ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





SUMANGGA MANDEG RUMIYIN


KHUTBAH I



إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ”.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً”.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
أما بعد
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rahimakumullah
Sedaya puji pangalembana kagunganipun Allah Pangeran semesta alam, ingkang Maha Welas  saha Maha Asih,... Ingkang nguasani dina piwalesan....  Kawula nyekseni bilih mboten wonten pangeran ingkang berhak disembah lintunipun Gusti Allah Subkhana Wata’ala… Maha Pengampun saha Maha Penyayang, lan kawula anyekseni bilih kanjeng nabi Muhammad utusan Allah, dados satunggaling rasul ingkang angajak tumrap kaslametan. Shalawat lan salam mugi tansah kacurah tumrap  keluarganipun, sahabatipun lan tiyang-tiyang ingkang anderek kanti sae ngantos dina akhir.
            Sakjatosipun paribasan  jamaah saha khotib.... kados sopir mobil ingkang niti satunggaling dalan.... banjur dipun abani dening satunggaling tiyang.... Saknalika.. mobil mlampah… wonten ingkang ngucap, “mandek, mandek!”
sopir mobil banjur mandap, “pados pirsa munapa kersanipun kok nyuwun mandek?”
Dipun jawab: “panjenengan ampun medal ing dalan iki, jalaran dalan iki lunyu sanget lan kebak jurang kang jero.”
sopir mobil kalawan penumpangipun lega,,,, sedaya jabat tangan banjur ngestukaken munapa ingkang dipun elingkaken.
            Mekaten perumpamaan khotib kalawan jamaahipun. Tiyang  ingkang caos  Pepiling tumuju babagan ingkang padang,.. mekaten ugi paring peringatan babagan bebayanipun,…!
jama'ah jum'ah rakhimaniy wa rakkhimakumullah
 mugi kersa panjenengan ngeningkaken ilmu…. munapa ingkang saben dinten jum'at dipun wulangkaken, sahingga dipun resepi,. dipun tindakkaken,... sahingga dados bekal kula kalawan panjenengan sami nuju papan ingkang tebih  sanget,.. injih menika akhirat,....  Allah ‘Azza wa Jalla Dawuh:
تُسَبِّحُ لَهُ السَّمَاوَاتُ السَّبْعُ وَاْلأَرْضُ وَمَن فِيهِنَّ وَإِن مِّن شَيْءٍ إِلاَّيُسَبِّحُ بِحَمْدِهِ وَلَكِن لاَّتَفْقَهُونَ تَسْبِيحَهُمْ إِنَّهُ كَانَ حَلِيمًا غَفُورًا
“Langit kang pitu, bumi lan sekabehe kang ano ing sakjrone nuli tasbih marang Allah. ... lan ora ano sawiji munapa wae...kajaba laku tasbih kanti muji Pangerane...,  ananging sira kabeh ora pada ngerti kepriye tasbihe. Yekti Pangeran Maha Santun lan Maha Sepura.” (QS. Al Israa’: 44)
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللهَ يَسْجُدُ لَهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَمَن فِي اْلأَرْضِ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ وَالنُّجُومُ وَالْجِبَالُ وَالشَّجَرُ وَالدَّوَآبُّ
“Apa sira ora ngerti, namung marang Allah laku sujud apa kang ano ing langit, lan ing bumi, Srengenge, Wulan, Lintang, gunung, Wit-witan, kewan-kewan kang langsur? (QS. Al Hajj: 18)

