ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Sifat Isin Ing Pagesangan





إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ
أَمَّا بَعْدُ
Kaum muslimin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
Mangga kita tansah anindakkaken istiqamah ngreksa takwa kita dumateng Allah ‘Azza wa Jalla. Banjur kantambah kanti bener-bener isin dumateng Allah ‘Azza wa Jalla… kanti tansah anyadari bilih wonten malaikat ingkang kautus dening Allah ‘Azza wa Jalla kagem nyatet sedaya amal kita… sedaya pratingkah kita… ingkang terang-terangan munapa lirih… ingkang blak-blakan munapa rahasia ... mila kita ampun anindakkaken maksiat kanti anggepan bilih mboten wonten ingkang mersani..jalaran malaikat ingkang kautus dening Allah ‘Azza wa Jalla tansah angawasi. Banjur kacatet, karekam,kasimpen ing buku catetan kita ngantos tetesan kringet ingkang akhir.. ngantos tetes  luh ingkang paling akhir.. ngantos nafas ingkang paling akhir… ngantos kita nilarkaken kampung ingkang dados ujian menika..  ruh ingkang nilarkaken kampung ing dunya menika tumuju kampung  akhirat.

Satunggaling sifat ingkang luhur…. ingkang ambetuk karakter muslim, ingkang damel watak ingkang taat  ananging katah tiyang sampun nilarkaken… katah tiyang nyepelekaken.. injih menika sifat isin.. isin babagan munapa tingkah kita,.. isin babagan sedaya pangucap kita… isin babagan rahasia kita… ingkang kabongkar  ing dinten akhirat tanpa olang-aling ing ngajengipun sedaya manungsa.. ing sedaya kerabat munapa rencang kita….. jalaran sifat isin damel oyotipun  kesaenan tumrap ingkangngreksa sifat menika.. sahingga dados bentengmboten mrosot ing pratingkah awon. Kanjeng Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam medar sabda
الْحَيَاءُ لَا يَأْتِي إِلَّا بِخَيْرٍ
“Saktemene rasa isin iku ora tumeka kajaba kanti kasaenan.” (HR. Bukhari).
Kanjeng rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi paring kabar bilih sifat isin dados bagian lan cabang saking keimanan. Kanjeng rasul shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda,
الْإِيمَانُ بِضْعٌ وَسَبْعُونَ أَوْ بِضْعٌ وَسِتُّونَ شُعْبَةً فَأَفْضَلُهَا قَوْلُ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَأَدْنَاهَا إِمَاطَةُ الْأَذَى عَنْ الطَّرِيقِ وَالْحَيَاءُ شُعْبَةٌ مِنْ الْإِيمَانِ
“Iman anggadahi 70 munapa 60  cabang luwih. kang paling duwur ucapan laa ilaaha illallaah lan kang paling asor nyumingkirkake gangguan ing dalan. lan rasa isin iku salah sawijine cabang iman.” (HR. Muslim).
Kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nate pepanggihan kalawan satunggaling tiyang ingkang nyacat dumateng sederekipun ingkang nggadahi sifat isin. kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallammedar sabda,
دَعْهُ فَإِنَّ الْحَيَاءَ مِنْ الْإِيمَانِ
“sira  sumingkir  saka panjenengane…!!,jalaran saktemenesifat isin iku bagian saka iman.” (HR. Bukhari).
Seperangan hadist ing awal wau anerangkaken bilih sifat isin mboten sifat ingkang awon,..ananging kalebet sifat ingkang luhur.. kalebet oyotipun iman...
Kita Simak saking pawulangan  Ibnul Qayyim rahimahullah, “al-Haya’ =isin sapadan kalawan  al-hayat (pagesangan). .. sahingga takeran isin satunggaling tiyang… kagantung  kalawan kadar isin ing atinipun… sekedikipun  raosisin dados titikan bilih atinipun kalawan ruhipun sampunpejah…. Suburipun iman ing sanubarinipun andamel sifat isin ingkang sampurna.”

