ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jum'at makna idul fitri




 أَمَّ بَعْدُ              يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah

mangga kita ningkatkaken takwa kita dumateng Allah Ta’ala kanti takwa  kang saksae-saenipun, injih menika ngamalkaken munapa kang diperintahkaken dening Pangeran saha Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam sarta nebihi menapa kang dilarang Pangeran saha Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam.

Jamaah Jumat rahimani wa rahimakumullah

Sedinten kita medal saking sasi romadhan, kita sampun tindakaken siam 1 wulan  nalika siangipun gene ing wekdal menika saget pepangihan kaliyan iedul fitri inggih menika “mantuk dahar” ingih menika nalika dedaharan haram ing siangipun gene ing wekdal menika  dipun halalkaken anangin tentu kemawon kanti kabates kanti tatanan al-qur’an saha as-sunnah. 
1 wulan kita sampun dipun tarbiyah dening Gusti Allah SWT, kita raoskaken nikmatipun  ibadah 1wulan, kanti berjamaah sahingga kang dipun suwun tiang muslim dados takwa لعاكم تتقون
Ing dinten jum’at niki ing wekdal niki kita sampun sumlebet wonten ing wulan syawal
Katah tiang mucal bilih makna syawal inggih menika  peningkatan. sahingga syawal dados wulan peningkatan amal shalih. Munapa leres mekaten.
(… من شوال) مأُخٌوُذ مِنُ شالت الإبل أذنابها إذا رفعتها لأن العرب كانوا يرفعون فيه آلاتَ الحرْبِ لقُرُبِ الأشهُرٌ الحرم
Ibnul ‘Allan asy Syafii paring periksa, “bilih wulan Syawal kapendet saking kalimat Sya-lat al Ibil kang maknanipun unta  kang ngangkat buntutipun.  Syawal dimaknai mekaten jalaran nalika rumiyin tiang-tiang Arab anggantungkaken alat-alat perang jalaran sampun celat kanti wulan-wulan haram (inggih menika wulan dilarangipun perang di masa jahiliyyah ugi ngantos sakniki kang sampun kaserat wonten ing alqur’an)”
[Dalil al Falihin li Thuruq Riyadh al Shalihin-syarh Riyadh al Shalihin- karya Muhammad bin ‘Allan al Shiddiqi al Syafii al Maki –wafat tahun 1057 H-, jilid 4 hal 63, terbitan Darul Fikr Beirut].
Mekaten maknanipun syawal,..
  sahingga syawal sanes wulan peningkatan ananging kasebut syawal jalaran ing wulan menika tiang-tiang Arab ngangkat utawi nyinggahkaken alat-alat perang kang dipun deweke asta utawi kanti  bahasa sanes, anggantungkaken pedang, tombak lan sanesipun supados mboten njungkrung wonten ing wulan  larangan  kagem perang ing wulan Dzulqa’dah kang kasebut bagian saking wulan-wulan haram. Menawi deweke taksih ngasta pedang tuwin alat perang sanesipun ing wulan syawal  dimungkinkaken bakal nglanggar larangan perang ing wulan Dzulqa’dah.
Ananging mboten banjur mrosot imanipun sahingga, supe kaliyan kewajibanipun supe kaliyan akhiratipun  supe kaliyan ilmunipun malah2 banjur atos atine, sahingga kablasuk wonten ing tumindak maksiat munapa syirik munapa TBC(takhayul bid’ah churafat) munapa malih pemikiran ingkang dipun poles endah inggih menika sipilis(Sekuler pluralis liberalis) inggih menika nganggep sedaya manungsa slamet mboten angsal mucal sesat munapa kafir tumrap liyan sahingga manungsa anggadahi kabebasan

  Kita ningali tatanan pagesangan ing zaman menika, tebih saking tatanan islam tebih saking ilmu, parahipun sedaya pegesangan kiblatipun barat inggih menika identik model kafir kang bebas ugi celak kanti kerusakan moral
Saben-saben muslim supadosipun anggadahi gaya hidup Islami nalika nglampai gesang ing dunya saha  amraktekaken ing pagesanganipun. bilih  gaya hidup Islami hukumipun  wajib  kagem saben muslim, tuwin gaya hidup jahili dados haram tumrap piyambake. Ananging ing   kenyataanipun justru  gaya hidup jahili (kang diharamkaken) menika saget nguasani  kekatahing kapribaden umat Islam. Fenomena niki persis kados kang  dinubutkaken Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Salam. srilanipun ngecdika
لاَ