Subhaanallah! Alam niki sedaya sami nindakkaken tasbih kalawan muji dumateng Allah…  ugi nindakkaken sujud....  Srengenge sujud,… Wulan sujud,.. gunung-gunung ingkang inggil sujud,.. lintang-lintang sujud,.. wit-witan sujud,… mekaten ugi kekewanan pada sami sujud......... banjur kepripun manungsa, dados makhluk ingkang ringkih malah asring balela,... tebih  saking sujud.... padahal maksiat saben dintenipun dipun lampahi kanti katah,... banjur nalika  azan sholat dipun siarkaken ,...  banjur sami mlengos.
Allahu akbar....! saknalika sedaya makhluk sane samilaku tasbih,… mlengos perintah tasbih, mlengos saking perintah  tahmid (muji Allah),  tebih saking sujud,… ingkang akhiripun tebih saking pepadang… tebih saking hidayah… .
Padahal gesang kita ing dunya mboten genep enam dasa taun? satus taun? munapa  sewu taun……? Jalaran Taksih dipun kurangi wekdal ngaso,… wekdal dahar,…. Wekdal rekreasi….
Allah ‘Azza wa Jalla dwuh:
وَلَتَجِدَنَّهُمْ أَحْرَصُ النَّاسِ عَلَى حَيَاةٍ وَمِنَ الَّذِينَ أَشْرَكُوا يَوَدُّ أَحَدُهُمْ لَوْ يُعَمَّرُ أَلْفَ سَنَةٍ وَمَا هُوَ بِمُزَحْزِحِهِ مِنَ الْعَذَابِ أَن يُّعَمَّرَ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِمَا يَعْمَلُونَ
“saben-saben deweke kepengin umur sewu taun,… kanyata umur dawa iku sepisan-pisan ora ngadohkake  saka siksa….. Allah Maha waspada munapa kang deweke tindakke…. (QS. Al Baqarah: 96)
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُهُ العَظِيْمَ الجَلِيْلَ لِيْ وَلَكُمْ، وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ

KHUTBAH II
اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَنِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابُهُ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار

  Mboten tebih nalika kita bahas wulan ngajeng, munapa taun ngajeng….. munapa kita taksih saget ngunduh sangu kagem budal wonten ing kampung akhirat… Nalika wektal sampun katitik,… mboten wonten ingkang saget kabur,…., mboten saget slamet… banjur sedaya upaya,.. angen-angen,… gegayuhan ing bumi dipun tutup,… buku catetanipun dipun tutup,…. Sedaya kerabatipun dipun dipun tilar,…
   Banjur dipun teruskaken ing margi ingkang enggal,…. Kekesahan ingkang tebih sanget,… sahingga mboten saget ingkang paring tetulung kajaba amalanipun,… kajaba ibadahipun,… 
Kanyata Allah Sampun dawuh :
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّاقَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
He wong-wong kang iman,…  sira nuli nindakke takwa marang  Allah lan sudio saben sira peduli babagan munapakyang wus deweke cepakkake kanggo dina    esok (yaiku akhirat). (QS. Al Hasyr: 18)
  Mugi kita tansah nindakkaken kanti takwa, …. Saderenge saking kita sami  pisah,.. pisah saking rencangipun,.. pisang saking kaluarganipun,.. pisang saking upaya lan angen-angenipun,…,
فَإِذَا جَآءَتِ الصَّاخَّةُ {33} يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ أَخِيهِ {34} وَأُمِّهِ وَأَبِيهِ {35} وَصَاحِبَتِهِ وَبَنِيهِ {36} لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَئِذٍ شَأْنٌ يُغْنِيهِ {37}
Lan munawa teka  suara kang pekak banget (nalika slopret didamu kang kaping loro)— ing dina lnalika manungsa mlayu saka sedulure,—- mlayu saka bapak ibune,— mlayu saka istri lan anake.—Saben-saben wong ing dina iku nduweni  urusan kang ngrepotkake.” (QS. Abasa: 33-37)
   Ampun ngantos bungah ingkang sedela menika dados beban kita ing  kampung akhirat… banjur dikebaki kanti  maksiat…   mugi kita sami nindakkaken sabar nahan diri saking  maksiat  kalawan tansah anindakkaken taat…. sahingga ing pucukipun papan…. sahingga kita sami pepanggihan ing papan ingkang kebak carita pahit ingkang kita tandang,… ing papan ingkang kebak kanti nikmat kalawan ampunan,
Allah Dawuh :
يَاقَوْمِ إِنَّمَا هَذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ وَإِنَّ اْلأَخِرَةَ هِيَ دَارُ الْقَرَارِ
Yekti urip ing dunya iki anamung kasenangan (sedela) lan yekti akhirat Iku negeri kang langgeng.” (QS. Al Mu’min: 39)
Jama’ah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah..
Perlu kita ngeningkaken sae-sae…! Sakjatosipun sak bibaripun pepati, kita mboten dijarke kemawon…, saben amal pratingkah  kalawan kesalahan dipun suwuni tanggungjawabanipun  banjur angsal piwalesan  ingkang sepadan….. Allah Ta’ala Dawuh:
أَفَحَسِبْتُمْ أَنَّمَا خَلَقْنَاكُمْ عَبَثًا وَأَنَّكُمْ إِلَيْنَا لاَتُرْجَعُونَ
“Mangka Apa sira  ngira, saktenmene ingsun nitakake sira kabeh kanggo dolanan (wae), lan sira ngira ora dikundurkake marang ingsun?” (QS. Al Mu’minun: 115)


Nasihat Terakhir

“Mangga kita sami mertaubat…. niti margi ingkang lempeng,… kahanan dalunipun kados siangipun…. terangipun dados oncoripun kagem sedaya manungsa ingkang istiqomah,.. ingkang lulus saking ujian ing pagesangan dunya….  