Kaum muslimin rahimaniy wa rakhimakumullah,
Kita persani raos isin kabentuk kalih bab injih menika isin dumateng Allah kalawan isin dumateng  manungsa…. Menapa sifat isin dipun gadahi ing masyarakat hubungan sosialipun sae ing masyarakat,.. menawa katambah isin dumateng Allah ‘Azza wa Jalla sahingga damel panjenenganipun sae ing pasrawungan masyarakat banjur tansah isitiqomah nalika piyambakan.. jalaran sedaya tumindak kalawan pangucap  dipun persani dening gusti Allah ‘Azza wa Jalla ... kados ingkang dipun jelaskaken  dening  kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam 
اسْتَحْيُوا مِنْ اللَّهِ حَقَّ الْحَيَاءِ قَالُوا : إِنَّا نَسْتَحِي يَا رَسُولَ اللَّهِ , قَالَ لَيْسَ ذَلِكَ وَلَكِنْ مَنْ اسْتَحَى مِنَ اللَّهِ حَقَّ الْحَيَاءِ فَلْيَحْفَظِ الرَّأْسَ وَمَا حَوَى وَلْيَحْفَظِ الْبَطْنَ وَمَا وَعَى وَلْيَذْكُرِ الْمَوْتَ وَالْبِلَى وَمَنْ أَرَادَ الْآخِرَةَ تَرَكَ زِينَةَ الدُّنْيَا فَمَنْ فَعَلَ ذَلِكَ فَقَدْ اسْتَحْيَا مِنْ اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ حَقَّ الْحَيَاءِ
“sumangga sira anindakkake isin kanti sakbener-beneredumateng Allah ‘Azza wa Jalla.” Para sahabat sami njawab, “Kawula sampun ngraos isin, duh Rasulullah.” Kanjeng Rasulullah medar sabda, “mboten mengkono kang ingsun maksut, ananging sok sintena kang bener-bener ngraos isin dumateng Allah ‘Azza wa Jalla mila panjenengane wus njaga mustaka kalawan isine, njaga weteng kalawan isine lan panjenengane eling pepaten. Wong kang angajengkake  akhirat, panjenengane pesti aninggalkake indahekadunyan…sok sintena kang anindakkake mangka panjenengane bener-bener isin dumateng Allah.” (HR. Ahmad dan Tirmidzi).

     Saking hadist ing ngajeng paring pepadang… bilih sifat tiyang ingkang tuwun raos isin dumateng Allah ‘Azza wa Jalla.  Panjenenganipun tansah ngupaya njaga sedaya anggota awakipun mboten anindakkaken  dosa tuwin maksiat,  tansah inget pati, mboten kekajengan ingkang muluk-muluk kalawan dunya lan mboten kabujuk nafsu syahwat.
     Tiyang ingkang  ngraos isin dumateng Allah ‘Azza wa Jalla, panjenenganipun nebihi larangan Allah ‘Azza wa Jalla ing sedaya kondisi, sae nalika piyambakan munapa ing tengah masyarakat. Raos isin tuwuhjalaran anyadari sifat-sifat Allah ‘Azza wa Jalla. Raos isin tuwuh jlaran nyumerepi bilih gusti  Allah ‘Azza wa Jalla Maha Waspada tumrap sedaya pratingkah, ingkang nampak munapa ingkang rahasia..., sahingga panjenenganipun tansah ngupaya tumindak ingkang sae….. Tansah ngupaya pangibadahan ingkang sesuai kanti kersanipun gusti Allah…

 Raos isin  ugi nyegah kita saking pratingkah ingkang mboten trep kalawan agama tuwin pratingkah ingkang mboten trep ing masyarakat... Raos isin andamel  kita mboten remen  aib tuwin mboten purun pratingkah awon kita dipun persani tiyang sanes.sahingga ingkang anggadahi sifat isin mboten seneng nyacat, nyumebar fitnah, gunjing munapa damel maksiat ing masyarakat...

      Cekakkipun sifat isin dumateng Allah ‘Azza wa Jallanyegah sawijinipun tiyang saking kerusakan batin,.. banjur sifat isindumateng manungsa nyegah sawijinipun tiyang saking kerusakan lahiriah…sahinga penjenganipun dados tiyang ingkangsae ing lahir kalawan batin… nalika piyambakanan munapa ingmasyarakat…




