Ngluru ilmu ing islam"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..