ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





kHUTBAH BABAGAN KESEDIHAN



kHUTBAH SEDIH DUKA

KHUTBAH PERTAMA
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
أَمَّا بَعْدُ، فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ، وَخَيْرُ الْهُدَى هُدَى مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرُّ الْأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ

Jama’ah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah..
menawa awak  katembus anakpanah, mila ampun ngantos damel manah kita katandang sedih…
sakniaso anakpanah niku katancep dening tiyang paling caket kaliyan kita, mangga bangun manah kita kanti tatag…
sabar tuwin yakin bilih wonten satunggaling tiyang ingkang rawuh anyabut anak panah menika, ambalut lukanipun, ngapuskaken luh ingkang mili tuwin mantukkaken senyum kita…
mangga kita tansah sabnat tuwin mbonten sedih ati…
Jama’ah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah..
menawa istana ingkang dipun bangun kanti megah banjur runtuh, mangga sabar tuwin ampun sedih…
ampun ngrenung tuwin getun ing pinggir patilasan ingkang mboten bakal ngadeg malih, ampun keseret ing  kesedihan…
mangga bangkit,.. jumeneng, .…
Bumi Allah jembar,..... mangga ambangun  istana kang enggal…
Mangga ambangun gegayuhan ingkang nate mandeg…
Para sederek seiman taksih siap paring bantuan..
Kesedihan anamung damel petengipun manah…
Cahya semangat waget mati…
Banjur tebih saking karahmatan gusti Allah ingkang ngreksa jagad menika …




Saktemen munapa kemawon ingkang kita gadahi pesti nyumingkir, nanging kita ngeningkaten bilih gusti Allah mboten ninggalkaken kita.
لاَ تَحْزَنْ إِنَّ اللّهَ مَعَنَا
“…Jangan bersedih sesungguhnya Allah bersama kita…” (at-Tawbah: 40)

Menawa katandang  musibah, ampun sedih. ampun lemeh, kita kiatkaken awak kita angadepi sedaya ujian …
Ampun damel regol ingkang enggal sahingga syaithan waget mlebet…
Menawa katandang  musibah, sakit, sedih, payah, susah ….  ampun sedih, mangga nindakaken ingkang paling sae, .....   tetep ing kodrat....  dados kawula ingkang tansah madosi ridho Allah 'Azza wa Jalla........ Mangga kita ngeningkaken  kabar ingkan sampun dipun asta dening kanjeng  Rosulullaah Shalallahi'wasalam :.

مَا يُصِيبُ الْمُسْلِمَ مِنْ نَصَبٍ وَلاَ وَصَبٍ وَلاَ هَمٍّ وَلاَ حُزْنٍ وَلاَ أَذًى وَلاَ غَمٍّ حَتَّى الشَّوْكَةِ يُشَاكُهَا ، إِلاَّ كَفَّرَ اللَّهُ بِهَا مِنْ خَطَايَاهُ
Ora kalebu  muslim nalika katandang payah lan sakit, khawatir  lan sedih, lan ora uga gangguan lan kasusahan, mlahan ri ingkang nancep kajab dening gusti Allah ngapus kesalahan-kesalahane.[ HR. Bukhari no. 5641]

mekaten janjinipun pangeran Dosa-dosa ingkang luntur satunggal nembe satunggalipun
mboten perlu sedih …

perjuangan menika pahit….
Jalaran  suwarga niku manis…
Sabar tuwin mboten sedih kalanturan sahinga damel petengipun ing manah…
وَلاَ تَهِنُوا وَلاَ تَحْزَنُوا وَأَنتُمُ الأَعْلَوْنَ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ
“sira ajo lemeh lan sira ajo sedih ati saktemene sira wong-wong kang paling duwur  derajate. Mneawa sira kalebu wong-wong kang iman.” (Ali Imran: 193)
Mekaten ugi gusti Allah Ta’ala ngendika,
وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُ فِي ضَيْقٍ مِمَّا يَمْكُرُونَ
“lan sira ajo sedih ati kalawan (kekafiran) deweke lan ajo sira  sempit dada tumrap apa kang deweke tindakke” (QS. An Nahl: 127).
Gusti Allah Ta’ala ugi ngendika :
لَا تَحْزَنْ إنَّ اللَّهَ مَعَنَا
“sira ajo bela sungkawa, saktemene gusti Allah sesarengan kita” (QS. At Taubah: 40).
Ing ayat sane ugi kasebut :
وَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْ
“sira aja sedih jalaran caturane deweke” (QS. Yunus: 65).