Banjur ingkang ical sifat isinipun… berarti panjenenganipun mboten angadahi  benteng ing atinipun ingkang ingkang saget nyegah saking pratingkah dosa tuwin maksiat. Anindakkaken ingkangh dipun kersakaken dening nafsu, sahingga mboten wonten bekas iman ing atinipun,… sahingga mboten wonten wates antaripun ingkang berakal kalwan ingkang mboten berakal….. Na’udzu billah.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda :
 إِذَا لَمْ تَسْتَحْيِ فَاصْنَعْ مَا شِئْتَ
“Menawa sira ora isin, mila tumindakna sak karepe sira.” (HR. Bukhari).
Kita pendet…, bilih tiyang ingkang mboten angadahi raos isin sekedik kemawon, panjenenganipun  pesti nindakkaken sedaya kekajengan  ingkang tuwuh saking ati, tanpa peduli pratingkah tumujutaat munapa maksiat... tanpa peduli pratingkah tumuju iman munapa ingkar.... jalaran lunturipun sifat  raos isin… ilangipun sifat isin…  ingkang andamel panjenenganipun taat. Akibatipun panjenenganipun  kenter..lan kereming arus tumindak maksiat lan mungkar…
Kaum muslimin wafaqaniyallahu wa iyyakum,
    Saksampunipun mersani pentingipun sifat isin…. manfaatipun tumrap sedayanipun manungsa,… bekasipun ing masyarakat… tentu pagesangan ing masyarakat dados teratur… tatanan pagesanganipun tansah serasi… ananging kita persani  kahanan manungsa ing titi wanci menika…temen miris sanget...  tebih saking sifat luhur ingkang kedah dipun gadahi dening manungsa.. sifat isin kados mboten mbekas malih ingsanubarinipun.., ingkang akhiripun kemungkaran tuwuh ing pundi papan,…pratingkah ingkang mboten moral katindakkaken kanti terang-terangan…..aurat dipun umbar.. Tumindakina tuwin asor dipun tindakkaken kanti bangga….. tebih sanget saking fithrah manungsa ingkang lempeng… tebih sanget saking
    Ing antawisipun ilangipun   raos isinlan tipisipun cemburu ing dadanipun seperangan kaum kakung… ingkang dados kepala keluarga nalikaamerhatikaken istri kalawan anak putrinipun. Ingkang putri dipun jar kaken srawung kalawan putra ingkang mboten mahram… sahingga kagiring kanti ucapan pacaran…. Katambah kanti pemahaman proses pendewasaan…. Laa haula wa laa quwwata illa billah.
      Jama’ah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah...
   Mangga kita waspada..  kita ngeningkaken… kita perhatikaken…. kahanan ingkang katandang sanak sedulur kita…. Rencang kalawan tetanggi kita…. Sahingga slamet kalawan arus ingkang santer sanget… jalaran dipun obral kanti musik-musik ingkang anggiring tumindak aosr…. film-film ingkang mboten patutdipun persani,...
    Ingkang akhiripun tayang-tayang kalawau anggiring   anak-anak anggadahi sifat ingkang liarsrawunbg kanti sembarang tiyang, …. Polah tanpa bimbingan banjur dados manembah kalawan nefsunipun….ingkang sae dipun cap awon.. kosok wangsulanipun ingkang awon dipun poles kanti indah tuwin nyenengkaken sahingga nefsu syahwatipun kapencut banjur medal saking rel tatanan masyarakat... banjur medal saking jalur pagesangan ingkang islami..
    Sumangga  kita tansah takwa dumateng  Allah ‘Azza wa Jalla  banjur  kita tansah  ngurip-urip keyakinan bilih gusti Allah ‘Azza wa Jalla selalu mersani munapa ingkang kita tindakkaken….  Damel aturan ingkang dipun asta lumantaran  kanjeng rasulullah kagem pagesangan ingkang serasi… kagem pagesangan ingkang harmonis… sahingga kawujud kanti aturan ingkang islami sahingga ambentuk kanti beradapan manungsa ingkang luhur..

Gusti Allah paringdawuh,
إِنَّ الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ ﴿١٢﴾ وَأَسِرُّوا قَوْلَكُمْ أَوِ اجْهَرُوا بِهِ ۖ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ ﴿١٣﴾ أَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ
“Saktemenewong-wong kang  wedi marang Pangerane babagan ghoib, mila panjenenganekaparingan ampunan lan ganjaran kang gede. Lan nalika sira rahasiakake pawucale ira munapa sira terangkake….Temen pangeran Maha maha Wigyan sedaya isi ati….  Apa Pangeran kang nyipta iku ora mersani (kang ira tampake muna ira delikkake); lan Pangeran iku Maha alus lagi Maha waspada?” (QS. al-Mulk:12-14).
للَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ فِي مَقَامِنَا هَذَا أَنْ تَوْفِقَنَا لِلْقِيَامِ بِمَا أَوْجَبْتَ عَلَيْنَا وَأَنْ نَكُوْنَ مِنْ عِبَادِكَ المُخْبِتِيْنَ الصَّادِقِيْنَ البَارِيْنَ يَا رَبَّ العَالَمِيْنَ إِنَّكَ جَوَادٌ كَرِيْمٌ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ وَصَلَّى اللهُ وَسَلَّمَ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ .
Khutbah II:
الحمد لله حمدا كثيرا طيبا مباركا فيه وأشهد الا اله الا الله وحده لا شريك له شهادة نرجو بها النجاة يوم نلاقيه وأشهد أن محمدا عبده ورسوله صلى الله عليه وعلى آله وأصحابه ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين
أما بعد
Kaum muslimin rahimaniy wa rahimakumullah,
  sifatisin ingkang luhur saget nyegah satunggaling tiyang saking pratingkah awonlan anggiring ing kahanan ingkang taat. Ananging sifat isin ingkang ngalangi satunggaling tiyang saking ingkangmanfaat dados sifat ingkang kedah dipun bucal. Tiyang ingkangmukmin mboten isin nalika ngucapkaken kalimat ingkang bener lan amar ma’ruf nahi mungkar;… mboten isin anyuwun pirsa babagan urusan agamanipun.
  Sifat isin ingkang luhur dados kanugrahan saking Allah subkhana Wa Ta’ala,  ananging sifat isin ingkang awon saking polesan setan andamel satunggaling tiyang saking ketaatan. mugi kita  tansah istiqomah anindakkaken takwa dumateng Allah ‘Azza wa Jalla ing sedaya kahanan kita...
 قَالَ اللهُ تَعَالَى: (يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا.يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَّنَآ ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Oleh tim KhotbahJumat.com
Artikel www.KhotbahJumat.com


0 Response to "Sifat Isin Ing Pagesangan"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..