 لا تَقُوْم السَّاعَة حَتَّى تَأْخُذَ أُمَّتِيْ بِأَخْذِ الْقُرُوْنِ قَبْلَهَا شِبْرًا بِشِبْرٍ وَذِرَاعًا بِذِرَاعٍ فَقِيْلَ: يَا رَسُوْلَ اللهِ كَفَارِسَ وَالرُّوْمِ فَقَالَ: وَمَنِ النَّاسُ اِلاَّ أُولَـئِكَ
Artinya: “ora bakal kejaden kiamat sakderenge umatku ngikuti jejak umat ing zaman-zaman sedurunge, sekilan mawi sekilan tuwin selangkah mawi selangkah”. Wonten shohabat kang ngajukaken pamundutan, “duh Rasulullah, menapo kang panjenengan maksud ngikuti tiang Persia lan Romawi?” Jawabipun rosul, “Sinten maneh yen dudu kaum iku?” (HR. Al-Bukhari dari Abu Hurairah radhiallahu ‘anhu, shahih).
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah.
Hadits ing nginggil gambarkaken saktunggiling zaman nalika kekatahing umat Islam samput kaluputan saking kapribaden Islamipun jalaran  panjenengane sampun  terisi kapribaden kang sanes. Panjenengane kaluputan saking gaya hidup kang hakiki jalaran sampun ngadopsi gaya hidup sanes. kintenipun mboten wonten kaluputan kang kedah ditangisi  selintunipun  saking kaluputan kapribaden tuwin gaya hidup Islami.  Sebab menapa artinipun ngaku dados tiang Islam menawi gaya hidup  mboten Islami malah-malah kados tiang kafir?  niki bencana kapribaden kang paling  ageng.
Rasulullah Shallallaahu alaihi wa Salam bersabda, 

        
مَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْم فَهُوَ مِنْهُمْ
Artinya: “sinten wonge kang niru satunggaling kaum, mila deweke termasuk golongane.” (HR. Abu Dawud dan Ahmad, dari Ibnu Abbas Radhiallaahu anhu, hasan).
Al-Munawi nerangkaken bilih, “niru sawijinwng kaum artinipun secara lahir ngagem rasukan kados rasukan satungaling kaum wau, prilaku/ perbuatan  ngikuti gaya satunggaling kaum wau tuwin adat istiadat”.
Nalika tiang barat damel penjajahan model tuwin makanan, Mila kita mboten kaget ing Indonesia katah  tiang niru model barat,sahingga ing barat tiang-tiang kafir sinau islam kagem ngancurkaken islam ananging kanti izinipun Allah ing dalan sinau wau malah katah tiang masuk islam. Salah satunggaling keruwetan model pagesangan kafir ing barat nyebabkaken gereja2 sepi jalaran jemaahipun mahami agami kang leres inggih menika islam sahingga mboten kaget bilih sebagian gereja2 dipun sade banjur dipun gantos masjid,. kita nate mersani petinju legendari mike tyson. awit tahun 1993  sampun masuk masuk islam utawi muhammad ali kang nolak gaya barat jalaran rencangipun ngrokok deweke nyumet korek nanging mbakar kulit tipun supados ngraos bilih kulit niki mboten tahan kaliyan genine ing dunya munapa malih wonten akhirat sak mangke.  
Jamma’ah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah
Mila kepripun tumindak kita ing negari niki negari kang mayoritas islam ananging bangga kanti korupsi,kemiskinan ugi kemelaratan. Sahingga kepripun tumindak ngademi dina esok(kampug akhirat)


يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ 
(الحشر
“Hai wong -wong kang  pada iman, takwa o  marang Alloh Pangeran ira lan supayane  saben sira mikir (ngrenungkake),munapa kang wus ditindakake kanggo dina esok(kampung ahkirat),lan takwao marang pangeran ira Alloh, Saktemene Gusti Alloh maha Waspada marang munapa kang sira tindakake” (Alhasyr 18)
Ing dinten riyaya niki menawi kita purun jujur tumrap awak kita, temen geneo  kita saget jujur tuwin anyadari ing jroning ati ananging munapa kita taksih ngianati sedaya kenikmatan kang diparingi dening Pangeran tuwin menapa sekedik ipun  syukur, ketaatan kita dumateng pangeran, kita kedah tanglet tumrap awak kita kiyambak munapa ati niki atos, sahingga kabeneran mboten wonten papan ananging taksih papan kagem maksiat,  munapa kita mboten ajrih dumateng satunggaling mangsa kang sampun kapengker tuwin langkung dangu sahingga katutup atinipun saking kabeneran,