Kita tutup kanti satunggaling dawuh saking Allah subkhana Wata’ala:

قُلْ تَعَالَوْا اَتْلُ مَا حَرَّمَ  رَبُّكُمْ عَلَیۡكُمْ  اَلَّا تُشْرِكُوۡا بِہٖ شَیۡئًا وَّ بِالْوَالِدَیۡنِ اِحْسَانًا ۚ وَ لَا تَقْتُلُوۡۤا اَوْلَادَكُمۡ مِّنْ  اِمْلَاقٍ ؕ نَحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَ اِیَّاہُمْ ۚ وَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَہَرَ مِنْہَا وَ مَا بَطَنَ ۚ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِیۡ حَرَّمَ اللہُ  اِلَّا بِالْحَقِّ ؕ ذٰلِكُمْ وَصّٰكُمْ بِہٖ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُوۡنَ ﴿۱۵۱﴾  

وَلَا تَقْرَبُوۡا مَالَ الْیَتِیۡمِ  اِلَّا بِالَّتِیۡ ہِیَ اَحْسَنُ حَتّٰی یَبْلُغَ اَشُدَّہٗ ۚ وَ اَوْفُوا الْکَیۡلَ وَ الْمِیۡزَانَ بِالْقِسْطِ ۚ لَا نُکَلِّفُ نَفْسًا اِلَّا وُسْعَہَا ۚ وَ اِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوۡا وَلَوْ کَانَ ذَا قُرْبٰی ۚ وَ بِعَہۡدِ اللہِ اَوْ فُوۡا ؕ ذٰلِكُمْ  وَصّٰكُمۡ بِہٖ لَعَلَّكُمْ تَذَکَّرُوۡنَ ﴿۱۵۲﴾ۙ  

وَ اَنَّ  ہٰذَا صِرَاطِیۡ مُسْتَقِیۡمًا فَاتَّبِعُوۡہُ ۚ وَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَنۡ سَبِیۡلِہٖ ؕ ذٰلِكُمْ  وَصّٰكُمۡ بِہٖ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوۡنَ ﴿۱۵۳﴾

Kandana : ingsun matur munapa kang diharamkake tumrap sira kabeh kadedasar  Pangeran ira… yaiku: sira ora gawe tetandingan kalawan sawijine munapa kanti Pangeran,,,tumindak sae tumrap tiyang sepuhe kalorone, lan  sira ora mejahi  anak-anak ira jalaran wedi miskin,…  ingsun bakal paring rizki tumrap ira lan tumrap deweke,… lan sira ora nyeraki bab-bab kang ala,…. Kang gamblang ing antarane ira munapa tasih remeng-remeng,… lan sira ora mejahi  jiwa kang diharamkake  Allah kajaba kanti sawijine (sebab) kang bener”. Mangkono iku kang diperintahkake tumrap ira supaya ira mahami.—- lan sira ora nyeraki banda anak yatim,… kajaba kanti cara kang luwih manfaati,… nganti deweke dewasa. lan sampurnakna takeran lan timbangan kanti adil…. Ingsun ora mikulkake bobot tumrap sawijine kawula kajaba kanti takeran sanggupane… lan nalika sira nguicap,… mila sira nindakkaken kanti adil, sanajan deweke sadulure(ira),,, lan ngestukake janji Allah…. kang mangkono iku diperintahkake Allah tumrap sira kabeh supaa sira pada eling… Lan (kang perintahkake iki) dadi dalan kang lempeng,,, mila sira pada niti dalan iki,.. lan sira pada ora niti dalan-dalan (kang beda),jalaran dalan-dalan iku.. gawe pecahe ira kabeh saka dalan kang lempeng... kang mangkono iku kaperintahkake dening  Allah supaya sira pada takwa.” (QS. Al An’aam: 151-153)

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا

أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.




 

 


0 Response to "SUMANGGA MANDEG RUMIYIN"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..