ugi Allah Ta’ala ngendika,
لِكَيْ لَا تَأْسَوْا عَلَى مَا فَاتَكُمْ وَلَا تَفْرَحُوا بِمَا آتَاكُمْ
“(ingsun paring  panjelasan kang mengkono iku) supaya sira ora  bela sungkawa tumrap apa kang luput saka sira, lan supaya sira ora gumbira tumrap apa kang diparingkake tumrap ira” (QS. Al Hadid: 23).
Sedih mboten waget angrawuhkaken manfaat,.. mboten ugi nolak bebaya. … sahingga…  sedih menika mboten amanfaat. .Satunggaling amalan ingkang mboten manfaat tentu mboten diperintah dening gusti Allah tuwin mboten kapraktekkaken dening sesepuh umat injih menika para sahabat tuwin kanjeng rasulullah solallahu alalaihi wassallam.
perlu dipunperhatikaken bilih tiyang ingkang sedih waget kawastanan adzab tuwin ujian ingkang pangeran paringkaken tumrap kawulanipun… . kanti babagan musibah kasebut dening kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam,
إنَّ اللَّهَ لَا يُؤَاخِذُ عَلَى دَمْعِ الْعَيْنِ وَلَا عَلَى حُزْنِ الْقَلْبِ وَلَكِنْ يُؤَاخِذُ عَلَى هَذَا أَوْ يَرْحَمُ وَأَشَارَ بِيَدِهِ إلَى لِسَانِهِ
“Saktemene gusti Allah ora ngukum wong jalaran tetesan luh tuwin kasedihan.  Ananging gusti Allah nyiksa utawa angasihi kawulane jalaran (sabar munapa sambat) lesan menika”.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam Ngendika,
Allah Ta’ala ngendika (babagan kesedihan Ya’qub nalika dipun pratelakaken dening putra2nipun bilih yusuf pejah),
وَتَوَلَّى عَنْهُمْ وَقَالَ يَا أَسَفَى عَلَى يُوسُفَ وَابْيَضَّتْ عَيْنَاهُ مِنَ الْحُزْنِ فَهُوَ كَظِيمٌ
“Lan Ya’qub amalingkaken wajahe saka deweke (anak-anake) kanti nyaturi: duh aku bela sungkawa tumrap Yusuf”, lan kaloro mataku mutih jalaran sedih lan sliranipun kalebu tiyang kang  nahan amarahe (tumrap anak-anake)” (QS. Yusuf: 84).
wonten sedih ingkang angsal pahala.jalaran mboten sedih babagan awakipun piyambak. Misalipun sedih jalaran musibah ingkang ditandang  agamanipun tuwin sedih jalaran musibah ingkang katandang kekatahe kaum muslimin. Sahingga Sedihipun kanilai pahala jalaran saking sisi manah ingkang cenderung ing kasaenan tuwin sengit awon. Ananging nalika sedih kapukangsan mboten sabar, ninggalkaken ibadah, mboten manfaat malah mudhorot tumrap panjenengani tuwin tumrap kadang muslimin… sedih ingkang menika terlarang..



jamaah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah
Intinipun,…. sedih ingkang kaitung dosa nalika kalantur sahingga  ngacik haram. Tuwin sedih ingkang kaitung  pahala menawa sabar nalika nandang musibah. Tuwin mboten  asor tiyang ingkang sedih kanti netes netes luh…. Ananging islam mbatesi mboten kalantur sahingga nyupekaken perkawis ibadah malah ditambah picaturan ingkang mboten sae…
Sabaar tuwin mboten sedih….
Jalaran Gusti  Allah, paring ganti saben kasedihan kanti kebegjan tuwin pahala…,

فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا
jalaran saktemene sak wuse kasusahan iku ana gegangsaran.” (QS. Alam Nasyroh: 5)
ing wingkingipun kesusuhan dipun cawiskaken dalan engkang gampil  ingkang katah.

