ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Keadilan Islam kHUTBAH JUMAT BAAHASA JAWA KROMO ALUS KRAMA INGGIL


KEADILAN ISLAM


KHUTBAH I
إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
 أما بعد
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rahimakumullah
Mangga kita tingkatkaken  takwa dumateng Allah Ta’ala  takwa ingkang sabener-benere, injih menika kanti angamalkaken munapa ingkang diperintahkan dening Allah  banjur ugi kanti munapa ingkang dening kanjeng Rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam sarta tansah nebihi sedaya awisanipun…..
Shalawat sarta salam mugi tansah kaatur dumateng  nabi kita Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam,.. lumeber ing sedaya keluarganipun, sahabat-sahabatipun, sarta ingkang tansah anderek ngantos dinten akhir zaman..
Kaum muslimin, jamaah Jumat rakhimaniy wa  rahimani wa rahimakumullah
ing antawisipun  bukti indah babagan pawulangan ajaran Islam injih mneika kanti perintah adil…. Adil injih mneika kanti maringkaken satunggal munapa kemawon ing papan kang bener ing papan ingkang leres ing papan ingkang semestinipun…. Banjur ugi tansah maringi tumrap sinten kemawon ingkang berhak kanti satunggaling munapa…. Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
“Saktemene Allah mrintah (ira) kanti laku adil lan laku kasaenanan,..  weh-weh tumrap sederek kerabat, lan Allah nglarang saka laku keji,  mungkaran lan pinengsahan.pangeran paring pengajaran tumrap ira supaya ira pada ngluru pelajaran.” (QS. An Nahl: 90)
Adil mboten saget dipun artoskaken mutlak “sama rata”,”adum pada”, jalaran “sama rata” ,”adum pada” ing kahanan kang benten kalebet  laku zhalim…. Sahingga Islam paring perintah tumrap  manungsa kanti laku adil,… injih mneika kanti njangkepi munapa hak ing saben tiyang ingkang anggadahi hak… ingkang hak sepisan ingkang wajib kita tindakkaken  injih menika hak Allah Pencipta kita sedaya,….  banjur hak nabi selaku utusan….
Hak Allah Subhanahu wa Ta’ala
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rahimakumullah
Hak sepisan ingkang kedah  kita lampahi injih menika ha Allah Subhanahu wa Ta’ala…… kanjeng  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
فَإِنَّ حَقَّ اللَّهِ عَلَى الْعِبَادِ أَنْ يَعْبُدُوا اللَّهَ وَلاَ يُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا
Saktemene  hak Allah kangkudu kalaksanakake dening kawulane yaiku kanti ibadah marang Allah sawiji lanora anggawe tandingan kanti sawijine munapa.” (HR. Bukhari dan Muslim)
mekaten hak Allah ingkang wajib kita lampahi,….  Jalaran Allah ingkang ynipta kalawan paring rizki tumrap kita….. sahingga munapa kita nindakkaken ibadah lan menembah sanes dumateng Allah kalebet zalima…. Kanti keterangan injih mnika mboten maringkaken maringkaken satunggalin munapa ing papan ingkang semestinipun... ….  Kepripun menawa dipikir kanti logika samu barang ingkang didamel dening manungsa… peninggalan saking masayarakat dipun sembah…, dipun uri-uri… kanyata mboten paring  rezki… mboten paring..manfaat…
mekaten kahanan ati manungsa,… gampang luput,.. awrat ninggalkaken
kalebet hak Allah …. Injih menika kanti hak  dipuntresnani kalawan dipun agungkaken, diibadati kanti ikhlas, shalat gangsal wekdal, zakat, puasa dan hajji munawa ingkang mampu… Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:
وَمَآ أُمِرُوْآ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْااللهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ حُنَفَآءَ وَيُقِيْمُوْا الصَّلَوةَ وَيُؤْتُوْا االزَّكَوةَ وَذَلِكَ دِيْنُالْقَيِّمَةِ
“Padahal deweke ora  diprintah kajaba supaya menembah marang Allah murni taat ing nalikan  (nindakkake) agama kang lurus, lan supaya deweke nindakkake  shalat lan nindakkake zakat; lan kang mengkonoiku  agama kang lurus.” (QS. Al Bayyinah: 5)
Mekaten  dasar-dasar hak Allah,… banjur ingkang sanesipun  dados wajib jalaran wonten sebab,..  kados jihad,.. tetulung tiyang ingkang dizhalimi lan sakpituruse... 
Hak Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam
 Ing antawisipun hak Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam injih mneika kanti anderek perintahipun,  dipun tebihi awisanipun, dipun estukaken  sabdanipun…,  ibadah dumateng Allah kanti nuladani piwulanganipun, dipun tresnani angluwihi tresna kita tumrap anak, tiyang sepuh, lan munapa sedayanipun manungsa, dipun bela kalawan dipun uri-uri sunahipun, ….  Mboten anyleweng kanti menembah damel   cara2 enggal ing agami kang mboten wonten pawulangan saking sliranipun…., tansah ngaturkaken shalawat lan salam tumrap sliranipun,dipun angkat inggilkaken sabdanipun ing inggile pangucapan manungsa sedaya, dipun kurmati kalawan dipun muliakaken sarta tansah anderek pitedahhanipun,….