Gusti Alloh Ta’ala Paring weninga :


أَلَمْ يَأْنِ لِلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ أَن تَخْشَعَ قُلُوبُهُمْ لِذِكْرِ ٱللَّهِ وَمَا نَزَلَ مِنَ ٱلْحَقِّ وَلَا يَكُونُوا۟ كَٱلَّذِينَ أُوتُوا۟ ٱلْكِتَٰبَ مِن قَبْلُ فَطَالَ عَلَيْهِمُ ٱلْأَمَدُ فَقَسَتْ قُلُوبُهُمْ ۖ وَكَثِيرٌۭ مِّنْهُمْ فَٰسِقُونَ
Munapa durung tumeko wektu tumrap wong-wong kang pada iman, supayane tunduk hati emut dumateng gusti  Allah lan marang  kabeneran kang wus tumurun (tumrap deweke), lan wong-wong mau aja niru wong-wong kahanane wong-wong kang sakdurunge ira nalika ditumurunkake Al Kitab marang deweke, banjur mlampahipun wekdal banjur atinipun atos. Lan akeh-akehe wong mau pada fasik.( Alhadid 16)
Para Sederek kang minulya, Munapa kang diciptakaken dening gusti Alloh mboten tertandingi munapa kemawon, mboten pantes wonten papan sanes kagem kita anyuwun, tidonga namung marang gusti Allah babagan pagesangan ing dunya utawi pangesangan ing kampung akhirat, seweneh kita nyadari kesalahan kita ananging munapa taksih damel kerusakan saha kemudhorotan sahingga atos atinipun, Raosipun mboten pantes kita nyuwun ampunan ananging kita taksih mlengos saking perintahipun gusti pangeran, Raosipun mboten pantes bilih kita kasebut kawulane Gusti Pangeran jalaran perintah saha larangan mboten kita laksanakaken.
Para Sederek kang dirahmati gusti Alloh, Sakteme saben mlampahipun telapak suku kita dados  saksi mlampahipun kita anemoni pati kita, namung tiang jahil kang mbucal gesangipun kanti dinte-dinte kang sia sia kebak kebatilan, namung tiang jahil kang mbucal wektunipun kanti maksiat ugi doa tuwin temen rugi tumrap jalaran kesempatan kang diparingi dening gusti Alloh mboten dimanfaatkaken kanti kesaenan.
Mangga kita tengok nasehatipun Amirul Mukminin Umar Ibn Khotob Rodhiallohuanhu : 


حَاسِبُوا أنْفُسَكُم قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُا وَزِنُوْهَا قَبْلَ أَنْ تُوْزَنُوْا وَ تَزَيَّنُوا لِلعَرْضِ الأَكْبَر
periksa awak ira sakdurunge ira dihisab !Timbangen awak ira sakdurunge ira ditimbang, lan siapkaken awak ira ing  dina kang gede(ing dina kiamat kang mboten saget luput satunggalin munapa saking itunganipun)” (HR Tirmidzi)









KHUTBAH 2
الحمد الله ربيّ العالمين وبه نستعين على أمور الدّنيا والدّين  أشهد على إله إلاّ الله الملك الحقّ المبين  وأشهد أنّ محمّد خاتم النّبيين صلواة الله وسلامه  على أشرف المرسلين محمدٍ الأمين  وعلى أله الطاهرين وأصحابه الطّايبين ومن تبعه بإحسان إلى يوم الدّين
Para Sederek  engkang dirahmati Alloh,
Mangga kita bangun beradapan islam kang nate rubuh resiki akidah kita kang sampun kacampur  kesyirikan, kita tata niat saha tekat. kita manfaatkaken gesang niki mumpung pintu nafas taksih mbuka,
Mangga kita buka gerbang pintu kesadaran hati nurani, kita  tegur ati kita mungkin nembe disibukkaken samu barang ing dunya kang mboten pesti jatah kita ananging pati pesti tumeka tumrap kita sami, mangga kita eling-eling marang  ati niki kang nembe supe, supados mboten kablusuk wonten ing rayu syaitan saha sihir dunya
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
اَللَّهُمَ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَصْلِحْ وُلاَةَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِهِمْ وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِهِمْ وَانْصُرْهُمْ عَلَى عَدُوِّكَ وَعَدُوِّهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِلْعَمَلِ بِمَا فِيْهِ صَلاَحُ اْلإِسْلاَمِ وَالْمُسْلِمِيْنَ.

. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ





Kumpulan hutbah Bahasa Jawa / khutbah basa jawi =

0 Response to "khutbah jum'at makna idul fitri"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..