Sahingga mboten perlu sedih …
وَأَنَّ النَّصْرَ مَعَ الصَّبْرِ
Saktemene  pitulungan tumeka sesarengan kesabaran[ HR. Ahmad 1/307, shahih]


أقول قولي هذا، وأستغفر الله لي ولكم ولجميع المسلمين والمسلمات، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم

  

KHUTBAH KEDUA
الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَـمِيْنَ، أَمَرَنَا بِاتِّبَاعِ صِرَاطِهِ الْـمُسْتَقِيْمِ وَنَهَانَا عَنِ اتِّبَاعِ سُبُلِ أَصْحَابِ الْـجَحِيْمِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْـمَلِكُ الْبَرُّ الرَّحِيْمُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَلَّغَ اْلبَلاَغَ الْـمُبِيْنَ وَقَالَ: عَلَيْكُمْ بِسُنَّتِي وَسُنَّةِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ تَلَقَّوْا عَنْهُ الدِّيْنَ وَبَلَّغُوْهُ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا، أَمَّا بَعْدُ:
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rakhimakumullah…
nalika musibah tuwin bencana nekani kita, kekatahipun manungsa  namung wasangka bilih alam niki murka. Nalika tumekanipun sakit, ingkang dipun salahkaken makanan, olaharga tuwin sanesipun… nalika panjenenganipun dipunzholimi  dening atasan munapa majikan jalaran telat gaji, panjenenganipun nyalahkaken majikan munapa bos kanti julukan pelit munapa bakhil. sakniaso memang benar dados penyebab, ananging arang ingkang ngrenungkaken bilih sedaya jalaran dosa tuwin maksiat ingkang kita lampahi, pungkasanipun dening gusti Allah paring musibah, kanti penyakit munapa kanti satunggaling tiyang nzholim tumrap wakipun kita. Kita ngrenungkaken satunggaling ayat  :
Allah Ta’ala ngendika,
وَمَا أَصَابَكُمْ مِنْ مُصِيبَةٍ فَبِمَا كَسَبَتْ أَيْدِيكُمْ وَيَعْفُو عَنْ كَثِيرٍ
Lan apa wae musibah kang nandang sira maka  disebabke pratingkahe tanganira dewe, lan Allah amaafkaken sebagian akeh (saka kesalahan-kesalahan ira).” (QS. Asy Syura: 30).

Ugi ngendikanipun gusti Allah Ta’ala babagan pangeran ngersakaken resikipun kita saking dosa :

مَا يُصِيبُ الْمُؤْمِنَ مِنْ وَصَبٍ وَلاَ نَصَبٍ وَلاَ سَقَمٍ وَلاَ حَزَنٍ حَتَّى الْهَمِّ يُهَمُّهُ إِلاَّ كُفِّرَ بِهِ مِنْ سَيِّئَاتِهِ
Ora nandang musibah  wong kang mukmin arupa sakit (kang ora cepet mari), rasa sayah, rasa sakit, rasa sedih, lan khawatir kajaba  dosa-dosane bakal diampuni” (HR. Muslim no. 2573).



اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
 اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ،
 وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ، اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ،
 اللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ،
 اللَّهُمَّ احْفَظْ وُلاَةَ أُمُوْرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَوَفِّقْهُمْ لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ مِنَ الْأَقْوَالِ وَالْأَفْعَالِ،
 يَا حَيُّ، يَا قَيُّوْمُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. 
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.





KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =


0 Response to "kHUTBAH BABAGAN KESEDIHAN"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..