Hak Tiyang Sepuh
Jamaah Jumat rahimaniy wa rakhimakumullah
Di antawisipun hak ingkang mulya kang kedah kita jaga injih menika  hak tiyang sepuh kita…. Tiyang sepuh anggadahi  jasa ingkang ageng sanget tumrap kita;… ingkang  ibu nalika ngandut, nglahirkaken  banjur ngrawat pangupakara ngantos agengipun  kita,.. ingkang  bapak ingkang tansah adus kringet, merdi  ing pedamelan kagem nyekapi  putra kalwan keluarganipun,.. banjur tansah ngupajiwa kebetahan kita ngantos agengipun…… mekaten agengipun upaya,.. reka nipun tiyang sepuh… temen   Islam sampun paring perintah bekti marang tiyang sepuh kekalih… banjur andadoskaken durhakan dados dosa ingkang ageng…. Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:
وَوَصَّيْنَا اْلإِنسَانَ بِوَالِدَيْهِ حَمَلَتْهُ أُمُّهُ وَهْنًا عَلَى وَهْنٍ وَفِصَالُهُ فِي عَامَيْنِ أَنِ اشْكُرْ لِي وَلِوَالِدَيْكَ إِلَىَّ الْمَصِيرُ
“Lan ingsun wus amrintahkake tumrap manungsa (bekti) marang keloro waline(ibu lan ramane); ibu kang ngandut ing kahanan ringkih kang tambah- tambah,lan nyapih ing umur 2 tahun. Nuli sira syukur marang ingsung lan tumrap kalarone ibu bapake, … marang ingsun  sira pada bali” (QS. Luqman: 14)

Hak tiyang sepuh kang kedah kita cekapi injih menika kanti bakti marang kekalihipun,.. laku ihsan (sae)…. Kanti  banda munapa badanipun…, naati perintahipun ingkang mboten  maksiat lan ingkang mboten mbebayani tumrap awakiupun piyambak, alus ing pangucap marang kekalihipun.., nampakkaken wajah senang,… anglayani kalwan ambantu…… ngantos nalika ibu-bapak kita sampun umur inggil,…. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
رَغِمَ أَنْفُ ثُمَّ رَغِمَ أَنْفُ ثُمَّ رَغِمَ أَنْفُ »  قِيلَ مَنْ يَا رَسُولَ اللَّهِ قَالَ « مَنْ أَدْرَكَ أَبَوَيْهِ عِنْدَ الْكِبَرِ أَحَدَهُمَا أَوْ كِلَيْهِمَا فَلَمْ يَدْخُلِ الْجَنَّةَ »
Temen rugi,…… rugi….  lan rugi deweke,,,,.”  Banjur dipun suwini pirsa, “Sinten duh  Rasulullah….?” Sliranipun njawab, “Yaiku wong kang nemoni keloro ibu-bapake wus  tua utawa salah sawijine,ananging ora anggawe mlene  suwarga.” (HR. Muslim)

Hak Anak
Anak anggadahi katah hak kang kedah dipun cekapi dening tiyang sepuh,…..  ing antawisipun hak  kang paling penting injih mneika hak diajar ilmu agama. Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
“he wong-wong kang iman,….  Jaganen awak ira  lan keluarga ira saka geni neraka.” (QS. At Tahrim: 6)
Anak dados amanah kekalih tiyang sepuh ipun dipun pirsani nalika ing dinten kiamat babagan anakipun…..
 Ing titi wanci mneika katah tiyang sepuh kang ngremehkaken hak anak banjur malah nyupekaken … kados-kados mboten tanggung jawab ipun…...  dipun jar ing papan pundi kemawon… dipun jar ing kahanan munapa kemawon,… .. dipun jar ing  arah kang  dipun larang munapa maksiat; dipun jar nilar  shalat,….  Sahingga akhiripun dados beban ing kuburipun,.. ing akhiratipun.. ing dinten penghakimanipun,………   padahal mboten mungkin satunggaling  prau mlampah ing papan kang garing…..  sahinggga anak perlu bimbingan…. perlu arahan….. perlu pendidikan ingkang sae,…. Mekaten ugi,….. sae ing kahiripun,.. sae ing piwalesipun,…

 Mekaten ugi babagan  nafkah;  sae panganipun, minumipun munapa  sandang busana nipun …. Ingkang sae,… ingkang halal,… ingkang sesuai syariat islam,…  temen akhiripun sae ing watakipun anak,.. sae ing tetegipun iman anak,… mekaten ugi mboten benten antaranipun woh kaliyan wit ipun…..  menapa sae wit ipun sae wohipun,…. Munapa sae pendidikanipun lan panguparaganipun temen sae unduhanipun ing besokipun,…..
Hak Kerabat
Kerabat anggadahi hubungan kaliyan kita,…. Sae ing nasab kekluargaan munapa munapa paseduluran…..  Hak panjenenganipun kedah kita  cekapi kanti tali silaturrahim…… Kita perduli ing kahanan agamanipun lan ing kahanan dunianipun;..  nalikakerabat ing kahanan  maksiat mila kita luruskaken lan nalika ing kahanan padunyanipun kurang, mila kita bantu... Anyambung silaturrahim mboten dipun laksanakaken jalaran kerabat kita sampun ngawali(anamung timbal-balik), ananging tiyang kang anyambung silaturrahim sakjatosipun injih menika tiyang ingkang  tansah nyambung kekerabatan tumrap ingkang sampun ngawali sae munapa ingkang pedot…. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam  medar sabda:
لَيْسَ الْوَاصِلُ بِالْمُكَافِئِ ، وَلَكِنِ الْوَاصِلُ الَّذِى إِذَا قَطَعَتْ رَحِمُهُ وَصَلَهَا
Wong kang nyambung silaturrahim iku dudu wong kang timbal balik jalaran disambung… anannging wong kang anyambung silaturrahim yaiku wong kang anyambung hubungan nalika dipedot.” (HR. Bukhari)
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُهُ العَظِيْمَ الجَلِيْلَ لِيْ وَلَكُمْ، وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ
KHOTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ:
Hak Suami Istri
Banjunr Ing anatawisipun hak-hak ingkang sampun dipun pratelakaken injih menika hak  ing kekluargaan suami-istri…, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
لاَ يَفْرَكْ مُؤْمِنٌ مُؤْمِنَةً إِنْ كَرِهَ مِنْهَا خُلُقًا رَضِىَ مِنْهَا آخَرَ
Sawijine mukmin Ora sengit marang  istrine kang mukminah,… (ananging) nalika sengit ing salah sawijine  akhlak, banjur tasih katah tresna ing akhlak kang liya.” (HR. Muslim)
dsb.
Sahingga congkrah ing ing sawijine wekdal dados bumbu ingkang manis ing wekdal ingkang sanes,,.. mboten cepet panas ing sawijine kahanan….  mboten cepet damel leburipun kapal kakeluargaan,… :
-     Hak istri yang wajib dipenuhi suami
Ing antawisipun hak istri kanti nafkah (pangupajiwa, sandang lan papan. Mekaten ugi Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nate medar sabda nalika dipun persani dening  hak istri kang wajib :
تُطْعِمُهَا إِذَا طَعِمْتَ وَتَكْسُوْهَا إِذَا اكْتَسَيْتَ ، وَلاَ تَضْرِبِ الْوَجْهَ ، وَلاَ تُقَبِّحْ ، وَلاَ تَهْجُرْ إِلاَّ فِي الْبَيْتِ
Yaiku sira nyukupi  pangan nalika sira mangan, nyupuki sandang nalika sira sesandang lan sira ora mukul wajah, damel ala sarta ora ngadohi kajaba tetep ing omah.” (Shahih, HR. Ibnu Majah dan Abu Dawud)

 Ingkang kalebet hak istri … injih menika kanti njaga kamulyanipun…, martabatipun….. nyegah saking maksiat…. Istri pun berhak diajarkaken masalah agama…  berhak nafkah dahar lan unjukan….  Menawa ingkang suami anggadahi istri langkungh satunggal…, mila panjenengane wajib laku adil ing sedaya hal kang saget dipun laksanakaken kanti adil… kados nafkah, daharan,.. unjukan,…,sandang,… papan,…, kalawan srawunganipun….. ananging nalika mboten mungkin tumindak adil mula mugi Allah paring ampun,….
-     Hak suami kang wajib dicekapi istri
Hak suami ingkang wajib dicekapi dening istri ing antawisipun kanti naati ing sedaya ba ingkang mboten  maksiat,.. mboten ngizinkaken kekesahan kajaba jalaran izin suami,….  Ugi mboten mlebetkaken tamu kajaba jalaran izinipun ingkang kakung,… tansah izin marang kakungipun nalika siyam sunah,… istri tansah ngupaya tetep bebarengan kalawan suami lan mboten anyuwun talaq tanpa sebab,……….  ridha’ kalawan qana’ah (anrima ing munapa kemawon) rizqi ingkang kasil suami…. sarta mboten mbebani suami….. lan sakpiturusipun

Hak Tetangga
 Ing antawisipun hak tetanggi injih menika sikap ihsan kita tumrap sedayanipun semampunipun kita,… sae saking banda,…., ugi pitulungan sanes ingkang  manfaat…..  mekaten nebihkaken satungal munapa ingkang ngganggu tetangginipun…. Sae arupi pawucal munapa pratingkah… Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda:
لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ لاَ يَأْمَنُ جَارُهُ بَوَائِقَهُ
Ora mlebu suwarga wong kang tetangganw ngrasa ora amanjalaran gangguane.” (HR. Muslim)
Hak Kaum Muslimin
Hak kaum muslimin katah sanget, ing antawisipun kados  kasebat ing hadis menika:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهم عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ حَقُّ الْمُسْلِمِ عَلَى الْمُسْلِمِ سِتٌّ قِيلَ مَا هُنَّ يَا رَسُولَ اللَّهِ قَالَ إِذَا لَقِيتَهُ فَسَلِّمْ عَلَيْهِ وَإِذَا دَعَاكَ فَأَجِبْهُ وَإِذَا اسْتَنْصَحَكَ فَانْصَحْ لَهُ وَإِذَا عَطَسَ فَحَمِدَ اللَّهَ فَسَمِّتْهُ وَإِذَا مَرِضَ فَعُدْهُ وَإِذَا مَاتَ فَاتَّبِعْهُ * (أَخْرَجَهُ مُسْلِمٌ)
saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda: “Hak satunggaling muslim ing atase muslim yaiku 6, menawa tetemuan  ngucapke salam tumrap sederekke…, menawa sederekke ngundang ira mila sira tekani undangane,…menawa deweke njaluk  nasihat saking ira… mila ira wenehi nasihati tumrap deweke,… nalika wonten ingkang bersin banjur muji Allah mila ira nuli dongakne,… menawa wonten kang  sakit mila ira tilik,…. lan menawa wonten kang meninggal mila ira iringi jenazah” (HR. Muslim)
kalebet hak satunggaling muslim injih mnika kanti nyingkirkaken munapa kang ngganggu… mboten tumindak zhalim lan mboten ngina….
Hak Non muslim
Menawa non muslim mboten  kafir harbiy (kafir kang amerangi Islam), mila mboten dados beban menawa sesrawungan,,.. kalawan deweke ing bab-bab kang semestinipun,…. .  Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh:
لاَيَنْهَاكُمُ اللهُ عَنِ الَّذِينَ لَمْ يُقَاتِلُوكُمْ فِي الدِّينِ وَلَمْ يُخْرِجُوكُم مِّن دِيَارِكُمْ أَن تَبَرُّوهُمْ وَتُقْسِطُوا إِلَيْهِمْ إِنَّ اللهَ يُحِبُّ الْمُقْسِطِينَ
Allah ora nglarang sira laku sae lan laku adil tumrap wong-wong kang  ora mungsuhi ira jalaran  agama…  lan ora(uga) ngusir ira saka negara ira. Yekti Allah seneng wog-wong kang laku adil. (QS. Al Mumtahanah: 8).
  Mekaten ing antawisipun  nilai kalawan norma keadilan kang diwulangkaken dening Islam. Saben-saben tiyang sampun  dipun atur hak… mekaten ugi babagan tumrap tiyang kafir kamawon. ..Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala netegkaken iman kita lan paring istiqomah tumrap kita  kanti cecepengan kalawan tali agama islam,…. Injih menika Al-qur’an kalawan kalawan pawulangan saking rasulullah Sholallahu Alaihi  Wasallam,… kanti istiqomah ugi kanti pemahaman ingkang lempeng,… .
اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا
أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.






 



0 Response to "Keadilan Islam kHUTBAH JUMAT BAAHASA JAWA KROMO ALUS KRAMA INGGIL"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..